8
SETTING/DIALOG 1. Hutan/Gunung : Wiroyudo, Wiropati Wiroyudo : Wiropati, Tangio, Badaro Anggonmu Topo Wiropati : Kakang Wiroyudo, Ono Opo Kakang Ngugah Anggonku Topo Wiroyudo : Cukup, Ora Usah Pok Terusno Naggonmu Topo. Wiropati : Anggonku Topo Durung Oleh 40 Dino 40 Bengi, Nek Tak Itong Kurang 1 Dino Kas Wiroyudo : Bener Woropati, Awak Dewe Topo Onok Gunung Peleng Kene Durung Genep 40 Dino 40 Bengi, Tapi Wiropati : Tapi Opo Kang ? Wiroyudo : Aku Wis Oleh Wangsit Soko Kang Akryo Jagat Wiropati : Yo Opo Unine Kang Wiroyudo : Awak Dewe Iso Urep Penak Lan Kepenak, Nanging Ono Sarate Wiropati : Opo Sarate Kang ? Wiroyudo : Awak Dewe Kudu Entok Bayi Sing Lahir Malem Seloso Kliwon Wiropati : Abot Kalamun Diguyu, Enteng Kalamun Dilakoni Wiroyudo : Yo Kudu Dilakoni, Ayo Melbu Deso Metu Deso Wiropati : Melbu Kampung Metu Kampung Wiroyudo/wiropati : Oyo Golek Bayi Seng Lahir Mlem Seloso Kliwon, Hahahahahhaaaaaa 2. Pos Kamling : Aden ( Lawak ), Dika ( Lawak ) Wiroyudo, Wiropati Aden : Jogo Kampung Karo Dika. Yah mene yo durung teko ! E,,, timbang ngantok nyetel radio ae, ngrungok ke jula juli lak penak. Hahahahahahah- lakok panarangan reog an. E,,, gak popo. Reog ponorogo yo perlu dilestarek ke, sak durunge diserobot karo negoro liyo. E,,, njajal liyane- hahahah aduh, lakok tari pendet bali,e,,,, yora popo tari pendet yo perlu dilestarik ke, sak durunge dioyok karo negoro liyo.... E,,, njajal liyane maneh, lha iki sing tak golek i sip sip sip.... (Aden ngidung jula juli neng pos, langsung dangdutan....) Siskamling iku singkatane sistem keamanan lingkungan...... Bengi iki wayah ku jogo, mulo aq kudu waspodo, desoku ben aman ora ono beboyo, nek onok maling mesti tak siapno, nek malinge rak mesti mlayu seba malinge wedi karo aku, nek malingegak gelem mlayu mesti malinge tak antemi watu, manggar klopo mekare sore pelajar bojonegoro iku hiburane Aden : Lakok Mati,,,,Ooo Lah Iki Opo Kucing Iku. Dika : Kucing Kucing, Dika Gituloh !!!! Aden : Uwong Enak Enak Ngidong, Radoine Kook Mbok Pateni….. Dika : Den Den, Ngidung Kok Koyo Nglindor. Aden : Lah Ngerti Awakmu Yo Gak Teko Teko, Timbang Ngantok Yo Aku Netel Radio Jula Juli Suroboyo,,,,,,tak kidonge enak enak je,,, Dika : Yo Liyane Ngunu Lho, Nyanyi Nyayi Kek. Aden : Nyanyi Nyanyi Lagu Ijo Keong

Dialog darama

Embed Size (px)

DESCRIPTION

dialog drama dalam bahasa jawa

Citation preview

SETTING/DIALOG

1. Hutan/Gunung : Wiroyudo, Wiropati

Wiroyudo : Wiropati, Tangio, Badaro Anggonmu Topo

Wiropati : Kakang Wiroyudo, Ono Opo Kakang Ngugah Anggonku Topo

Wiroyudo : Cukup, Ora Usah Pok Terusno Naggonmu Topo.

Wiropati : Anggonku Topo Durung Oleh 40 Dino 40 Bengi, Nek Tak Itong Kurang 1 Dino Kas

Wiroyudo : Bener Woropati, Awak Dewe Topo Onok Gunung Peleng Kene Durung Genep 40

Dino 40 Bengi, Tapi

Wiropati : Tapi Opo Kang ?

