Serat Kidungan Kaweda3

Embed Size (px)

Citation preview

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    1/80

    SERAT KIDUNGANKAWEDAR

    KIDUNG KAWEDAR SAKING

    AKSARA JAWI KASALIN/

    KABABAR AKSARA LATIN

    KIDUNGAN PUNIKA SERAT KINA PRALAMBANG

    NGELMI ISLAM INGKANG SEJATI, TUWIN

    MINONGKO WEWARAH TUWIN PAMUJINING

    KAWULO DHATENG GUSTI, IKETANIPUN

    KANJENG SUNAN KALIJAGA

    WALIYULLAH NUSA JAWI

    KASAMBETAN IKETANIPUN

    KYAI RONGGO SUTRASNO

    PUJONGGO AGENG

    KERATON DALEM SURAKARTA HADININGRAT

    KAWEDARAKEN DENING :

    R. WIRYA PANITRA KUSUMA DININGRAT,

    SURAKARTA

    Penerbit : TAN KOEN SWI

    KEDIRI 1912

    1

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    2/80

    Sekar Dhandhang gula Tinggalanipun para leluhur Yasa dalem

    kanjeng sunan Kalijaga mugi saget dados tambahingseserepan.

    Kaping 01 :

    Ana kidung rumekso ing wengi,

    Teguh ayu luputa ing lara,

    Luputa bilahi kabeh,

    Jim setan datan purun,

    Paneluhan tan ana wani,

    Miwah penggawe ala,

    Gunane wong luput,

    Genitinemahan tirto,

    Maling adoh datan ana ngarah ing mami,

    Guna duduk pan sirno.

    Kawedaraken suraosipun makaten :

    Wonten puji ingkang kanggenipun manawi ing wanci dalu. Inggih

    punika : mugi-mugi pinaringan teguh, rahayu, linepatna ing

    sesakit, uwin linepatno sakathahing bilahi. Puji makaten punika,

    katindakna ing saben wanci dalu.

    Anggadhahi daya : Jim setan, paneluhan sedaya mbotenwonten ingkang angrencana :

    Tiyang ingkang sumedya mendamel piawon tuwin ingkang

    anggunani sacara dhesti utawi japa mantra, sedaya mboten saget

    tumomo. Tiyang ingkang sengit dados tresno, bangsanipun

    2

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    3/80

    pandung sami nebih mboten wonten ingkang sumedyo ngarah

    dateng kita, tuwin tuju duduk sami cabar.

    Menggah ingkang katembangaken ana kidung rumeksa ing wengipunika miturut wewatoning ngelmi namung kangge sanepa. Dene

    sejatosipun inggih punika SANG SABDA KUN (sang guru jati)

    panjenenganipun wau inggih ingkang rumeksa ing dalu. Tegesipun

    : SANG GURU JATI wau manawi wanci dalu andum sandang tedha

    tuwin ingkang mundhi papesthen sadaya lelampahaning

    manungsa, sarta ingkang anggadhahi daya panguaos ingkang

    semanten agengipun. Pramila cundhukipun kalian tiyang ingkang

    sampun anggadhahi ngelmi.

    Menawi ing wanci dalu punika namung perlu anjejeraken

    cumadhong dhawuh kados pundhi ingkang badhe kita lampahi

    saben dintenipun. Kenging damel ancer-ancer tekad. Dados ing

    wancinipun siang punika kantun tumindak ngupaya boga punapa

    ingkang sampun dados tanggel jawabipun, kanti awas tuwin enget

    wau.

    Manawi pangestinipun wau saget gambuh kalian GURU JATI, kita

    inggih kadunungan daya panguaos kados inggih ingkang

    kapretalaken ing nginggil.

    Kaping 02 :

    Sakehing lara pan samya bali,

    Sakehing ama pan samya miruna,

    Welas asihpandulune,

    Sakehing braja luput,

    Kadi kapuk tiba ingwesi,

    Sakehing wisa tawa,

    3

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    4/80

    Sata galaktutut,

    Kayu aeng lemah sangar songing landhak,

    Guwaning wong lemah miring,

    Myang pakiponing merak.

    Kawedaraken suraosipun makaten :

    Tuwin saking dayanipun kidung wau, sakathahing penyakit

    ingkang badhe dhateng lajeng sami wangsul. Sak kathahing ama

    ingkang andadosaken karibetan ing lelampahan sami sumingkir

    tebih. Sedaya wau namung anggadhahi raos welas lan asih.Saupami wonten ingkang badhe sumedya anamani dedamel,

    inggih sampun ndilalah mesti lepatipun, saupami kengingo inggih

    mboten kraos punapa-punapa.

    Pepindhanipun kados dene kapuk dumawah wonten tosan.

    Saupami kenging wisa saget tawar. Saupami kepethuk sato kewan

    ingkang galak inggih nboten purun mangsa, kewang wau dados

    tutut.

    Punapa dene manawi ngambah ing wit-witan ingkang angker,tuwin siti ingkang sangar inggih lajeng dados cabar.

    Samanten agengipun daya panguosipun kidung sak lampah-

    lampah kita tansah jinangkung ingkang wilujeng ing kawilujengan

    sarta kaleresan. Wondene inkang katembungaken songing

    landhak, guwaning wong lemah miring myang pakiponing merak,

    punika namung pralambang, miturut wewaton ngelmi.

    Tegesipun : anedhahaken wiwitanipun dumadosanipun manungsa,

    lantaran saking kakung tuwin wanita (bapa tuwin biyung)

    Katranganipun : Bapa anggenipun anitisaken wiji dhateng biyung

    korud dening kama wonten salebeting mani, madi, wadi tuwin

    maningkem. Ingriku punika anggenipun sang Hyang Maha Suci

    4

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    5/80

    amardeng titah. Nanging wiji wau taksih dumunung ing nukatGaib

    awujud cahyawening.

    Kaping 03 :

    Pagupakaning warak sakalir,

    Yen winaca ing segara asat,

    Temahanrahayukabeh,

    Apan sari rahayu,

    Ingideran kang widodari,

    Rineksa malaekat,

    Sakathahing rasul,

    Pan dadi sarirotunggal,

    Ati Adam utegku bagenda Esis,

    Pangucapku yaMusa.

    Kawedaraken suraosipun makaten :

    Pagupakaning warak sakalir,

    Inkang makaten punika namung pralambang, katranganipun :

    Wijining manungsa wau sagetipun dados wujut asalipun saking

    dayawarni-warnikadosto.

    - Titipanipun bapabiyung.

    - Tuwin anasir ALLAH wolung prakawis inggih punika : ingkang

    sekawan prakawis dados prakawis anasiring badan kang alus. 1.

    Surya, 2 Candra, 3 Kartika, 4 Swasana. Dene ingkang sekawan

    Prakawis dados anasiring badan kuwadhagan, 1 Geni, 2 Angin, 3

    Banyu, 4 Bumi.

    5

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    6/80

    Yen winaca ing segara asat,

    Ingkang makaten punika namung paribasan, katranganipun :

    Sedaya anasir wau namung kapendhet sarinipun, saking dayapanguaosipun SANG SABDO KUN, utawi namung kasabdaaken

    kemawon sampun sagetdados.

    Temahan rahayu kabeh,

    Katranganipun : Satunggal-satunggaling anasir wau,dumadosipun

    dados praboting manungsa kalayan sampurna.

    Apan sari rahayu,

    Katranganipun : Lajeng saget wujud janggerenganing sariro

    Ingideran kang widodari,

    Katranganipun : Sasampuning wujud Janggerengingsariro, lajeng

    kapanjingan 5 prakawis inggih punika, 1. NUR, 2 RAHSA, 3 ROH, 4

    NAPSU, 5BUDI.

    Rineksa malaekat,

    Tegesipun : manungsa punika ugi rineksa ing malaekat

    Katranganipun : Malaekat ingkang rumeksa salebeting badan

    punika miturut wewaton ngelmi cacahipun wonte 4, dene

    lenggahipun wonten.

    1. Jabarail lenggahiun wonte ing kulit.

    2. Mikail lenggahiun wonte ingbalung.

    3. Isrofil lenggahipun wonten ingotot.

    4. Ngijroil lenggahipun wonten ingdaging.

    6

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    7/80

    Tegesipun : Tuwin rineksa sakathahing utusanipun Gusti Allah.

    Dene ingkang ingaken utusan punika, katranganipun RASUL,

    menggah raos ingkang dumunung ing manungsa, punika

    peranganipun wonten 3 golongan.

    1. RAOS SEJATI, dumunung satelenging manah kawastanan :

    Rahsaning Sukma. Inggih punika ingkang dados pangretosan

    tumprapingGAIB.

    2. RAOS KADIM , Dumunung ing MANAH, dados raos pangraos,

    inggih punika ingkang saget ambedaaken LERES tuwin LEPAT.

    3. RAOS NJAWI : Dumunung wonten PANCA DRIYO. Inggih punika

    pucuking driji saget anedhaakena barang kasar tuwin alus. TUTUKsaget ngraosaken legi gurih GRONO saget angraosaken wangi

    tuwin bacin, NETRO saget angraosaken padhang tuwin peteng,

    KARNO saget angraosaken suwanten sora tuwin lirih.

    Pan dadi sariro tunggal,

    Tegesipun : sadoyo wau dumunung dados satunggal wonten ing

    badaning manungsa. Wondene ingkang katembungaken : ATI

    ADAM UTEGKU BAGENDHO ESIS punika kateranganipunanerangaken gelaran mumukaning prabot kita.

    Ati Adam utegku bagenda Esis,

    Kadosta : ATI ADAM Tegesipun : Ati punika asilipun saking

    titipanipun biyung. Saget dados ratuning badan , manawi kurang

    satiti saget dumawah sangsara lelampahanipun.

    Dene ati punika peranganipun wonten 3 prakawis, inggihpunika:

    1. ATI SANUBARI . Pakartinipun kangge angrimati kawruh

    pancadriya utawi kangge angraos-raosaken.

    Sakathahing rasul,

    2. ATI SIRI. Pakartinipun anuwuhaken karep ingkang dereng

    kawedalkrentekutawiniat.

    7

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    8/80

    3. ATI MAKNAWI. Pakartinipun anuwuhaken raosing pangertosan

    dhateng GAIB (karsa ingkang wiwitan).Ingkang makaten waudipun

    sanepaaken NABI ADAM inggih dados manungsa ingkang wiwitan.

    Wondene UTEGKU BAGENDHO ESIS tegesipun : uteg punika

    asalipun saking titipanipun biyung kenging kangge mikir-mikir

    utawi imbang-imbang sedaya lelampahan ingkang badhe kita

    lampahi sageta katetepan iman eling. Dados makaten punika

    dipun sanepaaken BAGENDHO ESIS inggih katetepaken iman eling,

    saget dados panutanipun para nabi.

    Pangucapku ya Musa,

    Tegesipun : Pangandika asalipun saking jantung, ewodene manawi

    saget sampurna, inggih dumugi ing insan kamil (dumununging

    pagesangan ingkang leres) ingkang makaten punika dipun

    sanepaaken NABI MUSA, inggih tansah mundhi dhawuh

    pangandikaning ALLAH, lajeng saget dados panutanipun tiyang

    golongan bani Israel saking tanah mesir dateng tanah kenangan.

    Namung saking dayaning pangandikanipun kemawon, lajengsaget

    dipun pitados ing tetiyang kathah.

    Kaping 04 :

    Napasku nabi Ngisa linuwih,

    Nabi Yakub pamiarso ningwang,

    Yusuf ing rupaku mangke,

    Nabi Dhawud swaraku,

    JengSoleman kasekten mami,

    Nabi Ibrahim nyawa,

    Idris ing rambutku,

    Bagendho Li kulit ingwang,

    8

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    9/80

    Getih daging Abubakar NgumarSinggih,

    Balung bagendho Ngusman.

