39
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA] | Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 1 URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANA Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa, mula bukane wayang purwa, crita wayang Ramayana, perangan crita wayang Ramayana, lan unsur intrinsik crita wayang Ramayana lakon Anoman Dhuta. Kanggo mangerteni kuwi kabeh, kowe bakal sinau sawetara perkara kang wigati ing perangan-peranagan bacute iki. Ayo padha sinau kanthi manah kang gumbira! 1. Tegese wayang Wayang sing ana ing Indonesia akeh jinise, salah sijine yaiku wayang purwa. Padatane, wong-wong padha ngarani wayang purwa kuwi wayang kulit. Menawa di sawang saka bahan gawene pancen ora kleru. Ananging, wayang sing kagawe saka kulit uga maneka warna jinise, salah sijine yaiku wayang beber. Apa ana kang ngarani wayang beber kanthi sinebut wayang kulit sanadyan bahan bakune saka kulit? Wayang kang arep dijlentrehke ana ing kene yaiku wayang kang mula bukane saka crita Ramayana lan Mahabarata, saengga luwih trep yen kasebut kanthi tulisan wayang purwa. Wayang yaiku sawijining tembung basa Indonesia (Jawa) asli kang nduweni teges wewayang utawa wewayangan, kang uga asale saka tembung wod yanglan dadi wayang. Tetembungan ana ing basa Jawa kang nduweni wod yang kanthi maneka warna variasi vokale kayata layang, dhoyong, puyeng, reyong, kang nduweni teges: tansah obah, ora tetep, samar-samar lan sayup-sayup. Tembung wayang, hamayang ana jaman semana nduweni teges: nontonake wewayangan. Saya suwe dadi tontonan wayangan. Sabanjure dadi seni pentas wewayangan utawa wayang (Mulyono,1979: 51-52). Lakon-lakon wayang purwa, kang wiwitane mung wewates ana carita pakem, kang isih ngugemi sumbering carita, umpamane Ramayana lan Mahabarata, kalebu sing katulis ing basa Jawa Kuna, Jawa Tengahan, lan Jawa Anyar. Ana ing wektu sakwise iku dadi ngrembaka. Mula lair lakon-

URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 1

URAIAN MATERI

KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANA

Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

mula bukane wayang purwa, crita wayang Ramayana, perangan crita wayang

Ramayana, lan unsur intrinsik crita wayang Ramayana lakon Anoman Dhuta.

Kanggo mangerteni kuwi kabeh, kowe bakal sinau sawetara perkara kang

wigati ing perangan-peranagan bacute iki. Ayo padha sinau kanthi manah kang

gumbira!

1. Tegese wayang

Wayang sing ana ing Indonesia akeh jinise, salah sijine yaiku wayang

purwa. Padatane, wong-wong padha ngarani wayang purwa kuwi wayang

kulit. Menawa di sawang saka bahan gawene pancen ora kleru. Ananging,

wayang sing kagawe saka kulit uga maneka warna jinise, salah sijine yaiku

wayang beber. Apa ana kang ngarani wayang beber kanthi sinebut wayang

kulit sanadyan bahan bakune saka kulit? Wayang kang arep dijlentrehke ana

ing kene yaiku wayang kang mula bukane saka crita Ramayana lan

Mahabarata, saengga luwih trep yen kasebut kanthi tulisan wayang purwa.

Wayang yaiku sawijining tembung basa Indonesia (Jawa) asli kang

nduweni teges wewayang utawa wewayangan, kang uga asale saka tembung

wod “yang” lan dadi wayang. Tetembungan ana ing basa Jawa kang

nduweni wod yang kanthi maneka warna variasi vokale kayata layang,

dhoyong, puyeng, reyong, kang nduweni teges: tansah obah, ora tetep,

samar-samar lan sayup-sayup. Tembung wayang, hamayang ana jaman

semana nduweni teges: nontonake wewayangan. Saya suwe dadi tontonan

wayangan. Sabanjure dadi seni pentas wewayangan utawa wayang

(Mulyono,1979: 51-52).

