Upload
leanh
View
239
Download
0
Embed Size (px)
Citation preview
1
Kangen
Padanging srengenge pajar
Kang nggugah isineng donya
Kang ora tinandhing barang liyan
Obahing sikil tan krasa ing pikir
Mlebu lintang kang agung
Pikiring ati lagi sumpek
Sekar melati methuthut alum
Ngenteni udan kang wes supe
Mbrebes mili godhonge
Nanging sepet paraupan kembange
Anunggu-nunggu tekane udan
2
Ora Jodho
Anyeping mbengi kang den rias saljuning panas
Tan bisa ngademke rasa umup
Pletas... ora bisa den cegah
Mbedhodhok kang ngsilake banyu raga
Malaikat pada wedi, setan wus dadi
Ing kratoning widodari
Ora bisa mbukak goa kang katutup watu tresna
Krenggosan, abot, watu goa jalma mbukak
Ora metu akeh Mung angin kang ngetutake
“Sira dudu jodhomu”
3
Ayeming Rasa
Semiliring angin kang ndadeake trenyuh ati iki
Tes... tes..
Suara Banyu netes ngenani ati sing lagi mbesengut
Mili ana ing plataran lambe sing lagi mencep
Pangrungu kang madep marang ati kang pada metutut
Tak pancal pedalku iki , ben ra okeh banyu sing pingin
demek awakku
pangiyup kang tansah nerima
rasane awak amarga polah ing gawe
Lan katon tangan kang ngawe-ngawe
Kaya gegodhongan kang keterak bayu
Atis, anyep, adem pada leren ana ing badan
Karepe wedi karo udan
Tak arep-arep ... aku mlebu ing angeting raga....
Ing panggonan kang gawe ayemme rasa
4
Rasa Kang Ngapusi
Ghodhong-godhong joget kaajak angin sore iki
Kewan-kewan ora keri melu nyindhen
Kemlawe tangane krambil kaya melu bungah
Kaya kaya kabeh padha ngerti kahanan iki
Rasaning raja menang Sayembara
Mripat tan ngawang mapak widodari
Munggah undak-undaking katresnan
Playon-dolanan ing plataraning mega
Kekancan emban-emban grapyak-grapyak tur sumeh
Tapi mung lelamunaning wong kang kaweden
5
Uculing Rante
Manjing lurung sepi pepadhang
Kawur ora duwe sentir
Lumikir barang keng angel den pikir
Lumunturiing tresna Rama ing Sinta
Ora mung kaya uriping laron
Uga ora mung ngobahke tangan
Ucule ya kaya nguculake rantai tanpa gaman
Tapi sinta ora bisa denaru-aru
Apa kudu takwisi?
6
Priyayine Negara
Udan gethih, banjir tangis
Ya ra gumun..
Kuwi ora liya salahe dewe
Di iming-iming duwit limang ewu
Mung diijoli bodhon kang pertela
Penggawean apa sing ora ana arta
Penggawean apa sing ora gawa keluwarga
Wis angel den goleki
kaya goleki emas ing petenging aspal
ngana kok den ambali
kok ya pada imbuh-imbuh lali
ayo pada den rewangi
negarane supaya dadi priyayi
7
Beda
temetes luh kaya udan, ngrasa isin
sikil-sikil ora kaya lumrahing manungsa
puthul, gangsrut ngelus alusing aspal
gepok sumanake srengenge
ora bisa sesrawungan suara kendhang
budhek...
picek...
bisu...
gawe beda marang liyane
kudune ya bisa luwih apik
tinimbang kaya kahanan mengkanana
isin
isin...
mung kuwi sing bisa tak rasaake
8
Barang Ora Genah
Barang cilik ndadekake perkara
Marai metu eleke ukara
Wes cetha katulis marai lelara
Lha kok malah pada mara
Nginiki sing goblok sapa?
