13
ELING DONYO Podo ngelingono ing donyo amung sedelo Urip mung sepisan jo seneng nyumbar kamurkan Sregepo le ngaji yembah mring kang Moho Suci Keno kanggo bekal Slamet donyo lan akherat Lan podo elingo marang kang Kuoso Yen kepengin besok nang suargo OJO DI PLIROKE Mas masojo podo lali Marang dawuhi Jeng Nabi Nabi ingkang Moho Suci Nabi Muhammad ingkang Moho Mulyo Nabi utusan nyembah dawuhing Pangeran Ojo nyanti ketinggalan Monggo do iling-iling bab opo Iku printahe kang kudu wajib digugu DANDANG GULO Pambukane sekar dandang gendis Nedyo mbeber werdini P4 P kang sepisan mankini Dadi pedoman satuhu Werdini P ping pindo iki Penghayatan kang nyoto P kang kaping 3 Tumindang pengalaman P ping 4 mengku surasa sayekti

Eling Donyo

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Eling Donyo

ELING DONYO Podo ngelingono ing donyo amung sedeloUrip mung sepisan jo seneng nyumbar kamurkanSregepo le ngaji yembah mring kang Moho SuciKeno kanggo bekal Slamet donyo lan akheratLan podo elingo marang kang KuosoYen kepengin besok nang suargo

OJO DI PLIROKE

Mas masojo podo lali Marang dawuhi Jeng NabiNabi ingkang Moho SuciNabi Muhammad ingkang Moho MulyoNabi utusan nyembah dawuhing PangeranOjo nyanti ketinggalanMonggo do iling-iling bab opoIku printahe kang kudu wajib digugu

DANDANG GULOPambukane sekar dandang gendisNedyo mbeber werdini P4P kang sepisan mankiniDadi pedoman satuhuWerdini P ping pindo ikiPenghayatan kang nyotoP kang kaping 3Tumindang pengalamanP ping 4 mengku surasa sayektiKang wujut Poncosilo

Podo ngelingono ing donyo amung sedeloUrip mung sepisan jo seneng nyumbar kamurkan Sregepo le ngaji nyembah mring kang Moho SuciKeno kanggo bekal slamet donyo lan akheratPrintah agomo podo atindaknoNgedohi tumindak angkoro murkoLan podo ilingo marang Kang KuosoYen kepingin besok neng surgo

Page 2: Eling Donyo

DANDANG GULOSholat Fardlu kang mengka wigatiManembaho kang Moho KuosoOjo pada di tinggalakeMaghrib Isak lan SubuhLuhur Ngasar 5 cacahiIku cagake AgamoKang nyoto satuhuMulo podo anindaknoKanggo sangu besok yen wis tumeking pati

SHOLAT KUNCI SUARGOPEPELING

Wis wancine tansah di ilingakeWis wancine pada anindakakeAdzan wis kumandang wayah sembahyangNetepi wajib dawuhi PangeranSholat yekti cagak agomo5 wektu yo podo lakononoKanti istiqomah kanti mukminah

Luwih utomo yen berjamahanSubuh Luhur lan Ngasar SholatSayekti ngedohi tindak mungkarMagrib Isak iku jangkepe proyoGane ditambah sholat sunahJo sembrono iku printah agomo

TAMAN JURUKHe umat islam ayo berjuangOjo mung enak-enak nggone songgo uangBerjuang iku akeh carane sing penting niat ikhlas iku dadi modale1. Sing rumongso pinter berjuang nganggo

ngelmuniLan nuduhake hukum agomo sak mustineHak lan saro iku kudu dijelasakeSupoyo kito podo bener ngibadahe

2. Sing rumongso sugih berjuang klawanBandane klawan sodakohUgo ngamal jariyahe

3. Upamane berjuang wong kang ra duwe

Page 3: Eling Donyo

Cukup mbayar zakat lamun genep nisobe4. Sing rumongso roso berjuang kelawan

Tenogo yen ora biso berjuang kelawanDongo apoyo ono wong pihak tanpo kengelan lan semono ugoBerjuang kudu nganggo korban

SINOM#Kanca ja podo sembronoNggenyo maca slawat Nabi ing bengi iki rungoknoLe ngudang putaka ikiMergo ras miosi gustiMulo ojo podo bingungSing setiti ngati atiMugo-mugo siro kabeh antok rohmat