Lakon-lakon wayang purwa, kang wiwitane mung wewates ana carita

pakem, kang isih ngugemi sumbering carita, umpamane Ramayana lan

Mahabarata, kalebu sing katulis ing basa Jawa Kuna, Jawa Tengahan, lan

Jawa Anyar. Ana ing wektu sakwise iku dadi ngrembaka. Mula lair lakon-

Page 2: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 2

lakon gubahan anyar kang tetep ngatonake paraga-paraga utama wayang

purwa ananging garapane wus kebak variasi lan diarani kanthi lakon

carangan. Jumlah naskah sastra wayang cukup banyak. Cacahe naskah

sastra wayang lumayan akeh. Kuwi mau nunjukake menawa sutresna lan

kawigatene masyarakat karo sastra wayang. Ing kalangane masyarakat Jawa

sing durung sepira tepung karo buku-buku cithakan, mula kudu nyalin

naskah sastra wayang (Prabowo. dkk, 2007: 275-277).

Maneka warna jinise wayang kang ana ing Indonesia, yaiku wayang

Kulit, wayang golek Sunda, wayang Betawi, wayang Sasak, wayang

Timplong, wayang Krucil, wayang Thengul, wayang Jemblung, wayang

Cepak, wayang Kancil, wayang Beber, wayang Orang, wayang Topeng,

wayang Suluh, wayang Wahyu lan sapanunggale. Saka sakehing jinis

wayang, sing paling populer lan nduweni umur ewonan taun yaiku wayang

kulit. Carita-carita pokoke punjere saka kitab Mahabarata lan Ramayana

kang surasane budaya lan filsafat Hindu, India, ananging wis kaserep ing

budaya papan kono (Walujo, 2000: xi).

Sulaksono (2012: 110) ngandharake yen ngomongake ngenani

masyarakat jawa apa maneh nganti ing tataran filosofi utawa panyawange

marang urip kuwi ora bakal bisa ucul saka wayang. Saking cedhake wayang

ana ing uripe wong Jawa nganti ana ing perangane omah (omah joglo) ana

perangan antaraning pendhapa lan omah mburi kang kasebut paringgitan,

kang asale saka tembung ringgit (basa krama inggil, ana ing basa ngoko

artine wayang). Paringgitan yaiku papan kang adate digunakake kanggo

mentasake wayang.

2. Mula Bukane Wayang

Ana loro pamanggih ngenani asal-usule wayang Purwa, yaiku asale

saka tanah Jawa lan asale/asli Jawa/Indonesia. Satoto (2012: 134)

menegsake yen ora bener menawa wayang asale saka njaban tanah Jawa.

Wayang wis ana lan dikenal karo masyarakat Jawa wiwit taun 700 caka

utawa 778 masehi. Kang durung pesthi yaiku kapan anggone pagelaran

wayang kulit/purwa di pentasake mawi dhalang. Kapan wiwitane

Page 3: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 3

nggunakake gamelan slendro utawa pelog. Kapan wayang nduweni punjer

saka Mahabarata lan Ramayana. Kapan wayang kulit/purwa di pentasake

sewengi natas. Ananging sing pesthi dening wong Indonesia (Jawa) asli.

Wondene pamanggihe Satoto kuwi adhedhasar luwih saka sawijining dhata,

kayata:

a. Wayang wis ana awit jaman Airlangga (980 caka atau 1028 masehi),

wiwitan abad XI SM, ana ing Keraton Kediri wis ana pagelaran wayang-

wayang

b. Pagelaran wayang-wayang kuwi nggunakake boneka 74 lan kulit

(walulang inukir= kulit yang diukir).

c. wayang-wayang boneka kuwi diproyeksikake ana ing layar (kelir).

d. Wong sing nontonake (saiki dhalang) ngelakonake peran paraga-paraga

watak sing diwujudake ana ing boneka (wayang). Menawa

dikandhakake, boneka-boneka wayang kuwi kalebu manifestasi saka

karakter utawa wateking paraga-paraga.

