Kidung S. Kalijaga

  • Upload
    l14r

  • View
    57

  • Download
    0

Embed Size (px)

Citation preview

Kidung Rumekso Ing Wengi Pupuh 1: ana kidung rumekso ing wengi, teguh hayu luputa ing lara, luputa bilahi kabeh, jim setan datan purun, paneluhan tan ana wani, niwah panggawe ala, gunaning wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan ana ngarah ing mami, guna duduk pan sirno. Pupuh 2: Sakabehing lara pan samya bali, kehing ama pan sami miruda, welas asih pandulune, sakehing braja luput, kadi kapuk tibaning wesi, sakehing wisa tawa, sato galak lulut, kayu aeng lemah sangar, songing landhak guwaning mong lemah miring, myang pakiponing merak. Pupuh 3: Pagupakaning warak sakalir, nadyan arca myang segara asat, temahan rahayu kabeh, apan sarira ayu, ingideran mring widadari, rineksa malaikat, sakathahing rasul, pan dadi sarira tunggal, ati Adam uteku Baginda Esis, pangucapku ya Musa.

Pupuh 4: Napasingun Nabi Isa luwih, Nabi Yakub pamiyarsaningwang, Yusuf ing rupaku mangke, Nabi Dawud swaraku, Yang Suleman kasekten mami, Ibrahim nyawaningwang, Idris ing rambutku, BagendAli kulitingwang, Abu Bakar getih daging Umar singgih, balung Bagenda Usman. Pupuh 5: Sungsum ingsun Patimah linuwih, Siti Aminah banyuning angga, Ayub ing ususku mangke, Nabi Nuh ing jejantung, Nabi Yunus ing otot mami, Netraku ya Muhammad, panduluku rasul, pinayungan Adam Sarak, sampun pepak sakhathahing para Nabi, dadya sarira tunggal. Pupuh 6: Wiji sawiji mulane dadi, apan pencar saisining jagad, kasamadan dening dzate, kang maca kang angrungu, kang anurat kang anyimpeni, dadi ayuning badan, kinarya sesembur, yen winacakna ing toya, kinarya dus rara tuwa gelis laki, wong edan nuli waras.

Pupuh 7: Lamun ana wong kadhendha kaki, wong kabanda wong kabotan utang, yogya wacanen den age, nalika tengah dalu, ping sewelas wacanen singgih, luwar saking kebanda, kang kadhendha wurung, aglis nuli sinauran, mring Hyang Suksma kang utang puniku singgih, kang agring nuli waras. Pupuh 8: Lamun ora bisa maca kaki, winawera kinarya ajimat, teguh ayu tinemune, lamun ginawa nglurug, Mungsuhira tan ana wani, luput senjata tawa, iku pamrihipun, sabarang pakaryanira, pan rineksa dening Hyang Kang Maha Suci, sakarsane tinekan. Pupuh 9: Lamun arsa tulus nandur pari, puwasaa sawengi sadina, iderana galengane, wacanen kidung iku, kehing ama sami abali, yen sira lunga perang, wateken ing sekul, antuka tigang pulukan, musuhira rep sirep tan ana wani, rahayu ing payudan. Pupuh 10:

Sing sapa kulina anglakoni, amutiya lawan anawaa, patang puluh dina wae, lan tangi wektu subuh, lan den sabar sukuring ati, Insya Allah tinekan, sakarsanireku, tumrap sanak rakyatira, saking sawabing ngelmu pangiket mami, duk aneng Kalijaga. Kidung Darma Wedha 1. Ana pandhita akarya ing wangsit,mindha kombang angajab ing tawang ,susuh angin ngendi nggone ,lawan galihing kangkung ,wekasane langit jaladri ,isining wuluh wungwang lan gigiring punglu,tapaking anglayang ,manuk miber uluke ngungkuli langit,kusuma anjra ing tawang. 2. Ngambil banyu apikulan warih,amek geni sami adadamar,kodhok ngemuli elenge ,miwah kang banyu den kum,kang dahana murub kabesmi ,bumi panetak ingkang,pawana katiyub,tanggal pisan kapurnawan,yen anenun sonteg pisan anigasi kuda ngrap ing pandegan. 3. Ana kayu apurwa sawiji wit buwana epang keblat papat,agedong mega tumembe ,apradapa kukuwung kembang lintang segara langit ,sami andaru langit,woh surya lan tengsu.asirat bun lawan udan ,apupuncak akasa bungkah pratiwi oyode bayu bajra. 4. Wiwitane duk anemu candi,gegodhonganbmiwah wawarangkan.sihing hyang kabesmi kabeh ,tan ana janma kang weruh yen weruha purwane dadi .candi segara wetan ,ingobar karuhun,kahyangane sanghyang tunggal ,sapa reke kang jumeneng mung hartati ,katon tengahing tawang. 5. Aunung agung segara sarandil,langit ingkang amnegku bawana ,kawruhana ing artine ,gunung segara umung,guntur sirna amnegku bumi ,tug kang langit buwana,dadya weruh iku mudya madyaning ngawiyat,mangasrama ing gunung agung sabumi,candhi candhi sagara. 6. Gunung luhure kagiri giri,sagara agung datanpa sama,pasampun kawruhan reke,artadaya ounuku ,datan kena cinakreng budi,anging kang sampun prapta ing kuwasaning ,angadeg tengahing jagad ,wetan kulon lor kidul ngandhap myang nginggil ,kapurba wisesa. 7. Bumi sagara gunung myang kali,sagunging kang isining bawana,kasor ing artadayane ,sagaar sat kang gunung ,guntur sirna guwa samya

