View
642
Download
10
Embed Size (px)
Citation preview
1. MACAPATGunane Macapat
1. Kanggo medharake panemu lan pangrasane para Raja utawa pujangga, sastrawan wujud
tembang. Upamane : Serat Wedhawatama, Wulangreh, Kalatidha, Centhini.
2. Gawe seneg kang maca, awit yen waleh/bosen cengkok kang siji bisa diganti cengkok liyane.
3. Nggampangke ngeling-eling.
4. Tulak balak (donga).
Falsafah Macapat
Tembang macapat, yen ditlusur sarta disetitekake, panci ngemot piwulang utawa falsafah
tumrap wong, wiwit lair nganti tilar donya, yaiku :
1. Tembang Mijil, nggambarake wektu laire anak, watake prihatin (ora ateges nyirik mangan lan
ngombe nanging tansah kebak panyuwunan marang kang Maha Kuwasa), amarga wong
tuwa yen putrane arep lair, pikirane prihatin/kuwatir.
2. Maskumambang, nggambarake wektu isih bocah (kanak-kanak), watake tembang prihatin,
jalaran senajan wis duwe gegantilane ati, nanging tansah prihatin yen anake kena bilahi
nalika dolan karo kancane.
3. Sinom, nggambarake wektu enom-enoman ; watake tembang grapyak, luwes. Amarga para
mudha wasis micara, grapyak lan luwes anggone srawung golek kanca.
4. Durma, nggambarake wektu wong enom kang gampang kena godha dening kahanan.
Watake galak, greget ; jalaran para mudha adhakane seneng padudon, kaduk wani kurang
duga.
5. Asmaradana, nggambarake wektu enom kang wis wiwit kepranan sarta gandrung marang
nom-noman liyane seje jinis. Watake grapyak, seneng nanging ya sedhih ; jalaran yen wong
enom lagi nandhang asmara pangrasane tansah was-was, kuwatir nanging ya seneng.
6. Kinanthi, nggambarake wektu mbangun bale griya utawa omah-omah. Watake tembang
bungah, asih, sarta gumolong, amarga wong kang nembe palakrama batine seneng, tansah
asah asih asuh lan gumolong.
7. Dhandhanggula, nggambarake umur kang wis dewasa, wis kudu nata kabutuhan urip,
seneng makarya bebarengan sarta mbiyantu bebrayan. Watake tembang, luwes, manis,
nyenengake ; jalaran wong kang wis dewasa/tuwa, kang diudi bisaa njumbuhake kabutuhan
keluarga sarta bebrayan (masyarakat).
8. Gambuh, nggambarake kadewasane jiwa, wis bisa manunggalake cipta- rasa, karsa lan
karya. Wis bisa njumbuhake kabutuhan lair lan batin. Watake tembang, wujud pitutur, jalaran
wong mau tansah paring pitutur marang para mudha bab kabecikan tumrap wong urip.
9. Pangkur, nggambarake wektu kang wis yuswa (lansia) kang wis ngungkurake marang
kadonyan. Watake tembang giyak, prawira ; amarga wong kang gelem meper hardaning
nafsu (kamurkan) kudu temen, tumemen lan temenan.
10. Megatruh, nggambarake wektu puput yuswa/mati, pisahe nyawa lan raga. Watake tembang
susah, nelangsa, prihatin, kuciwa, jalaran yen wong mati, keluarga padha prihatin, kuciwa.
Saya maneh yen durung kober mertobat lan tumindak becik.
11. Pocung, kang nggambarake layon dipocong, watake tembang punika sembrana utawia
sakepanake, amarga wong mati patrape ya sakepanke dhewe, gumantung keluwarga kang
isih urip anggone ngupakara.
2 5 6 6 6 1 2 2 2 2
la mun si ra ang ge gu ru ka ki
2 2 6 1 6 6 6 6 6 6 5 6
a mi lih a ma nung sa kang nya ta
5 6 6 6 6 6 1 6 5
ing kang be cik mar ta bat e
6 1 2 1 6 1 5 6
sar ta kang wruh ing ku kum
6 6 5 2 2 2 2 2 1 6
king ngi ba dah lan kang wi rang i
1 2 2 2 2 2 2
su kur o leh wong ta pa
3 5 1 1 2 1 6 5
ing kang wus a mung kur
1 2 2 2 2 2 2 2
tan mi kir pa weh ing li yan
5 3 2 1 6 6 6 6 6 6 1 2 2
I ku pan tes si ra gu ro na na ka ki
2 2 2 1 1 2 6 1 1
sar ta ne ka wruh a na
2. PAWARTASaploke ditemokake jisim priya umur-umurane 50 tahun ing pinggir dalan, kahanan dadi
umyeg. Warga desa klebu pulisi nduga menawa pawongan kuwi kurbane rajapati. Titikane arupa
tatu-tatu ing anggane kurban. Pulisi dadi repot nglari asal-usule kurban, amarga layang sasuwek
wae ora nggawa, kawimbuhan praupane kurban wis rusak. Wis limang dina dibyawarakake
lumantar koran lan radio, tetep ora ana kang rumangsa kelangan keluargane. Wusnane jisim
mau dikubur ing desa nalika jisim mau ditemokake.