#Gusti Timur putu ning yang cahyanyo amendo sasi Putrane Raden Ngabdulah Kang Ibu Aminah dewi Lahir wonten mekah negri

Sekawan Sahabat ngaliAbu Bakar ngumai ngusmanSekawan baginda ngaliTursantoso ingampean sokabat 4

DANDANG GULODasar bagus pidekso respatiGusti Timur miwah warnaniroMangis karengat latiniRikmo nggembuleng lir mendongPipiniro nduren sejuringWojonyo lir mutioroGumebyar lir daruYen mesem Gusti MuhammadKabeh umat gawak sakjruning atiGawak marang Gusti Muhammad

PANGKURDatan ana ingkang padoWarna niro Gusti Kanjeng NabiSedoyo mujizat ipunKelawan agemaniro

Page 4: Eling Donyo

Gusti timur kekasih ito yang AgungYaiku Kanjeng Nabi

PANGKURDasar bagus putu ning yangLuwih gelap gumebyar semu kuningCahyanyo angelir daruGumebyar kadya wulanYen pinanding angelir morco sipat ipunMowo tejo cahyaniroSoyo suwe anyuremi

PANGKURDuh Gusti kang membo wulanKawulo sowan mring GustiPutro dalem ingkang AgungKawulo sumerep warnanyoIngkang bde sinesepan sanak ulunMonggo enggal pinarengonoKulo sumerep kang warni

PANGKURBejo siro sekalimahSebab nemu pasupenan kang yatinNgantuk antuk nemu gethukNeng nglatar nemu dimarWis dilalah kersane kang Moho Agung Narimaho sekalimahMugo tinulung mring Yang Widi

DURMOAduh MbokneYen kowe takon mring ing wangAku mau bengi ngimpi Sowan Gusti RasulullahNuli aning kana nyoYo siro kang aneng nyai ngajakIng wong manjing Agomo suci

Page 5: Eling Donyo

SINOM# He bibi sopo siro

Lan pinangkaniro ing ngendiMonggo to enggal tomaturoLan opo to sedyaning pardiLan ingsun arto ngulariYedo wonten mring Yang AgungLan ingsun tan selak brontoNgemban dawuhi yang widiSopo siro moro enggal to maturo

# Dasar bagus putu ning yangBesuk ora bakal laliDawuhi Ibu lan romoIku kudu tak tetepiOjo mung tansah maneniPantes dadi putu ning yangAku kabeh mung dedongoMugo Alloh amelasi

ULER KEMBANG# Pro sutrino monggo sami andedongo

Marang Gusti kang Moho KuosoJo lali to pro konco nggone nembahMring Gusti sak terusi

# Milo monggo andedongo marang Nabi kitoMilo monggo sami derek Nabi kitoOra obah ora goyah2Nggone angsuming panembah

DANDANG GULOPro sedulur kito wajib ngajiSyarat rukun lan batali SholatOra keno di gambangkeLamun ngaji iku rikuhHinggo ora tumindak ngajiMengko to ngertioAgeng dosanipunMulo ojo anggo gampangDawuhipun Pangeran kang suciMulo ojo do sembrono

Page 6: Eling Donyo

DURMADatan ana ingkang samiWarnaniro gusti putu ning yangKekasih iro yang maknanDasar dadio utusan ngembanDawuhi PangeranAnanggung mring umat ipunYaiku Gusti Muhammad

DURMADasar bagus putuniwangKekasih iro yang widiSedoyo pro umatSamyo derek tindaknoDumateng Kanjeng Nabi Mugo Alloh paring tetep umat sami

RUJAK JERUKTak kudang Gusti Muhammad Dasar Nabi kang sinelirMunggah langit perlu nampoDawuhi kang Moho SuciPuniko ingkang pun tampiSaking ngarsaning Yang AgungDawuh sholat limang waktuWektu sedino sewengiSubuh Duhur Ngasar Magrib klawan ngisakNing kini iki dawuhi GustiKabeh iku kalimah kersani GustiKang benjing iki dawuhi kang Moho Suci Milo monggo kito kabeh kudu ngertiMangkini kabeh iku andawuhkeBektini kabeh umat supoyo anindakake

Page 7: Eling Donyo

KECIK-KECIKMitro samyo podo anindakno ayo eoManembahono mring Kang Moho SuciKanti murni ing sak jruning atiMulo siro kabeh bektio kang ati suci