Wiroyudo : Aku Wis Oleh Wangsit Soko Kang Akryo Jagat

Wiropati : Yo Opo Unine Kang

Wiroyudo : Awak Dewe Iso Urep Penak Lan Kepenak, Nanging Ono Sarate

Wiropati : Opo Sarate Kang ?

Wiroyudo : Awak Dewe Kudu Entok Bayi Sing Lahir Malem Seloso Kliwon

Wiropati : Abot Kalamun Diguyu, Enteng Kalamun Dilakoni

Wiroyudo : Yo Kudu Dilakoni, Ayo Melbu Deso Metu Deso

Wiropati : Melbu Kampung Metu Kampung

Wiroyudo/wiropati : Oyo Golek Bayi Seng Lahir Mlem Seloso Kliwon, Hahahahahhaaaaaa

2. Pos Kamling : Aden ( Lawak ), Dika ( Lawak ) Wiroyudo, Wiropati

Aden : Jogo Kampung Karo Dika. Yah mene yo durung teko ! E,,, timbang ngantok

nyetel radio ae, ngrungok ke jula juli lak penak. Hahahahahahah- lakok panarangan

reog an. E,,, gak popo. Reog ponorogo yo perlu dilestarek ke, sak durunge diserobot

karo negoro liyo. E,,, njajal liyane- hahahah aduh, lakok tari pendet bali,e,,,, yora popo

tari pendet yo perlu dilestarik ke, sak durunge dioyok karo negoro liyo.... E,,, njajal

liyane maneh, lha iki sing tak golek i sip sip sip.... (Aden ngidung jula juli neng pos,

langsung dangdutan....)

Siskamling iku singkatane sistem keamanan lingkungan......

Bengi iki wayah ku jogo, mulo aq kudu waspodo, desoku ben aman ora ono beboyo,

nek onok maling mesti tak siapno, nek malinge rak mesti mlayu seba malinge wedi karo

aku, nek malingegak gelem mlayu mesti malinge tak antemi watu,

manggar klopo mekare sore pelajar bojonegoro iku hiburane

Aden : Lakok Mati,,,,Ooo Lah Iki Opo Kucing Iku.

Dika : Kucing Kucing, Dika Gituloh !!!!

Aden : Uwong Enak Enak Ngidong, Radoine Kook Mbok Pateni…..

Dika : Den Den, Ngidung Kok Koyo Nglindor.

Aden : Lah Ngerti Awakmu Yo Gak Teko Teko, Timbang Ngantok Yo Aku Netel Radio Jula

Juli Suroboyo,,,,,,tak kidonge enak enak je,,,

Dika : Yo Liyane Ngunu Lho, Nyanyi Nyayi Kek.

Aden : Nyanyi Nyanyi Lagu Ijo Keong

Dika : Iso Iso Den ,Lagu Anak Anak , Lagu Dewasa, Lagu Tuwek Tuwek, Lagu Seng Ape

Matek

Aden : Lagu Anak Nak Duet Karo Aku,,,,

Dika : Iyo, Siapa Takut

Aden : Satu Satu

Dika : Jangan Sampai Nyabu

Aden : Dua Dua

Dika : Apa Lagi Nganja

Aden : Tiga Tiga

Dika : Smua Jenis Narkoba

Aden : Satu Dua Tiga

Dika : Itu Larangan Agama

Aden : Iyo Pinter We Kie, Wes Sa’ki Coba Dijawa Ke.

Dika : Iyo Siapa Takut, Dika Gitu Loh,

Aden : Siji Siji

Dika : Ayo Budal Ngaji

Aden : Loro Loro

Dika : Ojo Nganti Bodo

Aden : Telu Telu

Dika : Sregepo Sinau

Aden : Siji Loro Telu

Dika : Esok Esok Bandar Dadu

Aden : Lakok Malah Bandar Dadu. Judi Itu Dilarang Negoro, Apalagi Sekarang Pemerintah

Sedang Giatnya Memberantas Segala Bentuk Perjudian

Dika : La Yok Opo

Aden : 123 Esok Esok Mbantu Ibu

Dika : Esok Esok Mbantu Ibu

Aden : Papat Papat

Dika : Awak Ku Seng Sehat

Aden : Limo Limo

Dika : Dalane Ditoto

Aden : Enem Enem

Dika : Atiku Wes Marem

Aden : Papat Limo Enem

Dika : Suwal Bedah Ndekem Ndekem

Aden : Hahahaha Lakok Malah Ndekem Ndekem !

