Upload
buitu
View
233
Download
0
Embed Size (px)
Citation preview
i
i
8891011910
TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE
KALIYAN TIYANG SEPUH
SKRIPSI
SISWANTI
NPM 06430030
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
ii
ii
8891011910
TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYANTIYANG SEPUH
SKRIPSI
Kaajukaken minangka salah satunggaling syarat kagem ngrampungaken
pawiyatan lan nggayuh titel Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa
IKIP PGRI Semarang
SISWANTI
NPM 06430030
FAKULTAS PENDIDIKAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
iii
iii
8891011910
SKRIPSI
TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYANTIYANG SEPUH
kasusun lan dipunajokaken deningSiswanti
NPM 06430030
Sampun dipunsarujuki dening pembimbing kanggedipunujikaken ing Dewan Penguji
surya kaping
Pembimbing I Pembimbing II
Nanik Setyawati, S.S., M.Hum Alfiah, S.PdNPP 997101150 NPP 077401193
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENIIKIP PGRI SEMARANG
iv
iv
8891011910
SKRIPSI
TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYANTIYANG SEPUH
Ingkang kasusun lan dipunajokaken deningSiswanti
NPM 06430030
sampun dipertahanaken ing ngajeng Dewan Pengujiing Surya Kaping
lan dipunnyatakaken sampun njangkepi syarat
Dewan Penguji
Ketua, Sekretaris,
Dra. Sri Suciati, M.Hum. Drs. Harjito, M.Pd.NIP 19650316 199003 2 002 NPP 93501103
Penguji INanik Setyawati, S. S., M. Hum. (..................................................)NPP 997101150
Penguji IIAlfiah, S.Pd (..................................................)NPP 077401193
Penguji IIIBambang Sulandjari (..................................................)NPP 077001187
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENIIKIP PGRI SEMARANG
v
v
8891011910
SESANTI LAN PISUNGSUNG
SESANTI
“lamun sira kepengin wikan marang alam jaman kalanggengan,Sira kudu weruh alamira pribadi
Lamun sira durung mikani alamira pribadi adoh ketemune”
(jikalau engkau ingin mengetahui alam abadi,Engkau harus mengenal alam pribdimu.
Kalau engkau belum mengetahui alam pribadimu,Masih jauhlah alam abadi dari dirimu)
PISUNGSUNGMaturnuwun dhumateng :
1. Bapa lan biyung ingkang tansah kula tresnanilan ingkang tansah paring kula motivasi dhatengkula.
2. Garwa ingkang tansah dados panglipur lantansah paring motivasi sahingga skripsi punikasaged karampungaken kanthi sae.
3. Kang mas lan mbakyu sakulawarga ingkangsetya paring motivasi.
4. Kagem lare kula Wildan Antariksawan Santosoingkang dados inspirator kula.
5. Sobat kula Siti Fathonah lan Tri Sumarliningkang tansah paring kula informasi.
6. Sedaya kanca-kanca kelas VIII A ingkangtansah biyantu kula ngrampungaken skripsipunika.
vi
vi
8891011910
ATUR CECALA
Puji syukur panyerat aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang murbeng
dumadi amargi sampun paring panyerat kawilujengan, dene panyerat saged
ngrampungaken skripsi punika kanthi sae.
Skripsi punika kasusun minangka jejibahan kagem nggayuh gelar Sarjana
Pendidikan ing Fakultas Bahasa Dan Seni Jurusan Pendidikan Bahasa Dan Satra
Jawa IKIPPGRI Semarang. Skripsi punika minangka panaliten babagan tindak
tutur ingkang nggadhahi unggah-ungguh.
Skripsi punika kanthi irah-irahan “Tndak Tutu ring Gineman antawisipun
Lare Kaliyan Tiyang Sepuh” punika boten bakalsaged karampungaken kanthi sae
menawi boten wonten bimbingan, arahan, pitedah saking sedaya pihak ingkang
sampun dherek nyengkuyung panyerat anggenipun ngrampungaken skipsi punika:
1. Bapak Muhdi, M. Hum., minangka rektor IKIP PGRI Semarang ingkang
sampun ngeparengaken kangge ngangsu kawruh ing pawiyatan luhur..
2. Dra. Sri Suciati, M. Hum., minangka Dekan FPBS ingkang sampun paring
kegangsaran anggenipun ngrakit skripsi.
3. Ibu Dra. H. R. Utami, M. Hum., minangka ketua program studi bahasa dan
sasta jawa ingkang tansah nyemangati dhateng para mahasiswa.
4. Ibu Nanik Setyawati, S. S, M. Hum., lan Ibu Alfiah, S.Pd minangka dosen
pembimbing inkang sampun ngalodhangaken wekdalipun kangge mbimbing
lan paring pengarahan dhateng panaliti wiwit awal dumugi skripsi saged
karampungaken.
5. Bapak saha ibu ingkang sampun paring motivasi amrih skripsi enggal
dipunrampungake.
6. Garwa lan lare kula ingkang tansah paring panjurung amrih skripsi punika
enggal dipunrampungaken.
7. Sedaya pihak ingkang boten saged kasebataken setunggal baka setunggal.
vi
vii
vii
8891011910
Panaliti nggadhahi pangajab mugi-mugi skripsi punika wonten
mupangatipun dhateng pamaos.
Semarang, Juli 2010
Panyerat
viii
viii
8891011910
SARI PATHI
Nama: Siswanti 06430030. “Tindak Tutur ing Gineman antawisipun Lare kaliyanTiyang Sepuh”. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. Progam StudiBahasa dan Sastra Jawa. 2010. Pembimbing I Nanik Setyawati, S.S,M.Hum lan Alfiah S.Pd.
Tembung wos: Tindak tutur; lare kaliyan tiyang sepuh.Basa mujudaken piranti komunikasi ing sesrawungan saben dinten.
Rikala tiyang gineman, kejawi merhatosaken kaidah-kaidah tata basa, ugi kedahmerhatosaken sinten tiyang ingkang dipunjak gineman. Gineman kaliyan tiyangsepuh punika benten kaliyan gineman dhateng lare alit utawi kanca. Menawigineman kalih lare alit utawi kalih kanca padatan ngginakaken basa jawi ngoko,ananging menawi gineman kaliyan tiyang sepuh kedah merhatosaken tembung-tembung ingkang dipunginakaken lan merhatosaken unggah-ungguh.
Adhedhasar pawadaning pamilihing irah-irahan kasebat, pramilaprakawis ing panaliten inggih punika kados pundi wujud tindak tutur ingkangdipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh?. Ancasing panaliteninggih punika mangertosi wujud tindak tutur ingkang dipunginakaken lare nalikagineman kaliyan tiyang sepuh. Kanthi boten langsung panyerat pikanthuk kawruhbabagan tindak tutur.
Mugi-mugi skripsi punika nggadhahi mupangat mliginipun kagempanyerat lan bebrayan ingkang maos skripsi punika. Kanthi maos saged nambahkawruh babagan tindak tutur.
Obyek panaliten punika awujud ginemanipun lare kaliyan tiyang sepuh.Panaliten punika badhe naliti tindak tuturipun lare nalika gineman kaliyan tiyangsepuh menawi dipunpriksani miturut jinising tindak tutur. Teknik ingkang badhedipunginakaken kagem nganalisis dhata inggih punika metode padan pragmatis,kagem nganalisis dipunginakaken teknik pilah unsur penentu dengan daya pilahsebagai pembeda reaksi dan kadar keterdengaran. Teknik kangge ngempalakendhata kanthi cara simak lan cathet.
Asilipun panaliten saged dipunmangertosi bilih ing ginemanipun larekaliyan tiyang sepuh, ukara-ukaranipun dipunpriksani miturut jinising tindaktutur.
Sasampunipun ngawontenaken panaliten, panyerat paring dudutan bilihjinising tindak tutur ingkang dipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiyangsepuh punika wonten gangsal inggih punika Asertif (representative), Ekspresif(evaluatif), Direktif (impositif), Komisif, Deklarasi, lan unggah-ungguh ingkangdipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiysng sepuh katingal sakingtembung-tembung ingkang dipunginakaken lan tindak tuturipun. Pamrayogiingkang saged kaaturaken kagem lare-lare bilih nalika gineman kaliyan sepuhipunutawi tiyang dipunanggep langkung sepuh kedah merhatosaken tembung-tembungingkang dipunginakaken, nalika gineman kaliyan tiyang sepuh ugi kedahnerapaken tata karma, etika lan sopan santun, kagem para pamaos supados sagedmilih tembung-tembung ingkang kados pundi ingkang jumbuh kaliyan kahanangineman.
ix
ix
8891011910
ABSTRAK
Nama: Siswanti 06430030. “Tindak Tutur ing Gineman antawisipun Lare kaliyanTiyang Sepuh”. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. Progam StudiBahasa dan Sastra Jawa. 2010. Pembimbing I Nanik Setyawati, S.S,M.Hum lan Alfiah S.Pd.
Kata kunci: Tindak tutur; lare kaliyan tiyang sepuh.Basa merupakan alat komunikasi didalam pergaulan setiap hari. Ketika
orang berbicara, selain mmperhatikan kaidah-kaidah tata bahasa, juga harusmemperhatikan siapa orang yang diajak berbicara. Berbicara dengan orang tuaberbeda jika berbicara dengan anak kecil atau teman. Jika berbicara dengan anakkecil atau teman biasanya menggunakan bahasa jawa ngoko, tetapi jika berbicaradengan orang harus memperhatikan kata-kata yang digunakan dan memperhatikanunggah-ungguh.
Berdasarkan alasan pemilihan judul diatas, maka permasalan yang adadidalam penelitian tersebut adalah bagaimana wujud tindak tutur yang digunakananak ketika berbicara dengan orang tua? Tujuan penelitian adalah mengetahuiwujud tindak tutur yang digunakan anak ketika berbicara dengan orang tua. Tanpadisadari penulis mendapat pengetahuan tentang tindak tutur.
Semoga skripsi ini bermanfaat bagi peneliti pada khususnya danmasyarakat yang membaca skripsi ini. Dengan membaca dapat menambah ilmupengetahuan mengenai tindak tutur.
Objek penelitian tersebut berupa perbincangan anak dengan orang tua.Penelitian tersebut akan meneliti tindak tutur anak ketika berbicara dengan orangtuajika dilihat menurut jenis tindak tutur. Teknik yang akan digunakan untukmenganalisis data adalah metode padan pragmatis, untuk menganalisismenggunakan teknik pilah unsur penentu dengan daya pilah sebagai pembedareaksi dan kadar keterdengaran. Teknik untuk mengumpulkan data dengan caramenyimak dan mencatat.
Hasil penelitian dapat diketahui bahwa didalam perbincangan antara anakdengan orang tua, kalimat-kalimatnya dilihat dari jenis-jenis tindak tutur.
