3
Kinanthi iku salah sijiné tembang macapat kang umume dienggo nggambaraké rasa seneng , katresnan , lan kawicaksanan . Kinanthi bisa nduwé arti gegandhèngan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang . Ana uga kang nggandhèngaké kinanthi klawan Maskumambang . Yen maskumambang kanggo wong lanang kang lagi déwasa, kinanthi kanggo wanita. Tembang : KINANTHI padha gulangen ing kalbu ing sasmita amrih lantip aja pijer mangan nendra kaprawiran den kaesthi pesunen saliranira sudanen dhahar lan guling. Cathetan (1) : gulangen = kulinanna supara prigel kalbu = ati sasmita = firasat ; ngalamat ; pratandha lantip = pinter nendra = turu kaprawiran = kekendelan kaesthi = kang dituju ; kang dadi konsentrasi pesunen = udinen kanthi temen saliranira = awakira = awakmu guling ( bantal dawa) = sing dikarepake > turu. Cathetan (2) : Tembang Kinanthi kasebut tinemu ana ing Serat Wulangreh, riptane Sri Pakubuwono ka-IV ing Surakarta Hadiningrat.Ing gatra (larik) pungkasan, ana sing kanthi tembung 'cegahen' > cegahan dhahar lan guling. Senajan beda tembunge nanging nduweni teges kang padha, yaiku > nyegah utawa ngurangi mangan lan turu. Tembang kasebut isi pitutur ngenani urip, yen wong urip iku kudu bisa laku prihatin. Tegese, aja mung nggedhekake enggone mangan lan turu. Kudu bisa nglatih atine amrih bisa nguwasani anane sasmita, awit ing urip iki, akeh sasmita ( firasat , ngalamat utawa pratandha) sing ora terang-terangan. Dadi wong kudu bisa tanggap ing sasmita . Lire, atine kudu bisa krasa utawa bisa nampa anane sasmita , bisa ngerti marang karepe sasmita kang nekani awake. Conto kasus sing paling gampang,umpamane, mentas ngapusi dhuwite wong. Let sawetara dina, tiba kepleset saka sepedha montor dadi lan larane awake, athang-athang lara,montore uga rusak. Sing kethul rasane,mung nganggep yen enggone tiba iku saka lunyune dalan,mentas udan, slip rodhane. Nanging yen bisa tanggap ing sasmita, bisa mikir, apa sebabe awake kok nemoni lelakon kaya mengkono? Dadi ngerti, enggone tiba iku kaya dielingake enggone mentas nindakake laku kang kleru. Sadhar kaya

Kinanthi

Embed Size (px)

DESCRIPTION

tembang kinanthi

Citation preview

Page 1: Kinanthi

Kinanthi iku salah sijiné tembang macapat kang umume dienggo nggambaraké rasa seneng, katresnan, lankawicaksanan. Kinanthi bisa nduwé arti gegandhèngan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Ana uga kang nggandhèngaké kinanthi klawan Maskumambang. Yen maskumambang kanggo wong lanang kang lagi déwasa, kinanthi kanggo wanita.

Tembang :KINANTHI

padha gulangen ing kalbuing sasmita amrih lantipaja pijer mangan nendrakaprawiran den kaesthipesunen saliranirasudanen dhahar lan guling.

Cathetan (1) :gulangen = kulinanna supara prigelkalbu = atisasmita = firasat ; ngalamat ; pratandhalantip = pinternendra = turukaprawiran = kekendelankaesthi = kang dituju ; kang dadi konsentrasipesunen = udinen kanthi temensaliranira = awakira = awakmuguling ( bantal dawa) = sing dikarepake > turu.

Cathetan (2) :Tembang Kinanthi kasebut tinemu ana ing Serat Wulangreh, riptane Sri Pakubuwono ka-IV ing Surakarta Hadiningrat.Ing gatra (larik) pungkasan, ana sing kanthi tembung 'cegahen' > cegahan dhahar lan guling. Senajan beda tembunge nanging nduweni teges kang padha, yaiku > nyegah utawa ngurangi mangan lan turu.

Tembang kasebut isi pitutur ngenani urip, yen wong urip iku kudu bisa laku prihatin. Tegese, aja mung nggedhekake enggone mangan lan turu. Kudu bisa nglatih atine amrih bisa nguwasani anane sasmita, awit ing urip iki, akeh sasmita ( firasat , ngalamat utawa pratandha) sing ora terang-terangan. Dadi wong kudu bisa tanggap ing sasmita . Lire, atine kudu bisa krasa utawa bisa nampa anane sasmita , bisa ngerti marang karepe sasmita kang nekani awake.

