17
Tindak Tutur Ngajak Mawa Basa Jawa Dhialeg Surabaya ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati,Kabupaten Sidoarjo TINDAK TUTUR NGAJAK MAWA BASA JAWA DHIALEG SURABAYA ING DHUSUN ALAS TIPIS, DESA PABEAN, KECAMATAN SEDATI, KABUPATEN SIDOARJO Galuh Citra Utama Jurusan S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya [email protected] Sugeng Adipitoyo, M.Si Dosen S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya ABSTRAK Tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya minangka salah sijine jinis tindak tutur ilokosi direktif kang isih digunakake masyarakat ing dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo. Paedah teoretis panliten iki yaiku kanggo panyengkuyung ilmu pragmatik lan menehi sumbangsih ngenani ukara ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya. Paedah praktise kanggo ngrembakakake materi ajar basa Jawa ing Sekolahan mligine jinis ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya. Panliten tindak tutur iki dilebokake jinis etnografi awit ngrembug basa kang disambungake karo konteks. Teori kang digunakake yaiku teori tindak tutur kang diandharake dening Levinson. Jinise Lageyane panutur lan pananggape mitra tutur sajrone tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya diperang dadi patang perangan gedhe. yaiku (1) blaka langsung, (2) blaka ora langsung, (3) ora blaka langsung, lan (4) ora blaka ora langsung. Pananggape mitra tutur sajrone tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya uga diperang dadi patang perangan gedhe yaiku (1) nampa kanthi pocapan, (2) nampa kanthi solah bawa, (3) nampik kanthi pocapan, lan (4) nampik kanthi solah bawa. Tembung Wigati: Tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya, lageyane panutur, pananggape mitra tutur, lan konteks. PURWAKA Landhesan Panliten Tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya (sabanjure TTNMBJDS) iki mujudake salah sijine jinis tindak tutur direktif kang kerep digunakake masyarakat Surabaya sajrone cecaturan. Masyarakat Jawa mligine subetnis Surabaya kerep nindakake tindak tutur ngajak, karana saben pawongan mesthi mbutuhake pambiyantune wong liya. TTNMBJDS kalebu tindak tutur direktif kang mligi, bab iki disebabake sub etnik Surabaya nduweni titikan kang mligi lan luwih ngegla tinimbang basa Jawa umume. Basa Jawa dhialeg Surabaya dititiki kanthi anane tembung arek ‘bocah’ lan yaapa ‘kepriye’. Bab iki jumbuh karo panemune Adipitoyo (2008:111) Sub etnik Surabaya nduweni identitas kang ngegla ing bab basa lan Seni. Masyarakat Surabaya nduweni watak wantu kang beda karo masyarakat Jawa liyane, amarga wong Surabaya luwih blak-blakan nalika medharake kekarepane. Saliyane kuwi masyarakat Surabaya luwih grapyak semanak marang wong liya, mula saka kuwi ora ana wates kang dadi watesane sesrawungan 1

TINDAK TUTUR NGAJAK MAWA BASA JAWA DHIALEG SURABAYA ING DHUSUN ALAS TIPIS, DESA PABEAN, KECAMATAN SEDATI, KABUPATEN SIDOARJO

Embed Size (px)

DESCRIPTION

Jurnal Online Universitas Negeri Surabaya, author : GALUH CITRA UTAMA

Citation preview

Page 1: TINDAK TUTUR NGAJAK MAWA BASA JAWA DHIALEG SURABAYA  ING DHUSUN ALAS TIPIS, DESA PABEAN, KECAMATAN SEDATI, KABUPATEN SIDOARJO

Tindak Tutur Ngajak Mawa Basa Jawa Dhialeg Surabaya ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati,Kabupaten Sidoarjo

TINDAK TUTUR NGAJAK MAWA BASA JAWA DHIALEG SURABAYA ING DHUSUN ALAS TIPIS, DESA PABEAN, KECAMATAN SEDATI,

KABUPATEN SIDOARJO

Galuh Citra UtamaJurusan S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya

[email protected]

Sugeng Adipitoyo, M.SiDosen S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya

ABSTRAK

Tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya minangka salah sijine jinis tindak tutur ilokosi direktif kang isih digunakake masyarakat ing dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo. Paedah teoretis panliten iki yaiku kanggo panyengkuyung ilmu pragmatik lan menehi sumbangsih ngenani ukara ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya. Paedah praktise kanggo ngrembakakake materi ajar basa Jawa ing Sekolahan mligine jinis ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya.

Panliten tindak tutur iki dilebokake jinis etnografi awit ngrembug basa kang disambungake karo konteks. Teori kang digunakake yaiku teori tindak tutur kang diandharake dening Levinson. Jinise Lageyane panutur lan pananggape mitra tutur sajrone tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya diperang dadi patang perangan gedhe. yaiku (1) blaka langsung, (2) blaka ora langsung, (3) ora blaka langsung, lan (4) ora blaka ora langsung. Pananggape mitra tutur sajrone tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya uga diperang dadi patang perangan gedhe yaiku (1) nampa kanthi pocapan, (2) nampa kanthi solah bawa, (3) nampik kanthi pocapan, lan (4) nampik kanthi solah bawa.

Tembung Wigati: Tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya, lageyane panutur, pananggape mitra tutur, lan konteks.

PURWAKALandhesan Panliten

Tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya (sabanjure TTNMBJDS) iki mujudake salah sijine jinis tindak tutur direktif kang kerep digunakake masyarakat Surabaya sajrone cecaturan. Masyarakat Jawa mligine subetnis Surabaya kerep nindakake tindak tutur ngajak, karana saben pawongan mesthi mbutuhake pambiyantune wong liya. TTNMBJDS kalebu tindak tutur direktif kang mligi, bab iki disebabake sub etnik Surabaya nduweni titikan kang mligi lan luwih ngegla tinimbang basa Jawa umume. Basa Jawa dhialeg Surabaya dititiki kanthi anane tembung arek ‘bocah’ lan yaapa ‘kepriye’. Bab iki jumbuh karo panemune Adipitoyo (2008:111) Sub etnik Surabaya nduweni identitas kang ngegla ing bab basa lan Seni. Masyarakat Surabaya nduweni watak wantu kang beda karo masyarakat Jawa liyane, amarga wong Surabaya luwih blak-blakan nalika medharake kekarepane. Saliyane kuwi masyarakat Surabaya luwih grapyak semanak marang wong liya, mula saka kuwi ora ana wates kang dadi watesane sesrawungan antarane umur bocah, umur enom apa dene umur tuwa.

TTNMBJDS dumadi karana panutur nduweni kekarepane supaya mitra tutur gelem nindakake apa kang dituturake dening panutur utawa akon melu. Tindak tutur ngajak kalebu tindak tutur kang wigati, amarga yen ngajak marang wong liya kuwi kudu nggunakake basa kang prayoga lan kudu ngerteni marang sapa lan empan

papan. Ngucapake guneman ngajak sing becik, bisa ndayani panampane mitra tutur kanthi becik.

Tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya, bisa ditindakake sapa wae kayata bocah cilik, wong enom apa dene wong tuwa. Ngajake bocah cilik luwih nggriseni tinimbang pangajake wong sing luwih tuwa, disebabake apa kang dikarepake dening umur bocah kuwi umume kudu ditindakake. Bab iki jumbuh karo panemune Chaer (2010:65) yen saya enom umure panutur saya cendhek tingkat kesantunane.

Masyarakat Jawa mligine subetnis Surabaya ana parikan kang digawe senggakan gendhing sinom parijoto ”Bebasane Gondhel anting-anting, dijak ora gelem ditinggal golong koming”. Yen dideleng, parikan kang kaya mangkono pancen katon lumrah, nanging nduweni teges kaya mangkene ”yen dijak ora enggal tandang, nanging yen ditinggal ora nglilakake. TTNMBJDS luwih ketara utawa luwih ngegla tinimbang tindak tutur liyane kayata tindak tutur ngongkon, ngabari, mengging lsp. TTNMBJD anggone medharake pocapan kanthi adreng utawa ngriseni wong sing arep dijak supaya enggal nindakake apa kang dadi kekarepane panutur loke kaya-kaya meksa. Saliyane kuwi sing mbedakake tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya karo tindak tutur liyane yaiku ngenani lagune pocapan, wis dadi titikan mligi nggunakake lagu pocapan kang sereng nalika medharake pocapan marang mitra tutur. Pocapan sereng disebabake dununge surabaya adoh saka kraton lan kalebu dhaerah pesisir, saliyane kuwi basa Surabayaan kuwi campuran antarane basa Madura lan

1

Page 2: TINDAK TUTUR NGAJAK MAWA BASA JAWA DHIALEG SURABAYA  ING DHUSUN ALAS TIPIS, DESA PABEAN, KECAMATAN SEDATI, KABUPATEN SIDOARJO

Tindak Tutur Ngajak Mawa Basa Jawa Dhialeg Surabaya ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati,Kabupaten Sidoarjo

basa Jawa. Pangajak mono yen adhedhasar lagu pocapane diperang dadi telu yaiku kanthi cara alus, kanthi cara rada alus, lan sereng. Dhata ing ngisor iki minangka tuladhane ukara kang digunakake dening masyarakat Alas Tipis.

