View
751
Download
7
Category
Preview:
Citation preview
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 1
BAB I TEMBANG MACAPAT
1. Tegese Tembang Macapat
Tembung “tembang” kalebu leksikon basa Jawa ngoko, basa kramane “sekar”;
lan “sekar” uga nduweni teges “kembang”, gumantung gegayutaning ukara. Tuladha:
Kula nembe gladhen sekar macapat Mijil. Ibu nembe mundhut sekar Mlathi wonten
peken. Wondene “macapat” mujudake sawijining jinising tembang kang ana lan
sumebar ing tanah Jawa. Tembang utawa “kagunan seni” mujudake kasiling basa sing
edi lan endah , sing wujude rerangkening tembung-tembung kang kawengku pranatan-
pranatan kang gumathok, yaiku “lagu”. Jalaran tembang iku mujudake wujuding
karangan kang didhasari lagu utawa metrum. Jinising tembang kuwi akeh banget,
kayata: tembang Gedhe ‘sekar Ageng’, tembang Tengahan, tembang Cilik ‘sekar
Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk.
Ing buku Mardawalagu anggitane Raden Ngabehi Ranggawarsita, diandharake
apa sebabe diarani “tembang macapat”, jalaran: (a) Wacan kapisan ngemot “Sekar
Ageng/ Tembang Gedhe”, (b) wacan kapindho ngemot “Tembang Gedhe”, (c) wacan
kaping telu “Tembang Tengahan”, lan (d) wacan kaping papat ngemot “Tembang Alit
utawa Sekar Macapat. Wondene wacan kapisan tumeka kaping papat mau menawa
diwaca kanthi urut, unine “Maca Salagu, Rolagu, Trilagu, Patlagu”. Dadi wacan kaping
papat utawa maca pat lagu kang ngemot “Sekar Alit”, tumeka saiki diarani “Tembang
Macapat, jalaran mujudake urutan wacan kang kaping papat.
Asal usul lan tegese tembang macapat tumeka saiki durung ana pasarajukan
kang gumathok, antarane pemanggihing para winasis siji lan liyane. Wondene tegese
tembang macapat, yaiku.
a. Macapat tegese tangga desa kang ngubengi (Poerwadarminta, 1959: 292); maknane
tembang macapat wis sumebar lan dikenal masarakat, malah masarakat wis padha
wasis nembang utawa nglagokake. Tangga desa kang ngubengi maksude tangga ing
sisih: wetan, kidul, kulon, lan lor wis padha tepung sarta akrab sanget kalihan
tembang macapat.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 2
b. Macapat, dumadi saka tembung “manca” utawa “panca” tegese lima; lan tembung
“pat” wancahan saka tembung “repat” tegese kumpul. Jalaran pathokan utawa
paugeran baku tembang macapat menika adhedhasar “kumpulaning swara lima”,
yaiku:
1) Lagnyana utawa legena, suwarane a;
2) Ulu utawa wulu, suwarane i;
3) Suku, suwarane u;
4) Taring utawa Taling, suwarane e;
5) Taling tarung utawa taring tarung, suwarane o.
c. Tembung macapat dumadi saka tembung “maca” tegese maca utawa nglagokake; lan
tembung “pat” kang owah dadi “mat” (proses asililasi tunggal ditikulasi) wancahan
saka tembung “nikmat”, maknane: enak utawa krasa banget (Poerwadarminta, 1939:
298). Dadi macapat tegese seneng maca kanthi kebak rasa endah lan nikmat.
d. Macapat dumadi saka tembung maca, lan pat kang owah dadi “mat”, kang asale
saka basa Walanda /Belanda “maat”, tegese: irama, tembang, metrum. Mula
macapat tegese maca kanthi iramaning tembang utawa metrum utawa menyanyi.
Irama utawa lagu sajroning tembang macapat iku sing lumrah kanthi gregel, yaiku
lak-luking suwara, munggah mudhuning suwara kang winates 4 (papat) titilaras.
e. Macapat dumadi saka tembung “maca” lan “pat” wancahan saka tembung “papat”;
jalaran anggone maca utawa nglagokake mandheg papat-papat (4-4 wanda) waton
pas entek utawa tumibaning tembung, boten kenging medhot tembung. Mula
gumantung tembung-tembung kang digunakake sajroning tembang; bisa mandheg
ing pedhotan loro telu (2-3); telu loro (3-2); telu-telu (3-3).
2. Tuwuh lan Pangriptane Tembang Macapat
Tembang macapat mujudaken basa Jawa Baru kang wis lumrah kanggo nulis
buku-buku utawa karya sastra gagrag anyar (baru); lan basa Jawa Baru wiwit wiwitane
abad 16 Masehi digunakake kanggo nulis kasusastran Jawa. Sajroning Serat Centhini
(PB V) kang katulis ing jaman karaton Surakarta Hadiningrat mratelakake menawa
versine ana 6 (enem) lan kabeh mawa sengkalan kanggo ngeling-eling taun panulise;
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 3
wondene kabeh sengkalan mau mratelakake dumadi ing wiwitane abad 19 Masehi
(Sumidi Adisasmita sajroning Darusuprapta, 1962: 152). Dadi tuwuhipun tembang
macapat bisa dipesthekake antarane pungkasaning abad 16 Masehi tumeka wiwitane
abad 19 Masehi.
Sapa kang yasa utawa ngripta tembang macapat, pira cacahe durung apa
pamanggih kang gumathok lan gumolong, mula kerep dadi pasulayaning panemu ing
sarasehan-sarasehan; jalaran jawabane beda-beda durung gumathok. Wondene
pemanggihing para winasis tuwuhe sekar macapat bisa kaperang dadi 2 utawa rong
panemu, yaiku.
a. Adhedhasar Panemu Tradhisional utawa Para Sepuh
Kang yasa tembang macapat iku para wali, kira-kira ing jaman Mataram akhir
tumeka jaman Pajang, kurang luwih akhir abad 15 Masehi tumeka wiwitan abad 16
Masehi; wiwitane budaya Islam lumebu ing tanah Jawa. Wondene para wali kang yasa
tembang macapat, yaiku:
1) Sunan Kalijaga yasa tembang macapat: Dhandhanggula,
2) Sunan Giri: Asmaradana lan Pocung,
3) Sunan Bonang: Durma,
4) Sunan Kudus: Maskumambang, Mijil,
5) Sunan Muria: Sinom, Kinanthi,
6) Sunan Drajad: Pangkur (Umar Hasyim, 1974).
Ana pemanggih liya, yaiku Sri Sulistiani, dkk. (2017: 15); menawa tembang
macapat kang cacahe ana 11 (sewelas) iku dicipta para walisanga; kaya ing ngisor iki.
No. Sekar/ Tembang Pangripta
1 Mijil Kanjeng Sunan Geseng
2 Sinom Kanjeng Sunan Giri Kedhaton
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 4
3 Maskumambang Kanjeng Sunan Majagung
4 Pangkur Kanjeng Sunan Muryapada
5 Durma Kanjeng Sunan Bonang
6 Kinanthi Kanjeng Sultan Adi Herucakra
7 Asmaradana Kanjeng Sunan Giri Kedhaton
8 Dhandhanggula Kanjeng Sunan Kalijaga
9 Gambuh Natapraja
10 Megatruh/ Dudukwuluh Kanjeng Sunan Giri Parapen
11 Pocung Kanjeng Sunan Gunungjati
b. Adhedhasar Sujarah
Tuwuhe tembang macapat ing pungkasaning jaman Majapahit utawa Majapahit
akhir, rikalane pengaruh utawa pangaribawa Hindu sangsaya tipis lan luntur, wondene
rasa manunggaling bangsa Indonesia tambah kiyat. Mula wujud/ bentuk kakawin kanthi
metrum Hindhu sangsaya luntur lan sumingkir, lan tuwuhipun kidung lan tembang
macapat kanthi metrum asli Jawa.
