6
Minggu esuk kuwi, Nita lan Nina lagi madhang sega wiwit ing pinggir galengan sawahe mbah Intan. Nina ora gelem ngentekake segane, amarga segane jemek. Banjur, Nita ngelingake Nita : “Eh, segamu kok ora dientekke?” Nina : “Ora ah, segane jemek, aku ora seneng.” Nita : “Sakjane, aku yo ra seneng. Nanging eman-eman yen dibuwang….kan mumpung gratis…” Nina : “Luweh, karepmu. Tak buwang ah, segane.” (Ujug-ujug, mbah Intan teka ing kali cilik sacedhake Nina sing lagi mbuwang sega) Mbh Intan : “DORRR!! Segane aja dibuwang, Ndhuk!!!” Nina : “Aaaa….(kaget) mm…mboten mbah….aa. kaget aku wedi ( bisik-bisik). Mbah Intan : “Rasah wedi ndhuk, aku ra arep nyokot kok. O iya, sega kuwi eman-eman ndhuk, aja dibuwang sakpenakmu dhewe. Durung mesthi lho kabeh uwong isa mangan sega” Nina : “Lha pripun malih, Mbah? Kula mboten remen kaliyan seganipun.” Mbh Intan : “Lha iya, arepa kowe ra seneng, kowe tetep kudu ngentekake segamu, minangka pakurmatan kanggo para kadang tani kang wis ngrumat winih pari supaya dadi sega kaya sing tok pangan kuwi” Nita : “Simbah menapa purun carita urut-urutanipun menawi badhe tetanem pantun?” Nama : Bimbi Brilian Kelas : XII.IPA.2 No.abs : 02

Pacelathon Jawa

Embed Size (px)

DESCRIPTION

Jawa

Citation preview

Page 1: Pacelathon Jawa

Minggu esuk kuwi, Nita lan Nina lagi madhang sega wiwit ing pinggir galengan sawahe

mbah Intan. Nina ora gelem ngentekake segane, amarga segane jemek. Banjur, Nita

ngelingake

Nita : “Eh, segamu kok ora dientekke?”

Nina : “Ora ah, segane jemek, aku ora seneng.”

Nita : “Sakjane, aku yo ra seneng. Nanging eman-eman yen dibuwang….kan

mumpung gratis…”

Nina : “Luweh, karepmu. Tak buwang ah, segane.”

(Ujug-ujug, mbah Intan teka ing kali cilik sacedhake Nina sing lagi mbuwang sega)

Mbh Intan : “DORRR!! Segane aja dibuwang, Ndhuk!!!”

Nina : “Aaaa….(kaget) mm…mboten mbah….aa. kaget aku wedi ( bisik-bisik).

Mbah Intan : “Rasah wedi ndhuk, aku ra arep nyokot kok. O iya, sega kuwi eman-

eman ndhuk, aja dibuwang sakpenakmu dhewe. Durung mesthi lho kabeh

uwong isa mangan sega”

Nina : “Lha pripun malih, Mbah? Kula mboten remen kaliyan seganipun.”

Mbh Intan : “Lha iya, arepa kowe ra seneng, kowe tetep kudu ngentekake segamu,

minangka pakurmatan kanggo para kadang tani kang wis ngrumat winih

pari supaya dadi sega kaya sing tok pangan kuwi”

Nita : “Simbah menapa purun carita urut-urutanipun menawi badhe tetanem

pantun?”

Mbh Intan : “O, ya ayo nang gubukku, nek nang kene terus mengko ndak dadi ireng.”

Sawise tekan ing gubuke Mbah Intan…

Mbh Intan : “Nggarap sawah kuwi kudu diwiwiti saka ngileni banyu utawa ngilebi.

Tegese supaya sawah kang bakal digarap lemahe dadi empuk lan

gampang panggarapane.”

Nina : “Toyanipun saking pundi, Mbah?”

Mbh Intan : “Ya saka kali utawa parit cedhak sawah. Nah, kaping loro yaiku

nyukoni.”

Nita : “Nyukoni menika menapa, Mbah? Kok kula dereng nate krungu?”

Mbh Intan : “Ooo… Dhasar cah modheren! Nyukoni iku maculi ing pojokan sawah

lan uga pinggir sawah kang mepet galengan sing ora keliwatan luku.”

Nama : Bimbi BrilianKelas : XII.IPA.2No.abs : 02

Page 2: Pacelathon Jawa

Nina : “Mriki nggih, Mbah?” (ngacungi pojokan sawah kang uwis disukoni)

Mbh Intan : “Iya, kowe bener”

Nita : “Saksampunipun nyukoni menika ngluku nggih, Mbah?’

Mbh Intan : “Geneya kowe ngerti ndhuk?”

Nita : “Jelas… Nita, ngaten lho, Mbah… “

Mbh Intan : “Ngluku iku nganggo piranti kang jenenge waluku, gunane kanggo malik

lemah. Sabubare ngluku yaiku nggaru supaya lemahe rata.”

Nina : “Lajeng, tanduripun kapan, Mbah?

Mbh Intan : “Anggone tandur isih suwe. Sabanjure nggaru iku lagi gawe winihan.

Gawe winihan iku gawe papan kanggo nyebar gabah kang bakal dadi

winih lan bakal dari pari. Sabubare gawe winihan banjur nyebar winihan.