    Kawedharaken suraosipun makaten:

    Napasku nabi Ngisa linuwih,

    Tegesipun : napas menika dados tetangsuling badan , asalipun

    saking anasir angina mahanani 4 perkawis inggih punika : 1.

    NAPAS 2. ANPAS 3. TAN NAPAS 4. NUPUS.

    Menawi kita saget anggumelengaken lampahing napas ingkang

    saking lebet utawi njawi, saestunipun saget anuwuhaken

    kanyataning karsa ingkang linagkung. Ingkang makaten wau

    kaupameaken kados dene NABI NGISA inggih dados tetangsuling

    agami.

    Nabi Yakub pamiarso ningwang,

    Tegesipun : Nabi Yakup punika satunggaling nabi ingkang tetep

    pangabektinipun dating Gusti Alla sarta tansah remen niling-

    nilingaken sasmita dhawuhing pangeran. Amila dipun sanepaaken

    pamiarsa kita, ing sasaget-saget kita ugi kepareng aniling-

    nilingaken dhateng piwulang ingkang sae utawi samitaning

    pangeran.

    Yusuf ing rupaku mangke,

    Tegesipun : Nabi Yusup punika lelampahanipun wiwit alit nandang

    papa sangsarajalaran kenging panganiaya, namung sangsaranipunwau namung dados sarananing kaleresan. Inggih punika lajeng

    saget jumeneng adipati wonten negariMesir.

    Pramila dipun sanepaaken rupi kita, amargi rupi punika, dados

    9

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    10/80

    warananing warna. Dene warna punika dados warananing GAIB.

    Dados rupi kita kita punika sadaya dados warananing gaib ingkang

    linangkung utawi titipaning Allah.

    Nabi Dhawud swaraku,

    Tegesipun : Nabi Dhawud punika wiwit alit namung dados juru

    pangen mendha. Katarik saking kamursidanipun tuwin swaranipun

    sae, lajeng saget jumeneng Nabi utawi ugi jumeneng nata. Pramila

    dipun sanepaaken swara kita, amargi swara kita punika inggih

    dados kanyataning gaib.

    Jeng Soleman kasekten mami,

    Tegesipun : Kanjeng Nabi Soleman punika inggih jumeneng nabi

    inggih jumeneng nata. Kagungan kasekten ingkang linangkung

    inggih punika : Dipun luluti para nata ing sakiwa tengenipun, sarta

    para wadya balanipun sadaya sami setya tuhu sumungkem ing

    gusti. Namung katarik saking pangaribawanipun sarta

    kawicaksananipun pramila dipun sanepaaken kasekten kita.

    Amargi kita menika sejatosipun inggih gadhah kasekten

    kadosdene kanjeng Nabi Soleman wau. Inggih punika bilih kita

    saget gambuh kalian GAIB.

    Nabi Ibrahim nyawa,

    Tegesipun : Nabi Ibrahim punika satunggaling nabi ingkang

    santosa kapitadosanipun dumateng gusti Allah . salampah-

    lampahipun namung mituhu dhateng dhawuh pangandikaning

    Allah . Pramila dipun sanepaaken nyawa kita. Amargi nyawa

    wahananing SUKSMA dene SUKSMA punika dados kanyataningsun,

    dados inggih kedah gegandengan loroning atunggal supadossaget gesang ingkang kaleresan.

    10

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    11/80

    Katranganipun : namung anedahaken bilih rambut punika asalipun

    saking titipanipun Bapa.

    Bagendho Li kulit ingwang,

    Katranganipun : namung anedahaken bilih kulit punika asalipun

    saking titipanipun Bapa.

    Getih daging Abubakar Ngumar Singgih,

    Katranganipun : namung anedahaken bilih getih tuwin daging

    punika asalipun saking titipanipunBIYUNG.

    Balung bagendho Ngusman,

    Katranganipun : namung anedahaken bilih balung punika asalipun

    saking titipanipun Bapa.

    Kaping 05 :

    Sungsumingsun Patimah linuwih,

    Kang minangka rahayuning angga,

    Ayub minangka ususe,

    Nabi nuh ing jejantung,

    Nabi yunus ing otot mami,

    Netraku yaMukammad,

    Panduluku rasul,

    Pinayungan Adam sarak,

    Sampun pepak sakathahing para nabi,

    Dadyo sarirotunggal.

    Idris ing rambutku,

    11

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    12/80

    Kawedarakensuraosipun makaten :

    Sungsumingsun Patimah linuwih,

    Katranganipun : namung anedahaken bilih sungsum punika

    asalipun saking titipanipun BIYUNG.

    Kang minangka rahayuning angga,

    Tegesipun : sungsum punika ingkang andadosaken kesegeraning

    badan.

    Ayub minangka ususe,

    Katranganipun : namung anedahaken bilih usus punika asalipun

    saking titipanipun BIYUNG.

    Nabi nuh ing jejantung,

    Tegesipun : Nabi Nuh punika dados plawanganing Allah nalika

    andhawuhaken jagad badhe dipun kelem. Pramila dipun

    sanepaaken jantung amargi jantung punika ugi dados

    plawanganing dhawuhipun sang Guru Jatiutawi anedhahaken bilih

    asalipun saking titipanipun biyung.

    Nabi yunus ing otot mami,

    Katranganipun : namung anedahaken bilih otot punika asalipun

    saking titipanipun BAPA.

    Netraku ya Mukammad,

    Tegesipun : Namung anedhahaken bilih salebeting netro ingkang

    pethak punika wonten gaibipun awujud CAHYA. Kawastanan : NUR

    MUKAMMAD, inggih punika ingkang minangka awasing paningal.

    12

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    13/80

    Panduluku rasul,

    Tegesipun : naming anedhahaken bilih raos punika lenggahipun

    wonten ing netra ingkang cemeng. Katitik saking emating raoslajeng kiyer-kiyer. Katranganipun : Rasul punika utusan.

    Menggahing ngelmi ingkang ingaken utusan punika raos.

    Pinayungan Adam sarak,

    Tegesipun : Jabang bayi punika bilih badhe lair anampeni

    prajanjian dening Allah.utawi kinucungan ing wewaler.

    Katranganipun : Benjing tumindakipun wonten ing alam donya

    manawi purun angestoaken dhawuhipun Gusti Allah inggih badhemanggih wilujeng sak lami-laminipun. Nangin manawi namung

    miturut pambujuking sadherek sekawan gangsal pancer inggih

    badhe nandhang papa sangsara sak lami-laminipun.

    Sampun pepak sakathahing para nabi,

    Dadyo sariro tunggal.

    Tegesipun : Sedaya ingkang dipun gelaraken ing nginggil wau,

    sampun jangkep praboting manungsa, ngalempak dadossatunggal, awujud jenggerenging Jabangbayi.

    Kaping 06 :

    Wiji-sawiji mulane dadi,

    Apan pencar saisine jagad,

    Kasamadan deningdate,

    Kang maca kang angrungu,

    Kang anurut miwah nyimpeni,

    Dadi ayuning badan,

    13

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    14/80

    Kinaryasesembur,

    Yen winacakna neng toya,

    Kinarya dus rara tuwa angles rabi,

    Wong edan nuli waras.

    Kawedaraken suraosipun makaten :

    Wiji-sawiji mulane dadi,

    Tegesipun : Manungsa punika asalipun saking wiji satunggal,

    inggih punika gesang ingkang jumeneng pribadi.

    Apan pencar saisine jagad,

    Tegesipun : Lajeng saget pencar (tumangkar) dados pinten-pinten

    ewu angebaki jagad. Punika asalipun naming peranganing

    satunggal.

    Kasamadan dening date,

    Tegesipun : Gesanging titah punika sedaya kasamadan dening

    dating pangeran.

    Kang maca kang angrungu,

    Kang anurut miwah nyimpeni,

    Dadi ayuning badan,

    Tegesipun : tiyang ingkang maos, ingkang mirengaken, ingkang

    nyerat tuwin ingkang ngrimati serat kidungan punika, sedaya sami

    angsal sawab wilujeng sak lampah-lampahipun.

    14

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    15/80

    Katranganipun : sedaya wau bakunipun kita kedah pitados ingkang

    saestu, bebasanipun sapatemon-tinemenan, amargi ing atasipun

    gusti Allah manawi sumedya mitulungi dhateng kawulanipun

    punika sanadyan mawi sarana wujud punapa kemawon,

    saestunipun inggih anggadhahi daya utawisebab.

    Nanging manawi tiyang ingkang pitados kados makaten punika,

    namanipun tiyang ingkang ngelminipun saweg setengah.Dene

    menawi tumprap tiyang ingkang sampun pana dateng gaib,

    kapitadosanipun punika boten kandeg namung wonten ing

    warono, nanging perlu macung piyambak, sagetasapatemon.

    Kinarya sesembur,

    Yen winacakna neng toya,

    Kinarya dus rara tuwa angles rabi,

    Wong edan nuli waras.

    Tegesipun : serat kidungan wau, manawi kawategaken ing toya,

    lajeng kasemburaken idunipun, toya wau anggadhahi sawab

    manawi kaangge siram ing prawan ingkang sampun kasep, lajengtumunten saget angsal jodho. Manawi kangge siram tiyang

    ingkang sakit ewah, nggih tumunten saras.

    Katranganipun : t umprapipun tiyang ngelmi ingkang

    katembungaken kidung puika sanepanipun SANG GURU JATI.

    Amila daya wau inggih kapendhetaken saking panguaosing sang

    guru jati. Dados langkung perlu punika sageda gambuh kaliyan

    sang GURU JATI supados saged ngampilpanguaosipun.

    Kaping 07 :

    Lamun ana wong kadhendho kaki,

    15

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    16/80

    Wong kabonda lan kabotan utang,

    Yogya wacanen den age,

    Ing wanci tengah dalu pingselawe,

    Wacanen ririh,

    Luar ingkang kabanda,

    Kang kadendha wurung,

    Anglis nuli sinauran mring Yang Suksma,

    Kang utang punikusinggih,

    Kang agring dadi waras.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Lamun ana wong kadhendho kaki,

    Tegesipun : paring pangertosan dhateng tiyang anem, mbok

    menawi wonten tiyang ingkang kadhendho ing nagari.

    Kateranganipun : tiyang ingkang ukum dhendha .

    Wong kabonda lan kabotan utang,

    Tegesipun : sarta tiyang ingkang kabonda prakawis pulisi, tuwin

    tiyang ingkang kekathahen sambutan nanging ngrekaos

    panyauripun.

    Yogya wacanen den age,

    Tegesipun : tiyang ingkang kataman wau tumuntena maos seratkidungan wau .

    Katranganipun : ingkang kawaos naming pujian ingkang angka 1,

    nanging manawi tiyang ngelmi langkung perlu Sang GuruJati.

    16

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    17/80

    Ing wanci tengah dalu ping selawe,

    Wacanen ririh,

    Tegesipun : anggenipun maos wau ing wanci tengah dalu kalayan

    ririh-ririh kemawon, rambah kaping selawe. Katranganipun :

    manawi lampahipun tiyang mangesti Sang Guru Jati menika

    mboten perlu mawi sarana ucap-ucapan, nanging sampun kacekap

    wonten ing niyate mawon. Sarana angulataken lebet wedaling

    napas ingkang ngantos angler utawi kasupen.

    Luar ingkang kabanda,

    Tegesipun : Manawi katrimah ing pamujinipun tiyang ingkang

    kabanda wau saget luar. Katranganipun : saget dipun luar wau

    inggih saking saran reko daya , nanging reka daya punika wau

    sampun kaparingan berkah ing Allah. Dados inggih saget

    antrenyuhaken penggalihanipun nagari.

    Kang kadendha wurung,

    Tegesipun : sata upami tiyang ingkang kadhendha inggih saget

    wurung.