Kanthi dhedhasar rong panemu ing dhuwur bisa kadudut utawa disimpulake
menawa tembang macapat iku tuwuh/ timbul ing pungkasaning jaman Majapahit, yaiku
anane kidung ing sajroning kasusastran Jawa Tengahan. Sawise pungkasaning abad 16
Masehi diarani tembang macapat kanggo ngripta/ nganggit kasusastran Jawa Anyar.
3. Gunggunging Tembang Macapat
Cacah utawa gunggunge tembang macapat antarane para winasis kagunan seni
siji lan sijine durung ana pasarujukan kang gumathok; nanging menawa kagerba ana
telung pamanggih/ panemu, yaiku.
a. Cacah/ gunggunging tembang macapat ana 9 (sanga/ nawa), kang dhasar wiwitane
tembang: Dhandhanggula, banjur tuwuh tembang macapat: “Durma, kinanthi,
Maskumambang, Mijil, Pangkur, Asmaradana, Pocung, lan Sinom”.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 5
b. Tembang macapat cacahe ana 11 (sewelas), yaiku padha karo 1) ng dhuwur
katambah tembang: Gambuh lan Megatruh/ Dudukwuluh.
c. Tembang macapat gunggunge ana 15 (limalas), kaya angka 1) lan 2) andharan ing
dhuwur, katambah tembang: “Jurudemung, Wirangrong, Balabak, lan Girisa”
(Pemanggih/ panemu iki ora lumrah, jalaran papat tembang iku kagolong tembang
tengahan. Ananging uga ana panemu menawa tembang Tengahan iku sejatine
tembang Macapat kang tuwuhe luwih dhisik; mula paugeran lan pranatane padha
antarane tembang tengahan lan macapat.
Telung panemu mungguh gunggunge tembang macapat ing dhuwur kang lumrah lan
adhedhasar ngrembakane kasusastran Jawa ing jaman saiki, padha nyarujuki
menawa gunggung utawa cacahing tembang macapat iku ana 11 (sewelas).
Tuladha Tembang Macapat Pangkur, Laras Pelog Pathet Nem.
Cacahing sekar macapat/
kang sedaya wonten sewelas nenggih/
Mijil Maskumambang Pangkur/
Sinom Asmaradana/
Dhandhanggula Durma Gambuh lan Megatruh/
Kinanthi Pocung pranyata/
ngemot piwulang kang adi//
(Imam Sutardjo, 2016)
Pangkur; Laras Pelog, Pathet Nem
3 5 5 5 5 3 3 3
Se- kar pang- kur kang wi- nar- na
3 5 5 6 1 1 1 1 2 3 3
Le- la buh- an kang kang- go wong a- u- rip
5 6 I I i I I
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 6
a- la lan be- cik pu- ni- ku-
I 6 5 5 5 5 5
Pra- yo- ga ka- wruh a- na
3 5 6 5 3 1 1 1 1 2 1 2 3 3
a- dat wa- ton pu- ni- ku di- pun- ka- du- lu
1 1 1 1 1 1
mi-wah ing- kang ta- ta kra- ma
1 2 3 1 2 3 3 2 1
mum- pa- ngat- i ba- dan ne- ki
Piwulang lan Andharan Tuladha Tembang Macapat “Pangkur” ing Dhuwur
Pada/ bait tembang macapat ing dhuwur iku anggitane Ingkang Sinuhun Kanjeng
Susuhunan Pakubuwana IV, isine pitutur, wewarah/ nasihat sabda Dalem marang para
putra wayah; supaya: (a) wong urip kudu tansah ndarbeni labuh labet, lelabuhan,
migunani marang sesama (kulawarga, pabrayan, pawiyatan/ pasinaon, agama, bangsa,
lan negara). (b) Kudu lan wajib mangerti lan ngamalake tumindak ala lan becik aneng
bebrayan agung (masyarakat). (c) Adat lan tatacara budaya tradisi kang wis maton lan
becik kudu dimangerteni, dipepetri, lan dingrembakakake, sarta diamalake. (d)
Tatakrama, etika, unggah ungguh, sopan santun tansah dijaga lan diamalake ing saben
dinane. Kabeh mau bisa njalari uripe bakal ayem lan tentrem, bagya sarta mulya.
4. Gunane Tembang Macapat
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 7
Sinau tembang macapat mujudake salah sawijine sarana lan pambudidaya
kanggo nglestarekake seni tradhisi lan nyinau piwulang-piwulang ing kasusasran Jawa
kang sumimpen sajroning cakepan ‘syair, teks’ tembang macapat. Jalaran serat-serat
Jawa ing jaman kuna (karaton) akeh kang katulis kanthi wujud basa pinathok ‘puisi
tradisional’ kakawin, tengahan, mligine tembang macapat. Wondene guna paedahe
sinau tembang macapat, yaiku;
a. Nyenengake kang padha maca utawa nembang, amarga menawa waleh /
bosen cengkok siji, bisa ganti cengkok liyane.
Ing jaman karaton Surakarta Hadiningrat, para winasis kagunan seni utawa
pujangga kang mumpuni lan lebda ing babagan tembang, yaiku: (a) Mas Ngabehi
Sudirjagantang, kang yasa tembang macapat cengkok Palaran, (b) Panembahan
Buminata, kang yasa cengkok Buminatan. (c) Raden Tumenggung Sastranegara
(Yasadipura) kang nganggit cengkok Sastranegaran (Yasadipuran).
Contoh tembang “Dhandhanggula cengkok Palaran”, Laras Slendro Pathet Sanga.
. . . . . . . . . .
2 2 2 2 , 2 2 1 1 2 1 6 ,
Yo - gya - ni - ra kang pa - ra pra- ju - rit ,
6 6 6 6 , 6 6 5 2 3 5 6
˙
la - Mun bi - sa sa - mya a - nu - lad - a
. . . . .
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 8
2 2 1 1 6 6 1 6 5 ,
ka - Dya ngu- ni ca - ri - ta - ,
. . . . .
5 6 1 1 1 2 6 1 ,
an - del - i - Ra Sang Pra - bu ,
5 2 3 2 1 , 1 1 1 2 2 ,
Sa - sra - ba - U Ing Ma - es - pa - ti ,
2 2 2 2 2 2 1 6 ,
a - Ran Pa - tih Su - wan - da ,
6 6 6 1 6 5 6 1 2 ,
˙ ˙ ˙ ˙ ˙ ˙
le - la - Buh - An - i - pun ,
. . . . . .
2 2 2 2 1 6 1 5 6 ,
kang gi - ne - lung Tri pra - ka - ra ,
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 9
5 2 3 2 1 , 5 5 5 5 3 3 5 3 2
gu - na - ka - Ya pu - run - e kang den- an - tep - I
2 2 2 1 1 2 6 1 1 .
˙
nu - ho - Ni trah U - ta - ma .
Piwulang Sajroning Tembang Macapat “Dhandhanggula” ing Dhuwur.