P :wis tah la ayuk melok aku pokoke rek, ojok mbulet ae koen iku !

‘wis ta ayo melu aku, aja mbulet ae kowe kuwi’

Tuladha kasebut kalebu tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya kanthi lagu pocapan sereng. Adate wong Surabaya nandhesake tembung ing ukara pungkasan, uga anane tembung panguwuh kang nduweni teges mbangetake. Tembung ”wis tah la”, ”ayuk ta” kuwi dadi titikan mligi tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya. Masyarakat Surabaya ora nengenake bab kesopanan nanging luwih nengenake bab keakraban. Dhata ing ndhuwur kalebu tindak tutur ngajak kang ditindakake dening umur enom, jinis kelamin lanang, status ekonomi sosial sedhengan marang mitra tutur umur enom, jinis kelamin lanang, status ekonomi sosial sedhengan, kanthi relasi raket. Dhata ing ndhuwur panutur ora nengenake bab kesopanan marang mitra tutur, senajan umure mitra tutur luwih tuwa tinimbang panutur. Panutur luwih nengenake bab keakraban kanthi bukti basa kang digunakake dening panutur yaiku basa ngoko mawa basa Jawa dhialeg Surabaya.

Ing buku paramasastra gagrak anyar basa Jawa isih durung ana kang ngandharake kanthi gamblang ngenani ukara ngajak, apa maneh kang ngenani tindak tutur mawa basa Jawa dhialeg Surabaya. Sarining Paramasastra Djawa (W.J.S Poerwadarminto, 1953), Kawruh Paramasastra Jawa (Subalidinata, 1994) kang kudune ngandharake ukara ngajak, jebul ora ditemokake kang ngrembug ngenani pangajak. Tipe Kalimat Bahasa Jawa (Subroto dkk,1987), Tata Bahasa Deskriptif Bahasa Jawa (Subroto dkk, 1991), iki merang jinise ukara adhedhasar klompok tembung. Karti Basa (Kementrian “Pengadjaran Pendidikan dan Keboedajaan,1948:15), kudune luwih cetha anggone ngandharake bab pangajak, nanging ing buku iki mung nglebokake ukara ngajak kalebu ukara pakon kang nggunakake lagu pocapan rada alus, ora dijlentrehake kanthi gamblang ngenani bab ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya. Panutur nindakake TTNMBJDS awit nuduhake rasa kurmate marang wong kang arep dijak, supaya wong kang dijak guneman gelem nindhakake kekarepane tanpa nggawe wong kang dijak guneman rumangsa dadi reh-rehane.

Panliten ngenani tindak tutur direktif wis tau ditliti, nanging tindak tutur Ngajak ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo durung nate ditliti. Panliten Sadurunge yaiku Tindak Tutur Menging ditindakake dening Nurhandrina (2010) kang nliti tindak wicara menging. Kanthi dhasar ing ndhuwur isih durung ana panliten ngenani tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya kang ngandharake jinis-jinise TTNMBJDS kang diprinci kanthi pitakonan jinise lageyane panutur lan jinise pananggape mitra tutur kanthi lelandhesan struktur sosial, relasi sosial lan

kahanan sosial kang ana. Panliten milih lokasi panliten ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo, amarga anggone ngajak wong surabaya luwih nengenake bab keakraban tinimbang bab kesopanan. Blak kotang terus terang iku dadi titikan mligi watak wantune wong Surabaya nalika medharake kekarepane utawa tanpa nutup-nutupi apa kang dikarepake. Bab ing dhuwur jumbuh karo panemune Adipitoyo (2007:3) titikan mligi wong Surabaya yaiku luwih gampang srawung. Senajan wewatakane kasar nanging masyarakat Surabaya mligine masyarakat Alas Tipis nduweni watak demokratis, seneng aweh pitulungan apa dene seneng srawung. Mula saka andharan kasebut panliten milih topik kasebut kanthi nggunakake teorine Levinson. Adhedhasar kuwi mau banjur panliti milih irah-irahan “Tindak Tutur Ngajak Mawa Basa Jawa Dhialeg Surabaya.

Watese Panliten

Panliten iki ana wates-watese perkara kang kudu ditindakake dening panliti, amrih panliten iki ora nggrambyang, mleber tekan ngendi-endi. Wates-wates iku mau yaiku kang kapisan panliten iki mung nitiki ngenani basa kang dienggo ing panliten iki yaiku basa Jawa dhialeg Surabaya kang digunakake cecaturan saben dina dening masyarakat Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan sedati, Kabupaten Sidoarjo. Kaping pindhone nliti punjere perkara kanthi dhasar konteks sosial. Konteks sosial kuwi ing njerone ana struktur sosial, relasi sosial, norma sosial lan kahanan sosial. Kang pungkasan panliten iki bakal nliti jinise lageyane panutur lan jinise pananggape mitra tutur tumrap TTNMBJDS.

Punjere Panliten

Punjere panliten iki yaiku jinise tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya. Saka punjer kasebut bisa diprinci kanthi pitakonan ing ngisor iki:

(1) Apa wae jinise lageyane panutur sajrone TTNMBJDS ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo?

(2) Apa wae jinise pananggape mitra tutur sajrone TTNMBJDS ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo?

Ancase Panliten

Adhedhasar punjering panliten, ancase panliten iki yaiku:

(1) Ngandharake jinise lageyane panutur sajrone TTNMBJDS ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo.

(2) Ngandharake jinise pananggape mitra tutur sajrone TTNMBJDS ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo.

Page 3: TINDAK TUTUR NGAJAK MAWA BASA JAWA DHIALEG SURABAYA  ING DHUSUN ALAS TIPIS, DESA PABEAN, KECAMATAN SEDATI, KABUPATEN SIDOARJO

Tindak Tutur Ngajak Mawa Basa Jawa Dhialeg Surabaya ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati,Kabupaten Sidoarjo

Paedah Panliten

Paedah sajrone panliten iki diperang dadi loro yaiku paedah teoretis lan paedah praktis.

(1) Paedah Teoretis

Panliten iki diajab muga-muga bisa migunani kanggo panyengkuyung ngrembakane ilmu pragmatik kang wis ana sadurunge. Saliyane iku, panliten iki uga bisa migunani ing ngrembakane kajian tindak tutur lan babagan basa (Linguistik). Asil panliten iki uga menehi sumbangsih tumrap ngrembakane sintaksis basa Jawa ngenani jinis ukara ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya.

(2) Paedah Praktis

Asil panliten iki bisa menehi paedah kanggo ngrembakane materi ajar basa Jawa ing sekolahan, mligine wicara Jawa. Asil panliten iki bisa kanggo dhasar nindakake ngajak kang bener lan pener, sarta bisa kanggo pasinaon tumrap para pamaos sajrone nyinaoni basa Jawa, mligine bab tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya kanthi dhasar lageyane panutur lan pananggape mitra tutur.

Panjlentrehe Tetembungan

Kanggo ngerteni tetembungan ing panliten iki lan supaya ora kliru anggone ngerteni tetembungan kang digunakake ing panliten iki, mula perlu diandharake tetembungan kang digunakake ing TTNMBJDS.

TINTINGAN KAPUSTAKANKonsep-konsep ing Panliten iki

Tindak tutur yaiku salah sawijine bab kang diandharake ana pragmatik. Dene kang dadi tema ing panliten iki yaiku tindak tutur ilokusi direktif kanthi topik ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya. Konsep-konsep kang digunakake yaiku (1) ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya minangka tindak tutur direktif. (2) teges lan titikane tindak tutur ngajak mawa basa Jawa Dhialeg Surabaya, (3) wujude ukara ing tindak tutur ngajak mawa basa Jawa Dhialeg Surabaya, (4) jinise lageyane panutur sajrone tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya, (5) jinise pananggape mitra tutur sajrone tindak tutur ngajak mawa basa Jawa Dhialeg Surabaya, lan (6) konteks ing tindak tutur ngajak mawa basa Jawa Dhialeg Surabaya.