Dika : Ok, Layok Opo ?

Aden : 4 5 6 Negarane Kuat Rakyate Ayem Ayem

Dika : e,, iyo nak negarane kuat rakyate tentrem ayem, gak onok demo demoan yo,,,

Aden : iyo, pitu pitu

Dika : aku seneng ibu

Aden : wolu wolu

Dika : ugo seneng guru

Aden : songo songo

Dika : dimeh urep sampurno

Aden :7 8 9

Dika : udel bodong so’i lengo

Aden : hahahahaaha kok malah diso’i lengo..

Dika : layo opo, lawong bojonegoro diluk kas sugeh lengo,

Aden : e,,, yo dik, apalagi sekarang ini dprd bojonegoro dan pemerinahan bojonegoro sedang

membuwat blok sendiri yaitu blok bojonegoro

Dika : artinya tambang minyak yang ada dibojonegoro diolah oleh orang orang bojonegoro

sendiri

Aden : ngomong ngomong bajumu kok bagus

Dika : iya, ini batik jonegoroan

Aden : motif apa ini

Dika : motif tembakau, ada14 motif batik jonegoroan ,

Aden : kalau yang saya motif daun jati

Dika : seng penting sak ki awak dewe jogo kemamanan lan ketentraman deso sing ati ati

Aden : iyo ati ati pitik wedus lan sapi

Dika : ati tengu, ora ati kewan kewan iku artine nek enek wong seng mencurigakan ayo

dicekel disrahke pak lurah.

Aden : e,, iyo lo lo sajak onok wong dik, delik delik

Dika : ayo ayo den,

Wiroyudo : hahahahahahahahaha kelakon aku oleh bayi sing lahir mlem seloso kliwon hahahahah

bakal enak kepenak ki urepku hahaha ( tiba tiba bayi menangis rupanya dia haus )

( Ditaruhnya Bayi Tersebut Di Pos Kamling Lalu Wiro Yudo Mencari Air )

Aden : ( Mengendap-endap lalu diambilnya bayi ) Wah bayi iki olehe nyolong sajak

jahat wong kae mau.

Wiro Yudo : He he he bayi kui

Aden : Bayi oleh mu nyolong ae kok, Sopo Koe…?

Wiro Yudo : Aku Wiro Yudo, cepet serahno bayi kui……!

Aden : Langkahi dulu kaki ku dong…..!

Wiro Yudo : Bosen urip kowe…., mati teko tengah ku ( Wiro Yudo menyabetkan parang kea-

rah leher terus ke kaki aden, aden berkelit dan dipukulnya kepala WiroYudo oleh

Aden.)

Aden : hahahaha mati koen, ( Wiro Yudo, lari tunggang langgang )

Aden : Oalah………. Bayi ne sopo ki…., lanang pisan, sakrehe bayi iki slamet soko wong

jahat mau, permilo bayi iki tak jenengke slamet. Tak duske banyu gege mben gelis

gede…..!

Wiropati : hahahahaha untung aku iso lolos soko uber-uber ane uwong kampong, nek gak aku yo

mesti mati, neg gak mati yo kelbu rumah sakit, hiiiiiiii serem…..! yo bayi seng lahir-re

seloso kliwon iki seng iso menakno uripku, hahahahaha tapi…., bayi kok nanges ae

kaet mau, oalah……… lha ngompol je, tak golekno pupuk disek. ( wiropati pergi )

Dika : iki lo anak’e sopo seng di colong karo uwong mau? Kok gak ngesakno? Cah wedok

pisan. Tak jenengke rahayu.

Wiropati : hahahahahah kucing alas,,,,,, serahno bayi iku,

Dika : meong, meong, meong, kucing – kucing gue dika gitu loh????

Wiropati : truz…. Gue harus bilang wow gitu????? Dika cepet kekno bayi iku,!!!!

Dika : ojo gitu loh…..!!!!

Wiropati : Iku bayi ku…!

Dika : Bukan gitu loh?

Wiropati : tak jaluk iku bayiku

Dika : iki ngono dudu bayimu kae loh bayi mu…..( lalu lari )

Wiropati : endi-endi di bujuki aku, Dika awas koen tak uber……., tapi… tunggu dulu, ntar aku

bisa-bisa mati nu di keroyok orang kampong, mendingan golek bayi maneh.