Tembang macapat “Dhandhanggula” sapada/ bait ing dhuwur iku kapethik saka
Serat Tripama, yasan Dalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangukenegara
IV. Isine pitutur, piwulang marang para prajurit utawa supaya bisa nuladha utawa
nyonto Bambang Sumantri utawa Patih Suwanda anggone ngabdi lan labuh labet marang
Negara Maespati Prabu Harjunasasrabau, kanthi tekad lan prasetya 3 (telung) prakara,
yaiku: guna, kaya, purun. Dadi dwija, satriya, generasi mudha kudu tansah bebela lan
mbelani bumi pertiwi nganti tumekaning pati.
Cengkok ‘gaya’ Buminatan; Dhandhanggula Buminatan, Laras Slendro Pathet
Sanga.
. . . . .
2 5 6 6 , 6 1 2 2 2 2 ,
Sas- mi- ta- ne´ nga- u- rip pu- ni- ki ,
. . .
2 2 6 1 6 , 6 6 6 6 6 6 ,
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 10
a - pan e´ - wuh yen no - ra we - ruh - a ,
.
5 6 6 6 6 6 1 6 5 ,
Tan ju - me - neng ing u - rip - e´ ,
. . . .
6 1 2 1 6 1 5 6 ,
A- keh Kang nga- ku - a - ku ,
6 6 6 5 2 , 2 2 2 2 1 6 ,
pang- ra - Sa - ne´ sam -pun u - da - ni ,
1 2 2 2 2 2 2 ,
Tur du- Rung wruh -ing ra - sa
3 5 1 1 2 1 6 5
˙ ˙
ra - sa Kang sa - tu - - hu
5 3 2 1 6 , 6 6 6 6 6 1 2 2 ,
˙ ˙ ˙ ˙ ˙ ˙
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 11
u - pa - ya - nen da- ra- pon sam- pur- na u - gi ,
5 6 1 6 2 1 6 1 .
˙ ˙ ˙ ˙
Ing ka - u - rip - an - i - ra .
b. Nggampangake pangeling-eling kanggo mangerteni prakara-prakara kang
diwujudake ing tembang macapat. Tuladhane: angka neptu saptawara lan
pancawara, lan liya-liyane.
Tuladha: neptu Saptawara lan Pancawara; tembang Dhandhanggula :
“Pan alima Ngaad nyarkarani/
Senen papat Salasa tetiga/
Rebu pepitu neptune/
Kemis wolu puniku/
Apan nenem Jumuah neki/
Setu neptune sanga/
Kaliwon wewolu/
Legi gangsal ing neptunya/
Paing sanga Pon pitu ing neptu neki/
Wage catur neptunya”//
BAB II PAUGERANE TEMBANG MACAPAT
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 12
Paugeran, pranatan utawa aturan menawa nganggit/ yasa tembang macapat
lumrahe mawa lelewaning basa kang gumathok, kayata: (a) nggunakake tembung-
tembung kawi utawa arkhais, tembung garba, baliswara, plutan, wancah; (b) guru gatra,
guru wilangan, guru lagu/ dhong-dhing; (c) purwakanthi ‘persajakan’; (d) dayasastra
yen ditulis kanthi aksara Jawa utawa ketemu ater-ater anuswara dadi luluh, kejaba ing
tembung lingga kang konsonan ‘katutswara’ suwarane abot (g, j, dh, d, b) ora bisa luluh
‘asimilasi’; (e) sasmita tembang; (f) sandi asma; (g) titimangsa ‘waktu’.
Tembang utawa puisi Jawa tradhisional iku lumrahe nggunakake basa kang edi
lan endah, supaya bisa nyenengake kang padha nembang lan kang mirengake. Mula basa
ing tembang iku: luwes, pantes kang bisa nuwuhake rasa endah, saged narik lan
nyenengake kang padha maca lan ngrungokake (Hadiwidjana, 1967: 52). Pangripta
tembang macapat lumrahe nggunakake “rengga basa/ basa rinengga”.
a. Tembung-tembung Kawi/ Arkhais Ing Tembang Macapat
Tembung-tembung kawi kang digunakake sajroning tembang macapat ing basa
Jawa Baru, tuladhane kaya ing ngisor iki:
Tabuh sapta nudya Buda Manis/
Wulan Sura kaping tigangdasa/
Ing mangsa kapat wukune /
Kuranthil Je kang taun/
“Sirneng tata pandhita siwi”/;(1750 Jw.)
sangkala duk manurat/
hagnya maha nurun /
mangun langening carita/
caritane Bathara Rama ing kawi/
jinarwaken ing karma//
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 13
Tuladha tembang Dhandhanggula ing dhuwur nggunakake tembung-tembung
kawi yaiku tembung-tembung kang lumrah digunakake ing seni sastra atau tembang,
nanging ora lumrah digunakake ing basa padintenan. “Titikane tembung kawi mono:
tembung kang uga lumrah kanggo ana ing basa pedhalangan utawa tembang, nanging
yen kanggo ana ing paguneman padinan kok malah rada dadi geguyon (Hadiwidjana,
1967: 38).
Tuladha tembung: tabuh sapta = pukul (jam) tujuh; Buda Manis = Rebo/ Rabu
Legi;
Sangkala duk = waktu ketika; Manurat = menulis; Hagnya, agnya =
perintah;
Mangun langening carita = gawe endahing carita; lan liya-liyane.
b. Tembung-tembung kang Maligi (Tembung Tinamtu ingkang boten Limrah)
Tembung=tembung tinamtu kang ora lumrah digunakake kanthi cara leksikal
(tembung) lan tatabahasa (gramatikal/ ukara), mung kanggo gawe endahing
tetembungan; Tuladhane.
1) Awujud tembung kuna : nudya = nuju, pinuju, mbeneri, ‘tatkala ; bersamaan
(waktu)’
2) Awujud tembung kang karasa luwih endah; tuladhane :
Winidyan = wineruhan = kinawruhan, lebih indah, lebih puitis daripada
diweruhi, dipunsumerepi, kaweruhan; Jinarwaken = jinarwakaken,
kajarwakake; lan liya-iyane.
3) Wujuding tembung kang mawa seselan –in- ( luwih endah katimbang awalan:
di- , dipun-, ka-, den- ). Tuladha: cinandra, binukaning budi, sinangkalan.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 14
4) Wujud sandi, garba. “garba” = sambung/ gandheng; digarba = vocal utawa
aksara swarane disambung. Tembung loro sing disambung lan vokal (aksara
swarane) dadi luluh ‘asimilasi’ ewah dadi vokal liya. Tembung garba/sandi
digunakake sajroning tembang, supaya pranatan guru wilangan ing gatra bisa
pas lan jumbuh.
Tuladha: Sira + arsa = sirarsa; narpa + atmaja = narpatmaja; Dupi + arsa =
dupyarsa; lagi + antuk= lagyantu; Nara + iswari = nareswari; nara + indra =
narendra; Nuju + ari = nujwari; jalu + astri= jalwestri;
Tuladha: Tembang Macapat Mljil;
Kumenyaring diwangkara keksi/ neng wetan tumlawong; (kang limrah
tumlawung)/
sirat-sirat sumirat sunare/ wimbuh atis rumesep bun manjing/
anggeges mastitis/ anrus ing bebalung// (M. Mardjana; 1955 : 19)
Mijil; Laras Pelog Pathet Nem
6 6 I I
De- de- lan e gu-na la-wan sek- ti
I 6 I i
ku-du an- dhap a- Sor
I i 6 5 5 5 5 6.53
wa- ni nga- lah lu- hur we- kas- an - e
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 15
2 3 5 6 5 3 3 3 3 2 . 3
tu-mung-kul-a yen di- pun- du- ka - ni
5 6 6 6 6 5 6
ba- pang den sim-pang -i
2 3 5 5 5 6 5 3 . 2
a- na ca- tur mung- Kur
Andharan Piwulang/ Pitutur Tembang Macapat “Mijil” ing Dhuwur.