1. Ngajak Minangka Tindak Tutur Direktif

Ngajak yaiku kekarepan kang diucapne supaya wong kang sing dijak guneman nindakake apa kekarepane. Miturut Searle (1975) merang tindak tutur ilokusi dadi limang perangan yaiku (1) asertif, (2) direktif, (3) komisif, (4) ekspresif, (5) deklarasi. Dene Ibrahim (1993:29) nglebokake pangajak ing jinis tindak

tutur direktif. Tindak tutur direktif yaiku salah siji pamerange tindak tutur ilokusi sing gunane menehi daya pangaribawa marang mitra tutur kanggo nindakake samubarang. Tindak tutur direktif uga diarani tindak tutur impositif. Kang kalebu ing tindak tutur iki yaiku njaluk, ngajak, ngongkon, mrentah, nantang.

Tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya yen dititiki saka maksude panutur kalebu tindak-tutur ilokusi, amarga ngandharake tumindak ngomong kanthi maksud tartamtu supaya wong liya nindakake samubarang kang dikarepake panutur. Dadi tindak tutur ngajak kuwi kalebu tindak tutur ilokusi amarga nduweni karep sawise guneman bisa gawe reaksi tumrap mitra tutur. Saliyane kalebu tindak tutur ilokusi, TTNMBJDS uga kalebu tindak tutur perlokusi, amarga saliyane wis kasil nindakake tindak tutur ilokusi uga kasil nindakake tindak tutur perlokusi kanthi nyawang pananggape mitra tutur. Saka pananggape mitra tutur bisa ngerteni yen pangajake ditampa utawa ditampik.

2. Teges lan Titikane TTNMBJDS

TTNMBJDS yaiku tindak tutur direktif kang ditindakake dening sub etnik Surabaya. Basa kang digunakake yaiku dhialeg Surabayaan utawa basa brang wetan. Titikane basa Surabayaan yaiku kanthi anane tembung arek ‘bocah’ yaapa ‘kepriye’ ayuk ‘ayo’ lan wis tah la ‘wis ta’. TTNMBJDS nggunakake lagu pocapan kang sereng kanthi nandhesake tembung ing pungkasan. Bab iki jumbuh karo panemune Adipitoyo (2008:111) yen Surabaya nduweni basa lan seni kang luwih ngegla lan beda karo dhaerah liyane.

Sajrone buku Karti Basa (Kementrian “Pengadjaran Pendidikan dan Keboedajaan,1948:15) wetuning rasa pangrasa sing diarani pangajak mono bisa alus, rada alus, lan sereng murih wong sing dijak guneman gelem melu nglakoni kang dikarepake. Miturut Antunsuhono (1993) pangajak iku padha wae karo ukara pakon, mung bedane wong kang diprentah nduweni teges sejajar pangkate karo sing mrentah. Jinise ukara pakon kuwi mono maneka warna ana sing diarani pangajak, panari, pamrayoga lan pepeling. Tumrap wong ndhuwuran lan wong kang luwih tuwa, supaya wong kang sing dijak guneman kuwi ora rumangsa dadi reh-rehan, mula ukara kang nggawe pocapan sereng kuwi maeng disalini nganggo ukara pangajak. Nanging kang mbedakake karo tindak tutur liyane yaiku lagune pocapan wong Surabaya luwih nengenake lagu pocapan sereng lan nandhesake tembung ing pungkasane ukara.

Dene sajrone Baoesastra ngajak mono linggane saka bakale tembung (wod) “ jak” tegese akon melu, kang dimaksud ngajak yaiku pamicara nduweni karep supaya mitratutur gelem melu karo apa kang ditindakake dening panutur. Tindak tutur ngajak saliyane tindak tutur ilokusi, uga kalebu tindak tutur perlokusi amarga anane reaksi saka mitratutur. Ing kene panutur dadi punjere tindak tutur ngajak amarga ana aksi saka panutur kang nyebabake reaksi saka mitratutur. Saliyane kuwi titikane tindak tutur ngajak bisa diandharake kanthi cara blaka lan

3

Page 4: TINDAK TUTUR NGAJAK MAWA BASA JAWA DHIALEG SURABAYA  ING DHUSUN ALAS TIPIS, DESA PABEAN, KECAMATAN SEDATI, KABUPATEN SIDOARJO

Tindak Tutur Ngajak Mawa Basa Jawa Dhialeg Surabaya ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati,Kabupaten Sidoarjo

samudana, uga ana kang medharake kanthi cara solah bawa kayata ngedhepake mripat, nggeplek pundhak, nanging supaya bisa menehi maksud, kabeh kuwi gumantung marang konteke. Titikane liyane uga ana tembung “ayo ta”, “wes ta la”.

Wirjosoedarmo (1987:257) ngandharake yen tembung ngajak isih kagolong ukara pakon kang nggunakake lagu pocapan alus. Ukara pakon yen digolongake adhedhasar lagu pocapan diperang dadi 3 yaiku (1) kanthi lagu pocapan sereng, (2) kanthi lagu pocapan rada alus, (3) kanthi cara alus. Ngajak kalebu tindak tutur ngajak kang sipate rada alus.

Ngajak kuwi disebabake ora anane kabisan pawongan meksa marang wong kang dijak guneman supaya gelem nindakake apa kang dadi kekarepane, anane rasa welas marang wong kang dijak guneman, anane pambudidaya supaya apa sing dikarepake kasembadan.

Kanthi andharan ing ndhuwur bisa didudut titikane tindak tutur ngajak (TTNMBJDS) yaiku kanthi anane tembung “ ayuk ta, wis ta la, utawa anane sufiks –a sajrone tembung lingga lan anane tembung panguwuh kang nduweni teges mbangetake.

3. Wujude Tuturan ing TTNMBJDS

Wujude tuturan ing tindak tutur ngajak mawa basa Jawa Dhialeg Surabaya bisa awujud tembung, frasa lan klausa. Ing ngisor iki diandharake jinise ukara kang digunakake sajrone pangajak.

a. Ukara Carita

Ukara carita miturut Sasangka (2013:198) yaiku ukara kang isine nyritakake utawa ngandharake sawijine bab utawa sawijine kedadeyan marang wong liya. Hadiwidjana (1967:48) nambahi titikan anyar yen ukara carita utawa indhuktif kajaba katitik saka ing lagu pocapane, kena dititeni ana wujud wasesane. Ing jinis ukara carita wujude wasesa ana loro yaiku bawa (kahanan) lan kriya. Dene miturut Antunsuhono (1953:127) ukara carita iku ukara wedhare gagasane manungsa , tumuju marang wong kang dijak guneman, supaya mangerteni apa bae kang diwedharake, magepokan awake dhewe utawa wong liya, nyritakake kedadeyan kang mentas rinungu, dideleng, rinasa, menehi wawasan, pitutur, nerokake gunem lsp.

b. Ukara Pakon

TTNMBJDS lumrahe nggunakake ukara pakon kanggo medharake apa kang dadi kekarepane. Ukara pakon yaiku wedhare gagasan tumuju marang wong kapindho supaya nindakake apa kang dadi kekarepane panutur. Dene miturut Sasangka (2013:199), ukara pakon yaiku ukara kang surasane awujud pakon utawa prentah supaya nindakake sawijining bab utawa sawijining pakaryan kaya kang dikarepake kang ngongkon. Ukara

ngajak kuwi kalebu ukara pakon kang nggunakake lagu pocapan kang alus, supaya wong sing dijak guneman kuwi ora rumangsa dipeksa apa dene dadi reh-rehan. Kementrian Pengadjaran Pendidikan lan Keboedajaan (1967:19) ngandharake yen karep kang kudu dituruti wong kang dijak guneman kuwi diarani pakon. Supaya ora katon kasar anggone mrentah mula bisa disalini nganggo ukara pangajak, panari, pamrayoga.

c. Ukara Pitakon

Ukara pitakon sajrone TTNMBJDS lumrahe digunakake kanggo abang- abang lambe. Kementrian Pengadjaran Pendidikan lan Keboedajaan (1967:19) ngandharake pitakon kuwi wose njaluk katrangan apa-apa. Dadi sing takon duwe karep, kepingin nyumurupi apa wae. Dene miturut Antusuhono (1953:130) ngandharake ukara pitakon yaiku wedharing gagasaning manungsa kepengin mangerteni apa kang durung diweruhi.. Titikane ukara iku gampang bae yaiku nggunakake tembung apa, sapa, coba, pira, ngendi, ing ngendi, kepriye, yagene, apa sebabe, lan kena apa.