Sesudah melakukan penelitian penulis memberi kesimpulan jika jenistindak tutur yng digunakan anak ketika berbicara dengan orang tua dibagi menjadilima yaitu Asertif (representative), Ekspresif (evaluatif), Direktif (impositif),Komisif, Deklarasi, dan unggah-ungguh yang digunakan anak jika sedangberbincang dengan orang tua terlihat dari kata-kata yang digunakan dan tindaktuturnya. Saran yang bisa disampaikan kepada anak-anak ketika berbicara denganorang tuanya atau orang yang dianggap lebih tua harus memperhatikan kata-katanya yang digunakan, ketika berbicara dengan orang tua juga harusmenerapkan tata karma, etika lan sopan santun. Untuk para pembaca supaya bisamemilih kata-kata yang bagaimana yang sesuai keadaan perbincangan.
x
x
8891011910
DHAPTAR ISI
IRAH-IRAHAN NGAJENG ………………………………………………...........i
IRAH-IRAHAN ………………………………………………………………. …ii
PASARUJUKAN………………………………………………………………... iii
PANGESAHAN…………………………………………………………………..iv
SESANTI LAN PISUNGSUNG............................................................................ v
ATUR CECALA.................................................................................................... vi
SARIPATHI …………………………………………………………………….viii
ABSTRAK……………………………………………………………………... .. x
DHAPTAR ISI....................................................................................................... xi
BAB I. PURWAKA…………………………………………………………...1
A. Pawadaning Pamilihing Irah-irahan .............................................. 1
B. Rancangan Momotan ..................................................................... 5
C. Ancas Panaliten.............................................................................. 5
D. Mupangat Panaliten........................................................................ 5
E. Panandhesing Tembung ................................................................. 6
F. Metodhe Panaliten………………………………………………...7
1. Pendekatan Panaliten…………………………………....7
2. Data lan Sumber Data…………………………………..8
3. Teknik Pangempalan Data…………………………..….8
4. Teknik Analisis Data..………………………………….9
5. Teknik Pemaparan Asil Analisis……………………….10
G. Tatarakiting Panyeratan Skripsi………………………………….10
xi
xi
8891011910
BAB II LELANDHESANING TEORI…………………………………….....11
A. Bakuning Basa Jawi…………………………………………..….11
B. Unggah-ungguh Basa Jawi………………………………………14
C. Teknik Micara……………………………………………………20
D. Tindak Tutur……………………………………………………..22
BAB III TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE
KALIYAN TIYANG SEPUH……………………………………….31
A. Deskripsi Data……………………………………………………31
1. Sumber Data………………………………………………........31
2. Data ……………………………………………………………33
B. Tindak Tutur ing Gineman antawisipun Lare kaliyan Tiyang
Sepuh……………………………………………………………...34
1. Asertif (Representative)………………………………………..35
2. Ekpresif (Evaluatif)…………………………………………….37
3. Direktif (Impositif)……………………………………………..40
4. Komisif…………………………………………………………43
5. Deklarasi………………………………………………………..46
BAB IV PANUTUP
A. Dudutan……………………………………………………..........50
B. Pamrayogi…………………………………………………..........50
KAPUSTAKAN
1
BAB I
PURWAKA
A. Pawadaning Pamilihing Irah-irahan
Basa inggih punika salah satunggaling piranti komunikasi, lumantar
basa manungsa saged sesrawungan, ngandharaken pengalaman, ugi sinau
saking bebrayan ingkang sanes, lan ningkataken kawasisan intelektual. Ing
salebeting komunikasi, saged ngandharaken bilih pangandikan ngandharaken
tuturan kanthi teges kagem paring wara-wara dhateng pamireng utawi mitra
tuturipun, lan nggadhahi pangajeng-ajeng mitra tuturipun utawi pamireng
saged mangertosi menapa ingkang badhe dipunandharaken. Pramila,
tuturanipun jumbuh kaliyan prinsip kerja sama, kesantunan, etika, lan
estetika.
Salah satunggaling piranti komunikasi inggih punika arupi tutuk.
Piranti komunikasi kasebat dipunbetahaken kagem tiyang saderengipun tepang
kaliyan teknologi, tiyang punika nglampahi komunikasi kanthi seratan, isyarat
awak, ungel, tandha-tandha saking alam lan sanesipun. Samangke jaman
teknologi sampun kahah piranti komunikasinipun ingkang jinis lan wujudipun
maneka warna, kadosta televise, radio, handpone, faksimile, komputer,
kalawarti lan buku. Saperangan ageng piranti komunikasi punika
dipunbetahaken dening tiyang ing jaman samangke.
Basa punika mujudaken piranti komunikasi antawis pangandikan lan
pamireng. Basa nggadhahi fungsi ingkang wigati ing salebeting komunikasi.
1
2
Tanpa basa saget dipunbayangaken bilih kados pundhi anggenipun bebrayan
punika nindakaken komunikasi. Tembung komunikasi ngemot teges
mangertosi lan micara, mirengaken lan lan males (membalas) tindak (Al
wasilah, 1993:81). Kanthi basa saget gineman kagem ngandharaken
pamanggih lan sanesipun. Ing salebeting gineman wonten paugeran ingkang
ngatur arah gineman antawis tiyang ingkang nindakaken komunikasi.
Paugeran punika menawi ing pragmatik dipunsebat prinsip percakapan
conventional principle (Rustono, 1999:66), salah satunggaling paugeran
gineman inggih punika prinsip kesantunan.
Miturut St. Takdir Alisyahbana ing buku Tatabahasa Baru Bahasa
Indonesia lajeng dipunsalin dening Suyoto (2006: 5-6) ing handoutipun
kanthi irah-irahan Belajar Pembelajaran Bahasa ngandharaken bilih basa
minangka pocapan lan penggalih tiyang kanthi aturan lan ngginakaken piranti
swanten. Saking pamanggih menika saged dipunpendhet dudutan bilih
gadhah kalih wujud inggih punika lisan lan seratan. Basa ingkang awujud
lisan saged dipuntingali saking tindak tuturipun lare nalika gineman kaliyan
tiyang sepuh, sarta dipuntingali saking wujudipun utawi nggadhahi sifat
kohesif utawi maknanipun sesambetan antawis satunggal kaliyan sanesipun.
Piranti komunikasi ingkang kathah punika betahaken basa minangka
sarana medaraken basa. Kathah piranti komunikasi ing Indonesia ginakaken
basa Indonesia utawi basa nasional. Kajawi basa Indonesia, taksih wonten
basa sanes ingkang limrah dipunginakaken, tuladhanipun basa Jawi.
3
Basa ugi kawujud saking ungelan tiyang ingkang dipunatur kanthi
paugeran tartamtu. Paugeran-paugeran punika tansah wonten ing basa pundi
kemawon, kalebet basa Jawi. Basa Jawi gadhah paugeran ingkang dipunsebat
paramasastra, unggah-ungguh lan sapanunggalanipun (Sasangka, 2008:38).
Basa Jawi minangka basa ingkang nggadhahi tindak tutur ingkang
ngemu suraos wigati. Dipunwastani wigati amarga basa punika minangka
piranti ing sesrawungan kagem ngandharaken gagasan lan pikiran. Ulat, patrap
lan pangucap saget nuju prana menggahing sesami paugeran (sauger) wonten
lelandhesanipun awujud tata susila. Ulat ingkang sumringah, pangucap
ingkang kaarah-arah lan patrap ingkang damel bungah, tamtunipun dados
pangajeng-ajeng tiyang kathah (Purwadi, 2005:5).
Sejatosipun tindak tutur ingkang dipunkasilaken adhedhasar ancas
utawi arah tuturan kagem nggayuh ancas, tindak tutur kedah
dipunjumbuhaken kaliyan kahanan tuturan. Kahanan tuturan kasebut
mujudaken kahanan sosial ingkang leres amargi kedadosan ing kahanan
ingkang wiyar lan benten. Pramila, kahanan tuturan saged dados pengaruh
ancas tuturan.
Keunikan manungsa sejatosipun boten babagan kawasisan
pikoranipun, ananging keunikan punika ing kawasisan ngginakaken basa
(Suriasumantri, 1993: 171). Kanthi basa manungsa saged ngandharaken
sedaya ingkang wonten ing pikiranipun, amargi kanthi mikir sacara otomatis
manungsa nuturaken saben basa ing salebeting pikranipun. Babagan kasebut
antawisipun saged dipunpriksani saking satunggaling sastrawan amargi
4
piyambakipun ngandharaken raosipun lan kadang kala ngginakaken basa
ingkang awujud tuturan utawi gineman.
Pamilihan topik ing tindak tutur punika dados lelandhesaning materi
utawi pasinaon basa Jawi ingkang nembe dipunbudidayakaken, kalebet unsur
ingkang wigati sanget kangge basa Jawi. Purwadi (2005: 13) ngandharaken
bilih saleresipun unggah-ungguh basa Jawi punika maneka warni prakawis
ingkang tansah dados topik gineman ingkang nembe dipungatosaken sanget
ing papan akademik lan ugi seminar-seminar ing jawi akademik
Basa mujudaken piranti komunikasi ing sesrawungan saben dinten.
Rikala tiyang gineman, kejawi merhatosaken kaidah-kaidah tata basa, ugi
kedah merhatosaken sinten tiyang ingkang dipunjak gineman. Gineman
kaliyan tiyang sepuh punika benten kaliyan gineman dhateng lare alit utawi
kanca. Menawi gineman kalih lare alit utawi kalih kanca padatan ngginakaken
basa jawi ngoko, ananging menawi gineman kaliyan tiyang sepuh kedah
merhatosaken tembung-tembung ingkang dipunginakaken lan merhatosaken
unggah-ungguh. Ananging ing kasunyatan kathah kitha prangguli lare
gineman kaliyan tiyang sepuh kanthi ginakaken basa ngoko lan kadang kala
lare punika nyebat tiyang sepuh punika kanthi tembung kowe, kamangka
menawi dipunpriksani kanthi ngginakaken unggah-ungguh basa punika lepat.
Sejatosipun tembung kowe punika dipunginakaken kagem gineman kalih lare
alit utawi kanca.
5
Adhedhasar andharan ingkang sampun kaandharaken ing nginggil,
pramila panaliten punika badhe ngrembag tindak tutur ing gineman
antawisipun lare kaliyan tiyang sepuh.
B. Rancangan Momotan
Adhedasar pawadaning pamilihing irah-irahan ing nginggil saged
dirumusaken prakawis inggih punika kados pundi wujud tindak tutur ingkang
dipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh?
C. Ancas Panaliten
Ancas saking panaliten inggih punika mangertosi wujud tindak tutur
ingkang dipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh.
D. Mupangat Panaliten
Mupangat ing salebeting panaliten kaperang dados kalih, inggih
punika mupangat teoretis lan mupangat praktis.
1. Mupangat Teoretis
Mupangat teoretis saking panaliten punika babagan tindak tutur lare
nalika gineman kaliyan tiyang sepuh, inggih punika saget nambah kawruh
tumrap para pamaos babagan tindak tutur basa jawi.
2. Mupangat Praktis
Menawi mupangat praktis saking panaliten inggih punika para pamaos
saget milih tindak tutur ingkang saget dipuntrepaken ing pribadhi para
6
pamaos. Tindak tutur ingkang saget dipundadosaken tuladha lajeng
dipuntrepaken ing sesrawungan kaliyan bebrayan supados saget
nglestarikaken kabudayan jawi.
E. Panandhesing Tembung
Supados boten nuwuhaken pangertosan utawi gesehing pamanggih
salebeting maos skripsi punika, pramila dipunandharaken tegesipun tembung-
tembung ing salebeting irah-irahan. Tegesipun tembung-tembung kados
mekaten:
1. Tindak tutur
Tindak tutur inggih punika tindakan ingkang nampilaken kanthi
ngasilaken saben tuturan ingkang ngemot tigang tindak ingkang gegayutan
(Yule, 2006: 83).
2. Gineman
Gineman inggih punika omong-omong, tembung, sabda (Kawuryan,
2008: 326).
3. Lare
Lare inggih punika anak (Kawuryan, 2008: 408).
4. Tiyang sepuh
Tiyang sepuh inggih punika wong tuwa (Manungsuwito, 2006: 256).
7
F. Metodhe Panaliten
Metode tansah dipunginakaken ing saben panaliten. Metode punika
ingkang samangke dados pathokn kagem nemtokaken cara, ancas, lan langkah
ing salebeting panaliten ingkang sesambetan kaliyan analisis panaliten.
1. Pendekatan Panaliten
Pendekatan panaliten punika sejatosipun minangka sedaya cara sarta
kagiyatan ingkang dipunayahi nindakaken panaliten, dipunwiwiti saking
rancangan momotan dumugi mendhet dudutan (Ali, 1999: 81).
Metode ingkang dipunginakaken ing salebeting panaliten punika
panaliten kualitatif. Kekualitatifan panaliten sesambetan kaliyan data panaliten
ingkang boten arupi angka-angka, ananging awujud kualitas wujud-wujud
verbal ingkang awujud tuturan. Data ingkang arupi tindak tuturipun lare nalika
gineman kaliyan tiyang sepuh., dipuntiti sacara paradigma utawi perspektif
fenomenologi. Perspektif fenomenologi inggih punika ngupayakaken
mangertosi teges saking kedadoan-kedadosan lan sesambetannipun kaliyan
tiyang-tiyang utawi bebrayan ingkang dipunteliti ing kahanan ingkang nyata
(Bogdan, lan Biklen, 1982: 31-34).
Pendekatan panaliten kualitatif dipunayahi saking mlebetipun panyerat
ing donyanipun lare nalika nembe gineman kaliyan tiyang sepuh utawa data
ingkang dipuntaliti. Donya punika saget katingal saking tindak tuturipun lare
nalika nembe gineman kaliyan tiyang sepuhipun.