Jarene nek ora dilakoni ndadeke sepa
Lha apa ora mikir, sing nang andengmu beka
Dadi wong kuwi ya sing peka
Woooo dasar rokok
Ndadiake wong podo pekok
Marai wong bengak-bengok
Sing nang cedak kupinge kopok
9
Maju Apa Mundur
iki jaman wes maju, jarene
dudu jaman buta
dudu jaman Bratayudha
dudu uga mahabarata
ananging ana sing ngluwihi Rahwana
ora ketung kang ngluwihi sengkuni
aduh aduh
jaman maju kok saya mundur
apa ra ngana?
10
Menungsa Blaka
Ademing pengeran dalu kang gawa ayeming ati
Kekancan adhi-adhine kang pating kerlip
Kembang-kembang ing taman kang katon seger
Kaya gambarake suasana ati iki
Kaias keluk kang padha ngumpul ing payon agung
Metu lawang cilik uyel-uyelan gonthok-gonthokan
Sikut-sikutan, dhupak-dhupakan
Alah-alah,,..
Menungsa-menungsa
Edan-edan
Ya wis ngana kui
Menungsa
11
Wektune
Iki wektune dewe
Nuduhke digdayane dewe
Obah-obah
Gawe Owah-owahan
Aja mung meneng manut kahanan
Ngendi kajadukanmu?
Ngendi utek pikiranmu
Mbok ya digunakna
Mung pasra???
Ameh ngendi kue yen polah kaya mangkana?
12
Mantep Ati
Ngiyup-ngiyup ing emper tangga
Mlaku ing dalan kang saya ngadoh
Keterak angin kan pada playon
Di antem lirikane srengenge
Kukuhing ati mantep ing dalane
Sang saya suwe indahe sang saya katon
Netepake suku mandeg ing pepanggihan
Ing panggonan kang asri
Ngudi ilmu, kanggo sangu ing tuwan
13
Dara Keplara
Lelakune ati iki ora beda kaya lindu kang banget
Ora kahanan kang biasa
Widodari kang sinanding emban-emban
Anggawe kahanan kang kaya mangkana
Urupiing ati katresnan
Dara-dara keplara ing negarane
Kemlawe-kemlawe ngarepake deweke
Kaya sepur bantere tanpa mlengus
Nguwus, ngedebus,...
Mung gantung aku
14
Pasujudan
Ratu kidul tangi saka ranjang
Miyak banyune kaya rambut
Para seopati umyek ing pagaweane
Gematuk mara pasujudan
Sumbribide angin isuk
Tan bisa nembus kandele busana alame
Ngadep ing bendarane
Tan bisa nutupi ilining banyu suci
Kang gawe ademing ati ingsun
15
Jebule
Jas panganggone, merek terkenal jalukane
Apik banget tumpakane, lha piye moh yen ora miliyar
regane
Sembribit ambune , wangi ganda perfume
Kuwi mau saka ngendi dhuwite
Saiki lagi musime
Para manungsa kang ngunggulake jabatane
Sing kaentuk saka dhuwite
Arupa nyuap uga ditindake
kae mau saka ngendi jebule
“Wong cilek”
Sapa meneh sing sengsara
Kuwi ha’e sapa
Sing nang ngisor mung bisa nampa
Apa wae nakale sing nduwe kuwasa
Dil-adil maz adil… saiki kue nang endi
Iki ana sing wigati
17
Suwe Lali
Wit-witan pada gegudakan
gugah ati kang lagi mendung
sumpek, judeg pikiran mubeng
suara mau ngrasa ngundang
gawa ati ing plataran kang padhang
Adzan mbengok, ngakon mara pasujudan
Tentrem adem ayem
Ing kana pancen gawe ati tentrem
Jebul aku suwe wis ora bener
18
Akeh liyane
Dredek nandang rasa wedi
Ngrasaake obahing nadi
Ambekan kang padha balapan
Lakonane alon-alon sejangkahing menthok
Pangarepe mabur kaya manuk
Sing diarep-arep delik mbuh ngendi
Sumpek judek campueur ana ing puketing pikir
Misuh-misuh kaya lonte
Otote ati anyegah
Apa ora ana liyane?