e. Pagelaran wayang-wayang wis tuwa umure, satemah empu Prapanca,

panulis Tantu Pagelaran ngira-ngira asal lan mula bukane pagelaran

wayang-wayang yaiku nalika para dewa tumurun ana ing bumi.

f. Pagelaran wayang-wayang rikala semana wis populer amarga wis dadi

kasenengan lan wis lumebu ing miline getih lan wis akrab karo

masyarakat kang ngremeni.

g. Pagelaran wayang-wayang rikala semana wis migunakake gamelan

(musik) kanggo ngiring pagelaran wayang (abad XII SM).

h. Komponen-komponen musik gamelan yaiku saron, kemanak, tundung,

lan sapanunggalane.

i. Pagelaran wayang kulit/purwa wis dadi sarana panglipur rakyat, kang wis

suwe dadi karyaning pentas sacara kontinyu lan runtut digelar ing tanah

Jawa (2012: 133).

3. Sumbering Crita Wayang Ramayana

Sumber crita pokok wayang purwa asale saka kitab Ramayana lan

Mahabarata. Ana ing modul iki mung diandharake babagan crita wayang

Page 4: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 4

Ramayana. Kitab Ramayana diripta dening empu Walmiki. Wose, kitab

Ramayana dibagi dadi pitu lan sabanjure digubah mawi wujud syair kang

cacahe 24.000 seloka. Bageyane crita ing Ramayana diarani kandha, dadi siji-

mbaka siji bageyan critane dipungkasi mawi tembung kandha.

Gambar 2. Perangan crita wayang ramayana

a. Bala Kanda (Sayembara Mantili)

Episode siji utawa bala kanda iki nyaritakake babagan raja Kosala

kang jejuluk Prabu Dasarata. Punjering kutha praja Kosala yaiku Ayodya

satemah praja iki ya diarani praja Ayodya. Prabu Dasarata nduweni bojo

cacahe telu lan peputra papat. Bojo kang kapisan aran Dewi Raghu kang

peputra Raghawa/Rama, bojo kang angka loro arane Dewi Sumitra kang

peputra Satrugna lan Laksmana, lan bojo kang angka telu yaiku Dewi

Kekayi kang peputra Barata. Saka telung adhi tunggal bapane Rama, kang

paling cedhak yaiku Laksmana

Prabu Dasarata wis tuwa umure satemah ora suwe maneh anggone

dadi raja. Rama kang dadi putra makuthaning praja, rikala iku durung

nduweni prameswari satemah entuk dhawuh kanggo melu sayembara ing

nagara Mantili. Sabanjure kang dadi jawara ing sayembara kuwi, bakal

didadekake bojone putri Prabu Janaka kang aran Dewi Sinta. Wujuding

sayembara kuwi yaiku angangkat jemparing lan Rama kang dadi jawara.

Sawise dikramakake karo Sinta, sabanjure Rama bali menyang Ayodya.

Ana satengahing dalan, Rama kaandheg dening pawongan kang

nggegawa kampak. Pawongan kuwi arane Rama Bargawa utawa Rama

Parasu (Parasu tegese kampak). Rama Bargawa yaiku wong kang tansah

Page 5: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 5

ngajak adu-tandhing karo sapa bae kang ditemoni. Rama Parasu ngajak

Rama adu-tandhing nganti tekan tiwas. Rama ora nyarujuki rembug kuwi.

Pungkasane, Rama Parasu njaluk Rama ngangkat lan nugel jemparinge lan

kang dadi totohan yaiku nyawa. Sabanjure Rama kasil anggone ngangkat

lan nugel jemparing kuwi. Rama Parasu gage-gage teluk masrahake raga lan

njaluk supaya Rama mateni dheweke, ananging Rama ora kersa mateni.