Tembang macapat Mijil sapada ing dhuwur isine piwulang marang para
manungsa (nom tuwa, lanang wadon); supaya tansah mbudidaya utawa usaha dadi
manungsa kang: guna ‘pinter utawa piguna ‘bermanfaat’ lan sekti ‘tansah slamet utawa
ngayomi marang sesama’. Wondene saranane lan carane, kanthi: (a) andhap asor
(lembah manah, rendah hati, ora gumedhe); (b) wani ngalah luhur wekasane (wani
ngalah kanggo njaga kerukunan, persatuan; lan supaya luhur/ mulya utawa kajen uripe);
(c) yen dituturi wong tuwa kudu digatekake lan kajupuk gunane; (d) Tumindak ala
tansah disingkiri lan didohi; (e) tansah tumindak becik (positif thingking), ora seneng
tumbak cucukan ‘fitnah’.
c. Baliswara
Baliswara yaiku rerangkening tembung-tembung kang susunane ukara ora
lumrah utawa diwalik, wondene gunane kanggo njumbuhake pranatane dhong-dhing
(guru lagu) ing pungkasane gatra/ baris.
Tuladha tembang macapat Mijil.
Sumrik gandaning kang sari/
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 16
sami mekar katon/ (susunan kang lumrah : katon sami mekar)
ambrengeng bremara swarane/ (susunan kang lumrah : swarane bremara)
rumyang mamrih mangisep ing sari/
rirising bun tistis/
wimbuh karya trenyuh//
Gegayutan karo pranatan ‘konvensi’ dhong-dhinging tembang, pangripta
tembang macapat mbudidaya kanthi cara ngowahi tembung ing suwarane ‘ bunyi/ vokal’
ing pungkasaning tembung; supaya jumbuh karo dhong-dhinge tembang, mula tembung-
tembunge ora jumbuh karo basa lumrah/ padinan.
Tuladha: tumlawong, kang lumrah : tumlawung; wuwuh – wuwoh ; suruh – suroh ; isih
– iseh ; arsa – arsi ; warsa – warsi ; kapir – kopar ; Mataram – Matawis – Matarum –
Ngeksiganda; lan liya-liyane.
1. Paugeran utawa Pathokan ing Tembang Macapat (Guru-gatra; Guru-
wilangan; Guru-lagu atawa Dhong-dhing)
Adhedhasar paugeraning utawa konvensi guru-gatra, guru-wilangan lan guru-
lagu (dhong-dhing) tembang tengahan lan macapat bisa digawe tabel ing ngisor iki.
Nama tembang
Pocung 12-u 6-a 8-i 12-a - - - - - -
Maskumambang 12-i 6-a 8-i 8-a - - - - - -
Gambuh 7-u 10-u 12-i 8-u 8-o - - - - -
Megatruh 12-u 8-i 8-u 8-i 8-o - - - - -
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 17
Balabak 12-a 3- 12-a 3-e 12-a 3-e - - - -
Kinanthi 8-u 8-i 8-a 8-i 8-a 8-i - - - -
Mijil 10-i 6-o 10-e 10-i 6-i 6-u - - - -
Pangkur 8-a 11-i 8-u 7-a 12-u 8-a 8-i - - -
Asmaradana 8-i 8-a 8-
e/o 8-a 7-a 8-u 8-a - - -
Durma 12-a 7-i 6-a 7-a 8-i 5-a 7-i - - -
Jurudemung 8-a 8-u 8-u 8-a 8-u 8-a 8-u - - -
Girisa 8-a 8-a 8-a 8-a 8-a 8-a 8-a 8-a - -
Sinom 8-a 8-i 8-a 8-i 7-i 8-u 7-a 8-i 12-a -
Dhandhanggula 10-i 10-a 8-e 7-u 9-i 7-a 6-u 8-a 12-i 7-a
2. Sipat (Watak) Sekar Tengahan/ Macapat
Gunggung, cacah lan jenenge tembang macapat iku ana 11 (sewelas), lan
tembang tengahan ana 4 (papat); kang mratandhani menawa panganggone pupuhing
tembang iku ora kena sakarepe dhewe, nanging kudu dijumbuhake karo wataking
tembang. Wondene wataking tembang macapat; kaya ing ngisor iki.
1) Pocung : Watake sasenenge/ sakarepe dhewe, lucu, sembrana
parikena. Cocok/ jumbuh kanggo cangkriman, nggambarake
prakara kang sembranan.
2) Gambuh : Paseduluran ‘familier’, sumadulur. Jumbuh kanggo pitutur;
pitutur marang kulawarga, pitutur babagan paseduluran.
Jumbuh kanggo andharan babagan kulawarga, pitutur,
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 18
pendidikan, panembah.
3) Pangkur : Gumregah, semangat, nesu, perang. Jumbuh/ cocok kanggo
paprangan, padudon, pitutur kang semangat makarya,
ngendhaleni hawa nepsu; asih tresna kang makantar-kantar.
4) Durma : Semangat, nesu, gummregah, padudon. Cocok/ jumbuh
kanggo andharan rasa nesu, cecongkrahan; rasa jengkel,
carita paprangan.
5) Maskumambang : Sedhih/ susah, trenyuh, getun/ gela. Jumbuh/ cocok kanggo
nggambarake rasa susah/ sedhih, getun geduwung, nelangsa.
6) Megatruh : Susah, prihatin, gela/ getun. Jumbuh kanggo nggambarake
prekara kang susah, rasa sedhih, kuciwa, lan gela.
7) Wirangrong : Wibawa, anggun. Jumbuh kanggo nggambarake kaanan
kanga gung utawa wibawa, kaindahaning alam, pendidikan,
lan liya-liyane.
8) Mijil : Prihatin, asih tresna. Jumbuh kanggo andharan utawa
nggambarake babagan asih tresna, prihatos, pangajak,
pitutur. Jumbuh/ cocok kanggo nggambarake rasa asih
tresna, prihatin, pangajak, lan pitutur.
9) Kinanthi : Seneng, gembira, asih tresna. Jumbuh kanggo pitutur/
nasihat, nggambaraken rasa asih tresna, lan liya-liyane.
10) Balabak : Sembrana, sakepenake. Jumbuh kanggo nggambarake
prakara sing rada lucu, sakepenake dhewe.
11) Asmaradana : Asih tresna, sedhih, kasmaran. Jumbuh/ cocok kanggo
nggambarake babagan katresnan, asih tresna, kasmaran, lara
branta, lan liya-liyane.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 19
12) Jurudemung : Kenes, prenes, ethes. Jumbuh kanggo nggambarake prakara
kang maneka warna solah tingkahe, mubaling rasa asmara.
13) Girisa : Gagah, santosa, wibawa. Jumbuh kanggo andharan babagan
kawibawan, pendidikan/pengajaran.