19
Sapa Bocah Kuwi?
Madu wae kalah apa maneh gula
Kalah apane? Petruk takon
Apa ya truk
Lho kok malah takon petruk mangsuli
Kalah manise..
Guyune ngawe apa wae ora mlengos
Ati iki takon-takon sapa ta bocah kui?
Ayune ra ketulungan
Aduh biyung-biyung sapa bocah kui?
Gawe atiku ra karoan
20
Ayu saka Ati
Dudu kuwi sing tak goleki
Dudu kuwi sing tak karepke
Dudu kuwi sing tak sir
Ora mung paraupan
Ora mung awak
ora mung dapuran
iki mbuh saka ngendi ayune gawe bebaya
ora saka mata ananging saka ati
21
Donya
Elek apik
Bener salah
Anyar amoh
Resik rusah
Kabeh kuwi ana sifate
Tapi kok di kembarke ,
Malah ana sing di wolak walik
Sing elek diapik-apike
Sing apik dielek-elekke
Bener di salahke , salah dibenerke
Wong bener di gorohake
Jaman akhir polahe lucu-lucu
Dipanggonke ora marang panggone
Pengene negara maju, sing genah wae
Negara tentrem ayem
Ngimpi wae, yen sifat ngono mau diterus-teruske
22
Bisa Ngamuk
Sapa sing ora mbutuhake
Apa wae akeh digunaake
Adem ayem nyenengake
Nanging.....
Yen kaya saiki?
Mbuludak, nubruk apa wae dirusak
Ora den pilih, apa bae ditabrak
Pancen ora atos, naging kok ya rosa
Yen kaya ngene iki, ngamuk-ngamuk
Sapa sing ora wdi?
Sapa sing maneni?
Nginiki salahe sapa?
23
Adate
Masalah, perkara kuwi bumbuning urip
Nangip urip ora kangga golek perkara
Musyawarah carane wang jawa
Kanggo ngrampungke perkara
Cara iki diadopsi ing negara
Iki beda , wis beda
Olehe nerapke ing negara
Kudune golek dalan liya, malah golek masalah liya
Seneng rembukan mung golek kesalahan liyan
Ngolah lathi, kaya kembang melati
Ngetoake rupa kaya arjuna
Jebul ati kaya buta
24
Ngrasa
Aku ora wuta
Aku ora bisu
Aku ora budek
Nanging... nanging.. nanging
Kok tega.. kok tegel
Deleng wong kaya mangkana
Wong kang den aniaya
Wong kang den dzolimi
Pancen bener
Yen fitnah kui luweh kejem karo mateni
Gusti bukake ati ira
Atining manungsa
Supaya isa pada ngrasa
25
Dudu Ajaran
Saiki jaman edan
Yan ora edan ora keduman
Une-unen kuwi guyonan apa tenanan?
Sing mesthi ora iklan
Urip kuwi kudu cekatan, ana ing gawean
Iki dudu dolanan
Manungsa aja mung ngetokke kaapikan
Sing ala di umpetke , wedi yen konangan
Sandang, pangan uga papan aja dadi kautaman
Sing, katon mung kerakusan
Sing jane di utamakke kuwi akure tetanggan
Iki dudu wejangan
Lan dudu pengarepan apa meneh ajaran
Iki mung omongan, manungsa kang ora weruhan
Tapi nduweni rasa kang diwujudake gremengan
26
Saka Cilik
Ngedekkake apa bae kanggo nyegah
Kanggo goleki kango ngresiki
Ngocah-ngoceh gembar gembor
Mara rana mara rene
Mlebu kana mbebu kene
Nanging kabiyasaan cilik di kulinakke
Saka nyontek, bocoran aduh
Saka cilik wes dibiyasake
Kapan enteke?