    Anglis nuli sinauran mring Yang Suksma,

    Kang utang puniku singgih,

    Tegesipun : Tuwin upami tiyang ingkang kekathahen sambutan

    wau, inggih lajeng dipun sauri dening Allah. Katranganipun :

    Gutsti Allah anggening nyauri sambutaning tiyang punika

    saestunipun inggih mawi warono ing tiyang sanes ingkang gadhaharta katrenyuhaken manahipun lajeng amelasi lajeng paring arta

    dhateng ingkang nyambut wau, lajeng kenging kangge nyauri.

    17

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    18/80

    Katranganipun : upami tiyang ingkang ketaman sakit, inggih lajeng

    dados saras. Katranganipun : sagetipun saras wau saestunipun

    inggih mawi sarono jampi nanging jampinipun sampun angsal

    berkah.

    Kaping 08 :

    Sapa reke bisaanglakoni,

    Amutiha lawan anawa a,

    Patangpuluh dina wae,

    Lan tangi wektusubuh,

    Lan den sabar sukuri ingwidhi,

    Insya Allah tinekan sakarsanireku,

    Tumrap sanak rayatira,

    Awit saking sawab pangiketing ngelmi,

    Duk aneng kali jaga.

    Kawedharaken suraosipun makaten : milanipun sinten ingkang

    saget anglampahi dhateng wigatosing ngelmi, keparenga methak

    kawan dasa dinten, menawi kirang sedinten sedalu lajeng

    ngeblenga. Salebeting nglampahi wau, manawi wungu sare

    kaangkaho wanci jam 4.30enjing.

    Ing saben dintenipun kadamel ajeg. Punapa malih sak tindak-

    tanduk kita, katingalo ingkang narimo kanti sabar penggalih,

    naming sumarah ing sak keparengipun.

    Sarana tumindak ingkang makaten punika, manawi temen-temen

    inggih saget tinarimah dening Allah, saget kadumugen punapa ing

    pangestinipun sarta kenging kagem mitulungi dhateng

    karibetaning sanak sederek, putra wayah tuwin sane-sanesipun.

    Kang agring dadi waras,

    17

    18

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    19/80

    Ingkang makaten wau katarik saking sawabing ngelmi ingkang

    sampun dipun lampahi sarta sampun dipun anggit kanjeng Sunan

    nalika wonten dhusun KALIJAGA. Menggah ngelmi ingkang saget

    wiyar t ebanipun kenging kaagem mitulungi ing karibetan warni-

    warni wau. Dene golonganing ngelmi ingkang kados makaten

    punika, sagetipun manjing anggadhahi daya kedah anglampahi

    SISIRIH.

    Kaping 09 :

    Lamun arsa tulus nandur pari,

    Puasa a sawengi sadina,

    Ideranagalengane,

    Wacanen kidung iki,

    Kabeh ama pan samyawedi,

    Yen sira lunga aprang,

    Wateken ingsekul,

    Antuk a tigangpulukan,

    Mungsuhira sirep datan nedya wani,

    Rahayu ing payudan.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Lamun arsa tulus nandur pari,

    Tegesipun : wondene manawi badhe nenanem pantun sagetipunlestari wilujeng mboten katrajangama.

    19

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    20/80

    Tegesipun : Nglampahana siam sadinten sadalu boten dhahar

    punapa-punapa.

    Iderana galengane,

    Tegesipun : ing saderengipun pantun katanem sasampunipun

    sadinten mboten dhahar, dalunipun lajeng ngiderana galengan

    sabin.

    Katranganipun : raosing penggalih ingkang melengpanyuwunipun.

    Wacanen kidung iki,

    Tegesipun : kanthi amujia, dene pamujinipun , mirsanana sekar

    nomer : 1.

    Kabeh ama pan samya wedi,

    Tegesipun : kadadosan sak kathahing ama lajeng mboten purun

    angrisak taneman pantun.

    Yen sira lunga aprang,

    Tegesipun : saupami kita badhe mengsah perang.

    Wateken ing sekul,

    Antuka tigang pulukan,

    Tegesipun : puji wau kawatekna ing sekul kadamela tigang

    pulukan lajeng kadhahar .

    Mungsuhira sirep datan nedya wani,

    Puasa a sawengi sadina,

    Tegesipun : anggadhahi sawab mengsah kita wau lajeng rumaos

    giris sami sirep mboten wanton / mboten wonten ingkang

    sumedyaanglawan.

    20

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    21/80

    Rahayu ing payudan.

    Tegesipun : boten saestu peperangan ing wasana wilujeng sedaya.

    Kaping 10 :

    Ana kidung rekeki aryati,

    Sapa weruh reke araningwang,

    Duk ingsun ana ing ngare,

    Miwah duk anenggunung,

    Kisamurta lan ki Samarti,

    Ngalih aran ping tiga,

    Arta dayatengsun,

    Araningsun duk jejaka,

    Ki artati mengko araningsun,

    Ngalih sapa wruh araningwang.

    Kawedaraken suraosipun makaten :

    Ana kidung rekeki aryati,

    Tegesipun : wonten kidung punika sejatosipun inggih ki ARTATI

    Katranganipun : ingkang dipun wastani kidung punika sang sabda,

    inggih karsa ingkang linangkung utawi dhawuh pangandikaning

    Pangeran.

    Sapa weruh reke araningwang,

    Duk ingsun ana ing ngare,

    21

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    22/80

    Tegesipun : sinten ingkang mangertos nama kita, (kidung) nalika

    kita taksih jumeneng ing ngare.

    Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken ngare punika miturut

    wewaton ing ngelmi wonten ing BETAL MUKARAM.

    Miwah duk aneng gunung,

    Tegesipun : tuwin nalika taksih jumeneng wonten ing redi.

    Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken redi menika miturut

    wewatoning ngelmi BETAL MAKMUR.

    Kisamurta lan ki Samarti,

    Tegesipun : inggih punika sampun awujud kempalipun ki Samarta,

    kaliyan ki Samarti.

    Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken ki Samarta punika

    ingsun. Dene ki Samarti punika TRI MURTI. Kadadosan saking

    sarining tirta Kamandanu, sarining Surya, tuwin sarining Candra.

    Kempal dados satunggal mahanani CAHYA kawastanan ROH ILAPI,

    inggih punika wujuding ANASIRSEJATI.Warananipuningsun.

    Ngalih aran ping tiga,

    Tegesipun : Saben pindah panggenan santun nama, ngantos

    rambah kaping tiga.

    Katranganipun: inggih punika jumenenganipun wonten TRILOKA

    Tegesipun : panggenan tetiga ingkan manunggal, kadosta :

    wonten ing BETAL MAKMUR anggadhahi praban piyambak, wonten

    ing BETAL MUKARAM santun paraban,tuwin wonten ing BETAL

    MUKADAS ugi santun paraban malih.

    BETAL MAKMUR jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning

    sirah iku dimak, yaiku utek, kang ana antaraning utek iku manik,

    sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning

    22

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    23/80

    napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku

    Ingsun, ora ana Pangeran anging Ingsun, dat kang nglimputi ing

    kahanan jati.

    BETAL MUKARAM jumeneng ana ing dhadha ning adam. Kang ana

    sajroning dhadha iku ati, kang ana antaraning ati iku jantung,

    sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem , yaikuangen-

    angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku

    rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran

    angingIngsun dat kang anglimputi ing kaanan jati.

    BETAL MUKADAS jumeneng ana ing kemaluaning adam. Kang ana

    sajroning kemaluan iku pringsilan, kang ana ing antaraningpringsilan iku nutpah, yaiku mani, sajroning mani iku madi,

    sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning

    manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran

    anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati, jumeneng

    sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono

    wahananing alam akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam arwah, alam

    misal, alam ajsam, alam insan kamil, dadining manungsa

    sampurna yaiku sajatiningsipatIngsun.

    Arta daya tengsun,

    Tegesipun : wonten ing Bental Mukaram parabanipun ARTA

    ingkang dipun sanepaaken arta punika pangretosaning

    kawicaksanan.

    Daya tengsun tegesipun jumenengipun wonten ing BETAL

    MUKADAS dipun parabi daya ingkang dipun sanepaaken daya

    punika ingsun ingkang kuwasa utawi WISESA. Dene kanyatanipun

    anggadhahi daya kuwasa damel gesanging manungsa.

    Araningsun duk jejaka,

    Tegesipun : paraban kita (kidung) nalika taksih jaka.

    23

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    24/80

    Lamun dipun apalna,

    Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken Jaka punika , nalika

    wiji taksih dumunung ing bapa, dereng katetesaken ingbiyung.

    Ki artati mengko araningsunngalih,

    Tegesipun : inggih punika KI ARTATI (karsa ingkang linangkung)

    nanging sareng sampun katitisaken, lajeng santun asma/paraban.

    Sapa wruh araningwang,

    Tegesipun : sinten ingkang mangertos sejatosing nami kita

    (kidung) wau.

    Katranganipun : inking dipun parapi Arta Daya, Artati, punikawujudipun namung satunggal mboten sanes : inggih namung

    ingsun.

    Pepindhanipun kados dene sesebutan sang NATA, inggih punika

    ratu ingkang saweg jumeneng wonten ing sitinggilSANG PRABU

    punika ratu ingkang saweg jumeneng ing pandhapi SRI

    NARENDRA punika ratu ingkang saweg jumeneng wonten ing

    kedhaton. Sesebutan tiga wau inggih ingkang dipun sebut inggih

    namung satunggal utawi anggadhahi teges ANERANGAKEN

    KUWAJ

    IBANIPUN.

    Kaping 11 :

    Sapa weruh kembang tepus kaki,

    Sasat weruh rek ke artadaya,

    Tunggal pancer ing uripe,

    Sapa wruh ing panuju,

    Sasat sugih pagere wesi,

    Rineksa wong sak jagad,

    Kang angidung iku,

    24

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    25/80

    Kidung iku den tutug sedasawengi,

    Adoh panggawe ala.

    Kawedharakensuraosipun makaten :

    Sapa weruh kembang tepus kaki,

    Tegesipun: sinten ingkang saget mangertos dhateng tepa sariro.

    Katranganipun : tumindak ingkang kanti ukuran raosing

    kamanungsan.

    Sasat weruh rek ke artadaya,

    Tegesipun : prasasat saget sapatemon kaliyan sang guru jati

    piyambak.

    Katranganipun : tumindak ingkang mawi tepo sariro punika

    asalipun saking daya pakartining sang guruJati(ingsun).

    Tunggal pancer ing uripe,

    Tegesipun: manungsa sak jagad punika panceripun namung

    satunggal, inggih punika ingsun kang nglimputi kahanan jati.

    Katranganipun : raosing manungsa punika sageta rik-tinarik

    satunggal kaliyan satunggalipun dados sami.

    Sapa wruh ing panuju,

    Tegesipun : sinten ingkang saget nuju karepingsanes.

    Katranganipun : upami tiyang ungkang nami A katamuan tiyang

    nama B pun B wau anggenipun mara tamu namung lugu

    katarik saking sayahipun tuwin kalaib (kaluwen), amargi mentas

    saking kekesahan, ewodene mboten purun nembung punapa-

    punapa. Ingkang gadhah griya pun A mangertas dhateng

    pasemoning

    25

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    26/80

    tamunipun, lajeng gita-gita anggenipun anyugata wedang,

    panganan tuwin sekul.

    Pun B inggih lajeng ngrahapi lajeng katingal binger, rumaos

    nikmat sanget anggenipun dhahar, dados pasugatan wau katrimah

    sanget. B lajeng pamitan wangsul. Menggah pakartinipu A

    anggenipun anyugata mboten sarana ditembungi, sarta mboten

    amengku pamrih. Punika ingkang dipun wastani nuju kareping

    sanes, tuwin tumindak sanes-sanesipun ingkang sairib makaten

    wau.