14) Sinom : Asih tresna, lincah, canthas. Jumbuh utawi cocok kanggo
prakara kang sarwa lincah, nggambarake sipat kang lincah
‘kreatif’.
15) Dhandhanggula : Luwes, nyenengake, grapyak semanak. Cocok/ jumbuh
kanggo nggambarake sakabehe suwasana/ kawontenan.
3. Sasmita Tembang Macapat
Buku-buku ing kesusasteraan Jawa kang sinerat tembang macapat iku arang
kang menyebutkake jenenge “pupuh” kanthi walaka utawa terus terang, nanging kanthi
cara nganggo “sasmitaning tembang, sasmita araning tembang, sasmita namaning
sekar”. Wondene sasmita tembang iku lumrahe mapan/ manggon ana; (a) wiwitaning
pupuh, (b) pungkasaning pupuh, kang maksude nuduhake jenenge tembang pupuh
sabanjure.
Tetembungan kang lumrah kanggo sasmitane tembang macapat, yaiku :
a. Pocung : mucung, pinucung, kluwak, lan tembung-tembung
kang nduweni wanda “cung”.
b. Gambuh : tambuh, embuh, kambuh, jumboh; lan tembung-
tembung kang awanda “mbuh”.
c. Makumambang : kambang, kentir, kencana timbul ing warih.
d. Megatruh : duduk, dudukwuluh, pegat, megat, ruh, aruh.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 20
e. Wirangrong : wirang, mirong.
f. Balabak : kabalabak, klelep.
g. Kinanthi : kanthi, kekanthen, gandheng.
h. Mijil : wiyos, winiraos, rarasati, metu.
i. Pangkur : mingkur, munkur, kukur-kukur, yuda kenaka.
j. Asmaradana : asmara, kasmaran ing driya, branta, kingkin,
sedhih.
k. Durma : mundur, udur, durcara, duraka.
l. Jurudemung : mas juru, mung, jurudemung,amung sliramu.
m. Girisa : miris, giris.
n. Sinom : anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit,
weni, logondhang.
o. Dhandhanggula : manis, legi, sarkara, hartati, madu, dhandhang,
guladrawa.
4. Carane Nglagokake Tembang Macapat
Tembang macapat iku kawengku ing guru gatra, guru wilangan, dhong-dhing,
pedhotan, lan watak. Mula yen sinau lan nglagokake tembang macapat kudu
mangerteni 5 (lima) bab, yaiku paham lan ngerti: (a) guru lagu lan guru wilangan; (b) ala
lan beciking suwara; (c) wataking tembang; (d) tetembungan utawa ukara kang salah;
lan (e) paham lan nguwasani marang tembung-tembung lan basa basa kawi
(Hardjowirogo, 1958: 13).
Carane nglagokake tembang macapat supaya bener lan becik, kudu mangerteni
paugerane lan paham sarta nguwasani ing babagan: (1) laras utawa nada (Slendro lan
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 21
Pelog); (2) titilaras ‘nada, notasi’, yaiku urutane nada (notasi) saka kang cendhek
dhewe nganti nada kang dhuwur dhewe. Gunane titilaras, yaiku kanggo: (a) nulis notasi
tembang; (b) gawe cengkok tembang; lan (c) sinau tembang. Titilaras ing tembang Jawa
iku adhedhasar nada utawa titilaras gamelan Kepatihan. Mula yen wis paham lan
mangerteni titilaras bakal gampang menawa sinau lan nglagokake tembang macapat.
Titilaras iku ora mung mujudake urutane angka, nanging urutaning angka kang wis
ditata lan mujudake sawijining tembang atau lagu. Bedane urutane angka ing titilaras
laras Sledro lan Pelog, yaiku.
Urutan titilaras laras Slendro : 1 – 2 - 3 – 5 – 6 – i
Urutan titilaras laras Pelog : 1 – 2 – 3 – 4 – 5 – 6 – i/ - 7
(3) Cengkok, yaiku gaya utawa model utawa warna lagu, lan tembang macapat
nduweni cengkok (gaya utawa lagu) kang akeh. Cengkok mujudake wujud kreativitas
seni tembang, pramila cengkok asipat rongeh ‘gampang owah’. Tembang kang tanpa
cengkok diarani tembang wantah (lugu, polos, milah, mbalung), lan tembang kang
nggunakake cengkok diarani tembang garap (sengsem, sanggit)(Suwardi Endraswara,
2010: 86). (4) Pakecapan kudu cetha, supaya kang padha ngrungokake bisa mangerteni
isining tembang, bisa mbedakak vocal pepet utawa taling, d lan dh, t lan th, lan liya-
liyane. (5) Pedhotan, gatra ‘baris’ kang cacah utawa gunggunging wanda 5 – 8, prayoga
dilagokake sajroning sakpanas (ora perlu mandheg utawa dipedhot ing satengahing
ukara/ baris). Pedhotan sajroning nglagokake tembang macapat ana werna 2 (loro),
yaiku: (a) pedhotan kendho, yaiku pedhotan kang ana ing pungkasaning tembung, lan
(b) pedhotan kenceng, yaiku pedhotan ing satengahing tembung kang ora wutuh utawa
durung rampung (pedhotan kang cacat/ ala). (6) Gatra utawa baris kang guru wilangane
luwih saka 8 (wolu) wanda, prayogane mandheg ing napas 4 (papat) wanda kapisan,
lan diterusake saknapas sakbanjure. Menawa 4 (papat) wanda kapisan ora tumiba
pungkasaning tembung; prayogane anggone mandheg ing pungkasaning tembung,
sanajan lima utawa enem wanda. (7) Kudu bisa mbedakake purba andhegan ‘berhenti
bernafas’, ing satengahing gatra, lan mandheg ing pungkasaning gatra, lan mandheg ing
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 22
pungkasaning pada ‘bait’. (8) Nggatekake laya ‘irama’ sajroning tembang, supaya bisa
jumbuh karo wataking tembang. Tuladha tembang Pangkur kudu semangat, jalaran
wataking tembang Pangkur, yaiku “gumregah, perwira, semangat, wani”. (9) Paham
gregel,yaiku membat mentuling suwanten utawa embat, lan gunane kanggo gawe
endahing tembang macapat. Wondene gregel ing tembang macapat iku kathahipun 4
(papat) gelombang titilaras. Gregel bisa dibedakake ana 2 (loro), yaiku: (a) gregel
andhap, maksudnya gregel yang dilakukan pada bagian suku kata akhir baris, misalnya
“ra” pada kalimat: mingkar mingkur ing angkara.(b) gregel hanung, artinya permainan
gregel yang dilakukan pada sebelum suku kata akhir baris, misalnya “ka” pada kalimat:
mingkar mingkur ing angkara. (10) Paham luk, yaiku munggah mudhun utawa ombake
suwara kang ditentokake titilaras (nada, notasi) kang digawe. Ing tembang macapat, luk
ora becik menawa ngluwihi tigang titilaras, jalaran luk kang dawa iku arane bawa.
Gunane luk kanggo gawe edi, endah lan kepenak menawa dirungokake. Luk bisa
dibedakake ana 4 (papat); yaitu luk: (a) ndhudhuk, maksude luk kang titilaras (nada,
notasi) urut utawa cedhak utawa munggah marang titilaras sadhuwure; tuladhane nada:
23, 35, 45, 56”; (b) niba, tegese nada (titilaras) kang dhuwur mudhun marang nada
sangisore, tuladhane nada: “53, 32, 54, 16, 76”; (c) tangi, maksude luk saka titilaras kang
cendhek tumuju marang nada kang luwih dhuwur, tuladhane titilaras: “235, 356, 367,
561”; lan (d) nyeklek, yaiku luk kang munggah lan mudhun utawa suwalike kanthi
mlumpat kang ora urut, tuladhane nada: “2567, 7532, 6576”.