Conto kasus sing paling gampang,umpamane, mentas ngapusi dhuwite wong. Let sawetara dina, tiba kepleset saka sepedha montor dadi lan larane awake, athang-athang lara,montore uga rusak. Sing kethul rasane,mung nganggep yen enggone tiba iku saka lunyune dalan,mentas udan, slip rodhane. Nanging yen bisa tanggap ing sasmita, bisa mikir, apa sebabe awake kok nemoni lelakon kaya mengkono? Dadi ngerti, enggone tiba iku kaya dielingake enggone mentas nindakake laku kang kleru. Sadhar kaya mengkono, banjur diati-ati enggone nglakoni urip ing dalan sing bener amrih slamet uripe ndonya-akherat.

Yaiku perlune sinau olah batin (rokhani), sarana ngasah atine supaya lantip (pinter). Aja mung nggedhekake enggone mangan lan turu wae. Mangan lan turu dikurangi, disuda, dicegah. Mangan yen keluwih-luwih, royal ( foya-foya), kejaba uga bisa dadi penyakit, uga bisa nyuda kawaspadan (kaprayitnan). Kakehan turu uga aran keset, ngentek-ngentekake wektu.@

Page 2: Kinanthi

Padha gulangen ing kalbuMring sasmita amrih lantipAja pijer mangan nendraKaprawiran den kaesthiPesunen sarira-riraSudanen dhahar lan gulingTegese: angurangi dhahar, sare, sarta sahwat/senggamaKajaba iku kudunipun bisa nindakake 7 prakara kasebut ing ngisor iki:

1. 1.       Ora kena nglaraniTegese ing sesolah tindake, pangucap, lan pikiran ora kena nglarani wong liya lan awake dhewe becik rogo utawa atine

1. 2.       Ora kena gorohTegese kudu jujur marang awake dhewe lan ing liyan, lahir batin kudu padha

1. 3.       Ora cidraTegese ora cidra ing janji, cidra ing pikiran lan tindakane

1. 4.       Ora regedOra keno reged ing pangucap lan pamikir, lan tumindake

1. 5.       Ora melikanTegese ora kena rumangsa ndarbeni dhewe, ana Ging kudu rumangsa kabeh mau asale saka kang murbeng jagad.

1. 6.       Ora kena jirehTegese ora kena was2 atine

1. 7.       Ora kena kesedTegese kudu mbuwang sakabehe aras-arasen sarta kudu sregep tetulung mring sapadha-padha.

 

Tegese ora kena ing dhuwur mau ora ndadak diperintah ing liyan ananging kudu saka pakartine dhewe.

Laku 7 perkara kasebut iku sejatine mengku surasa kang jero, ananging ora dak jarwakake marga kena ing bebasan: kakehan isi kurang papan.Kawruh sak jroning pitutur iki manawi gelem ngonceki mengku surasa kang gentur banget, sarta manawi kabeh wis bisa ginayuh, sanajan pirang-pirang ngilmu kang wis diuntal ananging ora bakal kroso sesak malah dadi manungsa kang mulya. Kaya klebu ing bebasan: ngilmu iku yen digelar ngebaki jagad, yen digulung sak mrica jinumput.

Tembang Kinanti

Padha gulangen ing kalbuing sasmitha amrih lantipaja pijer mangan nendra kaprawiran den kaesthi 

Page 3: Kinanthi

pesunen sariranirasudanen dahar lan guling

Dadiya lakunirekucegah dhahar lan guling lawan aja sukan-sukan anganggowa sawatawis ala watake wong suka anyuda prayitnaning bathin 

Terjemah bebas:

Mari latih dan fahami hatiagar batin bisa lebih tajamjangan cuma makan dan tidurwatak ksatria haruslah di pelajarilatihlah tubuh (fisik)kamukurangi makan dan tidur (tdk brlebihan)

Jadikanlah kebiasaan(amaliyah) kamumencegah (tdk sllu menuruti)makan dan tidurdan janganlah selalu bersenang-senanglakukanlah seperlunya saja (tdk berlebihan)jeleklah wataknya orang yg hanya bersenang-senangsebab hal itu akan mengurangikewaspadaan batin