Panaliten kualitatif punika minangka prosedur pambiji ingkang
ngasilaken data deskriptif arupi ukara-ukara ingkang awujud lisan saking data
8
ingkang sampun dipunanalisis. Panaliten kualitatif punika nggadhahi titikan
deskriptif, inggih punika panaliten ingkang dipunayahi adhedhasar prakawis-
prakawis ingkang saestu wonten utawi kedadosan kanthi nyata (Sudaryanto,
1993: 62).
2. Data lan Sumber Data
Panaliten punika betahaken data lan objek panaliten ingkang trep
supados saget katingal pundhi ingkang dados data lan pundhi ingkang dados
objek panaliten. Data minangka bahan panaliten, pramila ing salebeting
panaliten punika kedah ngemot objek panaliten lan unsur sanes ingkang
mujudaken data dipunsebat konteks objek panalite (Sudaryanto, 1993: 3).
a. Data
Ingkang dados data ing salebeting panaliten inggih punika ukara
ingkang ngemot tindak tutur antawis lare kaliyan tiyang sepuh.
b. Sumber Data
Ingkang dados sumber data ing salebeting panaliten tindak tutur
lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh inggih punika ing Dusun
Dempet kabupaten Demak.
3. Teknik Pangempalan Data
Teknik pangempalan data minangka satunggaling cara kagem
manggihaken data ingkang sami lan saget dipuntanggel jawabaken. Ing
panaliten punika ngginakaken teknik simak bebas libat cakap. Teknik simak
bebas libat cakap inggih punika si peneliti anamung dados pengamat
pangginaan basa ingkang dipunginakaken informannipun (Mahsun, 2007: 93).
9
ingkang dipunayahi anggenipun nganalisis tuturan basa ingkang
dipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuhipun. Sasampunipun
nyemak panyerat salajengipun nyerat tuturan-tuturan menapa kemawon
ingkang kalebet tindak tutur, salajengipun ginakaken pamilihing tembung
punapa kemawon.
Teknik pangempalan data ing salebeting panaliten punika ngginakaken
teknik rekam. Teknik rekam punika kedah dipunleksanakaken kanthi boten
ganggu proses tuturan. Sahingga ing salebeting kagiyatan praktik punika,
utawi sak botenipun panutur punika boten mangertosi menawi tuturanipun
dipunrekam.
4. Teknik Analisis Data
Teknik analisis data nggadhahi ancas ngurutaken data ing pola,
kategori, lan satuan uraian dhasar satemah saged dipunprangguli underaning
prakara lan saged dipunrumusaken hipotesis kados ingkang
dipunprayogekaken dhata (Moleong, 2005: 280).
Teknik inggih punika cara nindakaken metode, lan minangka cara,
kejatian teknik dipuntemtokaken wontenipun piranti alat ingkang
dipunginakaken (Sudaryanto, 9: 1993).
Teknik ingkang badhe dipunginakaken kagem nganalisis data inggih
punika metode padan, metode padan pragmatis, teknik dasaripun teknik pilah
unsur penentu dengan daya pilah sebagai pembeda reaksi dan kadar
keterdengaran.
10
Ingkang dados alat penentu ing salebeting teknik pilah unsur penentu
dengan daya pilah sebagai pembeda reaksi dan kadar keterdengaran inggih
punika mitra wicara.
5. Teknik Pemaparan Asil Analisis
Langkah salajengipun sasampunipun nganalisis data inggih punika
maparaken data punika. Paparan punika ngandharaken wujud saking
panaliten. Wujud punika ngemot kalih metode, inggih punika metode formal
lan metode informal (Sudaryanto, 1993: 145).
Teknik pemaparan kasil analisis panaliten inggih punika metode
informal. Metode informal inggih punika metode ingkang ngginakaken
tembung ingkang limrah. Tegesipun andharan kasil analsis data punika
ngginakaken tembung-tembung ingkang prasaja saengga gampil
dipunmangertosi, lan boten arupu angka-angka ingkang saget kacacah.
G. Tatarakiting Panyeratan Skripsi
Kangge nggampilaken mangertosi rantamaning panaliten skripsi
punika kaandharaken dados gangsal bab. Kanthi andharan kados mekaten:
Bab I Purwaka, mratelakaken babagan pawadaning pamilihan irah-
irahan, rancangan momotan, ancas panaliten, mupangat panaliten,
panandhesing tembung, metodhe panaliten, lan tatarakiting panyeratan skripsi.
Bab II Lelandhesaning Teori, ing bab punika dipunpratelakaken sedaya
teori ingkang wonten sesambetanipun kaliyan penelitian Tindak Tutur ing
11
Gineman antawisipun Lare kaliyan Tiyang Sepuh. Teori-teori ingkang
dipunginakaken inggih punika:
1. Bakuning Basa Jawi
2. Unggah-ungguh Basa Jawi
3. Teknik Wicara
4. Tindak Tutur
Bab III Andharan Asilipun Panaliten, ing salebeting bab punika
dipunandharaken kanthi cetha, trep lan leres jumbuh kaliyan pangolahan data
ingkang sampun dipunandharaken wonten ing bab saderengipun. Data-data
punika arupi asiling panaliten babagan Tindak Tutur ing Gineman antawisipun
Lare kaliyan Tiyang Sepuh.
Bab IV Panutup, bab punika pangripta nyerat punapa ingkang dados
dudutan saking analisis punika, ugi punapa ingkang dados pamrayogi supados
saget ndadosaken lare-lare punika langkung sae anggenipun gineman kaliyan
tiyang sepuh.
12
BAB II
LELANDHESANING TEORI
A. Bakuning Basa Jawi
Hakikat basa inggih punika minangka piranti komunikasi ingkang
gadhahi fungsi sosial lan fungsi kultural. Basa minangka fungsi sosial inggih
punika piranti kagem sesrawungan. Menawi fungsi kultural, basa minangka
sarana kagem nglestarekaken budaya saking satunggal generasi dhumateng
generasi salajengipun (Nababan, 1991: 3).
Basa boten saged dipunpisahaken saking pagesangan manungsa.
Langkung-langkung basa asring dipunginakaken manungsa ing salebeting
kagiyatan menapa kemawon, sahingga saged dipunwastani sesrawungan saestu
boten wonten menawi boten wonten piranti basa. Menapa kemawon ingkang
dipuntindakaken dening manungsa kadosta kempalan, dolanan, lan
ngandharaken panyaruwe sedaya punika mbetahaken piranti basa.
Miturut Sapir ing Soenardi (1989: 171) basa inggih punika metodhe manusiawi
lan boten lahiriah (non instingtif) babagan ngandharaken gagasan, raos lan
kawasisan ngginakaken lambang manasuka.
Basa ugi gadhahi kalih aspek, inggih punika wujud lan makna. Aspek
wujud saget dipuntingali saking ungelan, seratan lan strukturipun. Aspek
makna dipuntingali saking makna klasikalipun, fungsional ugi strukturipun
basa. Saking wujud lan makna saget kedadosan variasi basa utawi ragam basa.
Ragam basa ingkang sesambetan kaliyan daerah utawi papan geografis ingkang
12
13
dipunsebat dialek. Ragam basa ingkang sesmbetan kaliyan kelompok sosial
dipunsebat sosialek, ragam basa ingkang dipunasilaken saking ewah-ewahan
basa ingkang sesambetan kaliyan situasi basa tingkat formalitas dipunsebat
fungsiolek (Nababan, 1991: 13).
Miturut St. Takdir Alisyahbana ing buku Tatabahasa Baru Bahasa
Indonesia lajeng dipunsalin dening Suyoto (2006: 5-6) ing handoutipun kanthi
irah-irahan Belajar Pembelajaran Bahasa ngandharaken bilih basa minangka
pocapan lan penggalih tiyang kanthi aturan lan ngginakaken piranti swanten.
Saking pamanggih menika saged dipunpendhet dudutan bilih gadhah kalih
wujud inggih punika lisan lan seratan. Basa ingkang awujud lisan saged
dipuntingali saking tindak tuturipun lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh,
sarta dipuntingali saking wujudipun utawi nggadhahi sifat kohesif utawi
maknanipun sesambetan antawis satunggal kaliyan sanesipun.
Mekaten ugi kaliyan basa jawi, inggih punika basa dialek utawi
dhaerah ingkang dipunginaaken ing ngelmu sastra, seni lan budaya jawi. Basa
jawi ingkang dipunginaaken tansah tumut ing ngrembakaning jaman, langkung-
langkung ing ngelmu kawruh, teknologi, lan seni budaya. Ewah-ewahan
kasebat dipuncethakaken “nut ing jaman kalakone lan nut ing papan kadadene”
(Yatmana, 1991: iii).
Definisi babagan bakuning basa saking pinten-pinten panganggit bilih
hakikat basa punika nggadhahi ciri-ciri utawi sikap. Anatawisipun, inggih
punika:
14
1. Basa inggih punika minangka sistem
2. Basa punika awujud lambang
3. Basa punika nggadhahi teges
4. Basa punika awujud ungel
5. Basa punika nggadhahi sikap arbitrer (manasuka)
6. Basa punika nggadhahi sikap konvensional
7. Basa punika unik
8. Basa punika nggadhahi sikap universal
9. Basa punika nggadhahi sikap produktif
10. Basa punika maneka warna
11. Basa punika nggadhahi sikap dinamis
12. Basa punika nggadhahi fungsi minangka piranti interaksi sosial
13. Basa punika minangka identitas panuturipun (Chaer, 200: 33).
B. Unggah-ungguh Basa Jawi
Unggah-ungguh basa inggih punika tata cara utawi paugeran ingkang
kawujud ing salebeting basa, piyambakipun ginakaken cara lan wujud basa
ingkng dipunginakaken dening satunggaling tiyang kanthi sopan, boten kirang
tata kramanipun. Tata krama utawi unggah-ungguh punika jumbuh kaliyan tata
basa utawi tata cara ngginakaken basa jalaran budaya satunggaling bebrayan
ingkang ngginakaken basa (Rahardi, 2005: 66).
Unggah-ungguhing basa sejatosipun kaperang sados tiga: Basa Ngoko,
Basa Madya, Basa Krama (Antun Suhono, 1952: 12). Sanesipun ingkang
15
dipunsebataken ing nginggil tiyang-tiyang ing salebeting istana ginakaken Basa
Kedhaton utawi ingkang asring dipunsebat Basa Bagongan.
Miturut Purwadi dkk (2005: 9) unggah-ungguhing basa mujudaken
piranti kagem nyiptakaken jarak sosial, ananging ing papan sanes unggah-
ungguhing basa ugi mujudaken produk saking pagesangan sosial. Langkung
awrat unggah-ungguhing basa, langkung awrat stratifikasi sosialipun.
Unggah-ungguh ingkang dipunangkah ing panaliten punika
sesambetan kaliyan tata krama ing babagan pragmatik. Minangka perangan
ngelmu basa. Padatanipun para paniti basa langkung kathah ngaji fenomena
basa. Taksih sekedhik para pakar linguistik niti basa kanthi unggah-ungguh,
secara unggah-ungguh ingkang dipunginakaken ing bebrayan.
Komunikasi tiyang jawi ing salebeting pergaulan sanget merhatosaken
unggah-ungguhing basa. Kapribaden tiyang saget dipuntingalaken saking
wujud kawasisan basa. Pangginaan basa ingkang leres saget nuwuhaken sikap
kurmat. Pilihan tembung ingkang leres dadosaken urusan saget lancar.
Langkung-langkung krama inggil ingkang mujudaken basa jawa ingkang alus,
penerapanipun betahaken pengalaman lan pangertosan ingkang wiyar.
Unggah-ungguhing basa saestu angel sanget, ananging sejatosipun
tataran pokokipun wonten kalih, inggih punika ngoko lan krama, lajeng antawis
kalih tataran pokok punika kathah sanget variasinipun (Poerwadarminta, 1939:
10).