Tuladha tembang macapat Dhandhanggula :
“Werdining kang wasita jinarwi/
wruhing kukum iku watekira/
adoh marang kanisthane/
pamicara puniku/
weh resepe ingkang miyarsi/
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 23
tatakrama punika/
ngedohken panyendhu/
kagunan iku kinarya/
ngupa boga dene kalakuan becik/
weh rahayuning raga//”
Ajaran Moral, Piwulang Kautaman Tembang Macapat “Dhandhanggula”
Tembang macapat “Dhandhanggula” ing dhuwur kapethik saka Serat
Nayakawara, yasan Dalem KGPAA Mangkunegara IV. Wondene isi piwulang ya
ajaran moral supaya manungsa tansah tumindak utama; kanthi nindakake: (a) wruh ing
kukum iku watekira adoh marang kanisthane; (b) pamicara puniku weh resepe kang
miyarsi; (c) tatakrama punika ngedohken panyendhu; (d) kagunan iku kinarya ngopa
boga; (e) kalakuwan becik weh rahayuning raga.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 24
BAB III
MAKNA FILOSOFISE TEMBANG MACAPAT
1. Makna Filosofise Tembang Macapat
Manungsa urip ana ngalam ndonya wiwit lair tumekaning seda, ora luput saka 3
(telung) lelakon kang dialami, yaiku: metu, manten lan mati utawa ing rikalane mbobot,
lair, bayi, rikala anak-anak / lare, mudha/ remaja, rikalane dewasa (palakrama,
kulawarga), lan rikalane seda (Damardjati Supadjar, 1985 : 194). Tembang macapat
menawa diurutake lan kaandharake werdine pranyata ngemot piwulang kang luhur sarta
utama, lan nduweni makna falsafahing manungsa rikala urip ana donya; wiwit lair
tumekaning pati, yaiku :
1. Mijil : yaiku wektu rikala bayi lair utawa metu, mijil ‘keluar,
lahir’. Watake tembang iki prihatin, amarga wong
tuwa (bapa biyung) rikalane padha ngarep-arep lan
nunggu anake kang bakal lair, lumrahe dikantheni
padha prihatin; kang pamrihe supaya anak lan biyunge
tansah nemu slamet, bagya lan mulya. Wiwit ana
guwa garba tumekaning lair nyawang padhanging
hawa, mugya tansah manggih raharja lan uripe tansah
utama sarta bagya mulya. Bapa biyung tansah prihatin,
lan lumrahe linambaran rasa seneng amarga idaman,
gegantilaning ati; yaiku putrane wis lair kanthi
wilujeng. Kanggo mengayubagiya, wetuning rasa,
medharake bebukaning carita ‘rasa syukur lan
panarima laire putra kanggo nyambung sujarahe wong
tuwa’.
2. Maskumambang : nggambarake wektu rikalane isih bayi (anak-anak)
kang kebak nikmating murip, bayi (anak) isih mardika
durung duwe lan ora ngerti rekasaning urip. Lare
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 25
(anak-anak) tansah seneng-seneng utawa dolanan,
gegojekan. Anak menika mujudake rajakaya lan
rajabrana kang aji banget menggahe wong tuwa;
amarga kang bakal nyambung sujarah lan gegayuhane
bapa biyung. Watake tembang Maskumambang yaiku
nalangsa ‘prihatin, sedih’; jalaran wong tuwa tansah
nggadhadhahi rasa khawatir, was-was menawa anake
anggone dolanan, gegogegan, lan guyonan tansah
slamet, adoh saka bebaya. Wataking anak kang durung
nduweni petung lan tetimbangan anggone tumindak
lan tansah gegojegan; isih nggugu sakarepe dhewe,
lare (anak-anak) yen duwe karep isih sakarepe dhewe
utawa kaduk wani kurang deduga ‘sangat berani
belum punya pertimbangan’.
3. Sinom : yaiku nggambarake anak wis dadi nom-noman utawa
mudha, watake grapyak semanak, luwes ‘supel’.
Pancen para mudha (nom-nomam) lumrahe tansah
seneng srawung utawa kekancan/ paseduluran, wasis
micara kanggo ngupadi sedulur lan tansah gawe
seneng ‘simpatine’ wong liya.
4. Durma : yaiku nggambarake rikala isih nom utawa mudha kang
lumrahe gampang kagodha lan kapribawan prekara
kang ala, napsu angkara murka, kagodha ombyaking
jaman. Tembang iki watake galak ‘pemberani’, sereng
‘tegang’, seneng critakake babagan padudon utawa
perang. Pancen lumrahe para mudha iku anggone
ngadhepi urip utawa kahanan iku trengginas ‘dinamis’
lan trampil (kreatif inovatif). Para mudha lan mudhi
lumrahe gampang kagodha pasrawungan lan watake
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 26
gampang nesu (emosi) lan seneng padudon..
5. Asmaradana : nggambarake nom-nomam (mudha-mudhi) kang wis
wiwit nduweni rasa tresna, kasmaran ‘jatuh cinta’,
kepencut marang wong liya kang beda jinise. Watake
tembang iki grapyak ‘simpatik’, seneng, gembira lan
sedhih. Bab iki nggambarake menawa mudha-mudhi
lagi ketaman asmara, lara branta; lumrahe atine seneng
banget, nanging kacampuran rasa sedhih/ susah;
jalaran khuwatir menawa kekasihe kagodha lan
digodha mudha/ mudhi liyane.
6. Kinanthi : nggambarake wektu utawa rikalane mudha-mudhi wis
wiwit padha gegandhengan tangan utawa urip
bebrayan, wis mbangun bale wisma ‘berkeluarga’,
urip kang rukun lan ayem tentrem, bagya mulya
‘damai’. Watake sarwa seneng, asih, gumolong
‘bersatu’. Pancen rikalane pengentenan anyar lumrahe
tansah seneng, seneng-seneng, nyenengake, lan tansah
asih tresna, asah asih asuh lan sinisihan.
7. Dhandhanggula : nggambarake rikalane wis ngancik lan ngrasakake
dadi wong tuwa, ngopeni anak bojo lan srawung karo
tangga teparo. Mula wiwit mranata lan njumbuhake
kabutuhane urip saben dinane. Anggone urip bebrayan
wiwit ngrasakake rasa kepenak, ayem tentrem lan
bagya mulya ‘nikmat’; amarga wis manunggaling
cipta rasa karsane para anak bojone, lan anak-anake
padha rukun; wusanane sajroning kulawarga bisa
mujudake kuluwarga kang padha dhemen tetulung
(asah, asih, asuh). Watake tembang iki manis,
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 27
ngresepake ‘meresapkan, menyenangkan hati’, luwes.
Pancen menawa manungsa wis tuwa adhakake tansah
luwes ‘pandai bergaul karena telah berpengalaman’
lan manis utawa ngresepake ‘selalu berbuat baik dan
membuat senang kepada orang lain’, seneng lan
pethel nyambut gawe, lan gotong royong karo
tanggane lan sesamane.