    Sasat sugih pagere wesi,

    Ingkang makaten punika namung paribasan .

    Dene katranganipun : tiyang ingkang sampun lebet luangipun,

    inggih punika tiyang ingkang tumindakipun kerep anyaenidhateng

    ing sanes ingkang mboten amengku pamrih (tumindak kautaman)

    sak lampah-lampahipun mesti tansah jinangkung ing kaleresan.

    Dados penggalihipun tansah teteg kemawon.

    Rineksa wong sak jagad,

    Kang angidung iku,

    Tegesipun : tiyang ingkang pangangen-angenipun wiji sae, sarta

    karsa tumindak kautaman punika uwohing pandamel sae wau, ing

    sakenggen-enggen tansah dipun tresnani ingsanes.

    Lamun dipun apalna,

    Tegesipun : manawi dipun apalaken.

    Katranganipun : ingkang dipun apalaken punika pujian ingkang

    kawrat ing sekar angka 1.

    26

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    27/80

    Tegesipun ing saben dalu angapalaken pujian wau.

    Adoh panggawe ala.

    Tegesipun : tebih saking /dhateng pandamelawon.

    Katranganipun : saklampah-lampahipun saget sumingkir saking

    pandamelawon.

    Kaping 12 :

    Lawan rineksa dening hyangwidi,

    Sasedyane tineka dening hyang,

    Kinedhep mring janwoakeh,

    Kang maca kang angrungu,

    Kang anurat miwah nyimpeni,

    Yen ora bisa maca,

    Simpenana iki,

    Temah ayu kang sariro,Yen linakon dinulursasedyoneki,

    Lan rineksa dene hyang.

    Kawedaraken suraosipun makaten : Punapa malih sak lamapah-

    lampahipuntansanh jinangkung dening pangeran. Sarta saget

    dumugen punapa sedyanipun, tuwin linulutan ing sasami.

    Tumprap ingkang maos, ingkang mirengaken, ingkang nyerat

    tuwin ingkang ngrimati serat kidungan wau.

    Anggadhahi sawab, saget amilujengaken badanipun, wondene

    menawi mboten saget maos, inggih karimata kemawon inggih

    sampun anggadhahi sawab wilujeng. Langkung-langkung bilih

    kersa anglampahi TARAK BROTO. Sawabipun saget sempulur

    anggening ngupajiwa, sarta tansah jinangkung dening pangeran.

    Kidung iku den tutug sedasa wengi,

    27

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    28/80

    Kaping 13 :

    Kang sinedya tinekan hyangWidi,

    Kang kinarsan dumadakan kena,

    Tursinihan pangerane,

    Najan tan weruh iku,

    Lamun nedya mujasemedi,

    Sasaji ing sagara,

    Dadya ngumbar

    eku,Dumadi sarirotunggal,

    Tunggal jati swara awor ing artati,

    Aran sekarjempina.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Kang sinedya tinekan hyang Widi,

    Tegesipun : puapa ingkang dipun gayuh saget kadumugen.

    Katranganipun : Ingkang dipun wastani penggayuh punika betahan

    ingkang kanggenipun ing kala mangsa.

    Kang kinarsan dumadakan kena,

    Tegesipun : inggih sampun dilalah kersanipun ing saben dinten

    kerep kalegan.

    Tursinihan pangerane,

    Tegesipun : Punapa malih ugi jinangkung ing pangeranipun.

    28

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    29/80

    Katranganipun : ingkang dipun wastani penggayuh punika

    kabetahan ingkang kanggenipun ing kala mangsa. Tumindak

    ingkang tansah kaleresan punika tegesipun saking berkahing

    pangeran.

    Najan tan weruh iku,

    Katranganipun : tiyang punika sanajan dereng mangertos gelaring

    ngelmi ( asal wijining manungsa).

    Lamun nedya muja semedi,

    Tegesipun : lamun niyat nindaaken mujasemedi.

    Katranganipun : seserepanipun wau namung mligi seserepan

    tumindak mujasemedi.

    Sasaji ing sagara,

    Ingkang mekaten punika naming pasemon, dene katranganipun,

    jumenengipun hyang Pramana wonten ing betal makmur. Saget

    amikani alam Panca Maya.

    Dadya ngumbareku,

    Katranganipun : ingkang dipun wastani ngumbara punika

    lenggahing hyang pramana wonten ing Bental Mukaram. Ing

    wusana lajeng jumeneng ing Betal Makmur. Kadosanipun oncat

    saking palenggahan.

    Dumadi sariro tunggal,

    Katranganipun : melenging pramana kajumbuhaken kaliyan

    weninging karsa, gumeleng dados satunggal. Saget mahanani

    kabikaing raos lajeng katingalipun sang GURU JATI .

    29

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    30/80

    Katranganipun : Sang Guru Jati wau inggih punika sang sabda

    sarta inggih karsa ingkang linangkung.

    Aran sekar jempina,

    Katranganipun : anedhahaken bilih sang guru jati punika kenging

    kawastanansesekaring jampi ingkang mesti saget anyarasaken.

    Kaping 14 :

    Semahira ingaran senjari,

    Melu urip lawan melu pejah,

    Tan pisah ing saparane,

    Pari purna satuhu,

    Anirmala waluya jati,

    Kena ing kene kana,

    Ing wasananipun,

    Ajejuluk adisuksma,

    Cahya ening jumeneng ing artati,

    Anom tan kena tuwa.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Semahira ingaran senjari,

    Tegesipun : ingkang minangka kancuhanipun dipun wastanirahsa.. inggih punika rahsaningsuksma.

    Tunggal jati swara awor ing artati,

    30

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    31/80

    Tegesipun : rahsa punika inggih kangge nalika gesang utawi ugi

    kangge benjing nalika pejah.

    Katranganipun : nalika gesang rahsa punika dados angertosaningkang gaib-gaib. Wondene benjing manawi pejah, rahsa punika

    dados katetepanipun kayektosan. Dumunung ing rasa jati.

    Tan pisah ing saparane,

    Tegesipun : dados dhateng ing pundi kemawon rahsa wau ugi

    tumut boten pisah.

    Pari purna satuhu,

    Tegesipun : gesang ingkang tanpa sangsaya.

    Katranganipun : tiyang ingkang tumindakipun kanthi landhesan

    raosing kamanungsan, punapa ngakunipun saget wilujeng.

    Anirmala waluya jati,

    Tegesipun : ing wusana saget suci utawi saras lairbatosipun.

    Kena ing kene kana,

    Tegesipun : kapitadosan ingkang makaten wau kenging kangge

    gesang donya tuwin ing akir.

    Ing wasananipun,

    Ajejuluk adi suksma,

    Tegesipun : dene kedadosanipun boten sanes inggih namungjumenengipun pribadi (sejatining ingsun).

    Melu urip lawan melu pejah,

    31

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    32/80

    Tegesipun : ing alam ngriki ugi wonten cahyo wening kang

    katingal.

    Anom tan kena tuwa,

    Tegesipun : boten anem tuwin boten saget sepuh, namung

    langgeng kawontenanipun.

    Kaping 15 :

    Panunggale kawula lan gusti,

    Nila ening arane dukgesang,

    Duk mati nila arane,

    Lan suksma ngumbareku,

    Ing asmara mung ragayekti,

    During darbe paparab,

    Duk rarene iku,

    Awayah bisadedolanan,

    Aran sang hyang jati Iya sang artati,

    Yeku sang arta daya.

    Kawedaraken suraosipun makaten :

    Panunggale kawula lan gusti,

    Tegesipun : inggih mekaten menika

    ngempale kawula-gusti.

    ingkang dipun wastani

    Cahya ening jumeneng ing artati,

    32

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    33/80

    Tegesipun : wekdal gesang wonten ing ndonya, tumprap kabikaing

    raos kaweningan punika mesthi saking pitulunganing cahya.

    Duk mati nila arane,

    Tegesipun : nanging manawi wonten ing jamane pejah mboten

    perlu dipun pitulungi dening cahya.

    Lan suksma ngumbareku,

    Katranganipun : ingkang katembungaken suksma ngumbara

    punika konosipun ingsun, inggih punika wujudipun satunggal

    saget angebaki jagad, ing pundi dunung kita ing grikuwonten.

    Ing asmara mung raga yekti,

    Tegesipun : sejatosipun tumprap kaalusan, inggih punika ingkang

    mengkoni raga.

    Katranganipun : ingsun punika ingkang dados guruning raga,

    tuwin pangeraning raga.

    During darbe paparab,

    Duk rarene iku,

    Tegesipun, ingsun wau nalika wijining manungsa dereng

    katitisaken, ugi dereng anggadhahi paraban, amargi taksih nunggil

    kaliyan GUSTI ALLAH, dados ingkang wonten namung gesang

    pribadi.

    Awayah bisa dedolanan,

    Tegesipun : manawi sampun dumugi ing titi mangsanipun ,

    ingsung wau katinggal dados lantaraning wiji. Bapa saweg

    anggadhahi karsa nitisaken wiji dhateng biyung.

    Nila ening arane duk gesang,

    33

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    34/80

    Aran sang hyang jati Iya sang artati,

    Yeku sang arta daya,

    Tegesipun : saksampunipun wiji wau dumados ing guwa garbaning

    biyung ingsun wau kenging dipun wastani SANG YHANG JATI, sang

    ARTATI, arta tuwin daya, inggih punika wuninga karsa; daya.

    Kaping 16 :

    Dadya wisa mangkya amartani,

    Lamun marta atemahan wisa,

    Marma arta daya rane,

    Duk lagya anenggunung,

    Ngalih aran asmara jati,

    Wayah tumeking tuwa emut ibunipun,

    Nyi Pancari lunga ngetan,

    Ki Artati nurut gigiring Merapi,

    Anulya mring sundara.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Dadya wisa mangkya amartani,

    Lamun marta atemahan wisa,

    Mara arta daya rane,

    Tegesipun : milanipun asma karya utawi daya , punika

    tumprapipun gesang ing akir dados wisa.

    34

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    35/80

    Katranganipun : tujuawing tiyang pejah punika menawi

    mangerandhateng wujudipun ingsun, naminipun kesasar (dados

    wisa).

    Mangkya amartani,

    Tegesipun : tumprapipun gesang ing donya manawi mangeran

    dhateng daya punika gesangipun dados utami (dados marta).

    Kosok wangsulipun ingkang utami dados kesasar. Ingkang

    makaten punika sageto nata tumindakipun, sampun ngantos salah

    penampi utawi kerem.

    Duk lagya aneng gunung,

    Ngalih aran asmara jati,

    Wayah tumeking tuwa emut ibunipun,

    Tegesipun : Nalika wijining jabang bayi saweg dumados ing Betal

    Makmur asmanipun santun sang Hyang Jati, amargi bapa dereng

    anitisaken dhatengbiyung.

    Nyi Pancari lunga ngetan,

    Katranganipun : rahsanipun lajeng jumeneng wonten ing BETAL

    MAKADAS inggih punika campuhing kakung tuwin wanita (bapa

    tuwin biyung) wijinipun lajeng dumunung ing maningkem.

    Ki Artati nurut gigiring Merapi,

    Ingkang dipun sanepaaken gigiring merapi punika ula-ula.

    Katranganipun : redi Merapi punika redi latu miturut hakekatingngelmi latu punika erah.Dene lampahing erah ingkang punika

    medal ing ula-ula.

    Pramila saksampunipun wiji tumitis ing biyung wonten saklebeting

    mani, madi, maningkem, rahsa ingsun lajeng lumampah minggah

    nurutula-ula.

    35

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    36/80

    Anulya mring sundara,

    Ingkang dipun sanepaaken sundara punika guwa garbaningbiyung

    (wadah bebayi) dunungipun wonten ing tengah-tengah antawisipunBetal Mukadas kaliyan Betal Makmur. Mila wiji wau lajeng wadhag

    bayi.