3. Jalan Desa : Slamet, Rahayu.

Slamet : arek iki lo sido pora wis yah mene kok gak onok mrene? Jare kon ngenteni neng

prapatan, neng kene kok gak enek sido minggat pora?

Rahayu : kang…. Kaet mau ta nag ngenteni?

Slamet : lah iki sampek dirubung semut aku ngenteni koe!

Rahayu : yo sepurane kang, aku iki mau nglimpe bapak disik .

Slamet : tapi awakmu kok gak gowo salen? Sido po gak nag minggat ?

Rahayu : sepurane kang , gak sido.

Slamet : opo koen gak seneng karo aku Tahyu?

Rahayu : yo seneng to kang, aku kan sayang………… banget karo koe kang….tapi kang,

Slamet : tapi opo ….? Lha wong kenyataane ngunu kog?

Rahayu : ngene lo kang, neg awak’e dewe nikah, trus gak direstui wong tuo, gak bakalan urip

bahagia kang???

Slamet : endi biso direstui wong tuo? Wong ortu awak ‘e dewe gak akur ngunu kok?

Rahayu : yo piye carane ngunu lo kang, awak dewe biso ngakur’no wong tuo?

Slamet : truz carane yok opo yu????

Rahayu : Carane ngene lo kang….

Slamet : oya, ya aku ngerti,

Rahayu : ngerti opo kang?

Slamet : mbuh

Rahayu : odalah massyaallah ngene lo kang….

Slamet : E…… iyo, iyo sip

Rahayu : opo kang?

Slamet : mbuh og , lha mug wes wes wes tog.

Rahayu : lha ancene aku durung ngomong kog….yowes ngene lo kang

Slamet : oyi oyi sip….. pokok e, tos disek.

Slamet / Rahayu : Ayuk…… pean ngalor aku ngidul

4. Rumah Kepang : Aden, Rahayu, Dika, Slamet., B. Rahayu, B. Karta, P. Kades, Bu Kades.

Aden : Duwe tonggo ae dudu uwong tapi yo kucing, nggoreng pindang durung tak pangan yo

di gondol kucing, Nggoreng dendeng durung tak pangan yo di gondola kucing, jian

tenan akeh kucinge.

Dika : pindang-pindang opo wong mangan bothok’an tekek jare pindang…..

Aden : Koen rekeh uwong loro gudiken ta? Mangan tekek?

Dika : Duwe tonggo nek maling, tuku HP yo ilang, tuku laptop yo ilang….

Aden : HP, Laptop, Ungkal ae gak nduwe kok, laptop, nyangditok

Dika : Uong nag sirek yo ngunukui, iriae isine….

Aden : No reken tonggo, seng penteng duwe anak lanang tak sekolahno seng pinter sok mben

dadi bupati….

Dika : Buapati ketoprak ta????? Hahaha ora koyok anak wedok, coro dagangan tak dol

larang, sok mben di rabi wong seng nduwe perusahaan…

Aden : perusahaan Biting ta????

Dika : Sirik, iri, Aduhai iri…..

Rahayu : Hello papi Good morning papi…..,

Aden : hahahaha bahasa inggris papi? Wong koyok kucing ae di celok papi….

Dika : lha yo nduwe tonggo kok sirik ae……, dari mana saja Nonik ku Sayang ( logat

belanda )

Aden : Lha yo anak koyok manuk prenjak ae di celok nonik???? Hahaha

Rahayu : pak…, niki lo kulo betak’ake rokok…

Dika : Nduwe anak wedok yo pinter koyo ngene, bali nggowo oleh-oleh rokok, lhek e papi di

pendet ake mangan yo cah ayu….

Rahayu : Nggeh pak……, nopo? Sate kambing nopo ayam….?

Aden : Lha wong sate walang , kok jare sate ayam???? Hahahaha

Rahayu : Inggeh pi, mboten usah nggatek’ake tonggo pi

Dika : ( Nyumet rokok ) Ngeneki rokok opo……?

Aden : Rokok gaweane pabrik, enak kui…..

( lalu keduanya membuat humor dengan bahasan dari bahan rokok tersebut )

Dika : Yahmene kok yowes onok uong leles uthis ya….?