4. Jinise Lageyane Panutur sajrone TTNMBJDS

Jinise tindak tutur ngajak adhedhasar lageyane panutur kang ditindakake pawongan nalika guneman kuwi diperang dadi loro yaiku tatacara medharake lan tatacara kang digunakake.

a. Jinise Lageyane Panutur sajrone TTNMBJDS Adhedhasar Cara Medharake

Tata cara sing diwedharake yaiku tata cara kang digunakake dening panutur nalika medharake guneman marang mitra tutur. Ing kene tata cara adhedhasar cara medharake diperang dadi loro yaiku kanthi cara blaka utawa omong kanthi apa anane lan kanthi cara samudana utawa maksude didhelikake sajrone rerakitaning ukara.

1) Jinise Lageyane Panutur Blaka sajrone TTNMBJDS

Miturut Djajasudarma (1994:65) tatacara blaka nuduhake gunane sajrone kahanan (tumindak) langsung lan literal (jumbuh karo kanyatan). Kanthi paugeran formalitas sintaksis titikane TTNMBJDS blaka yaiku kanthi anane tembung “ ayuk ta “. Blaka yaiku ngomong sanyatane, ora ana maksud kang didhelekake. Panutur milih cara blaka iki awit ana enem alasan (1) panutur oleh panyengkuyung kanggo dheweke saka wong liya, (2) panutur oleh kapercayan ngenani sipat jujure kanthi dheweke nuduhake yen dheweke percaya marang mitra tutur, (3) panutur oleh kapercayan amarga blaka, (4) ngedohi prasangka ala, saupama dheweke dianggep manipulator, (5) panutur ngedohi salah tampa, (6) panutur bisa ndandani maneh apa kang dirusak dening tumindak kang ora ngajeni (Brown lan Levinson sajrone Nadar, 2009:38).

Page 5: TINDAK TUTUR NGAJAK MAWA BASA JAWA DHIALEG SURABAYA  ING DHUSUN ALAS TIPIS, DESA PABEAN, KECAMATAN SEDATI, KABUPATEN SIDOARJO

Tindak Tutur Ngajak Mawa Basa Jawa Dhialeg Surabaya ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati,Kabupaten Sidoarjo

2) Jinise Lageyane Panutur Ora Blaka sajrone TTNMBJDS

Samudana tegese maksud sing diwedharake kanthi ora blaka nalika guneman utawa maksud kuwi sengaja didhelikake ing suwalike rerakiting tetembungan utawa ukara kanthi nggatekake konteks tartamtu. Miturut Brown lan Levinson sajrone Nadar (2009:38), panutur nggunakake cara samudana krana 4 sebab yaiku (1) panutur dipercaya minangka pawongan kang wicaksana lan ora meksa mitra tutur, (2) panutur ngadohi yen saupama dheweke bakal dadi rerasanan wong liya, (3) panutur ngadohi tanggung jawab minangka pawongan kang dianggep ora ngajeni mitra tutur, (4) panutur kanthi ora langsung menehi kalonggaran mitra tuture kanggo nggatekake kekarepane.

b. Jinise Lageyane Panutur Adhedhasar Tata Cara kang Digunakake

Searle sajrone Gunarwan (2007:9) merang tindak tutur adhedhasar lajur ilokusine dadi loro yaiku tindak tutur langsung lan tindak tutur ora langsung. Tata cara langsung yaiku ngajak langsung marang wong sing dijak guneman. Dene Tata cara ora langsung yaiku panutur mbutuhake wong katelu anggone nindakake pangajak.

1) Jinise Lageyane Panutur Langsung sajrone TTNMBJDS

TTNMBJDS langsung mujudake deklaratif kang digunakake kanggo nggawe sawijining wedharan. Cara kang digunakake panutur ing kene medharake kanthi sapajagong karo mitra tutur. TTNMBJDS langsung iki mujudake tindak tutur ngajak mawa basa Jawa Dhialeg Surabaya kang ditindakake dening panutur langsung marang mitra tuture, tanpa lumantar wong katelu.

2) Jinise Lageyane Panutur Ora langsung sajrone TTNMBJDS

TTNMBJDS ora langsung mujudake wujud direktif kang digunakake kanggo nggawe sawijining panjaluk. TTNMBJDS ora langsung, ditindakake lumantar wong katelu kanggo medharake apa kang dadi kekarepan. Dadi TTNMBJDS ora langsung kuwi titikane yaiku anane wong katelu utawa luwih sajrone guneman. Wong nindhakake kanthi lumantar wong katelu kuwi diarani meling, murih apa kang dadi welinge kuwi maeng diomongne marang wong keloro.

5. Jinise Pananggape Mitra Tutur sajrone Tindak Tutur Ngajak Mawa Basa Jawa Dhialeg Surabaya

Guneman bisa lumaku kanthi prayogi yen ana pananggape saka mitra tutur, amarga pawongan nindhakake pangajak kuwi mesthi nduweni tujuwan. Pananggape Mitra tutur ing kene bisa ditampa utawa ditampik nggunakake pocapan, lan ana kang nggunakake

solah bawa. Tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya kang cukup diwangsuli tanpa anane tumindak kuwi kalebu tindak tutur ilokusi, dene kang katindakake kalebu tindak tutur perlokusi.

Tindak tutur mawa basa Jawa dhialeg Surabaya adhedhasar pananggape mitra tutur diperang dadi papat yaiku (1) PMT nampa kanthi pocapan sajrone TTNMBJDS, (2) PMT nampa kanthi solahbawa sajrone TTNMBJDS, (3) PMT nampik kanthi pocapan sajrone TTNMBJDS, (4) PMT nampik kanthi solahbawa sajrone TTNMBJDS.

Pananggape Mitra tutur ana kang nggunakake pocapan “ iya” yen gelem nindhakake apa kang dikarepake panutur, lan nggunakake tembung “gak, mok, males utawa emoh “ yen ora gelem nindakake apa kang dadi kekarepane panutur. Saliyane kuwi uga ana kang nggunakake solah bawa kayata manthuk-manthuk yen sarujuk, nggedhegake sirah yen ora sarujuk karo pangajake panutur, malah ana sing mung mesem anggone nanggepi pangajake mita tutur. Ing ngisor iki diandharake pamerange TTNMBJDS adhedhasar pananggape mitra tutur.

a. Pananggape Mitra Tutur Nampa kanthi Pocapan sajrone TTNMBJDS

PMT nampa kanthi pocapan sajrone TTNMBJDS yaiku pangajake panutur marang mitra tutur kuwi diwangsuli nggunakake pocapan, sawise diwangsuli kanthi pocapan mitra tutur nindakake apa kang dikarepake dening panutur. Titikane yaiku anane tembung “iya” kanggo mangsuli pangajake panutur. Miturut Ibrahim (1993:40-41) mitra tutur nampa TTNMBJDS saka panutur awit mitra tutur bisa ngrasakake yen panutur bener-bener tulus nindakake TTNMBJDS.

b. Pananggape Mitra Tutur Nampa kanthi Solahbawa sajrone TTNMBJDS

PMT nampa kanthi solahbawa sajrone TTNMBJDS yaiku pangajake panutur ditampa dening mitra tutur kanthi wujud solah bawa. Mitra tutur nglakoni apa kang dikarepake dening panutur, diwangsuli ora nganggo pocapan nanging nggunakake solah bawa kayata solah bawane sirah utawa tangan. Solahbawa yaiku samubarang kang kawetu saka tumindak.

c. Pananggape Mitra Tutur Nampik kanthi Pocapan sajrone TTNMBJDS

Miturut Ibrahim (1993:41) PMT nampik TTNMBJDS awit mitra tutur ora ngregani panutur. Saliyane iku cara kang digunakake dening panutur ora kasil narik kawigatene mitra tutur. Mitra tutur nampik lageyane panutur amarga nduweni alasan dhewe-dhewe, bisa amarga panutur ora gelem nindakake pangajake panutur. PMT nampik kanthi pocapan sajrone TTNMBJDS yaiku pangajake panutur marang mitra tutur

5

Page 6: TINDAK TUTUR NGAJAK MAWA BASA JAWA DHIALEG SURABAYA  ING DHUSUN ALAS TIPIS, DESA PABEAN, KECAMATAN SEDATI, KABUPATEN SIDOARJO

Tindak Tutur Ngajak Mawa Basa Jawa Dhialeg Surabaya ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati,Kabupaten Sidoarjo

kuwi diwangsuli nggunakake pocapan, sawise diwangsuli kanthi pocapan mitra tutur ora nindakake apa kang dikarepake dening panutur. Titikane yaiku anane tembung mok, males, emoh lan ukara kang isine ora sarujuk marang pangajake panutur.

d. Pananggape Mitra Tutur Nampa kanthi Solah Bawa sajrone TTNMBJDS

PMT nampik kanthi solah bawa sajrone TTNMBJDS yaiku pangajake panutur ditampik dening mitra tutur kanthi wujud solah bawa. Ing kene mitra tutur ora nindakake apa kang dikarepake dening panutur, diwangsuli ora nganggo pocapan nanging nggunakake solah bawa kayata solah bawane sirah utawa tangan.