    Kaping 17 :

    Ana pandhitaakaryawangsit,

    Mindha kumbang ngajab ing tawang,

    Susuh angina ngendi nggone,

    Lawan galihing kangkung,

    Wekasane langit jaladri,

    Isine wuluh wung wang,

    Lan gigire panglu,

    Tapaking kuntul anglayang,

    Manuk miber uluke ngungkuli langit,

    Kusuma jrah ing tawang.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Ana pandhita akarya wangsit,

    Mindha kumbang ngajab ing tawang,

    Ingkang makaten punika SU ALAN tegesipun cipta utawibudi.

    Susuh angina ngendi nggone,

    Pitakenan punika katranganipun jantung.

    36

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    37/80

    Lawan galihing kangkung,

    Katranganipun Suksma.

    Wekasane langit jaladri,

    Katranganipun : soroting cahya sumrambah ing njawi tuwin ing

    lebeting sipat kita, dene wekasane jaladri katranganipun segara

    jinem (panca maya).

    Isine wuluh wung wang,

    Katranganipun Angen-angen.

    Lan gigire panglu,

    Katranganipun : dat ing pundi-pundi wonten.

    Tapaking kuntul anglayang,

    Katranganipun angen-angen.

    Manuk miber uluke ngungkuli langit,

    Katranganipun angen-angen.

    Kusuma jrah ing tawang.

    Katranganipun angen-angen.

    Kaping 18 :

    Ngambil banyu apikulan warih,

    Kodhok ngemuli lenge,

    37

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    38/80

    Miwah kang banyu den kum,

    Myang dahana murub kabesmi,

    Bumi pinetak ingkang,

    Wawono katiyub,

    Tanggal pisan kapurnaman,

    Yen anenun sentek pisan anigasi,

    Kuda ngrap ingpandengan.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Ngambil banyu apikulan warih,

    Katranganipun : raos inggih punika tiyang ingkang marsudi

    dhateng kaleresan kedah sampun pawitan sageta wening

    penggalihe.

    Kodhok ngemuli lenge,

    Katranganipun nyawa; inggih punika gesange raga saestunipunsaking nyawa.

    Miwah kang banyu den kum,

    Katranganipun : katentreman inggih punika tiyang ingkang

    anggayuh dhateng katentreman kedah angempali guru-guru

    ingkang sampun sampurna ngelminipun.

    Myang dahana murub kabesmi,

    Katranganipun : kanepson inggih punika tiyang ingkang saget

    duka lajeng dipun aduli supados sayasanget.

    38

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    39/80

    Katranganipun : jisim kapendhem ing siti inggih punikadumadose

    anasir bumi mahanani raga.

    Wawono katiyub,

    Katranganipun : lebet wedaling napas punika katarik dening

    swasana.

    Tanggal pisan kapurnaman,

    Katranganipun : roh ilapi inggih punika kaweninganing manah

    punika manawi angsal pitulunganing roh ilapi. Lajeng sami

    sanalika, saget gadhah pangertosan ingkang linangkung.

    Yen anenun sentek pisan anigasi,

    Katranganipun : wenganing raos inggih punika suraosing raos

    ingkang wening punika saget ameca ingkang mesthi cocog tumrap

    badhe kedadosanipun.

    Kuda ngrap ing pandengan,

    Katranganipun : angen-angen.

    Kaping 19 :

    Ana kayu apurwa sawiji,

    Wit buwana epang keblat papat,

    Agodhong mego rumembe,

    Aprada paku kuwung,

    Kembang lintang salaga langit,

    Semi andaru kilat,

    Woh surya lantengsu,

    Bumi pinetak ingkang,

    39

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    40/80

    Asirat bun lawan udan,

    Apapucak angkasa bungkah pratiwi,

    Oyote bayu bajra.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Ana kayu apurwa sawiji,

    Katranganipun : kayusajaratulyakin.

    Wit buwana epang keblat papat,

    Katranganipun : jumenegipun suksma kaliyan raga, kanthi

    prabotipun sekawan inggih punika : kandha, warna, ambu, rasa.

    Agodhong mego rumembe,

    Katranganipun : dumununging napsu wonten ing badan sakojur.

    Aprada paku kuwung,

    Katranganipun : hyang Pramono.

    Kembang lintang salaga langit,

    Katranganipun : cahya ingkang alit-alit.

    Semi andaru kilat,

    Katranganipun : panunggilanipun cahya.

    Woh surya lan tengsu,

    Katranganipun : cahya ingkang ageng (roh ilapi tuwin lintang

    johar).

    40

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    41/80

    Asirat bun lawan udan,

    Katranganipun : toya gesang, saget anggesangi raosing panca

    driya.

    Apapucak angkasa bungkah pratiwi,

    Katranganipun : kempaling jiwa tuwin raga saestunipun daya

    dinaya.

    Oyote bayu bajra.

    Katranganipun : napas punika dados tetangsuling raga.

    Kaping 20 :

    Wiwitane duk anemucandi,

    Gegedhongan miwah mawarangkan,

    Sih ing hyang kabesmi kabeh,

    Tan ana jalma kang wruh,

    Yen weruh apurwane dadi,

    Candi sagara wetan,

    Ing ngobar karuhun,

    Kayangane sangtunggal,

    Sapareke kang jumeneng mung artati,

    Katon tengahing tawang.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Wiwitane duk anemu candi,

    41

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    42/80

    Ingkang dipun sanepaaken candhi punikasipat.

    Katranganipun : anedhahaken purwaning dumadosipun manungsa

    punika wiwitanipun saweg awujud cahya wening kawastanan

    NUKAD GAIB; Tegesipun : wiji ingkang taksih samar.

    Gegedhongan miwah mawarangkan,

    Tegesipun : kadadosaning sipat punika asalipun saking golong-

    golongan, inggih punika : sipating kaalusan saking anasir sejati,

    dene sipating kuwadhagan saking anasir.

    Sih ing hyang kabesmi kabeh,

    Katranganipun : sedaya anasir wau sareng kataman soroting cahya

    nukad gaib, lajeng sami katarik urun daya mahananisipat.

    Tan ana jalma kang wruh,

    Tegesipun : kedadosan ingkang makaten wau mboten wonten

    manungsa ingkangsumerep.

    Yen weruh apurwane dadi,

    Katranganipun : namung wonten seserepan dhateng purwaning

    dumados, punika dudununganipun namung pangertosan.

    Candi sagara wetan,

    Ingkang dipun upameaken makaten wau katranganipun surya.

    Ing ngobar karuhun,

    Kayangane sang tunggal,

    Katranganipun : wiwitanipun wonten sipat inggih punika : anasir

    sejati wau kataman soroting cahyo nukad gaib, lajeng mahanani

    sipating kaalusan awujud cahya, kawastanan roh ilapi.

    42

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    43/80

    Sapareke kang jumeneng mung artati.

    Tegesipun :sinten ingkang jumeneng ing cahya wau, sejatosipun

    mboten sanes inggih namung ingsun.

    Katon tengahing tawang.

    Tegesipun : saget katingal sarana netra kaalusan dumunung

    satengahing tawang.

    Kaping 21 :

    Gunung agung segara serandil,

    Langit ingkang amengku buwana,

    Kawruhana ing ngartine,

    Gunung segara umung,

    Guntur sirna amangkubumi,

    Duk kang langit buwana,

    Dadya weruh iki,

    Mudya madyaning ngawiyat,

    Mangasrama ing gunung agungsabumi,

    Sandhi-candhi sagara.

    Kawedaraken suraosipun makaten :

    Gunung agung segara serandil,

    Ingkang makaten punika namungbebasan.

    Katranganipun : andahaken pamarsudi dhateng kawruh ingkang

    linangkung ingkang mboten kenging dipun saranani ngakaltuwin

    43

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    44/80

    nalar, nanging kedah kagandengan kaliyan wahyu. Punika pancen

    ngrekaos sarta langkung ngrungil.

    Langit ingkang amengku buwana,

    Katranganipun : dununging kawruh kawicaksanan punika saget

    amengkoni sawarnaning kaperluan.

    Kawruhana ing ngartine,

    Tegesipun : sadaya wau mangertos sakingtegesipun.

    Gunung segara umung,

    Katranganipun : ubaling pancadriya ingkang tansah angambra-

    ambra.

    Guntur sirna amangku bumi,

    Katranganipun : nyirep ubaling pancadriya sampun ngantos tuwuh

    gagasan sakedhik kemawon.

    Duk kang langit buwana,

    Katranganipun : sadaya wau kakukut dados satunggal, jagad

    agung ginulung ing jagad alit.

    Dadya weruh iki,

    Mudya madyaning ngawiyat,

    Tegesipun : manawi mangertos dhateng ing nginggil wau nggihugi ngertos dhateng lampahing mangesthi (muja semedi) wonten

    ing satelenging cipta. Lajeng saget anuwuhaken kanusing

    kaalusanipun.

    44

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    45/80

    Katranganipun : Anedhahaken lenggahipun muja semedi punika

    kedah anjumenengaken wonten ing BENTAL MAKMUR.

    Sandhi-candhi sagara,

    Katranganipun : lajeng saget amikani kawontenaning alam :

    pancabaya ingkang isi wewujudanipun prabot kita ingkang dados

    bebegalan.

    Kaping 22 :

    Gunung luhure kagiri-giri,

    Segara agung datan pasama,

    Pan sampun kawruhan reke,

    Arta dayapuneku,

    Datan kena cinakrengbudi,

    Nanging kang sampun prapta,

    Ing kuasanipun,

    Angadeg tengahing jagad wetan kulon lor kidul,

    Mandhap myang nginggil,

    Kapurba wasesa.

    Kawedharaken katranganipun :

    Gunung luhure kagiri-giri,

    Segara agung datan pasama,

    Pan sampun kawruhan reke,

    Mangasrama ing gunung agung sabumi,

    45

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    46/80

    Katranganipun : Sarehning sapunika sampun mangertositegesipun

    babasan : redi ingkang inggilipun anggegirisi, sarta seganten

    ingkang wiyar tanpa watesan.

    Arta daya puneku,

    Datan kena cinakreng budi,

    Tegesipun : ingkang makaten wau anedhahaken panguaosipun

    sang arta daya (guru jati) boten kenging pinurba ing manungsa.

    Katranganipun : Dumadosing lelampahaning manungsa punika

    sadaya, kapurba dening sang guru jati. Dados paguaosipun sang

    guru jati wau mboten wonten ingkang nandingi agengipun .

    Nanging kang sampun prapta,

    Tegesipun : nanging manawi tumprap tiyang ingkang sampun

    aged dumugi ing ngayunanipun guru jati wau, (sapatemon).

    Ing kuasanipun,

    Tegesipun : anggadhahi daya pangertosan ingkang linangkung.

    Angadeg tengahing jagad,

    Katranganipun : tekatipun mboten ela-elu, sarta mboten gugon

    tuhon : nanging sampun gadhah katetepaning kawruh ingkang

    tumuju ing kaleresan.

    Wetan kulon lor kidul,

    Mandhap myang nginggil,

    Kapurba wasesa.

    Katranganipun : dados tumindaking tiyang wau, anggening badhe

    lumampah ngetan, ngaler, ngilen, ngidul , mandhap tuwin

    manginggil, naming nuruti sakkarsanipun piyambak. Nanging

    46

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    47/80

    karsanipun wau sampun dados paugeran ingkang leres, inggih

    punika wewaton dhawuhing sang guru jati.

    Kaping 23 :

    Bumi gunung segara myang kali,

    Sagung ingkang sesining bawana,

    Kasor ing arta dayane,

    Sagarasat kanggunung,

    Guntur sirna guwa samya ning,

    Singa wruh arta daya,

    Dadya teguh timbul,

    Lan dadi paliyas ing prang,

    Yen lelungan kang kapapag widi asih,

    Sato galaksuminggah.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Bumi gunung segara myang kali,

    Sagung ingkang sesining bawana,

    Tegesipun : menggah daya pigunanipun ; bumi, redi, seganten,

    lepen tuwin sedaya isen-isening bawana.

