3
Anggota Kelompok : Alfian (03) Niko Mahendra (18) Cengkorongan : Pambuka : 1. Salam Pambuka 2. Paragrap Pambuka Rantaman Adicara : 1. Pambuka 2. Pamaosing Ayat Suci Al-Qur’an 3. Tanggap Wacana 4. Iqrar Syawalan 5. Inti Syawalan Yaiku Jabat Asta 6. Purnaning Adicara Lan Panutup Panutup : 1. Panuwun Marang Gusti Allah Arupa Donga 2. Salam Panutup Assalamu’alaikum Wr.Wb. Salam kawilujengan saha rahmatipun Gusti Allah tansah kajiwa kasarira dening kula lan panjenengan sedaya. Puji syukur sumangga kita aturaken wonten ngarsa dalem Gusti ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan saha kasarasan saengga kula lan panjenengan saged nglempak lenggah ing sasana punika saperlu nindakaken syawalan ing dinten ingkang fitri. Dhumateng panjenengan Bapak Tulus Edianto Spd, MM minangka Kepala Sekolah SMP Negeri 2 Pare ingkang kula hormati, bapak ibu guru lan karyawan ingkang kula bektosi, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Para rawuh ingkang kinurmatan,

Pranatacara Syawalan

  • Upload
    alfian

  • View
    230

  • Download
    2

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Pranatacara Syawalan

Anggota Kelompok : Alfian (03)

Niko Mahendra (18)

Cengkorongan :

Pambuka : 1. Salam Pambuka

2. Paragrap Pambuka

Rantaman Adicara : 1. Pambuka

2. Pamaosing Ayat Suci Al-Qur’an

3. Tanggap Wacana

4. Iqrar Syawalan

5. Inti Syawalan Yaiku Jabat Asta

6. Purnaning Adicara Lan Panutup

Panutup : 1. Panuwun Marang Gusti Allah Arupa Donga

2. Salam Panutup

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Salam kawilujengan saha rahmatipun Gusti Allah tansah kajiwa kasarira dening kula lan panjenengan sedaya.

Puji syukur sumangga kita aturaken wonten ngarsa dalem Gusti ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan saha kasarasan saengga kula lan panjenengan saged nglempak lenggah ing sasana punika saperlu nindakaken syawalan ing dinten ingkang fitri.

Dhumateng panjenengan Bapak Tulus Edianto Spd, MM minangka Kepala Sekolah SMP Negeri 2 Pare ingkang kula hormati, bapak ibu guru lan karyawan ingkang kula bektosi, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Para rawuh ingkang kinurmatan,

Gegandengan wekdal sampun dungkap siang, pramila adicara punika enggal dipun awiwiti. Ananging sakderengipun, kula badhe maosaken rantaman adicara ingkang badhe lumampah wonten ing kalodangan punika :

1) Pambuka

2) Pamaosing ayat suci Al-Qur’an dening Ibu Siti Rohmah Sag

Page 2: Pranatacara Syawalan

3) Tanggap wacana saking Bapak Tulus Edianto Spd, MM

4) Iqrar syawalan

5) Inti syawalan yaiku jabat asta

6) Purnaning adicara lan panutup

Para rawuh ingkang kinurmatan,

Adicara menika sumangga kita wiwiti kanthi maos Basmalah sesarengan

Mugi-mugi kanthi waosan Basmalah punika Gusti Allah paring rahmat lan adicara punika saged lumampah kanthi wilujeng purwa madya engga wusana.

Adicara ingkang kalih inggih punika pamaosing ayat suci AL-Qur’an dening Ibu Siti Rohmah SAg kasumanggakaken

Matur nuwun dening Ibu Siti Rohmah Sag mugi-mugi amal kesaenan panjenengan pikantuk lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel saking ngarsanipun Allah Ingkang Maha Agung

Tataran adicara inkang angka tiga inggih punika tanggap wacana saking kepala sekolah Bapak Tulus Edianto Spd, MM. Dhumateng panjenenganipun Bapak Tulus Edianto kula sumanggakaken.

Matur nuwun dening kepala sekolah bapak Tulus Edianto Spd, MM

Saljengipun acara kaping sekawan inggih menika Iqrar syawalan ingkang badhe pimpin dening Bapak Mahmudi SAg, kasumanggakaken.

Nginjak adicara ingkang gangsal inggih menika inti syawalan ingkang dipun isi jabat asta, diwiwiti saking bapak ibu guru lan karyawan lajeng para siswa SMP Negeri 2 Pare. Kula kasumanggakaken.

Mugi-mugi kanthi salam-salaman punika, kula lan panjenengan sedaya saged paring pangapura. AMIN.

Page 3: Pranatacara Syawalan

Kanthi mekaten sampun paripurna, ugi ayahan kula minangka pranatacara. Pramila kanthi punika kula piyambak, nalika salabeting ngaturaken rantamaning adicara wonten kekiranganipun, kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Cekap semanten saking kula.

Bilahi taufik wal hidayah,

Wassalamualaikum Wr.Wb