Aden : ( Rokok Dibuang ) Rokok itu tidak baik untuk kesehatan, mengganggu kesehatan…..

Slamet : Hello Papa

Aden : Hallo juga Dedy

Dika : Dedy? Papa opo? Papah gedang ta???

Aden : sirik ae tonggo sitok iki….

Slamet : iki lo pah, kulo gawak’ke gedang…!!!

Aden : lha ngombene ndi cah bagus……?

Slamet : Toyo nopo pak? Susu?

Aden : Susu…..

Dika : Susu? Biasane ombenane tajen’e dike’i susu…

Aden : koen melu….. ae…..

Dika : Iki gedang opo ngeneki?

Dika : Gedang rojo legi kui….

( lalu keduanya membuat humor dengan bahasan dari pisang tersebut )

Rahayu : Pak sate entek, wedus ilang…

Aden : Wedus ilang, pitek gereng? Ora nduwe kok wedus….

Dika : paleng…… yo di colong karo maleng…..

Rahayu : Pak…. Ojo geger ae… mbok seng rukun… karo tonggo…

Dika : Apa……? ( sambil terperanjat ) aku kon rukun karo tonggo sitok kui? Wani perang ke

tiga ae…..!

Rahayu : Mbok ojo ngono to pak…. Ndang akur….!!

Dika : No……………. Way………….

Rahayu : Nag ngunu aku ndang rabi’o pak……….!!!

Dika : Gampang …… sesok tak oleh no Ronaldo, seng ngguanteng kae lo cah ayu!!

Rahayu : Emoh…..pak

Dika : Messi gelem….?

Rahayu : Emoh…….

Dika : Lha trus………. Koe njalok ambek sopo nduk….?

Rahayu : iku lo pak…. Anak’e tonggo….

Dika : Moh,Moh, gak sudi aku, besanan karo garangan sitok kui…!

Rahayu : nag ngunu aku arep bunuh diri lo pak…..!!!

Bu Dika : Opo to ki, kaet mau tak rungokno kok rame temen…?? Persis koyo pasaat ngleh ae??

Dika : Kui lo mam, Rahayu….., mosok njalok dirabek ake karo anak’e garangan tonggo sitok

kui lo mam….!

Bu Dika : e….. yo ojo oleh pak…!!!

Rahayu : yowes nak gak oleh…., aku arep pe bunuh diri ae….., bunuh diri-bunuh diri….

Bu Dika : Hust………. Iyo-iyo cah ayu, gak po2 nag kunu gelem nglamar awakmu, tak restui…

Slamet : Pak…. Sak iki aku yo rabekno to pak….!

Aden : Iyo…. Suk tak olehno artis papan atas pokok’e!!!!

Slamet : Emoh…pak…, aku njalok rabine karo anak’e tonggo iku??

Aden : Anak’e kucing iku??? Seng koyok jalak ureten kui????

Slamet : Nek sampeyan mboten purun nglamar ake aku gantung diri pak pokok e!!!

Aden : Aduh……, kelakuanem kok koyok mbok anem mbiyen to le…….

Slamet : pokok’e lamaro to pak…!!!

Aden : Iyo…. Iyo cing kucing…\!!!

Dika : lha kono iku gak ngajak perang dunia ke tiga…

Aden+dika : ( Pasang Kuda-Kuda, Membuat Gerakan Silat, Akan Tetapi Mereka Berdua Lalu

Bersalaman Dan Saling Meminta Maaf, Setelah Itu Akhirnya Kedua Keluarga Itu

Menyatukan Rumahnya Dan Anak Mereka Dijadikan Temanten. )

P. Karta : Kulo nuwun……….., Spada…………….Permisi…………?

B. Karta : Punten………….., Hello…………any body home………..?

Aden : Dek……. Enek tamu ta?

B.Dika : E…….. Tamu monggo 2 pinarak Bu… Pinarak Pak…………. !

Aden : Pak…….. Bu……… nak buwoh seng katah nggeh…?

P. Karta : E…E….E… kulo mriki mbetn buwoh nggeh,

B. Karta : kulo mriki bade madosi anak kulo.

P. Karta : seng ical 17 tahun kepungkur…..!

Aden : lha anak sampean niku lanang nopo wedok?

P. Karta : engkang anak kulo niku istri pak….!

Aden : wah….. mboten ngeti aku…?