Menawi tiyang punika badhe gineman kaliyan tiayng sanes kedah
merhatosaken sinten ingkang dipunjak gineman. Gineman dhateng tiyang sepuh
punika benten kaliyan lare utawi kanca. Tembung-tembung utawi basa ingkang
dipunginakaken punika ingkang dipunsebat unggah-ungguhing basa. Unggah-
ungguhing basa sejatosipun kaperang dados tiga inggih punika:
1. Basa Ngoko : 1. Ngoko Lugu
2. Ngoko Andhap
2. Basa Madya : 1. Madya Ngoko
2. Madya Krama
3. Madyantara
16
3. Basa Krama : 1. Mudha Krama
2. Kramantara (Setiyanto, 2010: 26).
1. Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu dipunsusun saking tembung-tembung ngoko sedaya,
tuladha tembung: aku, kowe, lan ater-ater: dak-, ko-, di-, ugi panambang: -ku, -
mu, -e, -ake, boten ewah
2. Ngoko Andhap.
Dumugi samenika Ngoko Andhap taksih asring dipunginakaken lan
saenipin dipunlestarekaken.
Basa Ngoko Andhap dipunginakaken sinten kemawon ingkang
sampun akrab kaliyan pamireng.
Ciri-ciri ngoko andhap inggih punika tembung-tembungipun ngoko
dicampur kaliyan tembung-tenbung krama inggil kagem tiyang ingkang nem,be
gineman, kagem ngormati.
Aku : boten ewah
Kowe : kagem tiyang ingkang langkung sepuh utawi ingkang dipunanggep
langkung sepuh dipunewahi dados panjenengan, ki raka, kangmas.
Kowe : kagem tiyang langkung nem dipunewahi dados slirami, kengslira,
adhi, adhi-mas.
3. Basa Madya Ngoko
Basa Madya Ngoko tembung-tembungipun madya dicampur tembung
ngoko ingkang boten wonten tembung madyanipun (Setiyanto, 2010: 35).
Ciri-ciri basa madya ngoko inggih punika:
Aku dipunewahi dados kula
Kowe dipunewahi dados dika
Ater-ater tak- dipunewahi dados kula
Ater-ater ko- dipunewahi dados dika
Ater-ater di- boten owah
Basa Madya Ngoko padatan dipunginakaken tiyang-tiyang pedesaan utawi
tiyang-tiyang gunung.
17
4. Madya Krama
Basa Madya Krama inggih punika basa ingkang dipunginakaken
tiyang desa ingkang setunggal kaliyan sanesipun ingkang dipunanggep
langkung sepuh utawi tiyang ingkang dikurmati (Setiyanto, 2010: 37).
Ciri-ciri basa madya krama inggih punika:
Aku dipunewahi dados kula
Kowe dipunewahi dados sampeyan, samang
Ater-ater tak- dipunewahi dados kula
Ater-ater ko- dipunewahi dados samang, kadang-kadang disingkat mang
Panambang –ku dipunewahi dados kula
Panambang –mu dipunewahi dados sampeyan (samang)
Panambang –e boten ewah
5. Madyantara
Basa Madyantara punika tembung-tembungipun saking basa Madya
Krama, ananging tembung-tembung ingkang dipuntujukaken kagem tiyang
ingkang dipunajak gineman diewahi dados krama inggil (Setiyanto, 2010: 38-
39).
Ciri-ciri basa madyantara:
Aku dipunewahi dados kula
Kowe dipunewahi dados sampeyan utawi samang
Ater-ater tak- dipunewahi dados kula
Ater-ater ko- dipunewahi dados samang
Atere-ater di- boten ewah
6. Mudha krama
Basa Mudha Krama inggih punika basa ingkang luwes, kagem sedaya
tiyang ingkang boten wonten awonipun (Setiyanto, 2010: 40).
Padatan basa punika dados basanipun lare nem dhateng tiyang sepuh. Wujud
mudha-krama punika basanipun krama sedaya dicampur krama inggil kagem
tiyang ingkang dijak gineman.
Ciri-ciri basa mudha krama inggih punika:
18
Aku dipunewahi dados kula
Kowe dipunewahi dados panjenengan sampeyan utawi panjenegan
kemawon. Ananging kadang kala ugi disambung kaliyan
tembung peprenahanipun kadosta: panjenenganipun
kangmas, panjenenganipun bapak, panjeneganipun ibu.
Ater-ater dak- dipunewahi dados kula
Ater-ater ko- dipunewahi dados dipun
Panambang –ku dipunewahi dados kula
Panambang –mu dipunewahi dados panjenengan sampeyan utawa sampeyan
kemawon.
Panambang –e dipunewahi dados dipun
Panambang –ake dipunewahi dados aken
7. Kramantara
Basa kramantara punika tembung-tembungipun krama sedaya boten
dicampur kaliyan krama inggil. Padatan dadaos basanipun tiyang dhateng
tiyang ingkang langkung nem, amargi rumaos langkung sepuh yuswanipun.
Ananging ing jaman samenika basa kramantara sampun jarang dipunginakaken
(Setiyanto, 2010: 42).
Ciri-ciri basa kramantara inggih punika:
Aku dipunewahi dados kula
Kowe dipunewahi dadaos sampeyan
Ater-ater dak- dipunewahi dados kula
Ater-ater ko- dipunewahi dados sampeyan
Ater-ater di- dipunewahi dados dipun
Panambang –ku dipunewahi dados kula
Panambang –mu dipunewahi dados sampeyan
Panambang –e dipunewahi dados ipun
Panambang –ake dipunewahi dados aken.
Basa Jawi ngoko padatan dipunginakaken:
19
1. Tiyang sepuh dhateng lare, wayah, lare mudha ingkang sanes.
2. Gineman tiyang-tiyang ingkang sederajat, boten merhatosaken kedudukan
lan yuswa, kadosta lare-lare kaliyan kancanipun.
3. Atasan dhateng bawahnipun, ugi ginakaken basa ngoko.
4. Dipunginakaken nalika ngunandika, amargi ingkang dipunajak gineman
inggih punika piyambakipun dadose boten betahaken pakurmatan.
Tuladha:
1. Gineman antawisipun tiyang sepuh kaliyan larenipun:
A: Ibu B: Lare
A: Lho, kowe Dan. Wayah apa tekamu? Rak ya padha slamet ta?
B: Pangestunipun Ibu, wilujeng.
Kalawau enjing jam 9, anggen kula dumugi ing ngriki.
A: Bocah-bocah rak ya ra ana apa-apa ta?
Lha njur sida kepriye, anakmu si Dian, sida arep kok kon nerusake
nyang ngendi?
B: Menawi lare-lare ketingalipun inggih remen. Dene Margono, pancen
anggen kula sowan punika badhe ngrembag bab punika.
A: Wah, ya enggal kudu diputuske bab iku, aja kok sesuwe. Dene yen
kowe njalok rembugku mengkene; wong tuwa iku ya aja banget-
banget anggone nyampuri pepinginane bocah. Yen wong tuwa wis
nerangke kanthi gamblang, lan iya pekolehe tumrap awake dhewe.
Bocah milih endi, wong tuwa nimbang-nimbang maneh. Kaya-kaya
Margono, milih Sekolah Guru iku, saka rasaku wis mungguh.
B: Wah boten kok Bu. Sampun sapunika kula ndherek pamanggihipun
Ibu.
2. Gineman antawisipun lare-lare kaliyan lare-lare:
A: Ali B: Ari
A: Ri, aku mbok ya dituturi PR aljabar dhek wingi kae lho, yen mengko
aku didukani Pak Guru. Dhasar dhek wingi aku ora mlebu, ora
pamit sisan.
B: Lho, ya gene ta, kok pra mlebu ki?
20
Enya, iki lho, turunen wae, mumpung esuk mengko mundhak selak
mlebu. Aku tak nyaponi kelas.
3. Tuladha tiyang ingkang ngunandhika
”E, tak turu sedhela, awakku kesele pol”.
Basa Jawi krama padatan dipunginakaken:
1. Murid dhateng dwija.
2. Tiyang nem dhateng tiyang sepuh.
3. Lare alit dhateng lare ageng.
4. Bawahan dhateng atasan.
Tuladha Basa Jawi krama inggil:
1. Gineman antawis lare kaliyan tiyang sepuh:
A: Bapak B: Lare
A: Le, mrenea.
B: Inggih Bapak.
A: Kowe olehe ujian kapan toh?
B: Mangke tanggal 28 Juli Bapak.
A: Maksudte Bapak ki ngene, kowe sowan marang gone simbahmu
nyuwun donga ben bisa lulus.
B: Inggih Bapak, Insya Allah benjang dinten minggu.
A: Yowis yen ngono, kana sinau dhisik.
C. Teknik Wicara
Micara inggih punika kawasisan ngandharaken ungel-ungel artikulasi
utawi tembung-tembung kagem jlentrehaken, ngandaraken sarta ngandaraken
pikiran, gagasan lan raos. micara ugi mujudaken saben sistem tandha-tandha
ingkang saget dipunmirengaken lan ingkang katingal betahaken saperangan
otot lan jaringan-jaringan otot awak manungsa kagem teges lan ancas gagasan-
gagasan utawi ide-ide ingkang dipungabungaken.
21
Micara ugi langkung tinimbang ungel-ungel utawi tembung-tembung.
Micara inggih punika saben piranti kagem ngandharaken gagasan-gagasan
ingkang dipunsusun sarta dipunkembangaken jumbuh kaliyan kabetahan-
kabetahan pamireng. Micara mujudaken instrumen ingkang ngandharaken
dhumateng pamireng kanthi langsung punapa pangandhikan mangertosi utawi
boten sae bahan pangandhikannipun utawi pamirengipun (Mulgrave, 1954: 3-
4).
Teknik-teknik ingkang dados dhasar kagiyatan micara miturut Brooks
inggih punika:
1. Mbetahaken kirang langkung kalih tiyang.
2. Ngginakaken sandi linguistik ingkang dipunmangertosi sesarengan.
3. Nampi utawi ngakeni bilih saben daerah referensi umum.
4. Mujudaken pertukaran antawis pangandhikan kaliyan pamireng.
5. Ngubungaken saben pangandhikan kaliyan ingkang sanes lan dhateng
bebrayan.
6. Gegayutan kaliyan jaman samenika.
7. Namung ngelibataken aparat utawi piranti ingkang gegayutan kaliyan
swanten utawi ungel.
8. Boten beda kasih lan nampi punapa ingkang dados dalil (Brooks, 1964: 30-
31).
Teknik-teknik micara inggih punika:
1. Pamicara (tiyang ingkang ngendhikan)
2. Pamireng (tiyang ingkang mirengaken)
22
3. Ancas (ancasing pangandikan)
4. Isi, bahan, materi
5. media (piranti)
6. wekdal
D. Tindak Tutur
Tindak tutur mujudaken perangan ingkang wigati ing salebeting kajian
pragmatik. Ngandharaken saben tuturan tartemtu saged dipunpriksani minangka
nglaksanakaken tindakan, ananging ugi ngungelaken utawi ngandharaken
tuturan. Kagiyatan punika nindakaken tindakan ngungelaken tuturan punika
ingkang mujudaken tindak tutur utawi tindak ujar (Rustono, 1999: 32).
Tindak tutur punika nggadhahi ancas ngaturaken satunggaling parentah
utawi dhawuhi ananging ingkang dipunmaksud punika ngutus utawi ngrembag
satunggaling prakawis kaliyan interaksi khusus kamangka ingkang
dipunmaksud kosok wangsulipun (Tarigan, 1986: 33). Tuladhanipun ”punapa
saged panjenengan maringaken gendis sekedhik ing toyamriki?”. Dados tindak
tutur punika nggadhahi unsur pragmatik ingkang nglibataken pamaos utawi
ingkang dipunrembag.
Tindak tutur punika salebeting ujaran wonten ing ukara mujudaken
panentu maknanipun ukara punika, makna satunggaling ukara boten
dipuntemtokaken satunggal-satunggal tindak tutur kados ingkang kalampahan
wonten ing ukara ingkang nembe dipunujaraken, ananging punika nggadhahi
23
prinsip kagem nuwuhaken cara ingkang trep menapa ingkang dipunkersakaken
dening penutur.
Tindak tutur (Speech Bet) mujudaken perangan ingkang wigati ing
salebeting kaijian pragmatik. Miturut Rustono (1993: 31) tindak tutur utawi
tindak ujar mujudaken entitas ingkang asipat sentral ing salebting pragmatik.
Tindak tutur dipunginakaken amargi sejatosipun tiyang rikala ngungelaken
ekspresi punika piyambakipun boten namung berekspresi ananging
piyambakipun ugi nindakaken satunggaling prakawis (Purno, 1996: 19).