27
Ninggalake
Geger iki grak-grek grak-grek
Kecodos-codos apa bae dirasaake
Gemlerok ati iki, Jerat-jerit
Sliramu tresna marang liyan
Gecek-gecek, ngajurke rasa iki
Rasa sing kependhem taun-taunan
Tak jaga, tak reksa
Saiki mung bisa netes ati
Langit abang mbranang
mbulan ngece-ngece
pancen iki nasibku
28
Salah Kaprah
Tahun mbentahun Kabeh pada ngetoake
Duwit sitik kanggo ngijoli
Lemah, motor, mobil kang arupa upeti
Pancen , duwit samono ora sepira
Kanggone wong kang kuwasa
lha kanggone wong kang rekasa?
Mara rene mara rana
Utang rene utang rana
Iku mung kanggo mbayari
Yen wis tekan nduwr kok padha dikorupsi
Aduh... apa ngene iki kelakuane negara iki
Apa-apa mbalik ana ing korupsi
29
Urip Lucu
mung bisa ngguyu
ngguya-ngguyu
pancen urip iki mung geguyunan
lucu-lucu aduh wes ora ana sing genah
apa wae gawa dhuwit
pingin rana gawa dhuwit
pingin nang dhuwur gawa duwit
sing ora duwe duwit terus piye?
Apa terus-terusan
Duh nasib-nasib
30
Kekarepan
Mripat iki tan bisa guyu
Glerat-gleret jendela anggugah
Tugel-tugel boyok iki
Wes ora bisa dijak mergawe
Ati kang nyoba ngajaki kancane
Kang ora gathuk karo kekarepan
Kekarepan iki dudu baen-baen
Mula kancane pada mangkat
31
Kancaku
Tembok pancen kukuh
Langit, ora ana kang maedo yen duwur
Ademe es ora bisa kang tinanding
Aku pinginkaya mangkana
Dadi kang paling duwur
Paling kukuh paling sekabehane
Ora bisa kawujud kuwi kabeh
Yen tanpa bocah-bocah sangar ing mburiku
Sapa kui
Ora liya yaiku kanca-kancaku
32
Saka Awak Dhewe
Ombak gedhe ing donya
Pepeti, urip iku saka sing ngenggoni
Duwekmu-duwekku, saiki jamanmu
Kabeh kuwi pancen panduwenmu
Ananging apa yakin nak kuwi mung panduwenmu?
Barang iki tipis tapi medeni
Lenture ngyakini
Iki dudu mbedeki, apa maneh ngapusi
Lha kok pada wedi
Lambe kuwi pancen duwekmu
Kuwi uga bisa dadi bebendumu
Mung pintere kowe milih dalanmu
Akeh pada rusak saka iku
Gawe kahanan kang ora akur
Kaya anak panah ing busur
Kang waspada nembak manuk kang mabur
33
Ora Kuciwa
Wit-witan pada kemlawe
Damen-damen pada sumeh
Sumanak banget lemah ireng iki
Nyambut ing wong cilik iki
Angin-angin anggawe lelagon kang indah
Gawe kahanan kang ora kuciwa
Manuk-manuk pada bedhak-bedhakan
Padha geguyonan
Ati kang sumpek maleh seneng
34
Kaca
Namung Unen-unen
Bening ora banyu
Atos ora watu
Kotak alus dudu kayu
Malah dadeake geguyu
Iki apa....