Pungkasane kuwi Rama Bargawa mabur-miber tumuju khayangan.

b. Ayodya Kanda (Rama Tundhung)

Prabu Dasarata sawise krungu yen ta Rama dadi jawara ing sayembara

kuwi, atine banjur ketaman suka-rena lan sacepete bakal ngangkat Rama

dadi ratu. Crita kuwi kasambut apik dening para kawula ing Ayodya,

ananging, bojone Prabu Dasarata kang katelu yaiku Dewi Kekayi ora

sarujuk marang bojone. Mbiyen nalika Prabu dasarata arep krama, dheweke

njaluk sawijining panyuwun yaiku, mwnawa mbesuk anak kang lair kuwi

lanang bakal didadekake raja, kapindho, ana sawijining panjaluk kang kudu

dilaksanakake lan panjaluk kuwi yaiku Rama kudu lunga saka praja Ayodya

suwene telulas taun. Nampa omongane kang garwa, Prabu Dasarata banjur

gerah dadakan.

Minagka tandha bektine anak marang wong tuwane, Rama nurut

marang kersane bapake. Sawise pamit, rama lan Sinta lan Laksmana lunga

saka praja Ayodya. Ora suwe sawise Rama lunga, Prabu Dasarata mangkat.

Barata kang rikala kuwi lagi lunga ana ing simbahe dijaluk bali lan sawise

teka ana ing praja Ayodya banjur kaget ngerteni kena ngapa bapake mati.

Barata nesu marang ibune. Dheweke ngrasa yen ora pantes dadi raja

nggenteni Rama. Sawise proses nyarekake Prabu Dasarata purna, Barata

nggoleki Rama ana satengahing wana.

Suwe nggoleki, temahan Barata nemokake kakange. Dheweke

nyuwun marang kakange kareben bali lan dadi raja ana ing Ayodya. Rama

kapeksa ora nyembadani omongane Barata arepa dipeksa. Pungkasane

Rama menehake makuthane marang barata kareben digawa menyang

Ayodya lan nyuwun supaya Barata tetep dadi raja. Sabanjure Rama menehi

Page 6: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 6

wejangan marang Barata lan wejangan kuwi diarani wejangan Astha

Brata.sawise kuwi Barata bali maneh menyang Ayodya.

c. Aranya Kanda (Rama Gandrung)

Sawise ninggalake praja, Rama, Sinta, lam Laksmana urip ana ing alas

Dandaka. Sakliyaning kewan-kewan, ing alas kuwi ya dadi papan

panggonane para brahmana lan raseksa. Rama mateni kabeh para raseksa

kang ngganggu katentremane para brahmana satemah njalari Sarpakenaka

(adhine Rahwana) dadi muntab, ananging rasa ana ing atine ora bisa

ngapusi nalika weruh marang pasuryane wong loro kuwi (Sarpakenaka

yaiku wong wadon kang nduweni akeh simpenan lan gampang kagodha

dening pasuryane lanangan liya). Sarpakenaka salin-rupa dadi wong wadon

ayu lan nggodha Rama, ananging Rama ora gelem lan nampik, banjurn

ngendika yen dheweke wis nduweni bojo. Luwih apik nyedhaki Laksmana

wae sing isih jaka. Laksmana uga nampik lan curiga kena ngapa ing

tengahing alas ana wong wadon ayu. Sawise ditampik, Sarpakenaka ora

banjur mundur ananging malah tansaya wani lan murang-tata. Laksmana

dadi muntab lan nesu satemah ngantem Sarpankenaka nganti irunge rusak.

Sarpakenaka njerit lan salin-rupa dadi wujud asline lan ngancem bakal

males apa sing dilakokake marang dheweke.

Rahwana/Dasamuka entuk palapuran saka Sarpakenaka dene ing alas

Dandaka ana wong lanang loro lan wong wadon siji kang ayu rupane ya

kasebut titisane Dewi Widawati. Rahwana banjur nggolek cara supaya bisa

entuk Dewi Sinta. Pungkasane, dheweke karo Kala Marica lunga menyang

alas Dandaka. Rahwana salin-rupa dadi dadi pandhita tuwa, dene Kala

Marica Sali-rupa dadi kidang kencana.