nir,singa wruh artadaya,dadya teguh timbul lan dadi paliyasing prang,yeng lulungan kang kapapag wedi asih sato galak suminggah. 8. Jim perih prayangan samya wedih, mendhak asih sakehing drubiksa,rumeksa siyang dalune singah anempuh lumpuh,tan tumama ing awak mami kang nedya tan raharja,kabeh pan linebur,sakehe kang nedya ala,larut sirna kang nedya becik basuki,kang sinedya waluya. 9. Siyang ndalu,rineksa hyang widhi ,dinulur saking karseng hyang widhi,kadhep ing jalma kabeh,apan wikuning wikuwikan liring pujasamadi ,dadi sasedyanira mangunah linuhung paparab hyang tegalanang asimpen yen tuwujuh jroning ati,kalis ing pancabaya. 10. Yen kinarya atungguh wong sakit ejim setan datan wani ngambah rineksa malaekat ,nabi wali angepung sakeh lara samya sumingkir ,ingkang nedya mitenah ,maring awak ingsun ,rinusak dening pangeran, eblis laknat sato marah padha mati ,tumpes tepis sadaya. Bagaimana wejangan dari Nabi Khidir pada Kanjeng Sunan Kalijaga? Hal itu tercetus lewat Suluk Linglung Sunan Kalijaga. Inilah kutipan wejangannya: Birahi ananireku, aranira Allah jati. Tanana kalih tetiga, sapa wruha yen wus dadi, ingsun weruh pesti nora, ngarani namanireki. Timbullah hasrat kehendak Allah menjadikan terwujudnya dirimu; dengan adanya wujud dirimu menunjukkan akan adanya Allah dengan sesungguhnya; Allah itu tidak mungkin ada dua apalagi tiga. Siapa yang mengetahui asal muasal kejadian dirinya, saya berani memastikan bahwa orang itu tidak akan membanggakan dirinya sendiri. Sipat jamal ta puniku, ingkang kinen angarani, pepakane ana ika, akon ngarani puniki, iya Allah angandika, mring Muhammad kang kekasih. Ada pun sifat jamal (sifat terpuji/bagus) itu ialah, sifat yang selalu berusaha

menyebutkan, bahwa pada dasarnya adanya dirinya, karena ada yang mewujudkan adanya. Demikianlah yang difirmankan Allah kepada Nabi Muhammad yang menjadi Kekasih-Nya. Yen tanana sira iku, ingsun tanana ngarani, mung sira ngarani ing wang, dene tunggal lan sireki iya Ingsun iya sira, aranira aran mami. Kalau tidak ada dirimu, Allah tidak dikenal/disebut-sebut; Hanya dengan sebab ada kamulah yang menyebutkan keberadaan-Ku; Sehingga kelihatan seolah-olah satu dengan dirimu. Adanya Aku, Allah, menjadikan dirimu. Wujudmu menunjukkan adanya Dzatku. Tauhid hidayat sireku, tunggal lawan Sang Hyang Widhi, tunggal sira lawan Allah, uga donya uga akhir, ya rumangsana pangeran, ya Allah ana nireki. Tauhid hidayah yang sudah ada padamu, menyatu dengan Tuhan. Menyatu dengan Allah, baik di dunia maupun di akherat. Dan kamu merasa bahwa Allah itu ada dalam dirimu. Ruh idhofi neng sireku, makrifat ya den arani, uripe ingaranan Syahdat, urip tunggil jroning urip sujud rukuk pangasonya, rukuk pamore Hyang Widhi. Ruh idhofi ada dalam dirimu. Makrifat sebutannya. Hidupnya disebut Syahadat (kesaksian), hidup tunggal dalam hidup. Sujud rukuk sebagai penghiasnya. Rukuk berarti dekat dengan Tuhan. Sekarat tananamu nyamur, ja melu yen sira wedi, lan ja melu-melu Allah, iku aran sakaratil,

ruh idhofi mati tannana, urip mati mati urip. Penderitaan yang selalu menyertai menjelang ajal (sekarat) tidak terjadi padamu. Jangan takut menghadapi sakratul maut, dan jangan ikut-ikutan takut menjelang pertemuanmu dengan Allah. Perasaan takut itulah yang disebut dengan sekarat. Ruh idhofi tak akan mati; Hidup mati, mati hidup Liring mati sajroning ngahurip, iya urip sajtoning pejah, urip bae selawase, kang mati nepsu iku, badan dhohir ingkang nglakoni, katampan badan kang nyata, pamore sawujud, pagene ngrasa matiya, Syekh Malaya (S.Kalijaga) den padhang sira nampani, Wahyu prapta nugraha. Mati di dalam kehidupan. Atau sama dengan hidup dalam kematian. Ialah hidup abadi. Yang mati itu nafsunya. Lahiriah badan yang menjalani mati. Tertimpa pada jasad yang sebenarnya. Kenyataannya satu wujud. Raga sirna, sukma mukhsa. Jelasnya mengalami kematian! Syeh Malaya (S.Kalijaga), terimalah hal ini sebagai ajaranku dengan hatimu yang lapang. Anugerah berupa wahyu akan datang padamu.