    Kasor ing arta dayane,

    Tegesipun :Sedaya wau pangupaosipun kawon kalian SANG GURU

    JATI.

    47

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    48/80

    Katranganipun : sedaya para titah wau wontenipun saget

    anggadhahi daya katarik saking kaprabawan daya pangupaosing

    pun Sang GuruJati.

    Sagara sat kang gunung,

    Ingkang makaten punikabebasan.

    Katranganipun : Sirnaning panca maya.

    Guntur sirna guwa samya ning,

    Katranganipun : kedah gegandhengan saget anyirep sekathahing

    suwanten sarana nutupi babahan hawa sanga punika sedaya ugisaking daya panguasosipun Sang GuruJati.

    Singa wruh arta daya,

    Tegesipun : pramila sinten ingkang saged sapatemon sang Guru

    Jati.

    Dadya teguh timbul,

    Tegesipun : saget wiyono tanpa japa mantra.

    Lan dadi paliyas ing prang,

    Tegesipun : tuwin ugi saget dados sarono panulaking supados

    mboten wonten paprangan .

    Yen lelungan kang kapapag widi asih,

    Tegesipun : manawi ngleresi kekesahan sinten ingkang kepethuk

    sami rumaos ering utawiwelas.

    48

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    49/80

    Tegesipun : upami ingkang kepethuk wau sato galak inggih lajeng

    sumingkir tiyambak.Jim peri perayangan padhawedi.

    Kaping 24 :

    Mendhak asih sakehing drubiksa,

    Rumeksa siyangdalune,

    Singa anempuh lumpuh,

    Tan tumama ing awak mami,

    Kang nedya tan raharja,

    Kabeh pan lebur,

    Sakehing nedya ala,

    Larut sirna kang nedya becikbasuki,

    Kang sinedya waluya.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Upami kepethuk jim peri perayangan inggih rumaos ajrih

    piyambak punapa malih sakathahing dubriksa, sami mendhak

    piyambak utawi rumaos welas, dados malah reumeksa sak rinten

    dalunipun, temahipun lumpuh piyambak, mboten saget tumama

    ing badan kita. Ingkang ngarah amrih pejah kita sadaya

    sampun dipun lebur dening pangeran. Sak kathahing tiyang

    ingkang semedya mandamel awon,sedaya ugi

    kasirnaaken.Namung ingkang sumedya sae saget lestari, amargi

    ketarik sakingadheping penggalih namung dhateng kawilujengan.

    Kaping 25 :

    Siang dalu rumeksa ingwidhi,

    Dinulur saking karseng hyangsukma,

    Sato galak suminggah.

    49

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    50/80

    Kaidhep ing janmaakeh,

    ran wikuning wiku,

    Wikan liring mujasemedi,

    Dadi sasedyanira,

    Mangunah linuhung,

    Peparap hyang Tega Lana,

    Kang kasempen yen tuwajuh,

    Jroningngati,

    Kalis ing panca baya.

    Kawedaraken suraosipun makaten :

    Siang dalu rumeksa ingwidhi,

    Tegesipun : salampah-lampahipun siyang tuwin dalu tansanh

    jinangkung dening pangeran. Katranganipun : Tansah dhumawah

    ing kaleresan.

    Dinulur saking karseng hyang sukma,

    Tegesipun : pagesanganipun saget sempulur saking berkahing

    pangeran.

    Kaidhep ing janma akeh,

    Tegesipun : linulutan ing janmo akeh (sesame).

    Aran wikuning wiku,

    Tegesipun : Ingkang kadunungan daya kados makaten punika

    kinging kawastanan guruning para guru.

    50

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    51/80

    Wikan liring muja semedi,

    Tegesipun : Amargi saget mangertos tuwin saget nindakaken

    trapipun muja semedi. Katranganipun : Sampun saget gambuhtuwin wicksanasaestu.

    Dadi sasedyanira,

    Tegesipun : punapa ingkang sakersanipun saget kadadosan.

    Katranganipun : Karsanipun tiyang ingkang sampun anggadhahi

    ngelmi punika mboten badhe nguja hawa kamurka- murkanipun.

    Nanging sampun saget anglenggahaken ingkang dados

    pramesthiyanipun.

    Mangunah linuhung,

    Tegesipun : tuwin saget andhatengaken mangunah ingkang utami

    inggih punika anggening tetulung dhateng sesami mboten

    amengku pamrih ing wusana ingkang dipun tulungi sarehning

    sampun legan penggalihipun lajeng nyaosi bebingah saking

    kersaning piyambak.

    Peparap hyang Tega Lana,

    Tegesipun : Tiyang wau kenging sinebat hyang Tega Lana.

    Katranganipun : sepisan, tiyang wau dedasaring penggalih tegan

    utawi iklas dhateng kadonyanipun. Kaping kalih, penggalihipun

    jujur tuwin tulus , mila ngantos paraban hyang Tega Lana.

    Kang kasempen yen tuwajuh,

    Jroning ngati,

    Tegesipun : Tiyang ingkang Aggadhahi ngelmi ingkang makaten

    wau manawi tekadipun saget tumemen ingsalaminipun.

    51

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    52/80

    Kalis ing panca baya.

    Tegesipun : Saget pinaringan linepataken ingpakewet.

    Kaping 26 :

    Yen kinarya atunggu wong sakit,

    Ejim setan datan wani ngambah,

    Rineksa malaekate,

    Nabi waliangepung,

    Sakeh lara padhasumingkir,

    Ingkang sedya mitenah,

    Marang awakingsun,

    Rinusak dening pangeran,

    Eblis lanak sato mara mara mati,

    Tumpes tapis sadaya.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Yen kinarya atunggu wong sakit,

    Tegesipun : menawi kangge anenggani tiyang sakit.

    Katranganipun : tiyang ingkang gadhah ngelmi wau salebetipun

    anenggani tiyang sakit kanthiamatrapaken semedi.

    Ejim setan datan wani ngambah,

    Tegesipun : Anggadhahi daya ejim setan lajeng boten purun

    ngambah ing griku.

    52

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    53/80

    Rineksa malaekate,

    Tegesipun : Amargi dipun reksa dening malaekatipun.

    Nabi wali angepung,

    Tegesipun : Nabi Wali punika minangka sanepaning prabot kita

    piyambak, dados sedaya prabot kita sami sayuk rumaket rumeksa.

    Sakeh lara padha sumingkir,

    Tegesipun : Sesakitipun wau lajeng sami sumingkir sadaya.

    Katranganipun : Katarik tiyang ingkang saget gambuh dhateng

    Gaib wau, ing wusana saget gampil angsaljampinipun.

    Ingkang sedya mitenah,

    Marang awakingsun,

    Tegesipun : Ingkang sumedya mitenah dhateng badanipun

    ingkang sakit wau .

    Rinusak dening pangeran,

    Tegesipun : Lajeng dipun lebur dening pangeran.

    Eblis lanak sato mara mara mati,

    Tumpes tapis sadaya.

    Ingkang makaten punika namung paribasan.

    Katranganipun : saking agenging dayanipun Gaib saget keneringan

    sagunging titah wusana saget teguh tuwin rahayu.

    53

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    54/80

    Ana kidung angidung ingwengi,

    Bebaratanduk ampreh winaca,

    Sang hyang Gurupangadeke,

    Lumaku sang Hyang Ayu,

    Alembehan asmaraening,

    Ngadek pangawak teja,

    Kang angidung iku,

    Yen kinarya angawula,

    Myang lelungan gusti gething dadi asih,

    Sato setansumimpang.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Ana kidung angidung ing wengi,

    Tegesipun : Wonten puji ingkang katindaken ing wanci dalu.

    Bebaratan duk ampreh winaca,

    Tegesipun : Tumindak salat daim.

    Katranganipun : Netra merem liyep-liyep adheping penggalih

    mungel : HU-ALLAH. Kanthi katurutaken lampahing napas ingkang

    malebet, tuwin medal saking grono ingkang ajeg.

    Sang hyang Guru pangadeke,

    Lumaku sang Hyang Ayu,

    Katranganipun : Gagasaning angen-angen sampun ngantos

    ngambyang-ambyang.

    Kaping 27 :

    54

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    55/80

    Alembehan asmara ening,

    Katranganipun : Melenging ciptasaranaeneng ening.

    Ngadek pangawak teja,

    Tegesipun : Patraping sariro jumeneng jejeg kados dene teja.

    Kang angidung iku,

    Tegesipun : ingkang nglampahi muji wau.

    Yen kinarya angawula,

    Tegesipun : Sasampunipun tumindak makaten wau ing saben dalu

    manawi kangge ngabdi.

    Myang lelungan gusti gething dadi asih,

    Sato setan sumimpang,

    Tegesipun : menawi kesah utawi ngabdi bendoro gething dados

    asih utawi manawi kapethuk sato tuwin setan sedaya wau sami

    sumingkir tiyambak.

    Kaping 28 :

    Sakathahing upas tawa sami,

    Lara raga waluya nirmala,

    Tulak tanggul kang manggawe,

    Duduk samya kawangsul,

    Akawuryansagunging sikir,

    Ngadam makmum sadaya,

    55

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    56/80

    Datan paja ngrungu,

    Pangucap lawan pangrasa,

    Myang tumingal kangsedya,

    Tumekeng napi,

    Pangreksaning malekat.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Sakathahing upas tawa sami,

    Tegesipun sadaya upas upasan ingkang angengenani ing sarirosami tawar.

    Lara raga waluya nirmala,

    Tegesipun sesakiting sariro tumunten saras kados ing wingi uni

    malih.

    Tulak tanggul kang manggawe,

    Tegesipun : amargi sampun dipun tulak utawi sampun mawi pager

    mila sesakitipun lajeng wangsul dhateng asalipun ingkang

    mendamel.

    Katranganipun : Tiyang ingkang gadhah ngelmi punika kenging

    kawastanan sariranipun sampun dipun pageri. Mila sinten ingkang

    sumedya ngawoni lajeng wangsul wonten ing margi.

    Duduk samya kawangsul,

    Tegesipun : upami dipun tuju duduk dening sanes ugi mboten

    saget dumugi nanging malah wangsul dateng ingkang ndamel.

    56

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    57/80

    Tegesipun : upami wonten tiyang ingkang nanduaken

    ngelmunipun sikir (sulap) lajeng mboten saget dados (cabar)

    amargi kawon daya.

    Ngadam makmum sadaya,

    Datan paja ngrungu,

    Pangucap lawan pangrasa,

    Myang tumingal kang sedya,

    Tumekeng napi,

    Tegesipun : sedaya tiyang ingkang ngangge ngelmi ngadam

    makdum, kadosta donga, puji, raos pangraos, tuwin ingkang

    ngempalaken ciptanipun, sedaya wau lajeng mboten paja-paja

    mangertos (ciptanipun mboten dados).

    Pangreksaning malekat.

    Tegesipun : daya ingkng ageng wau inggih punika wujuding

    pangreksanipun malaekat (pagering badan).

    Kaping 29 :

    Jabarail ingkang animbangi,

    Milanira katetepan iman,

    Pan dadya kendel atine,

    Ngijrailpunika,

    Kang rumeksa ing atisuci,

    Israfil dadi damar,

    Madhangi jro kalbu,

    Mikail kanga sung sandang,

    Akawuryan sagunging sikir,

    57

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    58/80

    Lawan pangan tinekan ingkang kinapti,

    Sabar lawan narimo.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Jabarail ingkang animbangi,

    Tegesipun : kejawi kaparingan daya saking panguaosanipun sang

    guruJatimalaikatJabarailugi animbangi paring daya.