6. Konteks Sajrone TTNMBJDS

Konteks sosial ing TTNMBJDS menehi daya pangaribawa kang gedhe. Konteks sosial yaiku relasi sosiokultural kang njangkepi sesambungan panutur karo mitra tutur nalika omong-omongan. Konteks sosial sajrone TTNMBJDS diperang dadi telu yaiku struktur sosial, relasi sosial, lan kahanan sosial. Searle (sajrone Mulyana, 2005:24) ngandharake yen konteks sosial yaiku relasi sosiokultural sing njangkepi sesambungan panutur karo mitratutur nalika cecaturan. Sajrone konteks sosial ana struktur sosial, relasi sosial, lan kahanan sosial utawa kahanan sosial. Strutur sosial kuwi ngenani kalungguhane panutur lan mitra tutu ring bebrayan. Kalungguhan kuwi bisa disawang saka status ekonomi sosial, jinis kelamin, umur lan jabatan. Nalika nindakake tumindak basa, kang dadi panutur lan mutra tutur kudu ngerti ana struktur sosial kang ngronce tumindake, panganggone guneman lan interpretasi pocapan saka mitra tutur (Wijana, 1996:46). Relasi sosial yaiku ngenani sesambungan antarane panutur lan mitra tutur. Kang kalebu ing relasi sosial yaiku sesambungane paseduluran kang raket lan ora raket, sesambungane kekancan sing raket lan ora raket, sarta sesambungane tangga kang cedhak lan adoh. Dene kahanan sosial diperang dadi loro yaiku resmi lan ora resmi.

Konteks minangka sawijine donya kang diisi dening pawongan-pawongan kang ngasilake pocapan (Schiffrin, 2007:547). Pawongan-pawongan ing kene nduweni sosial, kabudayan, identitas pribadi, wawasan, kapitayan, tujuwan lan kepinginan lan kang nindakake interaksi antarane pawongan siji lan liyane sajrone kahanan kang asipat sosial utawa budaya.

Teori ing Panliten Iki

Teori tindak tutur kang sepisan diandharake dening Auistin (sajrone Nadar, 2009:11) kang ngandharake yen pawongan ngucapake tuturan tartamtu uga nindakake bab tartamtu utawa diarani tuturan performatif. Austin (1962:730) merang tindak tutur dadi telu yaiku (1) lokusi, (2) ilokusi, (3) perlokusi.

Teori kang diandharake dening Austin banjur dikembangake dening Searle (sajrone Leech, 1993:281) ngandharake yen verbal an tindak ujar nduweni bab kang sajajar. Searle (sajrone Rahardi, 2003:72) nggolongake tindak tutur ilokusi dadi limang wujud tuturan kang nduweni fungsi komunikatif, yaiku (1) asertif, (2) direktif, (3) ekspresif, (4) komisif, lan (5) deklaratif.

Teori kang digunakake ing panliten iki yaiku teori tindak tutur direktif kang diandharake Levinson minangka pangembangane saka teorine Searle. Levinson (sajrone Chaer, 2010:64), kang ngandharake yen tindak tutur ditemtokake kanthi cara kontekstual, sosial, lan kultural sing jangkepe dadi skala jarak sosial, status sosial panutur lan mitra tutur, lan tindak tutur utawa bobot imposisi. Jarak sosial yaiku adoh cedhake sesambungane antarane panutur lan mitra tutur. Kang kalebu jarak sosial yaiku umur antarane panutur lan mitra tutur, jinis kelamin lan sosiokultural. Dene status sosial yaiku kalungguhane antarane panutur lan mitra tutur.

Tindak tutur nintingi makna kontekstual yaiku makna sing luwih akeh saka apa kang dikarepake tinimbang apa kang satemene diwedharake. Pragmatik nduweni sesambungan karo interpretasi ukara / wedharan sajrone konteks kang luwih jembar kalebu pamikiran ngenani wacana, kapercayan lan pangarep-arep saka panutur lan mitra tutur, sesambungane panutur lan mitra tutur, kewajiban panutur lan mitra tutur lsp (Ibrahim, 1993:280-281)

METODHE PANLITENTitikane Panliten

Ing subbab iki diandharake ngenani titikane panliten. Titikan kuwi kaperang dadi loro yaiku (1) jinise panliten, (2) sipate panliten

1. Jinise Panliten

Jinise panliten yaiku etnografis. Dell Hymes (sajrone Ibrahim 1994:v) ngandharake yen etnografi komunikasi salah sawijine methode kanggo nganalisis panganggone basa lan dhialeg sajrone budaya tartamtu kang nyinaoni tindak tutur sajrone kedadeyan tutur lan munjerake kontek. Etnografi komunikasi kang disinaoni yaiku pola-pola tumindak komunikasi kang bisa diamati lan direkam (Ibrahim, 1993:205). Fitch lan philipsen (sajroneTitscher, 2009:150) nambahi yen etnografi komunikasi sing dirembug yaiku pola-pola guneman adhedhasar tatacarane lan bisa nggambarake pola panguripan sosial ing masyarakat tartamtu. Semono uga panliten iki bakal njentrehake pola-pola lan tatacarane TTNMBJDS sing disambungake karo konteks yaiku struktur sosial, relasi sosial lan kahanan sosial.

2. Sipate Panliten

Miturut Titscher (2009:152) jinis panliten etnografi nduweni sipat-sipat lang mligi. Sing diyengenake jinising panliten etnografi yaiku nalika

Page 7: TINDAK TUTUR NGAJAK MAWA BASA JAWA DHIALEG SURABAYA  ING DHUSUN ALAS TIPIS, DESA PABEAN, KECAMATAN SEDATI, KABUPATEN SIDOARJO

Tindak Tutur Ngajak Mawa Basa Jawa Dhialeg Surabaya ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati,Kabupaten Sidoarjo

panliti nglumpukake dhata. Jlentrehan dhata mung kanggo guna tambahan njentrehake laporan observasi. Panglumpuke dhata lan jlentrehan dhata nduweni gegayutan dhialegtif. Miturut Hammersley & Atkinson (sajrone Titscher, 2009:152) tegese gegayutan dhialegtif yaiku jlentrehan dhata dudu sawijine perangan kang kapisah karo panglumpuke dhata sajrone panliten. Panliten etnografis munjerake konteks kanggo njlentrehake dhata. Panliten iki uga asipat deskriptiv yaiku ngandharake basa kanthi wujud ukara. Basa ing panliten iki didulu kanthi sinkronis yaiku basa sing nalika kuwi ditemokake.

Ubarampene Panliten

Ing subab iki diandharake ngenani ubarampe panliten. Ubarampe ing panliten iki yaiku (1) dhata, (2) sumber dhata, (3) instrumen, lan (4) lokasi.

1. Dhata lan Sumber Dhata

Dhata sajrone panliten iki awujud ukara TTNMBJDS kang wis kasil kacathet sawise nyemak warga Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan sedati, Kabupaten Sidoarjo. Ukara-ukara kang kacathet uga sinartan konteks sosial ing sacedhake. Dene sumbere dhata ing panliten iki asale saka cathetan-cathetan ngenani TTNMBJDS warga Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan sedati, Kabupaten Sidoarjo.