Sarujuk kaliyan pamanggih kasebat Gunawan ing salebeting Rustono (1999:
32) ngandharaken bilih ngajaraken saben tuturan saged dipunpriksani minangka
nindakaken tindakan, sanesipun Kanthi saestu ngungelaken utawi ngujaraken
tuturan kasebat.
Tindak tutur mujudaken perangan prakawis tutur (Speech Event)
mujudaken bentuk praktis, inggih punika wacana, wacana punika piyambak
kadosta gineman, pidhato, surat, lan sanesipun. Tindak tutur mujudaken unsur
ingkang mbentuk peristiwa arupi tuturan lan tindakan. Pramila, tindak tutur
inggih punika satunggaling prakawis ingkang dipuntindakaken ing salebeting
gineman utawi unit basa ingkang nggadhahi fungsiing salebeting gineman.
Sejatosipun tindak tutur dipunkasilaken gumantung ancas utawi arah
tuturan kagem nggayuh ancas tuturan. Tindak tutur dipunjumbuhaken kaliyan
kahanan tuturan. Kahanan tuturan kasebat mujudaken kahanan sosial ingkang
aktual amargi kedadosan ing salebeting bebrayan ingkang wiyar lan benten.
Pramila kahanan tutur saged dados pengaruh kagem ancas tuturan. Kahanan
24
sosial ingkang kados mekaten komplek sahingga pangandikan nggadhahi
kompetensi ingkang sae.
Miturut Rani (2004: 37) bilih komunikasi punika saking tindak tutur,
komunikasi basa punika boten arupi lambang, tembung, ukara ananging punika
langkung trep dipunsebat produk utawi kasil saking lambang utawi ukara
ingkang awujud. Bab-bab ingkang saged dipuntindakaken dening tiyang
wonten ing tindak tutur punika panyuwun, tawaran, lan paring idin. Pramila
adhedhasar saking ing nginggil bilih maksud tuturan. ” Badhe mundhut obat
ingkang menapa?” tutran punika dipunlampahi dening tiyang ingkang sadeyan
wonten ing apotik dhateng ingkang tumbas, kamangka sejatosipun wonten ing
tuturan penutur boten sedaya mucal tuturan punika, ananging ugi nindakaken
satunggaling padamelan ingkang dipunlampahi dening penutur inggih punika
nawakake obat dhateng mitratutur.
Miturut Leech (ng Rustono, 1999: 33) nggadhahi pamanggih bilih
satunggaling tindak tutur kedahipun nggadhahi gangsal aspek ingkang ngemot:
1. Penutur lan mitra tutur
2. Konteks tuturan
3. Ancasipun tuturan
4. Tindak tutur minangka wujud tindakan utawi aktivitas
5. Tuturan minangka produk verbal
Tindak tutur punika kalebet panaliten pragmatik. Pragmatik ingkang
dados cabang ilmu basa saking aspek aktualipun ngginakaken basa. Cabang
25
ilmu punika boten kados ingkang dipunsinaoni linguis, ananging pragmatik
punika benten saking sintaksis, lan semantik (Rustono, 2000: 21).
Ing pragmatik tindak tutur punika kalebet gejala individual saking
peristiwa tutur. Peristiwa tutuipun kalebet gejala sosial ingkang sami-sami
saged nemtokaken upayaning basa tiyang ingkang nindakaken tindak tutur.
Menawi ing peristiwa tutur langkung kathah dipuntingali saking ancasing
peristiwa tutur, ananging ing tindak tutur langkung kathah dipuntingali saking
tegesipun Tindak tutur punika dados landhesaning materi utawi pasinaonan
basa jawi ingkang nembe dipunbudidayakaken, kalebet unsur ingkang wigati
sanget kangge basa Jawi. Purwadi (2005: 13), ngandharaken bilih saleresipun
tindak tutur basa Jawi kanthi maneka warna prakawis ingkang tansah dados
topik wicantenan ingkang nembe dipungatosaken ing papan akademik lan ugi
ing seminar – seminar ing jawi akademik (Sasangka, 2007: 3).
Tindak tutur basa inggih punika tata cara utawi paugeran ingkang
kawujud ing salebeting basa, piyambakipun ngginakaken cara lan wujud basa
ingkang dipunginakaken dening satunggaling tiyang kanthi cara ingkang sopan,
boten kirang tata kramanipun. Tata krama utawi tindak tutur punika jumbuh
kaliyan tata basa utawi tata cara ginakaken basa budaya satunggaling bebrayan
ingkang ginakaken basa (Rahardi, 2005: 66).
Tindak tutur punika dados landhesaning materi utawi pasinaonan basa
jawi ingkang nembe dipunbudidayakaken, kalebet unsur ingkang wigati sanget
kangge basa Jawi. Purwadi (2005: 13), ngandharaken bilih saleresipun tindak
tutur basa Jawi kanthi maneka warna prakawis ingkang tansah dados topik
26
wicantenan ingkang nembe dipungatosaken ing papan akademik lan ugi ing
seminar – seminar ing jawi akademik (Sasangka, 2007: 3).
Ingkang kados dipunandharaken dening Soepomo (1975) bilih tundak
tutur inggih punika variasi-variasi basa ingkang benten antawis satunggal
kaliyan sanesipun ingkang dipuntemtokaken kaliyan sikap santun ingkang
dipungadhahi dening pangandikan kaliyan pamireng.
Sejatosipun wonten kalih prakawis ingkang kedah dipunemut wekdal
badhe nemtokaken tingkat tindak tutur ingkag badhe dipunagem. Ingkang
sepisan tingkat formalitas, hubungan antawis pangandikan kaliyan pamireng,
ingkang kaping kalih status ingkang dipungadhahi pamireng. Tingkat
keresmian punika ingkang nemtokaken pilihan tingkat ngoko, madya, krama.
Menawi nginggil ngandhap status sosial pamireng nemtokaken pangageman
tembung-tembungkrama inggil (Poedjasoedarma, 1979: 16).
Rustono (2000: 23) ngandharaken babagan tindak tutur punika
jinisipun. Saking jinisipun tindak tutur dipunpantha dados gangsal jinis fungsi.
Saking gangsal jinis punika samangke saged dados pathokan kangge nganalisis
tindak tutur lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh. Gangsal jinis tindak tutur
inggih punika :
a. Asertif (Representative).
Asertif inggih punika jinis tindak tutur ingkang ngandharaken bilih ingkang
dipunpitadosi panutur adhedhasar kasunyatan. Tuladhanipun, penegasan,
dudutan, lan pendeskripsian, kados tuladha tuturan ing ngandhap punika.
27
Tuladha gineman punika dipunlampahi dening Ibu Inaroh kaliyan larenipun
ingkang nggadhahi nami Ridho.
Ibu: Inaroh Lare: Ridho
Ibu : Ndo, kowe ki wis kelas telu mbok ya sing sregep sinau, mengko
mbok nganthi ra lulus malah gela
Lare : Kula menawi dalu sampun sinau tah bu
Ibu : Wong sinau kok ning ngarep tv
Lare : Menawi sinau ten kamar piyambakan malah nganthuk
Ibu : Ngono kuwi tah nak dikandhani senengane ngeyelan
Lare : Nggih boten ngeyel, tapi saestu kok bu kula menawi sinau ten kamar
piyambakan malah ngathuk
Ibu : Pokoke yen kowe ora sinau aja gela yen nganthi kowe ora lulus
Lare : Inggih bu
b. Ekspresif (evaluatif)
Ekspresif inggih punika jinis tindak tutur ingkang ngandharaken
punapa ingkang dipunraosaken dening penutur. Raos punika saged arupi
raos bingah, angel, remen, sengsara, lan matur nuwun.
Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Susanti kaliyan larenipun
ingkang nggadhahi nami Devi.
Ibu : Susanti Lare : Devi
Devi : Bu sing buntelan plastik napa tah?
Ibu : Jajal dibuka dewe tah
Devi : Niki sepatune sinten bu?
28
Ibu : Jare wingi kon nukoke sepatu ireng kanggo pramuka?
Devi : Nggih
Ibu : Lha wis kok takon?
Devi : Maksudte mbok menawi titipane tiyang
Ibu : Ndhang dijajal pas pora? Yen ra pas mengko langsung dibaleke,
mumpung bakule isih ning pasar
Devi : Pas kok bu, matur nuwun nggih sampun ditumbaske sepatu
Ibu : Ya
c. Direktif (Impositif)
Direktif inggih punika jinis tindak tutur ingkang dipunagem penutur
kagem ndawuhi tiyang sanes nindakaken punapa ingkang dipunsebataken
penutur. Tindak tutur punika arupi; ndawuhi, nyuwun tulung, paring
pamrayogi, pemesanan. Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu
Maryuni kaliyan larenipun ingkang nggadhahi nami Upik.
Ibu : Pik bue digosokke bathik sing werna abang ya?
Upik : Ibu badhe ten pundi tah?
Ibu : Ibu arep nyumbang ning Balerama
Upik : Kalih sinten?
Ibu : Karo mbakyumu
Upik : Kula mawon bu sing ndugekke
Ibu : Lha kowe pe lapo?
Upik : Boten napa-napa pengin mawon
Ibu : Yawis tah ndang resik-resik ben mangkate ra kewengen.
29
d. Komisif
Komisif inggih punika jinis tindak tutur ingkang dipunpahami penutur
kagem ngiket piyambakipun kaliyan tindakan-tindakan ing masa
salajengipun. Tindak tutur punika saged arupi; janji, ancaman, penolakan,
ikrar. Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Siti kaliyan
larenipun ingkang nggadhahi nami Susan
Susan : Ibu kula ketampi ten SMA 1 Demak
Ibu : Yawis Alhamdulillah
Susan : Kula ditumbaske HP nggih bu?
Ibu : Dhuwite sapa tah, wong parine ora metu
Susan : Lha kula badhe ditumbaske HP kapan bu?
Ibu : Ya suk wae yen ibu wis duwe dhuwit, wong wingi daftar ulange
adhimu ibu utang bude kok
Susan : Menawi ngaten nggih mpun bu, tapi mangke menawi sampun gadhah
arta kula ditumbaske nggih bu?
Ibu : Iya-iya, sing penting yen bue wis duwe dhuwit.
e. Deklarasi
Deklarasi inggih punika jinis tindak tutur ingkang panuturipun saged
nyiptakake samukawis (status, kahanan, lan sapiturutipun) ingkang enggal.
Tindak tutur punika saged arupi; paring keputusan, membatalkan, nglarang,
paring idin, lan paring pangapunten.
Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Rumiyati kaliyan
larenipun ingkang nggdhahi nami Arum.
30
Ibu : Rum kowe olehe entuk ijazah kapan?
Arum : Ngapunten, wong dereng wonten pengumuman kok
Ibu : Lha janjane kowe pengin sekolah ning Demak po ning Dempet?
Arum : Jane nggih pengin ten Demak, masak awit TK dugi SMA Dempet
terus
Ibu : Lha yen kowe pengin ning Demak, pengine ning SMA endi? Awor
mbak Ika po?
Arum : Lha mbak Ika ten pundhi tah bu?
Ibu : Ika ki ning SMK Demak
Arum : Nggih boten napa-napa tah, sing penting sekolahe sae
Ibu : Nak ngono kowe takon mbak Ika pendaftarane kapan?
Arum : Nggih bu mangke kula tak tangklet mbak Ika.
31
BAB III
TINDAK TUTUR ING GINEMAN ANTAWISIPUN LARE KALIYAN
TIYANG SEPUH
Ing salebeting bab punika badhe dipunanalisis lan dipundeskripsikaken
tindak tutur ingkang dipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiyang
sepuhipun. Panaliten punika kalampahan ing Dusun Dempet Kabupaten
Demak. Ing dusun punika taksih kathah dipunprangguli lare-lare ingkang nalika
gineman kaliyan tiyang sepuhipun ginakaken krama inggil. Ancas saking
panaliten tindak tutur inggih punika mangertosi wujud tindak tutur ingkang
dipunginakaken lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh.
A. Deskripsi Data
1. Sumber Data
Sumber data ing panaliten inggih punika Dusun Dempet Kabupaten
Demak. Dusun Dempet punika ingkang samangke dipundadosaken dhaerah
panaliten.