8. Gambuh : nggambarkan umur lan watak rikalane manungsa
tambah tuwa/ dewasa lan kapribadene tambah diwasa,
wusanane bisa njumbuhake kabutuhaning jiwa raga,
lair lan batin; kuluwarga lan masyarakat, pribadi lan
marang Pangeran (hablumminnalooh lan
hablumminnaas). Watak tembange maringi pitutur
‘nasihat’, anggenah-genahake ‘selalu memberikan
penjelasan’. Pancen lumrahe manungsa kang wis tuwa
(dewasa, sepuh) tansah menggalih lan bisa
njumbuhake wigatine urip lan tansah mituturi marang
anak putu utawa sesama; patrap lan pangucap
‘perbuatan dan ucapan’ wis bisa jumbuh, uripe wus
bisa njumbuhake kahanan lair lan batine.
9. Pangkur : nggambarake rikalane umure manungsa wis laluyuswa
‘masa lanjut usia, udzur’; lan wancine ngungkurake
hawa napsu lan kadonyan’. Watake sereng
‘semangat’, prawira ‘perwira’, lan wani. Ing mangsa
iki tansah mbudidaya kanthi gumregut lan semangat
anggone ngendhaleni hawa napsu angkara murka,
napsu kadonyan. Kebutuhaning urip kang asipat boros
‘glamour’, seneng-seneng, hura-hura/ berfoya-foya
wis ditinggalake. Manungsa wiwit sregep ngibadah
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 28
lan nyedhak tansah dhedhepe marang Pangeran. Ing
pangajab sawanci-wanci katimbalan Gusti Kang
Mahasuci bisa lancar, selamat; saged mlebet wonten
surganipun Pangeran.
10. Megatruh : nggambarake manungsa kang wis nglenggana marang
pepesthen, takdiring kabeh manungsa yen bakal seda,
mulih mula mulanira utawa megatruh ‘pisahe nyawa
saka raga’. Watake susah, nelangsa, prihatin, getun;
jalaran manungsa yen wis cedhak patine, tansah
nandhang gerah; lumrahe atine susah, sedhih lan
kuciwa, jalaran arep pisah karo kulawarga, anak,
sedulur, lan tanggane; sarta rumangsa gela amarga
ngelingi tumindake sing ora becik nalika isih nom,
isih urip. Malah rumangsa keweden bakal ngadhepi
pangadilaning Pangeran, lan amarga durung siyap
anggone sangu amal kabecikan.
11. Pocung : Nggambarake rikalane manungsa wis seda lan
dipocong, watake sembrana, sakepenake. Manungsa
kang wis seda bakal lali sakabehe, lan sakepenake
dhewe alang ujure. Kabeh mau gumantung marang
sanak sedulure kang padha mrenahake lan anggone
ngurusi jasad utawa layone sarta anggone ngubur
(ngrukti).
Tuladha Tembang Macapat “Sinom”, kanthi Irah-irahan “Falsafahipun Tembang
Macapat Wiwit Lairing Manungsa Tumekaning Seda”.
Falsafahing tembang macapat/
Mijil lairing bebayi/
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 29
Maskumambang anak-anak/
Sinom lambang mudha-mudhi/
Smaradana birahi/
Kinanthi wus guyub rukun/
Dhandhanggula wus krama/
Durma Gambuh ngendhaleni/
Pangkur Megatruh Pocung lambang ngruktinya//
(Imam Sutardjo, 2016)
Tuladha Tembang Macapat “Sinom” Laras Pelog Pathet Nem
i i I
Nu- la- da la- ku u- ta- ma
i I I I I i i i 6 . 5
tu- mrap- e Wong ta- nah Ja- Wi
i i I 6 6 5 6
wong a- gung ing Ngek- si- gan- da
6 6 6 5 6 2 2 2 3 1 2 1
Pa- nem- bah- an Se- no- pa- ti
3 5 5 5 5 5 6 5
ke- pa- ti a- mar- su- di
3 2 2 2 2 3 2 1 1 2 2
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 30
su- da- ning ha- wa Lan nap- su
1 2 3 3 3 3 3
pi- ne- su ta- pa bra- ta
3 5 5 6 2 2 2 3 1 2 1
ta- na- pi ing si- yang ra- tri
3 5 5 5 5 5 5 6 5 3 2 3 1 2 2
a- me- ma- ngun kar- ye- nak tyas ing se- sa- Ma
2. Makna Filosofise Tembang Tengahan
Tembang tengahan kang cacahe ana 4 (papat) iku sejatine padha tembang
macapat, mung tuwuhe luwih dhisik; buktine paugeran guru (wanda, gatra, pada, guru
lagu /dhang-dhing’) antarane tembang tengahan lan sekar macapat iku padha. Mula
makna filosofise tembang tengahan gayutane karo uripe manungsa sawise manungsa
dipocong lan dikubur (Pocung); yaitu.
a. Girisa: Maksude gawe giris, jalaran rikala jasad utawa layon kang wis dikafani
nganggo mori putih, lan wong liya padha wedi lan miris yen padha mirsani.
Kejaba manungsa kang tansah tumindak becik, lan wis tata-tata sarta nyiapake
amal becik lan tansah dhedhepe sregep ngibadah marang Pangeran; mula
anggone ngadhepi pepati wis dianggep lumrah, ora nduweni rasa wedi jalaran
kabeh manungsa bakale mati.
b. Jurudemung: nggambarake jasad utawa layon wiwit dikubur dilebokake marang
bumi lan dihurugi lemah lan diidak-idak para pelayat, sanak kadang supaya rata
maneh.
c. Balabak: nggambarake rikala layon/ jasad dikubur, adhakane/ lumrahe
nggunakake blabak ‘papan kayu’ sadurunge dihurugi lemah, pamrihe supaya
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 31
lemah/ wedhi kang kanggo nggurugi lan diidak-idak para sanak kadang/
kulawarga; ora ngenani jasade layon ‘tubuh mayat’.
d. Wirangrong: nggambarake nyawane layon kudu wira ‘wani, berani’ ijen tanpa
kanca ana ing guwa utawa ing rong ‘kubur’ kanggo ngadhepi pitakonan-
pitakonan lan tanggung jawab saka Malaikat Mungkar lan Nakir, marang kabeh
tumindake kang wis ditindakake nalika isih urip ana ngalam donya, kanggo
ngundhuh wohing pakarti/ panggawe.