Rong dina sawise jisim dikubur, bubar sholat Isya’ Giman, Surat
lan Kromo, warga kono padha ngopi ing warunge Mbah Pujo. Sinambi
ngopi, tetelune ngrembug bab jisim kang mentas wae dikubur mau.
“Terus piye kawusanane, mayit sing dikubur dhek emben kae, apa
wis ana warga sing ngakoni yen kuwi keluargane ?” celathune Surat.
“Ketoke durung, jalaran wingi aku kepethuk Pak Wondo anggota
Polsek ngandhakake menawa durung ana warga kang lapur kelangan keluwargane”, tembunge
Giman karo nyedhot rokok kretek klangenane.
“Sing tak gagas dudu masalah kurban kuwi wong endi, nanging matine kurban sing dadi
pikiranku. Jalaran matine pas dina anggara kasih (Selasa Kliwon)”, cluluke Kromo gawe
bingunge kancane.
“Yen matine nepaki Selasa Kliwon, njur maknane piye, Kang ?” pitakone Giman durung
mudheng karo sing lagi dikojahake Kromo.
“Miturut kapitayan, tali poconge wong mati ngepasi dina Selasa Kliwon kuwi bisa
digunakake kanggo golek pesugihan”, jlentrehe Kromo karo ngangkat sikile, jigang ana kursi
dawa sing dilungguhi.
“Pancen bener omongane Kromo, ujare kandha sok sapaa sing ndhudhah kuburane
sarta bisa njupuk tali poconge, tembene ketunggon bandha bandhu. Cekake dipangan pitung
turunan ora arep entek”, Pujo bakul wedang melu nrambul rembugan.
Layone priya mau pancen ditemokake warga watara jam enem esuk. Lan manut
papriksane dokter rumah sakit, kurban mati watara limang jam sadurunge. Ateges watara jam siji
bengi lan wis mlebu dina Selasa Kliwon.
Swasana ing warung kopi mau saya rame ketekan warga liyane kang kepengin golek
anget-anget. Nanging bareng kenthongan gerdhu ing ngarepe Barna dithuthuk ping rolas, sing
andhok kari wong loro.
Awane Surat leyeh-leyeh ana sangisore wit trembesi sakidule kuburan. Pikirane tansah
gronjalan sawise krungu critane Giman ngenani tali pocong sing bisa marakake sugih. Apa iya
sing dicritakake rowange mau bener ? Yen bener, dheweke banjur wiwit mikir kahanane uripe
sing sarwa kecingkrangan, kawimbuhan anak padha nembung bayaran SPP, ana sing ngringik
njaluk sepatu, dadi lan mumete.
Apa iya aku kudu nempuh dalan sing nalisir saka angger-anggering agama ?, ngono
batine Surat, nganti ora rinasa kringet adhem dleweran nelesi saranduning awake kang
satemene hawane ora sumuk. Gregah, lamunane Surat buyar nalika krungu swara wedhuse sing
bengok-bengok sing gulune kejiret tali.
Bengine nalika anak-anake wis turu kabeh, klithih-klithih Surat nggugah sing wadon
saperlu diajak rembugan. Surat menehi isyarat sing wadon supaya metu saka ngomah.
“Kok sajak wigati banget ta Kang, nganti samar yen dirungokake bocah-bocah ?”
pitakone Surati karo njejeri Surat ing ndhuwur lincak.
“Ana apa ta Kang, kok ora kaya padhatan ?’ pitakone sing wadon ora sranta.
Swara manut bence mecah sepine wengi. Manut kapercayan, yen ana swara manuk
bence pratandha bakal ana pawongan kang tinggal donya. Nanging Surat ora maelu karo gugon
tuhon mau, jalaran dheweke nduweni gagasan liya.