Dhaerah pengamatan punika manunggaling wilayah distribusi ingkang
secara geografis boten kapedhot lan secara linguistik nedahaken pangagemipun
ingkang isolek ingkang homogen ingkang dipundadosaken papan
pamundhuting dhata ginemanpun lare kaliyan tiyang sepuh. Dhaerah
pengamatan saged dipuntegasaken minangka kriteria administratif ingkang
dipunkengingaken dhaerah pengamatan. Kriteria administratif ingkang
31
32
dipunmaksud saged awujud RT, RW, Dusun, Desa/kelurahan, Kecamatan lan
salajengipun.
Dhaerah pengamatan ingkang mirunggan kedah adhedhasar tumrap
kahanan linguistik dhaerah ingkang dipuntaliti ginemanpun lare kaliyan tiyang
sepuh. Ing Dusun Dempet punika sampun saged kawastanan dhaerah
pengamatan amargi sampun murakabipunapaingkang dados syaratipun:
1. Dhaerah pengamatan punikatebih saking kitha.
2. Dhaerah pengamatan punika mobilitas.
3. Cacahipun penduduk maksimal 6000 jiwa.
Ing Dusun Dempet punika tebih saking kitha ageng. Lajeng mobilitas
pendudukipun ing Dusun Dempet Kecamatan Dempet taksih rendah.n Dusun
Dempet cacahipun penduduk kirang langkung wonten 2000 jiwa, pramila
punika saged nedahaken minangka dhaerah pengamatan. Saking murakabinipun
Dusun Dempet dados dhaerah pengamatan kaangkah supados panaliten punika
saged dipunprangguli unsur asli basanipun piyambak.
Dusun Dempet mapan ing tengah-tengahing Desa Dempet. Sisih
kidulipun Dusun Brangkidul, sisih kilen Dusun Pabrik, sisih ler Dusun
Botosiman, lan ingkang sisih wetan Desa Botosengon.
Kahanan ing dusun Dempet saged kacipta kanthi aman lan tentram.
Warganipun rukun, tulung-tinulung, lan taksih ngrembaka budaya gugur
gunung, sambatan lan sapanunggalinpun. Saperangan ageng warga Dusun
Dempet Kabupaten Demak agaminipun islam. Bilih pertumbuhan
pendudukipun saben taun sanaya mundhak murugaken kathahipun para mudha
33
sami nikah ing umur nem. Punika gambaraken Dusun Dempet ingkang mapan
ing Desa Dempet Kecamatan Dempet Kabupaten Demak minanagka dhaerah
penagamatan lan sumbering data panaliten.
2. Data
Data ingkang dipunkempalaken ing panaliten awujud ukara ingkang
ngemot tindak tuturipun lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh. Amargi ing
Dusun Dempet saperangan ageng padamelannipun tani, dagang lan papanipun
tebih saking kitha ageng, pramila tindak tutur ginemanipun lare kaliyan tiyang
sepuh ingkang makempal nggambaraken papan ugi pakaryannipun warga.
Limrahhipun ingkang dipunginakaken ing Dusun Dempet basa ngoko lan
krama ndesa ingkang limrah dipunginakaken ing sedaya tataran.
Saking pinten-pinten warga ingkang wonten ing Dusun Dempet
Kabupaten Demak, panyerat mendhet kalihdoso tiyang ingkang kaperang
saking sedoso kulawarga ingkang samangke dipundadosaken objek panaliten.
Ingkang sepisan saking kulawarga bapak Sarmidi ingkang dipunlamplahi
dening ibu Inaroh kaliyan larenipun ingkang nggadhahi nami Muhammad
Ibrohim Husnir Ridho. Ingkang kaping kalih inggih punika kulawarga bapak
Sukarman ingkang dipunlampahi dening ibu Suwati kaliyan larenipun ingkang
nggadhahi nami Eka Safitri. Kulawarga ingkang kaping tiga inggih punika
kulawarga bapak Bambang Hermanto ingkang dipunlampahi dening ibu Susanti
kaliyan larenipun ingkang nggadhahi nami Fransisca Devia Kharisma Dewi.
Ingkang kaping sekawan saking kulawarga bapak Supar ingkang dipunlampahi
dening ibu Durni kaliyan larenipun ingkang nggadhahi nami Alif Falikhah.
34
Ingkang kaping gangsal inggih punika saking kulawarga bapak Suparman
ingkang dipunlampahi dening ibu Maryuni kaliyan larenipun ingkang
nggadhahi nami Siti Sofiatun. Kulawarga ingkang kaping enem iggih punika
kulawarga bapak Amin ingkang dipunlampahi dening ibu Karyati kaliyan
larenipun ingkang nggadhahi nami Nanda Ali Kuswara. Ingkang kaping pitu
inggih punika saking kulawarga bapak Sidik ingkang dipunlampahi dening ibu
Siti kaliyan larenipun ingkang nggadhahi nami Ning Susana. Kulawarga
ingkang kaping wolu inggih punika kulawarga bapak Sarbini ingkang
dipunlampahi dening ibu Sri Wahyuni kaliyan larenipun ingkang nggadhahi
nami Sari Fitriawati. Kulawarga ingkang kaping sanga inggih punika kulawarga
bapak Ashadi ingkang dipunlampahi dening ibu Rumiyati kaliyan larenipun
ingkang nggadhahi nami Aprilia Arum Sari. Kulawarga ingkang pungkasan
inggih punika saking kulawarga bapak Muryanto ingkang dipunlampahi dening
ibu Sulasih kaluyan larenipun ingkang nggadhahi nami Tri Maulia Dewi.
B. Tindak Tutur ing Gineman antawis Lare kaliyan Tiyang Sepuh
Ginemanipun lare kaliyan tiyang sepuh dipunanalisis kanthi tindak
tuturipun, tindak tutur ingkang wonten inggih punika gangsal jinis. Saking
jinisipun tindak tutur dipungolongaken dados gangsal jinis fungsi ingkang
limrah. Gangsal jinis punika kados mekaten: (1) asertif utawi representative,
(2) direktif utawi impositif, (3) ekspresif utawi evaluatif, (4) komisif, lan (5)
deklarasi utawi isbati.
35
Tuladha gineman lare kaliyan tiyang dipunanalisis utawi priksani
saking jinis utawi fungsi tindak tutur.
1. Asertif (Representative).
Asertif inggih punika jinis tindak tutur ingkang ngandharaken bilih
ingkang dipunpitadosi panutur adhedhasar kasunyatan. Tuladhanipun,
penegasan, dudutan, lan pendeskripsian, kados tuladha tuturan ing ngandhap
punika.
(1). Konteks: NONTON TV, IBU INAROH KALIYAN LARENIPUN
MUHAMMAD IBROHIM HUSNIR RIDHO
Tuturan
Ibu: Inaroh Lare: Ridho
Ibu : Ndo, kowe ki wis kelas telu mbok ya sing sregep sinau, mengko mbok
nganthi ra lulus malah gela
Lare : Kula menawi dalu sampun sinau tah bu
Ibu : Wong sinau kok ning ngarep tv
Lare : Menawi sinau ten kamar piyambakan malah nganthuk
Ibu : Ngono kuwi tah nak dikandhani senengane ngeyelan
Lare : Nggih boten ngeyel, tapi saestu kok bu kula menawi sinau ten kamar
piyambakan malah ngathuk
Ibu : Pokoke yen kowe ora sinau aja gela yen nganthi kowe ora lulus
(penegasan)
Lare : Inggih bu
36
Ingkang dipuntuturaken ibu (Inaroh) dhateng Ridho (lare) punika
awujud penegasan ingkang jumbuh kaliyan kasunyatan. Ukara ingkang
kacetak miring punika nedahaken penegasan bilih menawi lare punika boten
sinau kanthi saestu bijinipun bakal awon.
Tindak tuturipun Ridho (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun
(Inaroh) nedahaken bilih Ridho (lare) punika ngginakaken tembung-tembung
ingkang leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken kagem tiyang
sepuh utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh ngginakaken
unggah-ungguh amargi Ridho punika rumaos menawi piyambakipun
gineman kaliyan ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung ingkang
dipunginakaken Ridho nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang nedahaken
unggah-ungguh inggih punika: kula (saya), menawi (kalau), dalu (malam),
sampun (sudah), piyambakan (sendirian), nggih (iya), boten (tidak), saestu
(sungguh). Tembung-tembung punika awujud tembung krama inggil.
(2). Konteks: ING PLATARAN, IBU SUWATI KALIYAN LARENIPUN
EKA SAFITRI.
Tuturan
Ibu : Suwati Lare : Fitri
Ibu : Fitri mengko jambune disirami ya?
Fitri : Lha napa tah bu, kok kedah disirami?
Ibu : Mengko yen ora disirami mbok jambune ra gelem woh (penegasan)
Fitri : Lha ibu badhe dhateng pundi?
Ibu : Ibu tak ning sawah dhisik, tak dhelok parine
37
Fitri : Lha mangke toyane bor napa lepen?
Ibu : Kali wae, sing akeh sing disiram lemah ngisor
Fitri : Nggih
Ingkang dipuntuturaken ibu (Suwati) dhateng larenipun (Fitri) awujud
penegasan. Tindak tutur punika nedahaken bilih menawi jambu punika boten
dipunsirami jambu punika boten wonten wohhe.
Tindak tuturipun Fitri (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun (Suwati)
nedahaken bilih Fitri (lare) punika ngginakaken tembung-tembung ingkang
leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken kagem tiyang sepuh
utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh ngginakaken unggah-
ungguh amargi Fitri punika rumaos menawi piyambakipun gineman kaliyan
ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung ingkang dipunginakaken Fitri
nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang nedahaken unggah-ungguh inggih
punika: tuladhanipun tembung-tembung napa (apa), kedah (harus), badhe
(akan), dhateng pundi (kemana), mangke (nanti), toya (air), lepen (sungai),
nggih (ya). Tembung-tembung punika kalebet krama inggil.
2. Ekspresif (evaluatif)
Ekspresif inggih punika jinis tindak tutur ingkang ngandharaken
punapa ingkang dipunraosaken dening penutur. Raos punika saged arupi
raos bingah, angel, remen, sengsara, lan matur nuwun.
(3). Konteks: GINEMAN ING RUANG TAMU, IBU SUSANTI KALIYAN
LARENIPUN FRANSISCA DEVIAKHARISMA DEWI.
Tuturan
38
Ibu : Susanti Lare : Devi
Lare : Bu sing buntelan plastik napa tah?
Ibu : Jajal dibuka dewe tah
Lare : Niki sepatune sinten bu?
Ibu : Jare wingi kon nukoke sepatu ireng kanggo pramuka?
Lare : Nggih
Ibu : Lha wis kok takon?
Lare : Maksudte mbok menawi titipane tiyang
Ibu : Ndhang dijajal pas pora? Yen ra pas mengko langsung dibaleke,
mumpung bakule isih ning pasar
Lare : Pas kok bu, matur nuwun nggih sampun ditumbaske sepatu (matur
nuwun)
Ibu : Ya
Ingkang dipuntuturaken Devi (lare) kaliyan ibunipun (Susanti) punika
awujud raos matur nuwun ingkang dipunraosaken dening Devi (lare). Tindak
tutur punika nedahaken bilih Devi (lare) ngaturaken raos matur nuwun
dhateng ibunipun (Susanti) amargi sampun dipuntumabasaken sepatu.
Tindak tuturipun Devi (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun
(Susanti) nedahaken bilih Devi (lare) punika ngginakaken tembung-tembung
ingkang leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken kagem tiyang
sepuh utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh ngginakaken
unggah-ungguh amargi Devi punika rumaos menawi piyambakipun gineman
kaliyan ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung ingkang dipunginakaken
39
Devi nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang nedahaken unggah-ungguh
inggih punika: tuladhanipun tembung-tembung napa (apa), niki (ini), sinten
(siapa), nggih (iya), menawi (kalau), tiyang (orang), matur nuwun (terima
kasih), sampun (sudah), tembung-tembung punika sampun leres amargi
tembung punika kalebet ing tembung krama inggil.
(4). Konteks: NONTON TV SINAMBI SINAU, IBU DURNI KALIYAN
LARENPUN ALIF FALIKHAH.
Tuturan
Ibu : Durni Lare: Alif
Alif : Bu kula kalawau ulangan Matematika angsal biji 8 (raos bingah).