2. Instrumen Panliten

Instrument panliten kang digunakake sajrone panliten iki yaiku panliti lan subyek panliten yaiku warga kang nindhakake tindak tutur ngajak. Panliti ing panliten iki minangka instrument utama. Panliti dadi instrumen utama amarga panliti kang golek dhata, nganalisis dhata lan nulis panliten iki. Mula saka iku panliti dadi instrument utama sajrone panliten deskriptif kualitatif. Moleong (2012:19) ngandharake yen panliti sajrone nglumpukake dhata luwih akeh gumantung marang awake dhewe minangka piranti nglumpukake dhata. Panliti bisa mbiji sawijine kahanan lan nduwe kuwasa nemtokake samubarang. Dene subyek kang dianggo sajrone panliten iki yaiku pawongan kang ngandharake kontek-kontek TTNMBJDS ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan sedati, Kabupaten Sidoarjo.

3. Lokasi Panliten

Lokasi panliten kang dipilih yaiku Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo. Sidoarjo minangka salah sijine kabupaten kang ana ing Jawa Timur, manggone wewatesan karo ibu kota Jawa Timur (Surabaya). Kabupaten Sidoarjo diperang dadi pirang-pirang kecamatan yaiku Kecamatan Balongbendo, Krian, Buduran, Candi, Gedangan, Jabon, Krembung, Porong, Prambon, Sedati, Sidoarjo, Sukodono, Taman, Tanggulangin, Tarik, Tulangan, Waru, Wonoayu.

Dumununge ing Kecamatan Sedati kang wewatesan karo kutha Surabaya. Cacahe desa ing Kecamatan Sedati ana 16 Desa yaiku Desa Banjar Kemuning, Betro, Buncitan, Cemandi, Kalanganyar, Kwangsan, Pabean, Pepe, Pranti, Pulungan, Sedati Agung, Sedati Gedhe, Segoro Tambak, Semampir lan Tambak Cemandi.

Lokasi panliten iki dipilih ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan sedati, Kabupaten Sidoarjo, awit panliti minangka panutur. Kanthi dhasar ing ndhuwur panliti luwih ngerti konteks sosial masyarakat kuwi. Masyarakat ing papan kuwi nggunakake tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya kanggo cecaturan padinan. Tindak tutur ngajak kang digunakake dening masyarakat Surabaya iki beda karo tindak tutur liyane, yaiku kanthi anane titikan mligi kang ndayani panliten milih lokasi ing kene. Masyarakat Desa Pabean, Kecamatan sedati, Kabupaten Sidoarjo dumadi saka saperangan golongan wiwit saka golongan wong sugih, wong mlarat, wong enom, wong tuwa, wong kang nduwe sesambungan paseduluran, kekancan, nganti tangga kang raket.

Peta Dhusun Alas Tipis

Tatacarane Panliten

Isine tatacarane panliten iki ana telu yaiku (1) tatacarane ngluumpukake dhata, (2) tatacarane njentrehake dhata, lan (3) tatacarane nyuguhake asil panliten.

1. Tatacarane Nglumpukake Dhata

Tatacara sing dienggo nglumpukake dhata panliten yaiku nggunakake metodhe semak lan metodhe guneman (Sudaryanto, 1986:62 lan 1988:2-9). Diarani metodhe semak awit cara sing digunakake kanggo ngolehake dhata yaiku kanthi cara nyemak pawongan sing nggunakake basa (mahsun, 2005:92). Mahsun (2005:95) uga ngandharake yen metodhe guneman cara kang digunakake kanggo ngolehake dhata kanthi cara cecaturan antarane panliti karo informan lan subyek.

Metodhe nyemak bisa dilakoni kanthi limang teknik yaiku teknik sadap, teknik simak, teknik rekam, teknik simak libat cakap,teknik rekam, lan teknik cathet. Teknik-teknik sajrone methodhe nyemak iki kang bakal digunakake panliti kanggo nggolek dhata tindak tutur ngajak ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo.

Teknik sadap yaiku panliti anggone nggolek dhata kanthi cara nyadap (ndhelik-ndhelik) supaya antuk dhata

7

U

Page 8: TINDAK TUTUR NGAJAK MAWA BASA JAWA DHIALEG SURABAYA  ING DHUSUN ALAS TIPIS, DESA PABEAN, KECAMATAN SEDATI, KABUPATEN SIDOARJO

Tindak Tutur Ngajak Mawa Basa Jawa Dhialeg Surabaya ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati,Kabupaten Sidoarjo

tindak tutur ngajak. Teknik semak melu gunem yaiku nduweni karep yen panliti melu guneman lan nyemak, melu omong sajrone guneman sinambi nyemak. Dene teknik nyemak tanpa melu guneman nduweni teges yen panliti mung nyawang sinambi nyemak tanpa melu guneman. Teknik sabanjure yaiku teknik cathet, tegese nyathet sakabehe wedharan nganggo piranti tulis banjur ditulis nggunakake lambang basa utawa aksara. Teknik-teknik kang diandharake kasebut minangka teknik-teknik kang digunakake sajrone nglumpukake dhata ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo.

Panganggone teknik-teknik ing ndhuwur dilarasake karo kahanane subjek panliten. Dhata kang dibutuhake wujude lisan, banjur dipilah-pilah miturut konteke. Adhedhasar struktur sosial dhata digolongake adhedhasar umur, jinis kelamin lan status ekonomi sosial. Saka perangan umur kaperang dadi telu yaiku umur bocah (1-13 taun), umur enom (14-30) lan umur tuwa (31 taun munggah). Saka jinis kelamin diperang dadi loro yaiku jinis kelamin lanang lan jinis kelamin wadon. Dene saka perangan status ekonomi sosial kaperang dadi telu yaiku cendhek, sedhengan lan dhuwur. Status ekonomi kuwi dibedakake saka panggaweyane. Tuladhane yen status sosial cendhek kayata tani, kuli, pembantu lan wong kang ora nduweni pakaryan. Banjur status ekonomi sedhengan kayata wong sing nduwe warung, toko lsp. Dene status sosial dhuwur yaiku wirausaha sukses, PNS, utawa wong-wong sing uripe wis mapan. Relasi sosial kagolongake adhedhasar sesambungan panutur lan mitra tutur. Kang kalebu ing relasi sosial yaiku sesambungane paseduluran cedhak utawa adoh, sesambungane kekancan raket utawa ora raket, lan sesambungane tangga cedhak utawa adoh. Dene kahanan sosial diperang dadi loro yaiku resmi lan ora resmi. Dhata-dhata kang wis kapilah banjur diklumpukake adhedhasar jinise lageyane panutur lan pananggape mitra tutur sajrone TTNMBJDS.

Dhata kang wis diklumpukake adhedhasar jinise lageyane panutur lan mitra tutur sajrone TTNMBJDS saka panganggo basa kang minangka subjek panliten banjur verifikasi, ancase yaiku kanggo mbuktekake valid apa orane dhata kang diklumpukake. Panganggo basa ing panliten iki akeh-akehe. Validasi ditindakake dening panliti karo informan. Informan sajrone panliten iki yaiku salah sijine warga RT 01 RW 01, Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo minangka mitra tutur lan uga minangka pawongan kang dianggep luwih ngerti ngenani TTNMBJDS. Informan ing dhata iki yaiku Bapak Seno Gumelar, S.Pd. umur 43 taun, jinis kelamin lanang.

2. Tatacarane Njlentrehake Dhata

Sakabehe dhata ing panliten iki minangka wujude tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dhialeg Surabaya. Dhata-dhata kasebut dijlentrehake kanthi metodhe formal yaiku ngandharake kanthi tandha-tandha lan lambang. Dene informal yaiku ngandharake kanthi nggunakake basa (Sudaryanto, 1993:144). Lambang kang

digunakake yaiku cekakan saka dhasar-dhasar tindak tutur ngajak. Saka perangan struktur social kaperang dadi telu yaiku umur bocah (UB), umur enom (UE), lan umur tuwa (UT). Saka perangan struktur social jenis kelamin diperang dadi loro yaiku jinis kelamin lanang (JKL), lan jinis kelamin wadon (JKW). Saka perangan struktur status ekonomi diperang dadi telu yaiku status ekonomi sosial dhuwur (SESD), status ekonomi sosial cendhek (SESC), lan status ekonomi sosial sedhengan (SESS). Dene saka relasi sosial diperang dadi loro yaiku relasi raket (RR) lan relasi ora raket (ROR). Kahanan sosial diperang dadi loro yaiku resmi lan ora resmi. Dene tandha kang digunakake yaiku (....../......) minangka tandha kanggo matesi antarane struktur sosial lan relasi sosiale panutur lan mitra tutur.

