Parikan Riyo2

Embed Size (px)

Citation preview

1. Mangan sate sak gulaine lombok ijo jahe kemiri Kapan ae lebarane sugeng riyoyo idul fitri Tumbar merico kecap asin nyuwun ngapuro lahir batin 2. Cak jumadi asli wong trenggalek dodolan clono nang pinggiran wonokromo Sugeng riyadi sedulur sederek njaluk sepuro seng akeh yoo 3. Suminten wonten pinggir margi sadean kupat bumbune santen Puniko dinten Riyadi sadaya kalepatan nyuwun pangapunten Taqobalallahu minna wa minkum 4. Aq Nuwun Pangapura Kesalahan Pitutur Uga Tindakanku Marang Kowe. Muga2x Kabeh Dosaku Lan Dosamu Di Lebur Ing Dino Riyoyo. Minal Aidzin Wal Faidzin.. Selamat Hari Raya Idul Fitri 1431 H

5. Mlaku-mlaku ning Malioboro Menawi sayah numpak becak luwih sekeca Sugeng riyadi kagem panjenengan sedaya Sagung kalepatan nyuwun diparingi pangapura

6. Gunung Merapi rupane biru dicedaki dadi ijo wit-witan cemara Menawi kula gadhah keliru nyuwun agenging samudra pangapura

7. Numpak andhong ning Kotagedhe, tuku ali-ali kagem eyang putri. Bilih aku nduwe luput gedhe, nyuwun kawelasan sampean ampuni.

8. Gunung Merapi, Gunung Merbabu, tansah jejer kaya sedulur kembar Aku sing wis tau nglaraake atimu njaluk samudra pangapuramu kang jembar

9. Nagara tentrem amarga para satria pinandhita, bengi shalat tahajud, awan sregep makarya.

Sugeng riyadi, sedaya kalepatan kula nyuwun pangapura Latihan pasa sewulan mugi kita dados manungsa takwa

10.

Srengenge Idul Fitri anggawa pangarep-arep, silaturahim kanggo lantaran rumakete ati. Kita sedaya caos pangapura kanthi mantep nglaleake kalepatan liyan gawe tentreme ati

11.

Ning gunung ketur tuku bolah, kanggo ndodomi sajadahe simbah Dudu salahmu sing gawe susah, nafsu amarahku sing gawe bubrah.

12.

Menek wit pelem ora kudu ahli, jalaran duwure ranganti rong meter Sugeng riyadi Idul Fitri, donga-dinonga kita satya ning dalan bener

13.

Udan-udan ngeyup ngisor wit gedhang, wegah sangu payung amarga ngrepoti Pangapura sampeyan kulo gadang-gadang kita raketke pasederekan ing dina riyadi.

14.

Bayi lahir mestine nangis, gawe gila nek ngguyu mringis. Lebaran sungkem wongtuwo ojo lali kang ngrumat awakmu wiwit bayi

15.

Gulu banyak dowi banget, dianggo nyosor sikile cah nakal. Salahku marang awakmu akeh banget dina riyadi nyuwun salahku diparingi halal

16.

Gudheg Wijilan kondang ning Jakarta Gudheg areh rasane enak tenan Kula caos sugeng hari raya Nyuwun pangapunten sedaya kalepatan

17.

Pitik kate rupane putih Pitik alas rupane coklat Idul Fitri ati manungsa bali putih hawa-nafsu dikendali kanthi tobat

18.

Pinggir ratan Imogiri dodol kupat lebaran, mbiyen Pakdhe sing ngajari gawe nam-naman Lebaran kesempatan golek tambahan ora kudu ngentekke duwit celengan

19.

Kulak klambi ning Beringharjo kanggo di sade meneh ning ndesa Lebaran kula tambah pametu artha amarga warung akeh sing blanja

20.

Gunung Imogiri papan rekreasi sade selendang mbok menawa payu Lebaran sedaya lepat nyuwun diampuni mugi-mugi kita sedaya tansah rahayu

21.

Dudu sanak dudu kadang nek kepentung prayoga dicaosi pitulung Lebaran kula sowan eyang dosa kalangkung nyuwun diparingi ampun

22.

Mbok Setro bakul tempe gawe sehat wong sak erte marga tempe akeh proteine Lebaran ora kudu ganti hape sing penting kendali diri ora nggape hawa-nafsu sing nggugu karepe dewe

23.

Gundul-gundul pacul maculi kalen ngresiki sampah ben ora mbunteti ilen Gawe bludrek menawi luputku di simpen, langkung sekeca menawi kersa maringi pangapunten

24.

Ing dina fitri punika sampun lepas mantol kula sampun mengkup payung kula sampun ndaplang tangan kula siap klebus diudani pangapura saking ati andika ingkang sajembar samudra sudi haparing hapunten sedaya kaluputan kula Tan kena udan pangapura andika reda sakdurunge nglunturake sakabehe dosa Tan kena srengenge ngetokke sinarira sakdurunge luput kula klentir ing banjir pangapura.

25.

Macan tutul ngoyak menjangan, pratanda hukum keseimbangan alam, cacah menjangan disuda ben ora rebutan pangan. Dina lebaran kula nyuwun kawelasan, panjenengan ingkang kagungan ati jembar kaya lapangan, sudi maringi kula pangapura tumrap sadaya kalepatan.

26.

Naliko burung hantu pada dipulut, tikus-tikus merajalela marga ora ana sing nyaut. Dina lebaran kawula nyuwun hapus sedaya luput, sakwise pasa mugi-mugi amalan kita mboten surut.