Jare biyungku.... kaca
Ing jaman saiki, negara wis meh pecah
Aku mung jaluk kaliyan pamerintah
Sifat kaca bisa dadi petuah
Bisa kanggo ngilo, trasparan uga indah
Negara sing dak senengi ora bubrah
Iki dudu kaca benggala, kang duwe kasekten
Mung iki kudu diwiwiti
Awet saiki
35
Wayahe Rampung
Rasaning ati wis ora bisa ngrasa
Isih pahit tinimbang jamu
Coba salin sinalin
Gajul-gajulan
Geger iki ngrasa abot
Gotong barang kang ora mbobot
Nanging ngalahi barang kang abot
Rasa iki kudu dirampungi
Luwih apik tinimbang di lakoni
Iki wis cukup
Lan lueih apik
36
Pantesan
Kemlebat bandamu,nutupi sutraning alam
Putih resik panutup ira
Bening, genahke mata kang lagi mandang
Ana kembang kang mekar ing dhuwurmu
Sedep, arum, gandane ngundang mahkluk
Iki mung awujud kudung
Kudung –kudung ... apa kanggomu
Gawe ayu?
Nutupi panas?
Apa nutupi kaalanan?
Wolak walike jaman, kudung kanggo pantesan
Jarene supaya kembar karo kancane
Aduh- aduh ana meneh ngang gone yen pas pengajian
Beda meneh yen gombale klawus, moh nganggo
Salah kaprah
Ora mung ben nambahi ayu
38
Mung Bisa Ngenteni
Manuk dali clingak-clinguk
Mripate kaya ula ngincer mangsa
Segawon menggeh-menggeh
Nunggu bendarane
Tahun-tahunan sliraku angentani
Widodari kang denapit jejodhonane
Tresna ora kudu anduweni
Wleas asih kang kudu denduweni
Ya mung bisa nunggu sliramu
Saka talenane lelanangmu
39
Cidra
Gluduk ana ati
Angin kang seger uga ana ing ati
Ana apa sing tak rasake saiki
Rasa seneng lan wedi, nyampur dadi siji
Pingin taktokake, tapi apa sing ditokake
Indahing donya dadi siji
Kuwi ana ing awakmu
Tak wanikake nulis surat
Tak selehake ing meja kelasmu
Tak arep-arep balesanmu ngnti ra isa turu
Awan iki aku pas-pasan
Lambemu mesem, ngiyasi rupa ayu panduwenmu
Bali sekolah aku mlayu, mara ing mejamu
Salembar kertas ana ing kana
Tak waca alon-alon
“aku pingin kuwe dadi kancaku,dudu pacarmu,
senengku beda karo awakmu”
40
Negaraku
Gegunungan kang ngayomi
Banyu kang akeh isine ing samudra
Wiji mulya kang ora winates
Gendera kang kaya slendang biduwan
Kang lagi golek sawer
Ora ngenal kesel
Mung negaraku kang anduweni
Ara ana sing bisa anyaingi
Yaiku negaraku Indonesia
41
Saiki Nangendi?
Saiki kuwe ana ing ngendi
Demokrasi kang sejati
Dudu demokrasi kang ngobral janji
Semana, kue di gemborake
Lan ngalahake cara monarki
Saiki seng katon mung jenenge
iki carane sapa..
cara sing gawe bingunge negara
insyiyur, presiden wis lali iku apa, apa meneh
mahasiswa
pancen, lambe kuwi panggonan sing kerep ngapusi
beda karo kang ana ing jero ati
apa pancen wis padha ora duwe ati
demokrasi- demokrasi gawe ruwete negara iki
42
Anyeping Wengi
Anyeping wengi
Wengi kang anyep
Nyep...nyep...nyep
Brrr...
anyeping wengi iki
Kaya rasaning ati
Ora ana kowe kang ngancani
Guci, 20 Januari 2013
43
Isining Donya
Aspal ing ratan kang kukuh
Pasrah, nerima di idak-idak
Yen bendarane bisa lewat
Mergawe kang tenanan
ora kenal wegah
urip kang nyata
urip ing donya
urip kang rekasa
pancen isining donya ora liya mung rekasa
44
Ora Kacekel
Manuk dali pabad bali
Srengenge wis mudhun
Mak cep...
Ora bisa tinutur
Pancen ora jodho
Banjur arep dikapakake?