    Milanira katetepan iman,

    Tegesipun : milanira tiyang wau saget kadunungan iman.

    Katranganipun : Penggalihipun tansah enget dhateng kaweningan.

    Pan dadya kendel atine,

    Tegsipun : ing wusana tekadipun lajeng dadossantosa.

    Ngijrail punika,

    Kang rumeksa ing ati suci,

    Tegesipun : Sucining penggalihipun wau katarik dipun reksa

    dening ngijroil.

    Israfil dadi damar,

    Madhangi jro kalbu,

    Tegesipun : Isrofil ingkang dados damaripun amadhangisalebetingpenggalih.

    Mikail kanga sung sandang,

    Lawan pangan tinekan ingkang kinapti,

    58

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    59/80

    Tegesipun : tuwin mikail ingkang paring sandhang tedha sarta

    saget andhatengaken punapa ing karsanipun.

    Sabar lawan narimo,

    Tegesipun : Nanging dedadosing penggalih kedah narimahan sarta

    sabar.

    Kaping 30 :

    Yahu datyeng pamujiningwengi,

    Bale alas sesakaning mulya,

    Kiran saka tengen nggone,

    Wana kerun kangtunggu,

    Saka kiwa gadanewesi,

    Nulak panggawe ala,

    Satru lawan mungsuh,

    Pangeretenga julriyal,

    Ander-ander kulhu balik linuwih,

    Ambalik lara raga.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Yahu datyeng pamujining wengi,

    Tegesipun : Ya, punika Muhammad, HU,: punika urip,DatyengPunika Allah. Dados sarananipun manawi dalu kanti amuji : YA,

    HU, ALLAH.

    Katranganipun : salat daim. Nanging manawi tumprap ing

    Kalijagan, mawi dipun tambahi Ya.

    59

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    60/80

    Bale alas sesakaning mulya,

    Tegesipun : Anggening muji shalat Daim wau, kanthi angawasaken

    pucuking grana, sarta anggumelengaken lebet wedaling napas,inggih punika tujuan ingkang mulya.

    Kiran saka tengen nggone,

    Tegesipun : Malaekat Kirun, manggen ing bolongan grana ingkang

    sisih tengen.

    Wana kerun kang tunggu,

    Saka kiwa gadane wesi,

    Tegesipun : dene Wana Kirun ingkang rumeksa ing bolongan grana

    sisih kiwa. Kanthi amundhi gada tosan katranganipu : godo tosan

    punika ing sejatosipun namung awujud daya.

    Nulak panggawe ala,

    Tegesipun : Panguaosing wana kirun wau, anulak pandamel

    ingkang sumedya ngawoni.

    Satru lawan mungsuh,

    Tegesipun : punapa malih satru tuwin mungsuh.

    Pangeretenga julriyal,

    Ingkang makaten menikasanepo.

    Katranganipun : Lampahing Sholat Daim wau, mawi gandhengan

    lampahing nupus, inggih punika angin ingkang anjok ing netra.

    60

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    61/80

    Katranganipun : Ingkang dipun sanepaaken ander-ander punika

    Githok. Dados malebeting angin ing grana manawi sampun

    dumugi ing tenggok lajeng kaputera manginggil anjogipun

    dhateng ing netra wau. Makaten wau wongsal-wangsul, inggihpunika puji ingkang linangkung.

    Ambalik lara raga.

    Tegesipun : saget amangsulaken sesakiting badan.

    Kaping 31 :

    Dudur molo teng ayatul kursi,

    Lungguh ing surat ngam-ngam,

    Pangleburan lara kabeh,

    Usuk-usuk ing luhur,

    Ingkang aran wesi ngalarik,

    Nenggih nabiMuhammad,

    Kang wekasan iku,

    Atungguratrilansiang,

    Kenedhepan ingtumuwuh padha asih,

    Tundhuk mendhak marang wang.

    Kawedharaken suraosipun makten :

    Dudur molo teng ayatul kursi,

    Ingkang makaten punika sanepan.

    Katranganipun : Anedhahaken palenggahan ing ngaras kursi utawi

    Bental Makmur. Dados perlu kajumenengaken ing griki.

    Ander-ander kulhu balik linuwih,

    61

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    62/80

    Lungguh ing surat ngam-ngam,

    Katranganipun : Ingkang anggadhahi panguaos ageng wau

    lenggahipun wonten salebeting jantung.

    Pangleburan lara kabeh,

    Tegesipun : dayanipun saget dados panulaking sadaya sakit.

    Usuk-usuk ing luhur,

    Katranganipun : Rencana ingkang dumunung ing nginggil ingging

    menika ubaling panca driya.

    Ingkang aran wesi ngalarik,

    Katranganipun : menika dipun wastani sak golongan dumunung

    ingangen-angen.

    Nenggih nabi Muhammad,

    Katranganipun : miturut hakekating ngelmi : CAHYA.

    Kang wekasan iku,

    Tegesipun : Cahya wau ingkang saget amungkasi sakathahing

    rencana.

    Atunggu ratri lan siang,

    Tegesipun : kauwajibanipun reumeksa ing siang dalu.

    Kenedhepan ingtumuwuh padha asih,

    Tegesipun : Anggadhahi daya dipun luluti sagunging tumuwuh

    padha welas asih.

    62

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    63/80

    Tundhuk mendhak marang wang.

    Tegesipun : sami ruamaos ering utawi ajrih dhateng kita.

    Kaping 32 :

    Satru mungsuh mundur padhawedi,

    Sami dhanganeng betal mukadas,

    Tulak balik pangreksane,

    Pan nabi patangpuluh,

    Paring wahyu mring awak mami,

    Apan nabi wekasan,

    Sabda nabi Dawud,

    Apetak Bagendha ambyah,

    Kenaweden belis laknat lawan ejim,

    Tan ana wani perak.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Satru mungsuh mundur padha wedi,

    Tegesipun : inggih punika satru tuwin mengsah sami mundur

    rumaos ajrih.

    Sami dhanganeng betal mukadas,

    Tegesipun : Punapa malih manawi kita anjumenengaken wonten

    ing bental mikadas.

    63

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    64/80

    Tegesipun : Ugi rumeksa anulak dhateng satru tuwin mengsah wau

    sami wangsul piyambak.

    Pan nabi patang puluh,

    Katranganipun : Ingkang katembungaken nabi punikasanepanipun

    prabot kita piyambak inggih punika anasir 4 prakawis.

    Paring wahyu mring awak mami,

    Katranganipun : sami urun daya mahanani wujuding sariro

    saprabotipun.

    Apan nabi wekasan,

    Tegesipun : NambiMuhammad.

    Katranganipun : Cahyo ingkang rumuhun piyambak punika dados

    kekandhanganing wijinipun manungsa.

    Sabda nabi Dawud,

    Tegesipun : Sabda ingkang luhur punika dipun sanepaaken NabiDawud

    Katranganipun : SabdaKUN.

    Apetak Bagendha ambyah,

    Katranganipun : Anedhahaken agenging panguaosipun sang sabda

    kun saget angrampungi ing dame inggih punika saget amardeng

    titah namungsaranasabda kemawon.

    Kinaweden belis laknat lawan ejim,

    Katranganipun : Pakaryanipun sang sabda wau mestidadosipun.

    Tulak balik pangreksane,

    64

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    65/80

    Tan ana wani perak.

    Tegesipun : Sedaya wau mboten wonten ingkang wani celak.

    Katranganipun : Kawon dayaprabowo.

    Kaping 33 :

    Pepayone godhong dhukut langit,

    Tali barat kumendhung ing tawang,

    Tinundha tan katon mangke,

    Arajek gunungsewu,

    Jalasutra ing luhur mami,

    Kabeh padha rumeksa,

    Angadhangi mungsuh,

    Anulak panggawe ala,

    Lara roga sumingkir kalangkungtebih,

    Luput kang wisa guna.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Pepayone godhong dhukut langit,

    Tegesipun : Ingkang makaten punika ibarate ngelmi anedhahaken

    dumadosing anasir sejati. Inggih punika : SURYA, CANDRA, TUWIN,

    KARTIKA.

    Tali barat kumendhung ing tawang,

    Katranganipun : Swasana.

    65

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    66/80

    Tinundha tan katon mangke,

    Tegesipun : Anasir wau namung kapendhet sarinipun kemawon,

    dados boten katingal wujudipun lugunipun, nangin sampun santunwarni wujud cahya.

    Arajek gunung sewu,

    Tegesipun : Anedhahaken santosaning kedadosan (santosaning

    piyandel).

    Jala sutra ing luhur mami Kabeh padha rumeksa,

    Tegesipun : Sadaya wau sami rumeksa ing kawilujengan.

    Angadhangi mungsuh,

    Tegesipun : ingkang nulak manawi wonten mengsah andhatengi.

    Anulak panggawe ala,

    Tegesipun : utawi anulak ingkang sumedya mendamel awon.

    Lara roga sumingkir kalangkung tebih,

    Tegesipun : tumpraping sesakit ingkang tumuju dhateng sariro

    sami sumingkirtebih.

    Luput kang wisa guna,

    Tegesipun : Sanajan dipun gunani ing japa mantra tuwin kengingwisa, inggih mboten saget tumama.

    Kaping 34 :

    Gunung sewu dadya pager mami,

    66

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    67/80

    Katon murub kang samya tumingal,

    Sakeh lara sirna kabeh,

    Luputing tujuteluh,

    Taragyanatenung jalengki,

    Bubar ambyarsuminggah,

    Sri sadana lulut,

    Punika sih rahmatullah,

    Rahmat jati jumeneng wali jasmani,

    Iya sang jati mulya.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Santosaning piyandel kala wau kaupamaaken kados dene gadhah

    pager gunung sewu. Sinten ingkang mirsani dhateng kita katingal

    murub. Sakathahing sesakit sirna sadaya, sarta linepataken saking

    ing tuju, teluh, taragyana, tenung, jalengki ( bangsaning

    brekasakan). Sami minger andhelik ing panggenanipun piyambak-piyambak. Namung Sri Sadana (lampahing sandhang tedha)

    ingkang sih lulut menggah ingkang mekaten punika tegesipun :

    namung sih rahmatullah inggih rahmat jati. Punika ingkang

    sejatosipun ingkang jumeneng Pangeraning Raga inggih peparab

    SANG JATIMULYA.

    Kaping 35 :

    Ingaranan RaraSubaningsih,

    Katumingal samya sih sedaya,

    Kedhep saparipolahe,

    Ken lara sirna larut,

    67

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    68/80

    Tan tumama ing awak mami,

    Kang sangar dadi tawar,

    Kang gething sih lulut,

    Saking dhawuh sipat rahman,

    Iya rahmad rahayu rineksa neki,

    Saranakangge methak.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Inggih punika dipun wastani Rara Subangsih (samading Pangeran)sinten ingkang mirsani sami asih sadaya.Satindak-tandukipun

    dipun remeni ingakathah.

    Kathah sakit sami sirna larut, boten saget tumama ing badan kita.

    Siti ingkang sangar dados tawar, sinten ingkang gething dados

    tresna.

    Sedaya wau katarik saking daya sabda pangandikaning ingkang

    sipat Rahman (langgeng).

    Inggih sipat Rohmad ingkang rumeksa dhateng karahayon.

    Sinten ingkang kepengin kadunungan daya ingkang makaten wau,

    sarananipun anglampahi methak.

    Kaping 36 :

    Yen lumampah kang mulat awing wring,

    Singa barong kang padha rumeksa,

    Gajah meta neng wurine,

    Macan gembong ing ngayun,

    68

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    69/80

    Nagarajaing kanan kering,

    Singa mulat jrih tresna,

    Jim setan lawan manusa,

    Padha kedhep teluh lawan hantubumi,

    Ajrih lumayu ngindhar.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Manawi angleresi lumampah ingkang mirsa rumaos giris.