Ibu : Yawis tah Alhamdulillah, mulane sinau sing sregep ben bijine apik
terus kaya masmu dhisik
Alif : Nggih bu
Ibu : Lha mau kancane padha entuk biji pira?
Alif : Nggih wonten sing angsal 5, 6, 7
Ibu : Lha sing paling dhuwur sapa?
Alif : Nggih kula tah bu
Ibu : Pokoke angger bijine apik terus ya sekolah ning Demak tapi nak bijine
tambah elek ya sekolah ning Dempet wae
Alif : Nggih bu
Ibu : Sing penting sinau terus ben bijine apik terus.
Ingkang dipuntuturaken Alif (lare) kaliyan ibunipun (Durni) punika
awujud raos bingah ingkang dipunraosaken Alif (lare). Tindak tutur punika
40
nedahaken bilih Alif (lare) ngraosaken raos bingah amargi pikanthuk biji 8
ing ulangan Matematika.
Tindak tuturipun Alif (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun (Durni)
nedahaken bilih Alif (lare) punika ngginakaken tembung-tembung ingkang
leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken kagem tiyang sepuh
utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh ngginakaken unggah-
ungguh amargi Alif punika rumaos menawi piyambakipun gineman kaliyan
ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung ingkang dipunginakaken Alif
nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang nedahaken unggah-ungguh inggih
punika: tuladhanipun tembung-tembung kula (saya), kalawau (tadi), nggih
(ya), wonten (ada), angsal (dapat), tembung-tembung punika kalebet krama
inggil.
3. Direktif (Impositif)
Direktif inggih punika jinis tindak tutur ingkang dipunagem penutur
kagem ndawuhi tiyang sanes nindakaken punapa ingkang dipunsebataken
penutur. Tindak tutur punika arupi; nyuwun tulung, paring pamrayogi,
pemesanan.
(5). Konteks: NONTON TV SINAMBI LEMPIT-LEMPIT, IBU MARYUNI
KALIYAN LARENIPUN SITI SOFIATUN (UPIK).
Tuturan
Ibu : Pik bue digosokke bathik sing werna abang ya? (nyuwun tulung).
Upik : Ibu badhe ten pundhi tah?
Ibu : Ibu arep nyumbang ning Balerama
41
Upik : Kalih sinten?
Ibu : Karo mbakyumu
Upik : Kula mawon bu sing ndugekke
Ibu : Lha kowe pe lapo?
Upik : Boten napa-napa pengin mawon
Ibu : Yawis tah ndang resik-resik ben mangkate ra kewengen.
Ingkang dipuntuturaken ibu (Maryuni) kaliyan larenipun (Upik)
punika awujud nyuwun tulung. Tindak tutur punika nedahaken bilih Ibu
Maryuni nyuwun tulung dhateng Upik (lare) supados dipungosokaken
klambinipun.
Tindak tuturipun Upik (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun
(Maryuni) nedahaken bilih Upik (lare) punika ngginakaken tembung-
tembung ingkang leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken
kagem tiyang sepuh utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh
ngginakaken unggah-ungguh amargi Upik punika rumaos menawi
piyambakipun gineman kaliyan ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung
ingkang dipunginakaken Upik nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang
nedahaken unggah-ungguh inggih punika: tuladhanipun tembung-tembung
badhe ten pundhi (mau kemana), kalih sinten (sama siapa), kula (saya),
mawon (saja), ndugekaken (mengantar), boten (tidak), napa-napa (kenapa-
napa). Tembung-tembung ing nggil punika kalebet krama inggil.
(6). Konteks: MLAMPAH TUMUJU MUSHOLA, IBU KARYATI
KALIYAN LARENIPUN NANDA ALI KUSWORO.
42
Tuturan.
Ibu : Karyati Lare: Nanda
Ibu : Nda yen kowe mengko daftar ning SMA Kudus piye? (paring
pamrayogi).
Nanda : Nggih boten napa-napa sing penting sekolahane sae
Ibu : Nak jare pak dhemu ya apik, wong dhik kae mas Adi ya sekolah ning
kana.
Nanda : Lha mangke kula ten mrika pripun?
Ibu : Ya mengko melu mbahe
Nanda : Wong mbahe mpun sepuh napa boten ngrepoti?
Ibu : Ya yen kowe gelem kapan-kapan bue tak mrono ngomong mbahe
Nanda : Menawi ngaten nggih mpun tah
Ibu : Wong wis tua diwori putune ya malah seneng tah.
Ingkang dipuntuturaken ibu (Karyati) kaliyan larenipun (Nanda)
punika awujud paring pamrayogi. Tindak tutur punika nedahaken bilih ibu
(Karyati) paring pamrayogi dhateng Nanda (lare) bilih mangke dipundawuhi
sekolah dhateng Kudus tumut kaliyan mbahe.
Tindak tuturipun Nanda (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun
(Karyati) nedahaken bilih Nanda (lare) punika ngginakaken tembung-
tembung ingkang leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken
kagem tiyang sepuh utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh
ngginakaken unggah-ungguh amargi Nanda punika rumaos menawi
piyambakipun gineman kaliyan ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung
43
ingkang dipunginakaken Nanda nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang
nedahaken unggah-ungguh inggih punika: tuladhanipun tembung-tembung
nggih (ya), boten (tidak), napa-napa (kenapa-napa), sae (baik), mangke
(nanti), kula (saya), ten mrika (disana), pripun (bagaimana), mpun (sudah),
sepuh (tua), ngrepoti (merepotkan), menawi (kalau), ngaten (begitu).
Tembung-tembung punika kalebet krama inggil.
4. Komisif
Komisif inggih punika jinis tindak tutur ingkang dipunpahami penutur
kagem ngiket piyambakipun kaliyan tindakan-tindakan ing masa
salajengipun. Tindak tutur punika saged arupi; janji, ancaman, penolakan,
ikrar.
(7). Konteks: GINEMAN ING RUANG TAMU, IBU SITI KALIYAN
LARENIPUN NING SUSANA.
Tuturan.
Ibu : Siti Lare : Susan
Susan : Ibu kula ketampi ten SMA 1 Demak
Ibu : Yawis Alhamdulillah
Susan : Kula ditumbaske HP nggih bu?
Ibu : Dhuwite sapa tah, wong parine ora metu
Susan : Lha kula badhe ditumbaske HP kapan bu?
Ibu : Ya suk wae yen ibu wis duwe dhuwit, wong wingi daftar ulange
adhimu ibu utang bude kok
44
Susan : Menawi ngaten nggih mpun bu, tapi mangke menawi sampun gadhah
arta kula ditumbaske nggih bu?
Ibu : Iyo-iyo, sing penting yen bue wis duwe dhuwit. (janji).
Ingkang dipuntuturaken ibu (Siti) kaliyan larenipun (Susan) punika
awujud janji. Tindak tutur punika nedahaken bilih ibu (Siti) paring janji
dhateng Susan (lare) bilih mangke menawi ibu (Siti) sampun gadhah arta
Susan (lare) badhe dipuntumbasaken HP.
Tindak tuturipun Susan (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun (Siti)
nedahaken bilih Susan (lare) punika ngginakaken tembung-tembung ingkang
leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken kagem tiyang sepuh
utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh ngginakaken unggah-
ungguh amargi Susan punika rumaos menawi piyambakipun gineman
kaliyan ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung ingkang dipunginakaken
Susan nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang nedahaken unggah-ungguh
inggih punika: tuladhanipun tembung-tembung kula (saya), ketampi
(diterima), ditumbaske (dibelikan), nggih (ya), badhe (akan), menawi (kalau),
ngaten (begitu), mangke (nanti), sampun (sudah), gadhah (punya), arto
(uang). Tembung-tembung punika kalebet krama inggil.
(8). Konteks NEMBE MASAK, IBU SRI WAHYUNI KALIYAN
LARENIPUN SARI FITRIAWATI
Tuturan
Ibu : Sri Wahyuni Lare : Sari
45
Ibu : Ri, pokoke yen kowe mengko bijimu apik yo kowe tak kuliahke, tapi
nak bijimu elek ya kowe ra sida tak kuliahke. (ancaman).
Sari : Lha kok ngaten tah bu?
Ibu : Ya wis piye meneh, wong padha kuliah ya paddha nganggur kok
Sari : Lha napa hubungane bu?
Ibu : Ya ana tah, yen bijimu apikkan golek gawean rada gampang tapi yen
bijimu elek ya kowe kalah karo sing bijine luwih apik
Sari : Nggih diparingi kesempatan tah bu, sinten sing ngertos biji ujiane elek
tapi mangke kulahe pinter
Ibu : Halah pokoke yen ijazahmu bijine elek ra sah kuliah.
Ingkang dipuntuturaken dening ibu (Sri) kaliyan Sari (lare) punika
awujud ancaman. Tindak tutur punika nedahaken bilih menawi mangke biji
ujiane awon ibunipun boten kersa nguliahke.
Tindak tuturipun Sari (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun (Sri)
nedahaken bilih Sari (lare) punika ngginakaken tembung-tembung ingkang
leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken kagem tiyang sepuh
utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh ngginakaken unggah-
ungguh amargi Sari punika rumaos menawi piyambakipun gineman kaliyan
ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung ingkang dipunginakaken Sari
nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang nedahaken unggah-ungguh inggih
punika: tuladhanipun tembung-tembung ngaten (begitu), napa (apa), nggih
(ya), diparingi (diberi), sinten (siapa), ngertos (tahu), mangke (nanti).
Tembung-tembung punika kelebet krama inggil.
46
5. Deklarasi
Deklarasi inggih punika jinis tindak tutur ingkang panuturipun saged
nyiptakake samukawis (status, kahanan, lan sapiturutipun) ingkang enggal.
Tindak tutur punika saged arupi; paring keputusan, membatalkan, nglarang,
paring idin, lan nyuwun pangapunten.
(9). Konteks: GINEMAN TEN PLATARAN, IBU RUMIYATI KALIYAN
LARENIPUN APRILIA ARUM SARI
Tuturan
Ibu : Rumiyati Lare : Arum
Ibu : Rum kowe olehe entuk ijazah kapan?
Arum : Ngapunten, wong dereng wonten pengumuman kok
Ibu : Lha janjane kowe pengin sekolah ning Demak po ning Dempet?
Arum : Jane nggih pengin ten Demak, masak awit TK dugi SMA Dempet
terus
Ibu : Lha yen kowe pengin ning Demak, pengine ning SMA endi? Awor
mbak Ika po?
Arum : Lha mbak Ika ten pundi tah bu?
Ibu : Ika ki ning SMK Demak
Arum : Nggih boten napa-napa toh, sing penting sekolahe sae (paring
keputusan).
Ibu : Nak ngono kowe takon mbak Ika pendaftarane kapan?
Arum : Nggih bu mangke kula tak tangklet mbak Ika.
47
Ingkang dipuntuturaken dening Arum (lare) dhateng ibunipun
(Rumiyati) punika awujud paring keputusan. Tindak tutur punika nedahaken
bilih Arum (lare) paring keputusan dhateng ibunipun bilih mangke Arum
badhe sekolah dhateng SMK Demak.
Tindak tuturipun Arum (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun
(Rumiyati) nedahaken bilih Arum (lare) punika ngginakaken tembung-
tembung ingkang leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken
kagem tiyang sepuh utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh
ngginakaken unggah-ungguh amargi Arum punika rumaos menawi
piyambakipun gineman kaliyan ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung
ingkang dipunginakaken Arum nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang
nedahaken unggah-ungguh inggih punika: tuladhanipun tembung-tembung
ngapunten (tidak tahu), dereng (belum), wonten (ada), dugi (sampai), ten
pundi (dimana), nggih (ya), boten (tidak), napa-napa (kenapa-napa), mangke
(nanti), kula (saya), tangklet (tanya). Tembung-tembung punika kalebet
krama inggil.
(10). Konteks: NEMBE MASAK, IBU SULASIH KALIYAN LARENIPUN
TRI MAULADEWI
Tuturan
Ibu : Sulasih Lare : Lia
Lia : Ibu nyuwun pangapunten kula kesupen numbasaken lombok
(nyuwun pangapunten).
Ibu : Lha ya kok isa, wng wis dienteni kok ya lali
48
Lia : Lawong pekene rame sanget kok
Ibu : Lha apa iki mau pasaran
Lia : Kadose nggih
Ibu : Nak ngono ibu ditumbaske ning warung wae, mbok bapakmu selak
ngeleh
Lia : Lha tumbas pinten?