“Ngene lho mbokmu, awake dhewe iki, rak wis suwe urip sarwa kekurangan. Paribasan
asil dina iki entek dina iki uga. Puluh-puluh bisa tetukon, wong kanggo nyukupi mangane boc ah-
bocah wae isih kurang”.
“Lha terus karepe Kang Surat ?” pitakone Surati karo nglendhotake awake ing gegere
sing lanang. Gawang-gawang lelakon kawuri banjur katon ngegla ana ing ngarepe, nalika
dheweke nglamar Surati marang wong tuwane lan dheweke janji arep nyenengake Surati lair
batin. Pikirane Surat saya ruwet, bandha tinggalane wong tuwa sing ora mingsra wis diunusi
kanggo ngragati slametan simboke nganti sewu dinane.
“Piye ta Kang ditakone kok malah ngalamun”, wuwuse Surati karo nggablogi gegere sing
lanang.
“Ah, ngene lho Ti, upama awake dhewe iki golek donya kanthi dalan nyimpang kepiye ?
“Karepe Kang Surat kepiye ?”, celathune Surati karo ngingset ngedohi lungguhe sing
lanang.
“Ora ... ora Ti, aja duwe panduga sing ala dhisik. Ngene lho ...........” kandhane Surat.
Surat banjur nyuntak uneg-unege yen arep nekad nyolong tali poconge kurban rajapati
sing mentas dikubur. Wusanane Surati mung sumarah, nanging kudu njaluk piyandel marang
wong tuwa. Sepisan, kanggo ngadhepi bebaya nalika ndhudhah kuburan, kaping pindho aku aja
nganti melu nanggung akibate, jalaran barang kuwi duweke bangsane lelembut kang
klambrangan.
Kapethik lan kabesut sawetara saka Panjebar Semangat No. 7 Tahun 2011 kaca 43
3. PRASTAWA ENGGAL
Siswa SMA Mbuwang Bayi
Esuk iku Diah Susiani guru bimbingan konseling wis ana ing ruang kerjane. Nanging
rumangsa ora kepenak awit saka ruang iku mambu barang bosok sing nyogrok irung. Mbaka siji
toilet cacah telu iku dibukak dening Kaselan tukang kebon, kosong. Nanging, bareng mbukak
ruangan bakal mushola ana kardus katutupi triplek. Sawise dibukak, jebul ana bayi mati.
Kahanane nrenyuhake. Bayi iku bisa wae dipateni, awit kajiret nganggo kabel listrik werna putih.
Kaselan ngundang petugas kebersihan supaya mbiyantu mesisan kanggo seksi tinemune bayi
kang isih gubras getih kasebut. Nanging, pusere wis ucul, kececer ing pupune bayi. Awake lemu
banget, nanging wetenge wis bosok.
Manut lapurane petugas keamanan kang uga penjaga sekolah, Minggu
watara jam 18.00 ana wong loro lanang wadon, teka nyang sekolah
kasebut. Nalika ditakoni dheweke alumni sekolah kono angkatan 2001.
Pawadane dheweke kepengin ndeleng bangunan sekolahane sing saiki wis
apik. Tanpa sujana petugas nglilani tamu sing durung dikenal mau mlebu.
Watara 10 menit, tamu mau pamitan.
Polisi kang agahan teka njaluk katrangan guru lan petugas keamanan
(penjaga sekolah) loro. Gara-gara bayi mati kuwi, kabeh siswi wiwit kelas X nganti XII Senin
awan katon antri ing ngarep ruwang UKS. Pemeriksaan ditindakake dening bidhan lan perawat
saka RS Bunda Benowo. Atusan anak baru gedhe (ABG) iku ditimbali mbaka siji saperlu dipriksa
weteng lan mripate.
Sawise kabeh dipriksa, pranyata ana salah siji siswi kang kadenangan bubar babaran.
Siswi sing mbuwang bayi mati kuwi Arf, siswa anyar kelas X.
Kapethik lan kabesud saka Panjebar Semangat No. 32 Juni 2010
4. CRITA CEKAKSawitri
Dening : A.S. Yasman
Langite sumilak katon biru maya-maya kesaput mega putih tipis ngulon parane. Angine
semilir nyempyoki gegodhongan nuwuhake gogrok sing padha garing kabur saenggon-enggon.
Wayahe ngancik surup, panase ora nggetap maneh kaya mau awan. Kewan-kewan iberan pating
sliri, pating cruwit mulih menyang susuhe, nambahi resepe sesawangan ing padesan.