Meruhi kidang kang elok, Sinta banjur kepengin nduweni kidang

kuwi. Sinta njaluk marang Rama supaya bisa nyekel kidang kasebut.

Sabanjure, Rama ngoyak kidang kuwi nganti adoh lan amarga anyel, rama

gage-gage manah kidang kuwi, sabanjure kidang kasebut njerit lan ganti

Page 7: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 7

wujud dadi Kala Marica. Sinta kuati amarga Rama ora bali-bali lan krungu

suwara jeritan. Dheweke kuatir ana apa-apa karo Rama banjur ngutus

Laksmana kanggo nyusul Rama, ananging Laksmana ora gelem. Sinta

malah nudhuh Laksmana seneng yen ta ana kadadeyan ala katampa karo

Rama banjur ana kepenginan kanggo nduweni dheweke. Laksmana muntab

krungu omongane Sinta lan njlentrehake menawa dheweke kuwi wadat

(saksuwene urip ora bakal nempel lan nyekel wong wadon, apa maneh

bebojoan). Sakdurunge lunga ninggalake Sinta, Laksmana nggawe urekan

ana ing lemah kang ngubengi Sinta lan Laksmana ora paring lilah marang

Sinta kanggo metu saka bunderan kuwi.

Ora suwe sawise Laksmana lunga banjur udan deres. Ana sawijining

pandhita tuwa kang nyoba nyedhaki Sinta ananging ora bisa ngliwati

bunderan kang wis digawe dening Laksmana. Sawise omongan karo Sinta,

dheweke njaluk diwenehi panganan. Sinta menehi panganan lan ngulungake

tangane metu saka bunderan kuwi, sabanjure tangane Sinta ditarik metu lan

digawa mabur.

Krungu jerit kuwi, Rama lan Laksmana bali lan Sinta wis ora ana ing

papan kuwi. Sinta njerit-njerit nang angkasa lan jeritane kuwi kaprungu

dening garuda Jatayu kang mitrane Prabu Dasarata. Jatayu kasil mateni

Rahwana ananging bisa urip maneh. Sabanjure Rahwana ngasorake Jatayu

lan nyabuti wulu-wulune satemah ora bisa mabur. Jatayu nggletak ana ing

sandhuwure lemah banjur ketemu karo Rama lan Laksmana. Sadurunge

mati, dheweke menehi ngerti yen Sinta digawa dening Rahwana, raja

raseksa saka Alengka.

d. Sundara Kanda (Senggana/Anoman Duta)

Rama lan Laksmana mlaku ana satengahing alas nggoleki ana ngendi

praja Alengka. Ana ing tengahing dalan dheweke ketemu karo kethek putih

kang aran Anoman. Rikala kuwi, Anoman diperintah karo Sugriwa nggolek

wadyabala kanggo nglawan Subali. (Sugriwa yaiku adhine Subali, dene

Anoman yaiku anake Dewi Anjani, kakange Subali lan Sugriwa). Dheweke

padha memungsuhan amarga padha nrebutake Dewi Tara (Dewi Tara yaiku

Page 8: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 8

kakange Dewi Tari, bojone Rahwana, satemah Subali ya sawijining gurune

Rahwana). Rama nyembadani mbiyantu kanthi syarat ing mengko Sugriwa

ya menehi pambiyantu marang dheweke. Sawise kuwi, Subali mati kena

panahing Rama, ngaku luput lan nyuwun pangapurane Rama (titisane

Wisnu) lan nitipake anake kang aran Anggada marang Sugriwa.