B. Karta : e..e, Pak wasi to kalung sing digawe manten wedok, kok koyok kalung ku kae pak….

P. Karta : E…. yo je buk… ayo delok bu….!

B. Karta : Tu kan pak… iki bener to anak’e dewe???

Dika dan

Bu Dika : Lo…lo….lo… penak’e nag ngomong anak’e dewe, iki ngunu anaku

Aden : ( sambil membawa sandal dibuat menelpon ) hallo pak kades, niki teng griyo kulo

enten tiyang engkang ngaku-ngaku Bapak lan Ibune Rahayu, niku lo pak, putrinepun

Pak Dika .

P. Lurah +B.Lurah : La niku enten nopo to kok rame-rame???

B. Dika : Niki lo Pak , Pak Karta ngaku-ngaku yogane padahal niku yogo kulo, pripun Pak… ??

pean saged mutusi permasalahan niki???

Dika : Enggeh pak cobi sampeyan putusi rumiyen,,,,!

P.Lurah : Ngoten nggeh, mangke mawon kulo putusi….!!

Aden : lha sampeyan mriki bade buwoh to pak..???

P. Lurah : inggih, Tapi kulo nggeh bade madosi anak kulo…!

B. Lurah : anak kulo niku lahirepun seloso kliwon 17 tahun kepungkur

Aden : lha anak’e pun panjenengan niku jaler nopo istri?

P.Lurah : jaler pak…

B. Lurah : anak kulo niku gadah tanda lahir engkang tangane..!

Slamet : Lha nopo niki pak…? ( sambil menunjukan tangannya ke pak dan bu lurah )

B. Lurah : Lha iki…, bener iki pak anak’e dewe

P. Lurah : yasalam……… lho… iyo bu….. iki anak’e dewe….

Aden : duduk anak’ku…

P. Lurah : temenan ta slamet iku anakmu…?

Aden : yo bener pak.. niku anak kulo….

B. Lurah : Dudu, mesti Slamet iu anak ku, ojo ngapusi sampeyan….?

P. Lurah : Kulo Nggadahi saksi lo…. Nag salmet iku anakku!

Aden : Ngaputen engkang katah nggeh pak… kulo mboten niat ngapusi, sebenere slamet

niku…… yogane panjenengan engkang kulo temokne 17 thn kepungkur pak…!

P. Lurah : Wiroyudo, wiropati, cepet mreneo…!

Aden : lha niku pak terasngkane Wiroyudo niku engkang nyolong putrane panjenengan..!

Dika : lha.. nag wiropati niu seng nyolong putrine Pak. Karta pak….

P. Karta : oooo. Wong edan goro-goro awakmu aku pisah karo anakku 17 tahun…!

P. Lurah : goro-goro awakmu aku pisah karo anakku Wiroyudo, awakmu jalok ngapakno???

Wiroyudo : sepurane pak……… sepurane…… Kulo naming pengen ngemong anak engkang lahir

dino seloso kliwon pak….!

P. Lurah : yowes tak sepuro awakmu…., tapi awas ojo baleni maneh,…!

P. Karta : wiropati yak opo karepmu…., opo’o koen iso nyolong anak’ku???

Wiropati : inggeh sami kaleh kakang wiroyudo pak….

P. Lurah : lha Aden pripun karep’pe sampean???

Aden : niki lo pak.., Slamet niku kulo ba’de nikah ake kaleh Rahayu…!

P. Lurah : lho ojo disek… lha wong durung tamat SMA, isek mambu kencur pe mbok

rabekno???

Aden : lha pripun pak…..?

P. Lurah : ngene ae lho Den…. Awakmu mulai sai’ki kulo angkat dadi supir pribadiku, tak kon

ngeterke slamet sekolah sak mbedinone? Ojo sampek Slamet ketot-ketot seng jenenge

Tawuran, Narkoba, opo Maneh ngombe Miras…!

P. Karta : Awakmu yo ojo rabi sek nduk….. sekolah disek…..

B. Karta : iyo nduk…. Paleng gak sampek sarjana….

P. Karta : P. Dika, B. DIka, Lan kabeh ae yo…….. Rahayu lan slamet Iku kenek diarani …..

“SANG PEWARIS TAHTA”

THE END

Bojonegoro, 30 September 2012

( Cak Gombloh )