3. Tatacarane Nyuguhake Dhata

Tatacara nyuguhake asil saka njlentrehake dhata yaiku kanthi cara ngandharake asil njlentrehan dhata kang awujud lapuran observasi ngenani jinis-jinis TTNMBJDS ing masyarakat Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo. Dhata-dhata kasebut bisa dijlentrehake kanthi metodhe informal (Sudaryanto, 1993:144). Dhata ing panliten iki mung nggunakake metodhe informal yaiku ngandharake dhata kanthi nggunakake basa. Dhasar kang digunakake yaiku lageyane panutur lan pananggape mitra tutur kanthi landhesan konteks sosial. Dhata kang wis digolongake banjur disuguhake kanthi jangkep antarane teks lan konteks. Teks arupa wedharan TTNMBJDS yaiku tumindak cecaturan antarane panutur lan mitra tutur. Dene konteks sosial kang dijlentrehake kuwi ngenani struktur sosial, relasi sosial, lan kahanan sosial.

ANDHARAN ASILE PANLITEN

Adhedhasar andharan lan njlentrehane asil panliten ditemokake jinisi LP lan PMT sajrone TTNMBJDS ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo. Jinise LP diperang dadi patang perangan gedhe yaiku LP blaka langsung, blaka ora langsung, ora blaka langsung, lan ora blaka ora langsung. Patang perangan gedhe kuwi maeng banjur ditempukake karo stuktur sosial panutur lan relasi sosiale saengga cacahe ana 46 jinis LP.

PMT sajrone TTNMBJDS uga diperang dadi patang perangan gedhe yaiku katampa kanthi pocapan, katampa kanthi solahbawa, katampik kanthi pocapan, lan katampik kanthi solah bawa. Peranganane PMT uga ditempukake karo struktur sosial lan relasi sosiale saengga cacahe ana 49 Jinis.

Jinise TTNMBJDS ing dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo ditamtokake dening konteks yaiku struktur sosial, relasi sosial, lan kahanan sosial. Struktur sosial yaiku umur, jinis kelamin, status ekonomi sosial. Kanthi dhasar umur ana umur bocah, enom lan tuwa. Saka jinis kelamin diperang dadi 2 yaiku jinis kelamin wadon lan lanang. Dene saka struktur sosiale P lan MT diperang dadi telu

Page 9: TINDAK TUTUR NGAJAK MAWA BASA JAWA DHIALEG SURABAYA  ING DHUSUN ALAS TIPIS, DESA PABEAN, KECAMATAN SEDATI, KABUPATEN SIDOARJO

Tindak Tutur Ngajak Mawa Basa Jawa Dhialeg Surabaya ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati,Kabupaten Sidoarjo

yaiku struktur ekonomi sosial cendhek, sedhengan lan dhuwur. Saka relasi sosiale diperang dadi loro yaiku relasi raket lan relasi ora raket. Jinise TTNMBJDS diprinci dadi rong pitakonan yaiku saka LP lan PMT

LP kanthi cara blaka langsung kerep banget digunakake dening panutur sajrone TTNMBJDS, amarga kanthi cara blaka langsung, panutur bisa luwih amba cakupan tuturane kanggo ngandharake kekarepane saengga bisa langsung tumuju marang wong sing dijak guneman. Cara blaka kang digunakake panutur yaiku blaka tanpa abang-abang lambe . LP blaka tanpa abang-abang lambe sajrone TTNMBJDS umume digunakake dening panutur kang nduweni relasi cedhak karo mitra tutur. Relasi cedhak utawa relasi rake ting TTNMBJDS iki yaiku bisa kanca raket, tangga cedhak lan dulur cedhak. Blaka langsung ing TTNMBJDS iki nduweni drajad kesantunan kang cendhek, amarga panutur nggunakake basa Jawa ngoko, lan ora sungkan nalika ngajak MT nuruti kekarepane jumbuh karo tuturan kang diwedharake. Bab iki cundhuk karo panemune Chaer (2010:69) yen saya cedhak sesambungane sosial antarane P lan MT mula saya kurang santun tuturan kasebut. Panutur nggunakake basa krama umume ditujokake marang wong sing statuse luwih dhuwur saka P, tujuwane kanggo ngurmati MT. Panutur kanthi jinis kelamin lanang, mligine umur bocah luwih kerep ngajak marang MT. Bab iki cundhuk karo panemune Chaer (2010:65) yen panutur wadon lumrahe nduweni tingkat kesantunan luwih dhuwur tinimbang panutur lanang. Bab iki disebabake wong lanang luwih blak kotang terus terang nalika medharake kekarepane, beda yen wong wadon isih nduweni rasa sungkan nalika ngajak wong liya nindakake kekarepane. Saliyane kuwi TTNMBJDS luwih kerep ditindakake dening umur enom jinis kelamin lanang, iki disebabake wong enom tingkat kesantunane luwih cendhek tinimbang wong sing umure luwih tuwa. Bab iku jumbuh karo panemune Chaer (2010:65) ngandharake yen saya enom umure panutur saya cendhek tingkat kesantunane.

LP blaka ora langsung sajrone TTNMBJDS mung kadhang kala wae digunakake dening panutur. Bab iki disebabake amarga yen nggunakake wong katelu, kekarepane P ora langsung ditampa marang wong sing dikarepake, lan bisa nuwuhake bab kang beda. Bab iki jumbuh karo panemune Chaer (2010:67) yen saya ora langsung sawijine tuturan, mula saya santun tuturan kuwi. TTNMBJDS kanthi cara ora langsung, mung ditindakake dening umur enom lan tuwa. Mokal yen umur bocah nindakake cara iki. Cara ora langsung ditindakake dening panutur, amarga panutur ora ketemu langsung mitra tutur, banjur liwat wong katelu panutur medharake kekarepane.

TTNMBJDS ora blaka digunakake dening panutur enom lan tuwa, mokal yen ditindakake umur bocah. Cara ora blaka luwih santun tinimbang cara blaka, amarga kanthi cara blaka mbuktekake yen panutur isih nduweni rasa kurmat marang mitra tutur. TTNMBJDS iki mung saperangan pawongan wae sing nggunakake cara ora blaka, kabeh kuwi disebabake wong Surabaya luwih

seneng terus terang nalika medharake tuturane, rasa ora sungkan lan grapyak salah sijine watake wong Surabaya, mligine masyarakat Alas Tipis. Cara ora blaka mung ditindakake saperangan wong sing nduweni status sosial ekonomi sedhengan. Cara ora blaka kang ditindakake umur enom, ora amarga nduweni rasa sungkan marang wong sing dijak guneman, nanging wujud pasemon kanggo kanca-kancane saumuran.

TTNMBJDS ora blaka ora langsung ing TTNMBJDS, dhata kang ditemokake mung siji. Cara iki ing masyarakat Surabaya mligine masyarakat Alas Tipis arang digunakake. Cara ora blaka ora langsung yen pawongan sing dijak guneman ora ngerti maksude panutur, bisa-bisa nuwuhake salah tampa.

Jinis TTNMBJDS adhedhasar pananggape mitra tutur ana papat yaiku nampa kanthi pocapan, nampa kanthi solah bawa, nampik kanthi pocapan, lan nampik kanthi solah bawa. TTNMBJDS iki ora ditemtokake dening lageyane panutur, ing TTNMBJDS iki antarane LP lan PMT ngadeg dhewe-dhewe. Panutur kang nggunakake cara blaka langsung saperangan gedhe ditampa kanthi cara pocapan. Cara ora langsung luwih akeh ditampa kanthi cara pocapan dening MT, tinimbang cara langsung. Lageyane panutur blaka langsung kuwi bisa ditampa lan ditampik kanthi pocapan, lan bisa ditampa lan ditampik kanthi solah bawa. Lageyane panutur blaka ora langsung bisa ditampa utawa ditampik kanthi pocapan. LP ora blaka langsung bisa ditampa utawa ditampik kanthi pocapan, uga bisa ditampa utawa ditampik kanthi solah bawa. Dene LP ora blaka ora langsung mung bisa ditampa kanthi pocapan. Mula saka kuwi bisa didudut yen cara blaka luwih gampang dingerteni dening mitra tutur, lan cara langsung luwih bisa tumuju marang wong sing dikarepake. PMT kanthi cara kinesik kanggo nampa lan nampik nggunakake cara kinesik umume ana posisi kang cedhak antarane panutur lan mitra tutur, saengga panutur bisa ndeleng PMT kang kinesik.

