SEKAR MACAPAT

Embed Size (px)

Citation preview

Assalaamu alaikum warahmatullaahi wabarakaatuh

SUGENG RAWUHWONTEN ING SALEBETIPUN GLADHEN

SEKAR MACAPAT

1

GLADHI SEKAR MACAPATDENING :

SURAJIMAN NIP. 197106162008011010

NAMA-NAMANIPUN SEKAR MACAPAT :1. Dhangdhanggula 2. Sinom 3. Asmaradana 4. Kinanthi 5. Pangkur 6. Mijil 7. Maskumambang 8. Durma 9. Pocung 10. Gambuh 11. Megatruh

3

TULADHA-TULADHANIPUN SEKAR MACAPAT :

1. Sekar DhandhanggulaPada 1 : Bismillaahirrahmaanirrahiimiin, Tegese Bis pambuka pamurwa, Miwiti nyebut asmane, Ri Sang Kang Maha Luhur, Kang nitahken ing bumi langit, Miwah saisining kang, Sinungan sawegung, Sifat murah aneng donya, Nadyan uler kang na jro sela pra sami, Sinungan kamurahan.

4

Pada 2 : Sasmitane ngaurip puniki, Mapan ewuh yen ora weruha, Tan jumeneng ing uripe, Akeh kang ngaku-aku, Pangrasane sampun udani, Tur durung wruh ing rasa, Rasa kang satuhu, Rasaning rasa punika, Upayanen darapon sampurna ugi, Ing kauripanira.5

Pada 3 : Ling-elinga para siswa mami, Aja tansah tumindak kang nistha, Ma lima den tinggalake, Iku dhawuh satuhu, Dhawuhing Gusti Maha Suci, Allah Kang Maha Mulya, Estokna satuhu, Dhawuhing Allah punika, Upayakna supaya bisa netepi, Ing kauripanira,6

Pada 4 : Ana kidung ing tengahing wengi, Teguh ayu luputa ing lara, Luputa bilahi kabeh, Jin setan datan purun, Paneluhan tan ana wani, Miwah panggawe ala, Gunane wong luput, Geni atemahan tirta, Maling adoh tan ana ngarah mring mami, Guna dhudhuk tan sirna.7

Pada 5 : Den demena amemaca kaki, Aywa kemba saben ari nira, Memaca akeh gunane, Pikantuk sakeh kawruh, Karya sangu lampahing urip, Bisa lelimbang rasa, Awon saenipun, Jer gesang jroning bebrayan, Tanpa guna tan darbe kawruh nyukupi, Mula amemacaa.8

2. Sekar SinomPada 1 : Amenangi jaman edan, Ewuhaya ing pambudi, Melu edan ora tahan, Yen tan melu anglakoni, (m)Boya keduman melik, Kaliren wekasanipun, Ndilalah karsa Allah, Begja-begjane kang lali, Luwih begja kang eling lawan waspada.

Pada 2 : Nulada laku utama, Tumraping wong tanah Jawi, Wong Agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senopati, Kepati amarsudi, Sudaning hawa lan napsu, Pinesu tapa brata, Tanapi ing siyang ratri, Amamangun karyenak tyasing sasama.

Pada 3 : Elinga he para putra, Tumindaka ngati-ati, Ja padha tumindak nistha, Iku larangan sayekti, Ma lima den tebihi, Peperen hawa lan napsu, Padha ngamalna agama, Ing enjing, siyang lan ratri, Supayantuk pangaksamaning Hyang Suci.11

3.

Sekar AsmaradanaPada 1 : Poma-poma wekas mami, Anak putu aja lena, Aja katungkul uripe, Lan aja duwe kareman, Marang pepaes donya, Siyang dalu dipunemut, Yen urip manggih hantaka.

Pada 2 : Kowe thole takdongengi, Nalikane kowe jabang, Nuju ana perang gedhe, Gegeran wong ing nagara, Apa maneh padesan, Kabeh wonge padha bingung Angungsi saparan-paran.13

Pada 3 : Saben dina krungu bedhil, Akeh wong padha sangsara, Tangis krungu kana-kene, Ora kendhat ana warta, Patining para tangga, Kang perangan karo mungsuh, Ana sing ilang kabandhang.

14

4. Sekar Kinanthi Pada 1 : Kang arang bebuden luhur, Dudu pangkat dudu ngelmi, Uga dudu kapinteran, Lan dudu para winasis, Apa maneh kasugihan, Nanging mung sucining ati.

15

Pada 2 : Sapa kang kepengin luhur, Kudu gelem angajeni, Sapa sing kepengin bisa, Kudu gelem sing taberi, Sapa sing kepengin mulya, Kudu gelem kurban dhiri.

16

Pada 3 : Aja pisan gelem saguh, Yen tan bisa anglakoni, Yen wis saguh lakonana, Nistha lamun mbalenjani, Wong saguh prasasat utang, Utang wajib den sauri.

17

Pada 4 : Padha gulangen ing kalbu Ing sasmita amrih lantip Aja pijer mangan nendra Kaprawiran den kaesti Pesunen sariranira Sudanen dhahar lan guling

18

5. Sekar PangkurPada 1 : Nuswantara kajuwara, Jembar subur tanahnya loh jinawi, Pulonya maewu-ewu, Winengku ing samodra, Rakyat sagung sugih seni adiluhung, Eman yen kesed makarya, Mangga sengkut mbangun nagri.

19

Pada 2 : Elinga he para putra, Aja padha ngumbar napsuning ati, Cegahen ingkang satuhu, Aja wedi kangelan, Anggayuha drajat urip ingkang luhur, Ing donya lan ing akherat, Jinangkung kang Maha Suci.

20

Pada 3 : Mangkono ngelmu kang nyata, Sanyatane mung weh reseping ati, Bungah ingaran cubluk, Sukeng tyas yen den ina, Nora kaya si punggung anggung ginunggung, Ugungan sadina-dina, Aja mangkono wong urip.

21

Pada 4 : Mingkar mingkuring angkara Akarana karenan mardi siwi Sinawung resmining kidung Sinuba sinukarta Mrih katarta pakertining ilmu luhung Kang tumrap ing tanah Jawi Agama ageming aji

22

6. Sekar Mijil Pada 1 : Ilir-ilir tandure sumilir, Ijo royo-royo, Ingsung sengguh anyaran panganten, Bocah angon penekna balimbing, Ginawe masuhi, Dododira iku.

23

Pada 2 : Dedalane wong guna lan sekti, Saking andhap asor, Wani ngalah luhur wekasane, Amendhaka yen na kang ngladaki, Bapang den simpangi, Ana catur mungkur.

24

Pada 3 : Mulane ta wekasingsung kaki, Den kerep tetakon, Aja isin ngatonken bodhone, Saking bodho witing pinter iki, Mung Nabi kinasih, Pinter tan winuruk.

25

SALAJENGIPUN