Upload
maxime
View
147
Download
2
Embed Size (px)
DESCRIPTION
dening Andhi Wisnu Wicaksono. Nyemak Kethoprak . Kethoprak . Teater tradisional ingkang ngrembaka ing wewengkon Surakarta watawis taun 1922, sumebar ing saindenging Jawa Tengah, Ngayogyakarta lan Jawa Timur. Ancasipun kangge suka panglipur, panyaruwe & sesuluh dhateng warga - PowerPoint PPT Presentation
Citation preview
NYEMAK KETHOPRAK
dening Andhi Wisnu Wicaksono
Kethoprak
Teater tradisional ingkang ngrembaka ing wewengkon Surakarta watawis taun 1922, sumebar ing saindenging Jawa Tengah, Ngayogyakarta lan Jawa Timur.
Ancasipun kangge suka panglipur, panyaruwe & sesuluh dhateng warga
Kethoprak ngrembaka ing madyaning masyarakat, satemah winastan kesenian rakyat
Jinising Kethoprak:
Kethoprak Lesung Kethoprak Tobong Kethoprak Pendhapan
Pangrembakaning tekhnologi ndayani: Rekaman audio kethoprak Rekaman audio visual kethoprak Live audio visual lumantar
radio/televisi
Unggah-ungguh seni kethoprak: Tata trapsila Patrap Basa Busana
Sumber Lakon
Lelampahan padintenan Lelampahaning nagari/
pemerintahan Babad Crita Rakyat Lelampahan saking
ngamanca
Lampahing cariyos
Dipun kupiyakaken momot maneka bab ingkang ngemu suwasana agung ,greget, sereng, trenyuh, parisuka lsp
Lampahing cariyos sampun ngantos njuwarehi
Gampil dipun tampi pikajenganing lampahan
Wosing lampahan kedah cetha
Adegan Paseban
gandrungan Menggahing kathoprak
klasik mapan ing adegan antawising putren & bambangan utawi putren kaliyan grasak
Menggahing kethoprak garapan boten kedah wonten
Adegan Gandrung
Tatarakit Panggung Dipun larasaken kalian
suwasana adegan/ lampahan Panataning palenggahan kedah
trep Manawi badhe ngangge level ugi
kedah dipun trapaken undha usukipun
Langkung prayogi manawi dipun biyantu kanthi tatacahaya ingkang trep
Kethoprak Garapan
Basa Dipun larasaken kalian dhapukan Kedah dipun pilah basa kangge
sasamining kawula, abdi kalian bandara,nata kalian narapraja, grasak, gecul, lsp
Basa ingkang dipun ginakaken prayoginipun boten saru, lekoh (kajawi yen kangge dagelan, ananging ugi kedah emut empan papan) gampil katampi dening penonton (komunikatif)
Busana Limrahipun busana kangge paraga
kethoprak ngangge sinjang, surjan, dhestar/iket, clana panjen, epek timang, lonthong , selop lsp minangka jejangkep ngadi busana jawi
Dipun larasaken kalian lampahan, manawi methik lampahanipun stambulan, panji, lampahan jaman Hindu/ Kabudan busana prayoginipun ugi dipun larasaken supados resep lan trep kalian suwasana
Busana kangge Kawula
TATA ARTISTIK MAKE UP: dipun larasaken kalian
dhapukan PANGGUNG: jejangkep artistik
kadosta tonil, , dhampar, lincak, patamanan prayogi dipun larasaken kalian suwasana lampahan
LAMPU: limrahipun general ananging manawi ngginakaken lampu warna sampun ngantos cengkah kalian suwasana.
BLOCKING: Dipun kupiyakaken boten ngungkuraken penonton
DHAPUKAN PARAGA: Raja Narapraja/ sentana Bambangan Putren Dhagelan (batur &emban) Grasak Kawula
Dekorasi Minimalis
Patrap Paraga ingkang kadhapuk dening
dhalang/ sutradara patrapipun kedah saged ngetrepi dhapukanipun
Patrap sampun ngantos cengkah kalian dhapukan
Sampurnaning patrap mimbuhi gesanging lampahan
Beber cariyos Wos : anggenipun beber lampahan
boten kanthi naskah ananging kanthi dipun andharaken werdining lampahan. Sesekaran rembag dipun sumanggakaken dhateng paraga.
Naskah : lampahan dipun wujudaken dhateng satunggaling naskah ingkang dipun anggit dening penulis naskah.
PIRANTI TABUHAN kethoprak :
Lesung Terbang Kendhang Gangsa jangkep Keyboard
gendhing Ingkang dipun ginakaken salebeting
kethoprak padatan: lancaran, ladrang , ketawang utawi gendhing garapan laras pelog utawi slendro
Wahananing gendhing dipun ajab sageda nggatra suwasana: agung , sereng, greget , gecul, sungkawa lsp miturut kabetahaning lampahan
Pengrawit,sindhen,penyanyi Perangan wigati saking
pagelaran kethoprak ingkang nyengkuyung gesang & gumyaking pagelaran
Panataning gendhing, prigeling pengrawit, sindhen lan suwasana panggung kedah saged nyawiji
SANGGIT Supados narik gregetipun pamirsa,
dhalang utawi sutradara kethoprak kedah nggadhahi sanggit utawi garapan mirunggan .
Garap sanggit ingkang dipun ginakaken prayogi tansah nyemak dhateng kawontenan ingkang nembe gayeng karembag ing masyarakat
DHALANG/ SUTRADARA Pana dhateng lampahan, basa &
gendhing Saged dunungaken paraga miturut
dhapukan Saged suka pitedah dhateng
paraga ing maneka bab ingkang gegayutan kaliyan dhapukan
Damel garap sanggit ingkang narik kawigatosanipun pamirsa
Tanggap dhateng kawontenan
Manuksma (Penjiwaan) Paraga ingkang kadhapuk
kedah saged manuksma kaliyan dhapukan
Manuksmanipun paraga jalari gesanging suwasana pagelaran
Damel sengsem, sengit lan trenyuh para pamirsa
Tanggapan penonton
Dipun betahaken kangge nyaruwe dhateng lampahing pagelaran
Kangge nitik kasil lan botenipun garap sanggit ingkang dipun cakaken
Kangge panglimbang dhateng rantaman pagelaran candhakipun
ISEN - ISEN Narik gregeting pamirsa tumuju
dhateng pagelaran umpaminipun beksan
Kedah dipun jlimeti saestu sampun ngantos malah damel kembanipun pagelaran
Bintang tamu kangge nambah regeng suwasana
Sampun ngantos worsuh pangetrapipun kaliyan bakuning pagelaran
PANGREMBAKANING KETHOPRAK Klasik Garapan Kethoprak Humor