Saka LP lan PMT banjur ditempukake, kang kudune cacahe 16, ing kene mung ana 10 yaiku blaka langsung katampa kanthi pocapan, blaka ora langsung katampa kanthi pocapan, ora blaka langsung katampa kanthi pocapan, ora blaka ora langsung katampa kanthi pocapan, blaka langsung katampik kanthi pocapan, blaka ora langsung katampik kanthi pocapan, ora blaka langsung katampik kanthi pocapan, blaka langsung katampa kanthi solah bawa, ora blaka langsung katampa kanthi solah bawa, lan ora blaka langsung katampik kanthi pocapan.

TTNMBJDS iki beda karo tindak tutur liyane kayata tindak tutur menging dening Nurhandriana kang ana sumbere, nanging TTNMBJDS iki ora ana sumbere senajan padha-padha tindak tutur direktif. TTNMBJDS ora ana sumbere jalaran panutur anggone medharake kekarepane tanpa dijalari saka mitra tutur. Nurhandriana merang PMT adhedhasar LP, nanging ing TTNMBJDS iki antarane LP lan PMT ngadeg dhewe-dhewe adhedhasar struktur sosial, relasi sosiale lan kahanan sosiale.

9

Page 10: TINDAK TUTUR NGAJAK MAWA BASA JAWA DHIALEG SURABAYA  ING DHUSUN ALAS TIPIS, DESA PABEAN, KECAMATAN SEDATI, KABUPATEN SIDOARJO

Tindak Tutur Ngajak Mawa Basa Jawa Dhialeg Surabaya ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati,Kabupaten Sidoarjo

PANUTUP

TTNMBJDS dumadi tanpa anane sumber saka mitra tutur kang njalari, TTNMBJDS iki dumadi karana kekarepane panutur dhewe tanpa oleh pangaribawa saka mitra tutur. Jinise TTNMBJDS adhedhasar lageyane panutur ana 46, adhedhasar pananggape mitra tutur ana 49. Kabeh kuwi ditempukake karo struktur sosial lan relasi sosial. Struktur sosiale yaiku umur, jinis kelamin, status ekonomi sosial, dene relasi sosiale yaiku relasi raket lan relasi ora raket. Jinise lageyane panutur ana papat. Dideleng saka cara medharake lan tata cara kang digunakake yaiku blaka langsung, blaka ora langsung, ora blaka langsung, ora blaka ora langsung. LP blaka langsung kerep ditindakake tinimbang cara ora blaka dening masyarakat Surabaya mligine masyarakat Alas Tipis. Jinis ukara kang kerep digunakake yaiku ukara pakon. Blaka ora langsung isih ana sing nggunakake saperangan pawongan wae. Ora blaka langsung uga isih digunakake, mligine umur enom, cara iki digunakake dening umur enom kanggo nyemoni kancane supaya gelem nindakake apa kang dadi kekarepane panutur. Cara ora blaka ora langsung kaya-kaya wis ora nate digunakake dening panutur.

PMT ing TTNMBJDS iki ora ditemtokake dening LP, nanging ngadeg dhewe adhedhasar struktur lan relasi sosiale. PMT diperang dadi patang perangan gedhe yaiku nampa kanthi cara pocapan, nampa kanthi cara solah bawa, nampik kanthi cara pocapan, lan nampik kanthi cara solah bawa. Saka perangan gedhe kuwi banjur ditempukake karo struktur sosiale yaiku umur, jinis kelamin, lan status ekonomi sosial, dene relasine diperang dadi loro yaiku relasi raket lan relasi ora raket. PMT nampa kanthi cara pocapan luwih kerep digunakake dening mitra tutur. nampik lan nampa kanthi cara solah bawa luwih kerep digunakake dening umur bocah.

Struktur sosial, relasi sosial lan kahanan sosial menehi daya pangaribawa tumrap TTNMBJDS iki. Status sosial kang luwih dhuwur luwih kerep nindakake TTNMBJDS tinimbang status sosial sing luwih cendhek. Adhedhasar umure TTNMBJDS iki luwih kerep digunakake dening umur bocah lan umur enom. Adhedhasar jinis kelamin, jinis kelamin lanang luwih kerep nindakake TTNMBJDS.

Pamrayoga

Panliten ngenani jinise TTNMBJDS kang diprinci kanthi pitakonan adhedhasar jinise lageyane panutur lan pananggape mitra tutur sajrone TTNMBJDS tanpa anane sumber kanthi lelandhesan struktur sosial, relasi sosial lan kahanan sosial isih akeh kang durung ditliti kanthi jeru. Dhata kang kurang jangkep lan bab-bab liya njalari panliten iki isih adoh saka tembung sampurna. Ing kene panliti rumangsa isih akeh kurange. Mula saka kuwi tindak tutur ngajak mawa basa Jawa dialek Surabaya isih perlu dirembakakake supaya luwih sampurna.

KAPUSTAKAN

Antunsuhono.1956. Reringkesaning Paramasastra Djawa. Djogjakarta: Penerbitan Soejadi

Arifin dkk, Syamsul. 1987. Tipe Kalimat Bahasa Jawa. Jakarta: departemen pendidikan dan Kebudayaan

Chaer, Abdul. 2009. Penganter Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta

Chaer, Abdul. 2010. Kesantunan Berbahasa. Jakarta: Rineka Cipta

Cummings, Louise. 1999. Pragmatik Sebuah Perspektif Multidisipliner (Jarwan). Yogyakarta: Pustaka Pelajar

Hadiwidjana, R. D. S. 1967. Tata Sastra. Jogjakarta: U. P. Indonesia

Ibrahim, Abdul Syukur. 1993. Kajian Tindak Tutur. Surabaya: Usaha Nasional

Ibrahim, Abdul Syukur. 2004. Panduan Penelitian Etnografi Komunikasi. Surabaya: Usaha Nasional

Ibrahim, Abdul Syukur. 2009. Metode Analisis Teks dan Wacana. Yogyakarta: Pustaka Pelajar

Kementrian “Pengadjaran Pendidikan dan Keboedajaan. 1946. Karti Basa. Jakarta: Kementrian “Pengadjaran Pendidikan dan Keboedajaan

Leech, Goeffrey . 1993. Prinsip-Prinsip Pragmatik. Jakarta: Universitas Indonesia Press.

Moleong, Lexy J. 2010. Teknik Penelitian Kualitatif. Bandung: Remaja Rusdakarya.

Mulyana. 2005. Kajian Wacana. Yogyakarta: Tiara wacana

Nadar, FX. 2009. Pragmatik dan Penelitian Pragmatik. Yogyakarta: Graha Ilmu

Padmosoekotjo, S. 1987. Paramasastra Jawa. Surabaya: P.T Citra Jaya Murti

Poerwadarminta, W.J.S. 1953. Sarinining Paramasastra Djawa. Jakarta: Noordhoff Kolff N.V

Rahyono, FX. 2010. Kiat Menyusun Skripsi. Jakarta: Penaku

Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua

Schiffrin, Deborah. 2007. Ancangan Kajian Wacana. Yogyakarta: Pustaka Pelajar (Editor: Abd. Syukur Ibrahim)

Sutarto, dkk. 2008. Pemetaan Kebudayaan di Provinsi Jawa Timur. Jember: Biro Mental Spiritual

Titscher, Stefan. 2009. Metode Analisis Teks & Wacana. Yogyakarta: Pustaka Pelajar

Page 11: TINDAK TUTUR NGAJAK MAWA BASA JAWA DHIALEG SURABAYA  ING DHUSUN ALAS TIPIS, DESA PABEAN, KECAMATAN SEDATI, KABUPATEN SIDOARJO

Tindak Tutur Ngajak Mawa Basa Jawa Dhialeg Surabaya ing Dhusun Alas Tipis, Desa Pabean, Kecamatan Sedati,Kabupaten Sidoarjo

Wijayanto, Danang. 2014. “Tindak Tutur Atur Panuwun Ing Desa Dermosari, Kecamatan Tugu, Kabupaten Trenggalek”.

KAPUSTAKAN KAMUS

Poerwadarminta, W.J.S 1953. Baoesastra Djawi. Jakarta: Noordhof Kolf N.V

Kridalaksana, Harimurti. 2001. Kamus Linguistik (edisi ketiga). Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama

Sudaryanto, dkk. 1991. Kamus Indonesia-Jawa. Yogyakarta: Duta Wacana University Press

Zoetmulder, P.J. 2001. Kamus Jawa Kuna Indonesia. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama

11