    Bebasanipun singa barong sami rumeksa, gajah ingkang saweg

    ngamuk ingkang rumeksa ing wingking, sima gembong ing

    ngajeng. Rajane sawer ingkang wonten ing kiwatengen.

    Dados sinten ingkang mirsa dhateng kita rumaos ajrih kaliyan

    tresna.

    Jim setan, sesamining tiyang sedaya sami kedhep,paneluhan tuwin

    hantu bumi sami lumajeng sipat kuping.

    Kaping 37 :

    Yen sumimpen tawa barang kalir,

    Upas bruwang racun banjur sirna,

    Temak kalis sabarang reh,

    Jemparingtowokputung,

    Pan angleyang tumibeng siti,

    Miwah saliring braja,

    Tan tumama mringsun,

    Cendhak cupet dawa tuna,

    69

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    70/80

    Miwah sambaing setan tenung padha bali,

    Kedhep wedi maring wang.

    Kawedaraken suraosipun makaten :

    Tumprap ingkang anggadhahi ngelmi wau, sanadyan mboten

    kaesthi, ugi sampun anggadhahi daya tawa sakaliring upas, racun

    trawang sedaya sami sirna wisanipun. Ing wusana saget kalis

    dhateng samukawis sipatdamel.

    Upami dipun jemparing, dipun towok, sami putung lajeng samiangleyang dhawah ing siti. Tuwin sakkathahing dedamel boten

    tumama dhateng badhan kita .

    Ingkang dedamelipun celak cupet, ingkang panjang mboten

    dumugi, tuwin tumprap setan, tenung sami wangsul piyambak.

    Sami rumaos ajrih asih dhateng kita.

    Kaping 38 :

    Ana peksi mangku bumi langit,

    Manuk iku indah warnanira,

    Sagoro erob wastane,

    Uripe manuk iku,

    Amimbuhi ing jagad iki,

    Warnanipun sekawan,

    Sikile wawolu,

    Kulite iku sarengat,

    Getihipun tarekat ingkang sejati,

    70

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    71/80

    Ototipun hakekat.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Ana peksi mangku bumi langit,

    Ingkang ngaten menika sualaning ngelmi,

    Katranganipun : Ingsun : inggih punika panguaosipun amurba

    bumi tuwin langit.

    Manuk iku indah warnanira,

    Katranganipun : Wujuding cahya nukat Gaib (wiji ingkang samar).

    Sagoro erob wastane,

    Katranganipun : Dumunung ing jagad sunya ruri.

    Uripe manuk iku, Amimbuhi ing jagad iki,

    Katranganipun : Ingsun wau gesangipun saged murakabi ing jagad

    sak isinipun sadaya.

    Warnanipun sekawan,

    Katranganipun Anasir 4 prakawis ingkang minangka embanan.

    Sikile wawolu,

    Katranganipun : Roh ilapi punika, Anggadhahi sorot 8 prekawis

    ingih punika : Cahya :1. cemeng,2. abrit, 3. Jene, 4. pethak, 5.

    ijem. 6. ijem nem, 7. jambon, 8. wungu.

    71

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    72/80

    Katranganipun : Anedhahaken praboting ngelmi kedah mawi

    sarengat (tumindak raga).

    Getihipun tarekat ingkang sejati,

    Katranganipun : praboting ngelmi kedah mawi tarekat (lampahinh

    manah).

    Ototipun hakekat,

    Katranganipun : praboting ngelmi kedah mawi tarekat (lampahinh

    jiwa).

    Kaping 39 :

    Dagingipun makripat sejati,

    Cucukipun sejatining sadad,

    Eledan tokid wastane,

    Ana dene kang manuk,

    Pupusuhe supiyah nenggih,

    Amperune amarah,

    Mutmainah jantung,

    Luamah wadhuke ika,

    Manuk iku anyawa papatwinilis,

    Nenggih manukpunika.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Dagingipun makripat sejati,

    Kulite iku sarengat,

    72

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    73/80

    Katranganipun : Praboting ngelmi kedah mawi makripat

    (lampahing raos).

    Cucukipun sejatining sadad,

    Katranganipun : Kapitadosanipun panggalih angesthi kempaling

    kawula-gusti.

    Eledan tokid wastane,

    Katranganipun : Dedasaring tekatipun mawitokid.

    Ana dene kang manuk,

    Pupusuhe supiyah nenggih,

    Katranganipun : Wondene praboting manungsa

    1. panggenanipun ing limpa.

    ; hawa nepsu.

    Amperune amarah.

    Katranganipun :

    2. Amarah : pamanggenipun ing rempelo.

    Mutmainah jantung.

    Katranganipun :

    3. Mutmainah : pamanggenipun ingginjel.

    Luamah wadhuke ika.

    Katranganipun :

    4. Aluamah : Pamanggenipun ing wadhuk.

    73

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    74/80

    Manuk iku anyawa papat winilis,

    Nenggih manuk punika.

    Katranganipun : Manungsa punika anggadhahi roh 4 perkawis

    inggih punika : 1. Roh Jasmani, 2. Roh Nurani, 3. Roh Nabati, 4.

    Roh Hewani.

    Kaping 40 :

    Uninipun Jabarailsinggih,

    Socanipun punika kumala,

    Anetra wulansrengege,

    Napas Nurani iku,

    Grananipun tursina nenggih,

    Angaup soring aras,

    Karma kalihipun,

    Ing gunung arpatpunika,

    Uluwiyah ingloh kalam wastaneki,

    Ing gunng manik maya.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Uninipun Jabarail singgih,

    Katranganipun : Manungsa punika pangandikanipun ingkangrumeksa Jabarail.

    74

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    75/80

    Katranganipun : Manikipun manik kumala inggih punika

    jumenengipun sang guru jati.

    Anetra wulan srengege,

    Katranganipun : Ingkang jumeneng wonten ing netra punika cahya

    NurMuhammad.

    Napas Nurani iku,

    Katranganipun : Roh nurani punika pamanggenipun ing napas.

    Grananipun tursina nenggih,

    Tegesipun : Grana punika ibaratipun gunung Tursina.

    Angaup soring aras,

    Tegesipun : Dumunung sangandhaping pangarasan.

    Karma kalihipun,

    Ing gunung arpat punika,

    Katranganipun : Karna kalih punika ibaratipun redi Arpat.

    Uluwiyah ingloh kalam wastaneki,

    Ing gunng manik maya.

    Katranganipun : Uluwiyah punika papan wiyar ingkang padhang,

    ingkang jumeneng kawastanan ingsun.

    Kaping 41 :

    Ana kidung akadang premadi,

    Among tuwuh ing kawasanira,

    Socanipun punika kumala,

    75

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    76/80

    Nganakaken sakciptane,

    Kakang kawahpunika,

    Kang rumeksa ing wak mami,

    Anekaaken sedya,

    Ing kawasanipun,

    Adhi ari-ari,

    Kang mayungi ing laku kawasaneki,

    Anekaaken pangarah.

    Kawedharaken suraosipun makaten:

    Wonten puji tumprap dhateng sedherek kita piyambak. Menggah

    kuawajibanipun amomong dhateng gesang kita. Inggih punika

    ingkang saget angawontenipun sacipta kita.

    Kadosta : Kakang kawah punika ingkang rumeksa ing badan kita.Anggadhahi panguaos saget andhatengaken ing karsanipun. Adhi

    ari-ari punika kuaosipun angayomi ing salampah-lampah kita,

    saget andhatengaken ing panggayuh kita.

    Kaping 42 :

    Punang getih ing raina,

    Ngrerewangi Allah kang kuwasa,

    Andadeaken kersane,

    Puser kawasanipun,

    Nguyu-uyu sabawa mami,

    Nuruti ing panedha,

    76

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    77/80

    Kawasani reku,

    Jangkepkadangingsun papat,

    Kalimane pancer wus dadi sawiji,

    Tunggal sawujuding wang.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Dene tumprap erah, atas kuasanipun Gusti Allah, ing sarinten

    dalunipun angrerencangi andadosaken punapa ingkang

    sakersanipun. Tumprap puser kuasanipun nguyun-uyun ing sak

    solah bawa kita, inggih punika anuruti ing panyuwun kita. Sampunjangkep panguasanipun sedherek kita sekawan. Jangkepipun

    gangsal dumunung ing pancer sampun dados satunggal kempal

    kaliyan wujud kita.

    Kaping 43 :

    Yeku kadangingsun kang umijil,

    Saking marga ina sareng samya,

    Sadina aworenggone,

    Sakawan kadangingsun,

    Ingkang ora umijilsaking,

    Marga inapunika,

    Kumpule lan ingsun,

    Dadya makdum sarpin sira,

    Wewayangan ing dad samya dadya kanthi,

    Saparandatan pisah.

    77

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    78/80

    Sederek kita ingkang sekawan, inggih punika : ingkang lair sareng

    sedinten saking ing marga ina (Baga). Wondene ingkang mboten

    medal ing marga ina piyambakipun dados makdum sarpin.Jumenengipun dados wewayangan kita, sedaya wau saget dados

    rencang, dhateng pundi purug kita mboten pisah.

    Kaping 44 :

    Yen angidung poma den memetri,

    Memule sega golong lima,

    Takir ponthang wewadhahe,

    Ulam-ulamanipun,

    Ulam Tasik rawa lan kali,

    Ping pat iwak bengawan,

    Mawa gantal ku,

    Rong supit binungkus samya,

    Apan dadi nyawungkus artasadhuwit,

    Sawungkuse punika.

    Kaping 45 :

    Tumpangnya neng ponthangnya,

    Dadya limang wungkus semi ponthang lima,

    Simung sekarcempakane,

    Lorosaponthangipun,

    Kembang boreh dupa way lali,

    Memetri ujub ira,

    DonganiraMahmud,

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    78

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    79/80

    Poma dipun lakonana,

    Saben dina nuju kelairan neki,

    Agung sawabe ika.

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Sinten ingkang nindaaken pujian angesti dhateng sedherekipun

    piyambak wau, manawi ngleresi dinten tingalanipun, mugi damel

    kawilujengan, memetri utawi amemule sekul golong gangsal jodho

    dipun wadhahi takir ponthang dados gangsal takir. Dene ulam-

    ulamipun, ulam loh ingkang wedalan : Tasik, l epen,tuwin

    bengawan. Sarta mawi sekar gantal kalih supit dipun wungkusi

    dados gangsal. Ing sawungkusipun dipun sukani arta sabribil,

    lajeng katumpangaken ing takir pontang wau. Tuwin malih dipun

    sukani sekar cempaka. Mugi sami dipun lampahono ageng

    sawabipun.

    Kaping 46 :

    Balik lamun nora den lakoni,

    Kadangira pan padha ngrencana,

    Temah ura sakciptane,

    Sasedyanira wurung,

    Lawan luput sak ngarah neki,

    Akarepira wigar,

    Gagar datan antuk,

    Saking kurang temenira,

    Madhep laku iku den awas deneling,

    Tamat ingkang kidungan.

    79

  • 7/21/2019 Serat Kidungan Kaweda3

    80/80

    Kawedharaken suraosipun makaten :

    Kosok wangsulipun manawi mboten dipun lampahi wilujenganwau, sedherek gangsal lajeng angrencana.

    Amargi mboten dipun sumerapi inggih punika saget kedadosan

    pikiranipun lajeng ura mboten kanten-kantenan. Ing wusana

    punapa ingkang dipun gayuh lepat, tuwin punapa kersanipun

    wigar, mboten sagetdumugen.

    Menggah kedadosan ingkang makaten wau namung saking kirangtemenipun dating piwulang. Mila ngagesang wajib madhep manteb

    dhateng lampah, nanging kedah kanthi lampah awas tuwin enget.

    Dugi samanten sampun tamat ingkang kawastanan.