Sawitri lagi wae rampung resik-resik nyapu jogan ruang tamu, nyapu latar lan nyirami
kembang-kembang sing dadi pasrene pelataran. Senajan latare ora patia jembar, nanging yen
diopeni kanthi premati ora kalah asrine kaya platarane wong sugih. Maneka warna kembang
ditandur, ana mawar, melathi, ceplok piring lan bogenvil sarta kembang teratai sing manggon ing
kolam iwak. Dirasa rampung kabeh pakaryane, Sawitri nyaut andhuk ing pemean terus tumuju
jedhing lan ora watara suwe keprungu jebur anggone adus. Rampung adus ing ngarep kaca
pangilon mantes-mantes awak, wedhakan tipis, lipenan manda-manda karo mesem-mesem
ngudarasa batin.
”Beja kemayangan aku diparingi rupa ayu ora kalah karo bintang sinetron Diah Pitaloka”.
”Tri ...... ! Kae lho ndhuk ana tamu !
Sawitri kaget bapake sing lagi mulih saka sawah celuk-celuk. Senajan durung rampung
anggone dandan, Sawitri cepet-cepet ngungak metu, jebul wong ngamen cacah telu isih enom-
enom. Sing siji rada kuru nggitar, sing cendhek lemu nyekel ukulele lan sing prejengane lencir
dhuwur penyanyine. Lagune langgam Jawa ngelam-elami senajan cengkoke kurange kurang pas
nanging krasa ndudut ati.
Pancen ora diseja, wong wis lali teka,
Nyela-nyela kaya kemledhane mitra,
Mula ati banjur melu krasa paribasan
Lali wonge, apa lali marang lelabete
Nalika padha tresnane, ninggal bekti
Angel dilalekake
Suwe-suwe yen digagas gawe gela
Ati, tiwas-tiwas wekasane ngelam-elami
Paribasan upami
Lamun mbenjang kebacut nemahi
Sapa sing gelem nglakoni
Nganti mati tangeh yen nyanggupi
Para nom-noman telu mau sakbubare nembang njaluk pamit lan Sawitri ngulungi ewonan
dhuwit pawehe bapake. Jroning ngulungake dhuwit mau, marang penyanyine ana geter pater ing
pangrasane sing ora kena diselaki maneh banjur ketrucut guneme : "Yen ora kleru mas Dony
ya ?”
Sing disebut jenenge mau mung meneng kamitenggengen lan rerikatan ngajak kancane
ngoncati kahanan sing ora dikarepake mligine sapatemon karo Sawitri nganti dhuwit ora sida
ditampani. Doni rumangsa keduwung lan nggetuni lelakone nganti ninggalake Sawitri mung
kedereng nuruti karep, kepencut gebyare wanita liya sing luwih mabyor.
Ya gene iki mau anggone ngamen nganti keplantrang tekan omahe Sawitri, kanca rikala
isih lungguh ing SMA lan uga wanita sing tau ngisi asrine taman ing ati.
Dony rumangsa keweleh karo sumpah prasetyane marang Sawitri. Dony mblenjani
janjine amarga kepencut gebyare maspicis sing dipamerake Siska, tundhone nggeret dheweke
marang jurang kanisthan. Doni karo Siska kepikut polisi lan mlebu bui awit kadakwa sekongkol
apus-apus sing ditindakake. Bareng metu saka bui Siska ngilang tanpa tabet, sauntara kuwi
Dony gagal kuliahe lan kedlarang-dlarang golek pangupajiwa dadi pengamen.
Kedadeyan sapatemon sakeplasan mau, gawe atine Sawitri goreh, rasa kangen kaya ora
oleh tamba. Mung emane, yagene Dony sing dikangeni mau gegancangan nglungani. Mengku
wadi apa jroning sapatemon iki ?
Kapethik lan kabesud sawetawis, saking Panjebar saking Semangat saking No. 49/2006.
5. GEGURITAN
Gurit Tangisku (Dening : Yolanda Liana Sari)
Angin,
Rungokna tangisku
Lintang,
Rungokna pambengoking batinku
Aku bingung marang ati iki
Aku ora ngerti apa karepe
Nganti kapan aku kudu ngenteni
Wis dakcoba sabar
Ananging, nganti kapan aku kaya ngene
Aku wis kesel anggonku ngenteni
Ati iki selak perih
Dhuh Gusti
Menawa pancen iki garising atiku
Dakcoba kuwat nrima
Aku emoh lara ati
Nanging yen menawa pesthiku kudu kaya ngene
Daksuwun kanthi dongaku
Supaya ati iki tentrem
Bisaa aku nglakoni urip kanthi endah
O
ra wedi ngrasakake perihing tatu ing ati