Oing dong sing singan dipangan ngomoOing wong enom ojo sembrono

Oing dong telo dipangan ngomoOing wong tuo jo nganti leno

KEMPLING# Ndak pundi Mbakayu bade tindak pundi Kadi ngaren bengi iki ora lali Menyang masjid kanti bebarengan Timbang nglamun ayo podo golek ganjaran# Kleresan mas alias kebetulan Ngaji iku kanggo golek ganjaran Ngelmu agomo iku kang diwulangke

Kanggo berkah slamet donyo lan akherat# E E konco santriawan santriwati

Printah agomo iku ojo podo laliDawuh sholat ojo nganti laliAwit sholat ing donyo iku paling pentingPrengat prengutAyo konco pada suko-sukoMoco slawat konco jo sembronoKanti ikhlas konco sing tumotoManembah mring kang kuasaKang mituhu ayo ngguyu ayo nguyuTimbang susah konco ayo amituhu

Page 8: Eling Donyo

DANDANG GULOPituturku marang siro kakiWituhi ing kukut iku watak iroAdoh marang kanis taniPamitaku nIkuWaras apek kang maro miarsiToto kromo puniko nebihen pameluKagemo ikunkinaryoNgupo bungo iku kelakuan becikAmrih rahayuning gesang

KACU-KACUKacu-kacu iki sing menehi saikiWis lali biyen naliko nampaniKanti janji sehidup sematiKacu-kacu iki pancen peniTur gandani wangiAku ora bakal lali yen ngelingiSing wis dilakoni

Dek biyen biyene jarene kondo deweDadio ganteni trisnani saklawaseKacu-kacu iki kantung wangiAnggo jruning atiAku mung kari nyimpeniMugo dadi panglipuring ati

Tombo ati iku limo ing warnaniMoco koran pahamono sak isineKaping pindo sholat fardlu lakononoKaping 3 wong kang sholeh kumpulonoKaping 4 kudu weteng ingkang luweKaping 5 dzikir wengi ingkang suweInsyaAllohutangala nyembadani

Page 9: Eling Donyo

PANGKUR CAPING GUNUNGAwan bengi podo sholatUmat Islam aku diwajibkeNyembah mring Yang Moho AgungKanggo bekal akheratAyo Sholat iku pakerti kang luhurBiso tentrem donyo lan akheratKanti manah ingkang wening

# Ayo podo sholatNyembah mring Kang Moho KuosoMulo ojo lali marang Gusti Moho SuciLan Nabi MuhammadPanunutaning kabeh umatKito wajib ngudiTumindak kang ngati-atiLan kudu kito sami amituhuBesoke kito bakal untungKanti ati iklasPromanungso podo dongoBesok ning akherat kito sami bejo mulyo

KUTUT MANGGUNGWayahe wis lingsir wengiTahajud dilakoni Nyembah marang PangeranPangeran kang Moho SuciMoho Agung gung,gung,...Moho Agung gungMonggo monggo monggo monggo monggoIku laku kang utomoPro mitro anindakno iku printahipunWengi2x Santriawan SantriwatiMonggo do dilakoni

LAGONGendinge perkutut manggungSalawat Nabi iringaneSigrak ngumyah senggakaneKanti alon iramane Mulo ayo pantune bebarenganKanti lagon salawat Nabi

Page 10: Eling Donyo

SABU SABUKLINCI UCUL

1)Pituturku kang becik ikiPodo tindaknoOjo podo main judi lan minumSing jenenge pil narkoba sabu²Opo maneh pil narkobaUgo pil ekstasi iku dilarangSing jenenge sabu²Iku dadi larangan negoroJebulane iku kleru

SINOMAnyipto dasar negoroMijil suryo siji juni taun 45Poncosilo moho yektiKarbeh murih lestariSak nuswantoro sedaarumSrono angiket bongsoUrip rukun sujut yang widi

Putro fajar manggih luko bokoPerjuang Bapak Bung Karno Sang Pahlawan proklamasiNglabuhi tumrap negoroDepani Ibu PertiwiPantes tinulodoAsmaniro ngambar arumKondang sak jagat royoIku Pahlawan sejatiMugo² tebihno ing rubedo

PUCUNG1) Manten iku

Kudu iling ing ngersaneOjo nganti lenoNyembah mring Yang Moho WidiMugo mugo bejo donyo lan akherat

2) Manten ikuOjo mikir selak turu