Anggone nyebar winihan ora oleh waton, kudu alon-alon lan nganggo

peel… piling… opolah kuwi”

Nita + Nina : “Feeling, Mbah!”

Mbh Intan : “Yo kuwilah”

Nita : “Oo… Kula sampun nate maca buku bilih caranipun damel winihan

menika pari dikum rumiyin udakara 3-5 dinten. Lajeng…”

Nina : “Dipilih ingkang mboten gabug, lajeng disebar ing papan pawinihan.

Leres, Mbah?”

Nita : “Huu…nglemah bengkah!”

Nina : “Yoben! Sakkarepku tha! Perkara ? Masalah nggo kowe??!!”

Mbh Intan : “Uwis ndhuk, kowe wong loro pancen puinteer… Terus winihe dienteni

nganti thukul utawa ijo. Bar kuwi, parine dijabut lan diresiki lemahe,

nanging aja nganti oyote pithil. Kuwi diarani ndhaut.”

Nita : “Lajeng winihipun sampun saged dipuntandur, Mbah ???”

Mbh Intan : “Urung, sabubare ndhaut, winih ditaleni satekem-satekem lan di

delehake ing saben kotakan sawah kanga rep di tanduri pari, jenenge

mbanjari.”

Nina : “Gunanipun mbanjari menika menapa, Mbah?”

Mbh Intan : “Gunane supaya para kadang tani anggone nandur pari ora kadohan

anggone njipuk winih.”

Nita : “Nah, saksampunipun mbannjari menika tandur nggih, Mbah?”

Mbh Intan : “Ho’o saiki kowe lagi bener nduk...”

Page 3: Pacelathon Jawa

Nina : “Lagi pas wae kuwi” :P (mrengut)

Nita : “Ora yo! Kan wes tau diomongi bu guru… Yee nggondhuk”

Mbh Intan : “Hush, uwis-uwis. Sakwise di tandur, pari dienteni nganti kuning. Nalika

ngenteni parine kuning, pari dirabuk lan diwenehi obat anti ama sing

alami.”

Nina : “Menawi ngagem obat saking pabrik menika pripun, Mbah?”

Mbh Intan : “Kuwi yo rapopo, nanging obat pabrik kuwi akeh zat-zat kimia sing ora

apik kanggo lingkungan sekitar. Nah saiki wis reti tha, rekasane para

kadang tani anggone nandur pari. Mulane aja seneng mbuangi sega, sapa

ngerti barokahe ana ing sego sing arep di buang mau.”

Nita : “Haa, kaya aku iki lho ratau mbuangi sega,”

Nina : “Yo, karang kowe ki ngirit banget dadi apa wae tok pangan.”

Mbh Intan : “Wis-wis ra ribut, aku tak ngarit dhisik, duwe tanggungan sapi je, kae

lho si Sally.”

Nita : “Matur nuwun nggih mbah, cariosipun, mugi-mugi saged migunani”

Mbh Intan : “Yo pada-pada, tak ngarit sikik ya ndhuk”

Nina & Nita : “Nggih, Mbah”

Nita : “Wis saiki lek dintekke segane”

Nina : “Yoh, tur malah wis ademe, soyo raenak”

Nita : “Yo kene takpangane wae”

Nina : “Aaaa, kemaruk kowe ki, yo rapopo ding. Mbangane tak buang”

Nita : “Kene”

Page 4: Pacelathon Jawa

Sekul punika saking Pantun

Minggu esuk kuwi, Nita lan Nina lagi madhang sega wiwit ing pinggir galengan

sawahe mbah Intan. Nina ora gelem ngentekake segane, amarga segane jemek. Banjur,

Nita ngelingake. “Eh, segamu kok ora dientekke?” pitakone Nita. Ananging Nita tetep ora

gelem ngentekake segone. Ujug-ujug, mbah Intan teka ing kali cilik sacedhake Nina sing

lagi mbuwang sega. “DORRR!! Segane aja dibuwang, Ndhuk!!!” suara Mbah Intan. Nina

kaget banjur bisik-bisik marang Nita yen dheweke kaget. “Rasah wedi ndhuk, aku ra

arep nyokot kok. O iya, sega kuwi eman-eman ndhuk, aja dibuwang sakpenakmu dhewe.

Durung mesthi lho kabeh uwong isa mangan sega” ngendikane Mbah Intan. “Simbah

menapa purun carita urut-urutanipun menawi badhe tetanem pantun?” pitakone Nita.

“O, ya ayo nang gubukku, nek nang kene terus mengko ndak dadi ireng.” Sawise tekan

ing gubuke Mbah Intan” tuture Mbah Intan. Sakwise kuwi mbah Intan nyeritakake urut-

urutanipun tetanem pantun. “Haa, kaya aku iki lho ratau mbuangi sega,” ucap Nita. Yo,

karang kowe ki ngirit banget dadi apa wae tok pangan.” bales Nina. “Wis-wis ra ribut,

aku tak ngarit dhisik, duwe tanggungan sapi je, kae lho si Sally.” Ngendikane mbah

Intan. Sakwise kuwi Nita lan Nina ngucap maturnuwun marang mbah Intan. Saiki Nina

ngerti angele ngentukake sego lan dheweke entuk pawulangan apik saka kuwi.