Ibu : Tuku 2000 wae
Lia : Campur tah bu?
Ibu : Ya
Ingkang dipuntuturaken Lia (lare) kaliyan ibunipun (Sulasih) punika
awujud nyuwun pangapunten. Tindak tutur punika nedahaken bilih Lia (lare)
nyuwun pangapunten dhateng ibunipun (Sulasih) bilih Lia (lare) kesupen
boten numbasaken lombok.
Tindak tuturipun Lia (lare) nalika gineman kaliyan ibunipun
(Sulasih) nedahaken bilih Lia punika ngginakaken tembung-tembung
ingkang leres lan tembung ingkang kedahipun dipunaturaken kagem tiyang
sepuh utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh ngginakaken
unggah-ungguh amargi Lia punika rumaos menawi piyambakipun gineman
kaliyan ibunipun. Tuladhanipun tembung-tembung ingkang dipunginakaken
Lia nalika gineman kaliyan ibunipun ingkang nedahaken unggah-ungguh
inggih punika: tuladhanipun tembung-tembung nyuwun pangapunten (minta
maaf), kula (saya), kesupen (lupa), numbasaken (membelikan), pekene
49
(pasare), sanget (sangat), kadose (kayaknya), nggih (ya), pinten (berapa).
Tembung-tembung punika kalebet krama inggil.
50
BAB IV
PANUTUP
A. Dudutan
Adhedhasar asil analisis lan andharan bab ing nginggil, pramila
panaliten punika saged dipunpendhet dudutan bilih jinising tindak tutur punika
sejatosipun wonten gangsal jinis inggih punika (1). Asertif utawi representative,
(2). Ekspresif utawi evaluatif, (3). Direktif utawi impositif, (4). Komisif, lan (5).
Deklarasi utawi isbati.
B. Pamrayogi
Adhedhasar dudutan ing nginggil saged nuwuhaken pamrayogi kados
mekaten:
1. Kagem lare-lare nalika gineman kaliyan tiyang sepuh kedah merhatosaken
tembung-tembung ingkang dipunginakaken.
2. Nalika gineman kaliyan tiyang sepuh kedah nerapaken tata krama, etika lan
sopan santun.
3. Kagem sedaya para pamaos supados milih tembung-tembung ingkang kados
pundi ingkang jumbuh kaliyan kahanan gineman.
51
KAPUSTAKAN
Ali, Mahmud. 1999. Penelitian Pendidikan Pendekatan dan Strategi. Bandung:Angkasa.
Bimo, Setiyanto Aryo. 2010. Paramasastra Bahasa Jawa. Yogyakarta: PanjiPustaka.
Chaer, Abdul dan Leoni Agustina. 2004. Sosiolinguistik; Perkenalan Awal.Jakarta: Rineka Cipta.
Djalinussyah, dkk. 1993. Kampus Pelajar; Kata Serapan Bahasa Indonesia.Jakarta: Rineka Cipta.
Mahsun. 2007. Metode Penelitian Bahasa. Jakarta: PT Raja Grafindo Persada.
Mangunsuwito, SS. 2006. Kamus Lengkap Bahasa Jawa. Bandung: Yramawidya.
Moleong, Lexy J. 2007. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: PTRemaja Rosdakarya Offset.
Kawuryan, Megandaru W. 2008. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia, Indonesia-Jawa. Yogyakarta: Panji Pustaka.
Nababan, D.J.W. 1991. Sosiolinguistik Suatu Pengantar. Jakarta: PTGramedia.
Poerwadarminta. 2003. Kamus Umum Bahasa Indonesia. Jakarta: BalaiPustaka.
Purwadi . 2005. Belajar Bahasa Jawa Krama Inggil. Yogyakarta: HananPustaka.
Rahardi, R.K. 2005. Pragmatik; Kesantunan Imperatif Bahasa Indonesia.Yogyakarta: Erlangga.
Rustono. 1999. Pokok-pokok Pragmatik. Semarang. IKIP Semarang Press.
Sasangka, Wisnu Tjatur Satriya Sry . 2008. Paramasastra Gagrag Anyar BasaJawa. Jakarta: Yayasan Pramalingua.
50
52
Subalidinata, S.R.1994. Kawruh Kasusastran Jawa. Yogyakarta: YayasanPustaka Nusatama.
Sudaryanto. 1993. Metode dan Aneka Teknik Analisis Bahasa; pengantarPenelitian Wahana Kebudayaan Secara Linguistik. Seri ILDEP,Yogyakarta: Duta Wacana Press.
Sudiyatmana. 1991. Penuntun Berbahasa Jawa Tepat Baik Dan Benar.Semarang: Panitia Konggres Bahasa Jawa 1991.
Sumarlam. 2003. Teori dan Praktik Analisis Wacana. Surakarta: Pustaka CakraSurakarta.
Suyoto. 2006. “Handout Mata Kuliah Belajar Pembelajaran Bahasa”.Semarang: IKIP PGRI Semarang.
Tarigan, Djago. 1986. Pengajaran Sintaksis. Bandung: Angkasa.
__________ . 1990. Proses Belajar Mengajar Pragmatik. Bandung: Angkasa.
Tim Penyususn Balai Pustaka. 2000. Kamus Basa Jawa; (Bausastra Jawa).Yogyakarta: Kanisius.
Winter dan Ranggawarsito. 2003. Kamus Kawi-Jawa. Yogyakarta: GadjahMada University Press.
Yule, George. 2006. Pragmartik. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
53
52
Dhata I
Tuladha gineman punika dipunlampahi dening Ibu Inaroh kaliyan larenipun
ingkang nggadhahi nami Ridho.
Ibu: Inaroh Lare: Ridho
Ibu : Ndo, kowe ki wis kelas telu mbok ya sing sregep sinau, mengko
mbok nganthi ra lulus malah gela
Lare : Kula menawi dalu sampun sinau tah bu
Ibu : Wong sinau kok ning ngarep tv
Lare : Menawi sinau ten kamar piyambakan malah nganthuk
Ibu : Ngono kuwi tah nak dikandhani senengane ngeyelan
Lare : Nggih boten ngeyel, tapi saestu kok bu kula menawi sinau ten kamar
piyambakan malah ngathuk
Ibu : Pokoke yen kowe ora sinau aja gela yen nganthi kowe ora lulus
Lare : Inggih bu
Dhata II
Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Suwati kaliyan larenipun
ingkang nggadhahi nami Fitri.
Ibu : Suwati Lare : Fitri
Ibu : Fitri mengko jambune disirami ya?
Fitri : Lha napa tah bu, kok kedah disirami?
Ibu : Mengko yen ora disirami mbok jambune ra gelem woh
Fitri : Lha ibu badhe dhateng pundi?
Ibu : Ibu tak ning sawah dhisik, tak dhelok parine
53
Fitri : Lha mangke toyane bor napa lepen?
Ibu : Kali wae, sing akeh sing disiram lemah ngisor
Fitri : Nggih
Dhata III
Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Susanti kaliyan larenipun
ingkang nggadhahi nami Devi.
Ibu : Susanti Lare : Devi
Lare : Bu sing buntelan plastik napa tah?
Ibu : Jajal dibuka dewe tah
Lare : Niki sepatune sinten bu?
Ibu : Jare wingi kon nukoke sepatu ireng kanggo pramuka?
Lare : Nggih
Ibu : Lha wis kok takon?
Lare : Maksudte mbok menawi titipane tiyang
Ibu : Ndhang dijajal pas pora? Yen ra pas mengko langsung dibaleke,
mumpung bakule isih ning pasar
Lare : Pas kok bu, matur nuwun nggih sampun ditumbaske sepatu
Ibu : Ya
Dhata IV
Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Durni kaliyan larenipun
ingkang nggadhahi nami Alif.
Ibu : Durni Lare: Alif
Alif : Bu kula kalawau ulangan Matematika angsal biji 8
54
Ibu : Yawis tah Alhamdulillah, mulane sinau sing sregep ben bijine apik
terus kaya masmu dhisik
Alif : Nggih bu
Ibu : Lha mau kancane padha entuk biji pira?
Alif : Nggih wonten sing angsal 5, 6, 7
Ibu : Lha sing paling dhuwur sapa?
Alif : Nggih kula tah bu
Ibu : Pokoke angger bijine apik terus ya sekolah ning Demak tapi nak bijine
tambah elek yasekolah ning Dempet wae
Alif : Nggih bu
Ibu : Sing penting sinau terus ben bijine apik terus.
Dhata V
Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Maryuni kaliyan
larenipun ingkang nggadhahi nami Upik.
Ibu : Pik bue digosokke bathik sing werna abang yo?
Upik : Ibu badhe ten pundhi tah?
Ibu : Ibu arep nyumbang ning Balerama
Upik : Kalih sinten?
Ibu : Karo mbakyumu
Upik : Kula mawon bu sing ndugekke
Ibu : Lha kowe pe lapo?
Upik : Boten napa-napa pengin mawon
Ibu : Yawis tah ndang resik-resik ben mangkate ra kewengen.
55
Dhata VI
Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Karyati kaliyan larenipun
ingkang nggadhahi nami Nanda.
Ibu : Karyati Lare: Nanda
Ibu : Nda yen kowe mengko daftar ning SMA Kudus piye?
Nanda : Nggih boten napa-napa sing penting sekolahane sae
Ibu : Nak jare pak dhemu yaapik, wong dhik kae mas Adi ya sekolah ning
kana.
Nanda : Lha mangke kula ten mrika pripun?
Ibu : Ya mengko melu mbahe
Nanda : Wong mbahe mpun sepuh napa boten ngrepoti?
Ibu : Ya yen kowe gelem kapan-kapan bue tak mrono ngomong mbahe
Nanda : Menawi ngaten nggih pun tah
Ibu : Wong wis tua diwori putune ya malah seneng tah.
Dhata VII
Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Siti kaliyan larenipun
ingkang nggadhahi nami Susan
Ibu : Siti Lare : Susan
Susan : Ibu kula ketampi ten SMA 1 Demak
Ibu : Yawis Alhamdulillah
Susan : Kula ditumbaske HP nggih bu?
Ibu : Dhuwite sapa tah, wong parine ora metu
Susan : Lha kula badhe ditumbaske HP kapan bu?
56
Ibu : Ya suk wae yen ibu wis duwe dhuwit, wong wingi daftar ulange
adhimu ibu utang bude kok
Susan : Menawi ngaten nggih mpun bu, tapi mangke menawi sampun gadhah
arta kula ditumbaske nggih bu?
Ibu : Iya-iya, sing penting yen bue wis duwe dhuwit.
Dhata IX
Tuladha gineman punika dipunlampahi dening ibu Rumiyati kaliyan
larenipun ingkang nggdhahi nami Arum.
Ibu : Rumiyati Lare : Arum
Ibu : Rum kowe olehe entuk ijazah kapan?
Arum : Ngapunten, wong dereng wonten pengumuman kok
Ibu : Lha janjane kowe pengin sekolah ning Demak po ning Dempet?
Arum : Jane nggih pengin ten Demak, masak awit TK dugi SMA Dempet
terus
Ibu : Lha yen kowe pengin ning Demak, pengine ning SMA endi? Awor
mbak Ika po?
Arum : Lha mbak Ika ten pundi tah bu?
Ibu : Ika ki ning SMK Demak
Arum : Nggih boten napa-napa tah, sing penting sekolahe sae
Ibu : Nak ngono kowe takon mbak Ika pendaftarane kapan?
Arum : Nggih bu mangke kula tak tangklet mbak Ika.
Dhata X
57
Tuladha gineman punika dipunlampahi dening dening ibu Sulasih kaliyan
larenipun ingkang nggadhahi nami Lia.
Ibu : Sulasih Lare : Lia
Lia : Ibu nyuwun pangapunten kula kesupen numbasaken lombok
Ibu : Lha a kok isa, wong wis dienteni kok ya lali
Lia : Lawong pekene rame sanget kok
Ibu : Lha apa iki mau pasaran
Lia : Kadose nggih
Ibu : Nak ngono ibu ditumbaske ning warung wae, mbok bapakmu selak
ngeleh
Lia : Lha tumbas pinten?
Ibu : Tuku 2000 wae
Lia : Campur tah bu?
Ibu : Ya