2
Assalamu’alaikum Wr. Wb. Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom Bapa Drs H Agus Sutanto Mpd ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah . Para bapak lan para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun. Amiin Para jamaah pengaosan Muslimat muslimat ingkang kawula hurmati Keparengo kawula ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah menggah karawuhan panjenengan sami, milo kawulo ikroraken kanthi salam ASSALAMUALAIKUM WARRAHMATULLAHIWABARAKATUH. Saklajengipun kaleksananing adicara pengaosan pengetan nuzulul Qur’an dinten punika saged kalampahan, karana sih pambiyantunipun para sanak kadang, saha para tamu, ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon. milo meniko kawula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan,

Sambutan Nuzulul Qur'An

Embed Size (px)

DESCRIPTION

sambutan ketua panitian dalam rangka nuzulul quran

Citation preview

Assalamualaikum Wr. Wb.Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom Bapa Drs H Agus Sutanto Mpd ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah.Para bapak lan para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun nimat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaahShalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun. AmiinPara jamaah pengaosan Muslimat muslimat ingkang kawula hurmatiKeparengo kawula ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah menggah karawuhan panjenengan sami, milo kawulo ikroraken kanthi salam ASSALAMUALAIKUM WARRAHMATULLAHIWABARAKATUH.Saklajengipun kaleksananing adicara pengaosan pengetan nuzulul Quran dinten punika saged kalampahan, karana sih pambiyantunipun para sanak kadang, saha para tamu, ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon. milo meniko kawula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah. AminPara jamaah pengaosan Muslimat muslimat ingkang kawula hurmatiMugio kanti pengaosan pengetan nuzulul Quran puniko saget nambahi iman lan taqwa kito sedoyo dumateng allah SWT. Sak lajengipun, mugio kanti pengetan puniko mugi- mugi saget nambahi kasregepan kito sami maos kitab suci al-quran lan nyinau isinipun engkang sejatinipun al-quran meniko pedoman urip engkang paling sae kagem kito sedoyo. aminMinangka puputing atur, mbokbilih anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, Semanten ugi, anggen kawula matur, wonten tuna dungkaping atur, saha wonten kiranging subasita mugi lumeberna sih samudra pangaksami.Cekap semanten atur kawula, kawula akhiri Wassalamualaikum warrahmatullahiwabarakatuh