Tuladha Tembang Tengahan “Wirangrong”, Laras Pelog Pathet Nem
3 2 3 1 3 2 1 6 6
Den- sa- mya mar- su- deng bu- Di
3 5 6 i I i . i 6
we- we- ka di- pun- was- pa- Os
i 5 . 6 5 3 2 3 1 1 2 3 2
a- ja du- meh du- meh bi- sa mu- wus
2 2 2 3 5 6 5 . 4
yen tan pan- tes u- gi
4 4 2 4 5 6 5 3 2 1
sa- na- dyan mung sa- ke- Cap
3 3 2 1 2 3 1 1 1 2 3 1 2 1
yen tan pan- tes pre- nah- i- Ra
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 32
Sekar Tengahan “Balabak” Laras pelog pathet nem
5 6 i i i I I 6 5 4 5 . 6 5 2 3 5
Yen lu- mam- pah tan ka- ya neng nga- las ge- dhe sa- mar- re
5 6 i i i I I 6 5 4 5 . 6 5 2 3 5
la- wan ma- lih na- ra- ka- Di da- lan ge- dhe jem- bar- e
3 3 3 2 1 1 2 3 5 5 5 5 4 5 2 3 2 1
pa- ngan- ten- an no- ra ka- ya kem- bang bo- reh ne- seg- e
Girisa, Laras pelog pathet nem
5 5 5 5 5 6 5 3 3 5 6 6 5
A- nak pu- tu den es- tok- na
5 6 I i 6 5 6 5 3 2
wa- rah wu- ruk e- si ba- Pa
6 5 I 6 2 1 2 1
a- ja na ing- kang sem- bra- na
2 3 5 5 5 5 6 5 3 3 5 6 6 5
ma- rang wu- ruk- e wong tu- wa
5 6 I i 6 5 6 5 3 2
ing la- ir ba- tin den bi- Sa
6 5 I 6 2 1 2 1
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 33
a- ngang- go wu-ruk-ing ba- Pa
2 1 2 3 2 1 2 1
ing tyas den pa-dha san- to- sa
3 3 3 5 3 2 3 5 5 6 5 6 5 3
te- guh en- na jro- ning na- la
Jurudemung Buminatan, Laras pelog pathet barang
2 3 5 2 3 5 5 5 5 6 7 5 . 6 5 3
Won- ten ra- re ja- lu ju- ga
3 5 6 6 6 7 6 5 7 6 . 5 5
Ga- lin- thu was ta- ne tu- mut
2 3 5 5 5 5 6 5 3 2 3 5 . 6 5 3
ke- ka- ring mring ra- ma- ni- pun
3 5 6 6 6 7 6 5 7 6 . 5 5
ngambah pa- sa- wah- an- ni- ra
i . i 6
ning ngi- ring ya-yah lu- ma- Ku
6 i i 6 7 6 5
ma- se- mu har- sa- yeng dri- Ya
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 34
7 7 6 5 6 7 5 5 6 5 3 . 2
sar- wi- keh pa- ta- nya- ni pun
E. RANGKUMAN
Tembang macapat mujudaken peranganing budaya lan kasusastran Jawa, sarta
tembang macapat ana kang awujud lisan lan tulisan. Tembang macapat iku dianggit
mula bukane kanthi ancas/ pangajab ditembangake lan dirungokake/ dimidhangetake,
jalaran masyarakat Jawa tradisional iku dhasare padha luwih seneng ngrungokake
katimbang sinau dhewe. Teges utawa maknane tembang macapat iku maneka warna
werdine, kang surasane kabeh bener lan bisa tinampa kanthi nalar. Kang nyipta tembang
macapat iku walisanga ing pungkasaning karaton Majapahit akhir abad 15 Masehi.
Wondene cacah utawa gunggunge tembang macapat iku antarane para sarjana, para
winasis siji lan sijine ora padha; nanging kang lumrah lan sumebar ing masyarakat,
cacahing tembang macapat iku ana 11 (sewelas). Mula gunane tembang macapat,
saliyane supaya ditembangake; uga kanggo salah sawijining sarana nyimpen/
ndokumentasi prakara-prakara kang penting banget nganggo wujud tembang macapat;
pamrihe bisa nggampangake pangeling-eling lan kanggo nyenengane kang padha maca.
Sajroning tembang macapat iku ngemot pitutur, piwulanging urip kang akeh banget;
kayata: “pitutur para prajurit, generasi mudha kang utama, panyaruwe/ kritik sosial,
cangkriman/ teka-teki, lelucon/ humor, tontonan”.
Paugeran tembang macapat wis kawengku dening guru: “gatra, wilangan/ wanda,
lagu/ dhong-dhing; pedhotan”. Kaindahaning tembang macapat iku bisa kadulu saka
akehing cengkok ‘model, gaya’ tembang macapat (papan panggonan/ dhaerah, asmaning
priyantun); anane sasmita tembang; wataking tembang macapat (nelangsa, sedhih/ susah,
gumregah, wani, lan liya-liyane); purwakanthi ‘persajakan, permainan bunyi’ (swara,
sastra, lumaksiata/ basa); tembung garba ‘persandian’, plutan, wancahan; daya sastra;
baliswara; sandi asma; lan lelewaning basa ‘gaya bahasa’; lan liya-liyane. Anggone
nembangake tembang macapat kudu ngerti lan paham ing babagan: laras (Slendro
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 35
pathet: nem, sanga, manyura; apa Pelog pathet: nem, lima, barang); titilaras (nada,
notasi); pedhotan (kendho, kenceng); andhegan (satengahing gatra, pungkasaning gatra,
punkasaning pada); gregel (andhap, hanung); luk (ndhudhuk, niba, tangi, nyeklek).
Tembang macapat lan tengahan migunani kanggo tuntunan (piwulang), tontonan
(hiburan), kekuwatan, filsafating urip kang kaandharake mawa “basa sinandi,
pralambang saha pasemon ‘bahasa kias’; kang perlu didhudhah kanthi teliti lan premati.
Tembang macapat kang cacahe ana 11 (sewelas); kang diwiwiti saka tembang Mijil
tumeka tembang Pocung, pranyata makna filosofise nggambarake wiwit laire manungsa
nganti tumekaning pati. Semono uga tembang tengahan kang cacahe ana 4 (papat) iku
uga nggambarake piwulang tatacarane ngubur utawa ngrukti jasad utawa layon kang wis
pralaya.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 36
DAFTAR PUSTAKA
Damardjati Supadjar. 1985. “Etika dan Tatakrama Jawa Dahulu dan Masa Kini”.
Keadaan dan Perkembangan Bahasa, Sastra, Etika, Tatakrama, dan Seni
Pertunjukan Jawa, Bali dan Sunda. Yogyakarta: Javanologi Direktorat
Kebudayaan Departeman P dan K.
Darusuprapta. 1982. “Nglacak Tembang Macapat” dalam Almanak Dewi Sri.
Yogyakarta: U.P. Indonesia.
. 1985. Serat Wulang Reh. Surabaya: Citra Jawa.
Eddy T. Sutrisno. 1961. Aji – Wara. Surakarta: Penerbit Mas.
Gunawan Sri Hastjarja. Tanpa Tahun. Macapat I, II, III, Surakarta: ASKI.
Hadiwidjana. R.D.S. 1967. Tata Sastra. Yogyakarta: U.P. Indonesia.
Hardjowiraga. R. 1952. Pathokan Nyekaraken. Jakarta: Balai Pustaka.
Imam Sutardjo. 2016. Tembang Jawa (Macapat). Surakarta: Bukutujju.
Mangkunegara IV. tt. Serat Nayakawara. Surakarta: Reksapustaka.
Mardjana. 1955. Pathetan I. Jakarta: Wolters Groningen.
Padmosoekotjo. 1960. Ngengrengan Kasusastran Jawa I, II. Yogyakarta: Hien Hoo
Sing.
Poerbatjaraka. 1957. Kapustakan Djawi. Jakarta: Jembatan.
Poerwadarminta. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: Groningen.
Sri Sulistyani, dkk. 2017. Tembang Dolanan dan Tembang Macapat: Sumber Belajar
Penunjang PLPG 2017. Jakarta: Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan.
Direktorat Jenderal Guru dan Tenaga Kependidikan.
Suwardi Endraswara. 2010. Tuntunan Tembang Jawa. Yogyakarta: Lumbung Ilmu.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-1 TEMBANG MACAPAT]
| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 37
Yayasan Mangadeg Surakarta. 1979. Wedhatama. Jakarta Pusat: Pradnya Paramita.
Recommended