Text Mc Ahad Legi

Embed Size (px)

DESCRIPTION

Text Mc Ahad Legi

Citation preview

Assalamualaikum wr

Assalamualaikum.wr.wb.Alhamdulillah hirrobbil alamin. Robbi rohli sodri wayasirli amri, wahlul ukdatan millisani yafkohu qouli.Amabadu.Bapak...........................saking.............................ingkang kula hormati, Bapak/ibu pengaosan ahad legi ingkang kula hormati, saha adik-adik ingkang kula tresnani.Langkung rumiyin mangga kita tansah ngaturaken puji syukur Alhamdulillah dhumateng Allah swt ingkang sampun paring rahmat, hidayah saha inayahipun dhumateng kula panjenengan sami saengga kito saged kempal wonten ing Masjid Al Islam menika kagem nindakaken pengaosan ahad legi wonten ing ndalu meniko.Mboten kesupen sholawat saha salam mangga kito tansah konjukaken dhumateng nabi besar Muhammad saw. Ingkang sampun dadhos suri tauladhan dumateng kula panjenengan sami.Jamaah pengaosan Rahimakumullah.Keparenga kula maosaken reroncening acara ing ndalu menika, Acara ingkang kaping:pambukaKalam illahi ingkang badhe dipun slirani dening sederek.................Wedhar pangandikan saking sesepuh Takmir.wosing pengaosan ingkang samangke badhe medhar sabda inggih menika Bpk.................................saking.................Lain-lainPanutupMenika wau acara ingkang badhe dipunlampahi wonten ing ndalu menika. Mangga acara ing ndalu menika kita bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.______(bismillahirohmanirohim). Matur nuwun mugi-mugi kanthi waosan basmallah sewau acara pengaosan ing ndalu menika sageta lumampah kanthi lancar lan manfaat.Nyandak acara kaping kalih inggih menika waosan kalam Illahi ingkang badhe dipun slirani dening sederek.............................., dhumateng sederek....................................... kula sumanggaaken.___________Matur nuwun dhumateng sederek ........................, ingkang sampun maosaken kalam Illahi. Mugi-mugi amal kasaenanipun sederek..............................angsal pahala saking Allah swt, lan kula panjenengan sami ingkang midhangetaken tambah iman lan taqwanipun.Acara ingkang kaping 3 inggih menika Wedhar pangandikan saking sesepuh Takmir masjd Al-Islam, dhumateng bapak...........................................minangka sesepuh takmir masjid kula sumanggaaken.__________Matur nuwun dhumateng bapak...........................ingkang sampun paring pangandikan.Kalajengan acara ingkang kaping 4 inggih menika wosing pengaosan. Dhumateng bapak.........................saking.............................kula sumanggaaken.______________Matur nuwun dhumateng bapak.......................................mugi-mugi amal kasaenanipun bapak...............................angsal pahala saking Allah swt. Lan kita ingkang midhangetaken angsal ilmu ingkang manfaat.Acara ingkang kaping 5 inggih menika lain-lain.

(Acara lain-lain wonten ing dhalu menika badhe dipun slirani dening......( grup rebana Ibu-ibu / Pemuda jamaah masjid Al Islam Gayam ).Mboten ngirangi angginipun panjenengan ngrahapi unjukan lan dhaharan acara kita lajengaken. Acara ingkang kaping 6 inggih menika panutup.Ananging sakderengipun acara kita tutup. Kula selaku pembawa acara wonten ing ndalu menika, menawi wonten klenta-klentu anggenipun kula ndherekaken acara kula nyuwun agunging pangapunten. Monggo acara ing ndalu menika kita tutup kanthi waosan hamdallah sesarengan.

Wassalamualaikum.wr.wb.( Alhamdulillah, infak ing ndalu menika angsal ..................................)