Sing dikarepake ora kacekel
Mung bisa dedonga
45
Cara Saiki
Kapikir ing batin
Rekasaning para sedulur
Luh, kringet padha netesi, kesele awak sing lagi gebuki
Semangat, mung bisa angalahi
Jiwa patriotisme kang lagi di uji
Tetep, madhep njaga konsentrasi, para atlet,kang lagi
mbelani
Mibere gendera nagara kang kita tresnani
Yen wis umur naging ora diajeni
Apa meneh disumbang , sing genah waeora diwangsuli
Iki mung awujud dihormati
Iki dudu godhong jati, dudu kemangi mung godhong
mahoni
kang ora bisa diduwiti, anangiing kanggoku mung butuh
diijoli
46
Beda
Mburap-mburaping geni
Kricik-kriciking banyu
Nduweni kaendahan
Aku kaya mengkene akeh salahe
Kowe iya kaya mangkana
Dhewe..
Kuwi karya gusti kang ora den tandingi
Guci, 20 januari 2013
47
Wolak-walike Jaman
Wolak-walike jaman
Kadhang ya ora patut
Kabeh pada antri
BBM,BLT uga LPJ
Seneng aku lahir ing negara iki
Nganti- nganti korupsi kuwi ya pada antri
Bar kasus iku, ngaleh kasus iki
Gayus, Nazarudin, bubar kuwi Angie
Aku lahir ing negara iki
Rakyate pada rukun
Kabeh-kabeh bareng
Yen ora bareng ora gelem
Kaya koruptor, kena siji kancane daijaki
48
Kesengsem
Gegodhongan miber-miber ngundang
Srengenge nginceng, ana ing sawaliki mega
Kembang –kembang pada mekar
Tawon padha-nyebut-nyebut
Ratuning penggalih mudhun
Kinawal widodari, lan prajurit
Ati iki miber-miber, weruh kang kaya mangkana
Eseme pait madu, gawe bombong
Lanangan kabeh padha kesengsem
Rasa iki pengin nduweni
Nanging piye, godhong wis ana tawon
49
Diwiwiti
Malaikat lagi undang-undang
Wayah golek panuntun
Panuntun ing kabacikan
Tetanggan dadi paseduluran
Ing petenging dalan kabagusan
Wis suwe anggone den tinggal
Kudu den wiwiti awit saiki
50
Ngenteni Sliramu
Jentrek-jentrek lampu dalan
Ngawe-awe aku
Ngajak geguyanan karo kancane
Den rayu karo pepadhange
Nanging ati iki isih peteng
Isih ngarepke sliramu
Langit mbengi iki kaya weruh rasaning atiku
Kang lagi nunggu sliramu
Kang ora bisa sinandhing marang sliraku
Semarang, 18 januari 2013
51
Aja Ngrasa Cukup
Adheming rasa kang kasibak dening angin mbengi
Pratandha kasile polah suwe iki
Den rasa wis apik..,
Manungsa kang padha marem
Ngrasa cukup
Bener yen kandhamu cung
Yen kowe kudu sinau.. aja cepet marem
Aja ngrasa cukup
Aja kendhat olehmu sinau
52
Biografi
USMAN HANAFI lair ing
Mojokulon, Banjarejo, Blora, 22
Agustus 1993. Namatake SD ing
SDN 1 Banjarejo, banjur lulus
saking Mts Khozinatul Ulum Blora.
SMA ditamatake ing MA Negeri
Blora. Nglanjutake sekolah ing Universitas Negeri
Semarang tekan saiki.
Awit saka SD wes kerep melu Organisasi. Ing SD yaiku
Dokter kecil, lanjeng ing SMP melu OSIS, diteruske ing
SMA melu IPNU. Ing Unnes melu Kridamadu UKM
Keseniyan Jawa lan Hima Bahasa lan Sastra Jawa Unnes
21