Sabanjure, Rama ngutus marang Anoman menyang Alengka kanggo

mesthekake dununge Sinta lan ngukur kekuwatane Alengka. Saliyane kuwi,

Rama uga nitipake ali-ali kanggo diwenehake marang Sinta. Ing Alengka,

Sinta dikancani dening Dewi Trijata, putrane Gunawan Wibisana lan

manggon ing taman Arga Soka. Sawise ketemu karo Sinta lan Trijata sarta

ngomongake sedyane, Anoman gage lunga saka taman Arga Soka. Anoman

agawe geger lan kacekel dening jemparing rantene Indrajid. Anoman

kaukum dibakar urip-urip. Nalika geni wis murub lan mbakar, awake

Anoman dadi tansaya gedhe banjur ngegawa geni kuwi menyang

saambaning praja Alengka. Kabeh kabakar kajaba taman Arga Soka.

e. Kiskenda Kanda (Rama Tambak)

Sawise entuk palapuran saka Anoman, kanthi pambiyantune Sugriwa,

Rama nglaksanakake nglawan Alengka. Rama bingung amarga kanggo

menyang Alengka kudu nyabrang segara kang ambane nora kaukur.

Sabanjure Rama nancepake jemparing sektine ana ing segara. Banyu segara

obah ora karuwan lan dadi panas satemah akeh iwak kang padha mati. Sang

Hyang Baruna kang nguwasani samudra nemoni Rama lan paring

pamanggih kareben Rama mbendung utawa nggawe tambak kang mengko

bakal digunakake dadi dalan tumuju ing Alengka.

f. Yudha Kanda (Brubuh Alengka)

Sawise tekan ing Alengka, perang ora kena diendha. Akeh kang dadi

kurban merga perang kuwi saka Alengka lan Rama. Patih Prahasta, Indrajid,

Sarpakenaka, Kumbakarna, Aswani Kumba, lan Kumba-Kumba mati

kabeh. Wondene Dasamuka ora bisa mati amarga nduweni aji Pancasona,

awake mung kaurug gunung dening Anoman. Sawise perang rampung, Sinta

Page 9: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 9

ketemu karo Rama ananging kudu dilebokake marang geni kanggo

mbuktekake kasuciyane.

g. Uttara Kanda

Sawise perang rampung, Sinta diboyong bali menyang Rama.

Ananging amarga krungu suwara kang mangu-mangu marang kasuciyane

Sinta, pungkasane Rama nundhung minggat Sinta. Rikala iku Sinta lagi

mbobot lan nalika nglairake anake kembar kang aran Lawa lan Kausya.

4. UNSUR INTRINSIK CRITA RAMAYANA LAKON ANOMAN DUTA

Karya sastra nduweni unsur-unsur kang mangun karya sastra saengga

karya sastra isa madeg. Supaya isa nyaritakake unsur karya sastra kang ana ing

sawijining teks kudu isa ngerteni maksud utawa tegese kang kaemot sajroning

teks. Miturut andharane Kasnadi & Sutejo (2010: 6 – 28) unsur-unsur instrinsik

karya sastra kaperang dadi pitu, yaiku tema, tokoh dan penokohan, plot (alur

cerita), setting (pelataran), sudut pandang (point of view), style (gaya), dan

pesan (amanat). Kaya dene Kasnadi lan Sutejo, Priyantono lan Sawukir (2014:

125-126) ngandharake menawa unsur instrinsik uga ana pitu, yaiku tema, alur

utawa plot, setting utawa latar, paraga lan watake paraga,amanat, cara mawas

utawa point of view, lan lelewaning basa.

a. Tema yaiku ide utawa gagasan pokok sing dadi dhasare crita kanthi wutuh.

b. Alur utawa plot yaiku lakune crita seka purwa-madya-wasana sing nduwe

sesambungan sebab-akibat.

Alur kaperang dadi telu yaiku alur maju, mundur, lan campuran.

c. Setting utawa latar, yaiku perangane unsur intrinsik sing wujude papan,

wektu, sosial, lan swasana.

d. Paraga yaiku tokoh sing ana ing sajrone crita. Wewatakane paraga isa

dingerteni kanthi cara:

1) Analitik, yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi cetha

2) Dramatik, yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi samudana.

Dene watake paraga yaiku watak utawa sipate paraga ing sajrone crita.

Watake paraga kaperang dadi telu yaiku:

Page 10: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 10

1) Antagonis, yaiku paraga kang duwe watak ala

2) Protagonis, yaiku paraga kang duwe watak apik

3) Tritagonis, yaiku paraga (dudu paraga utama) kang netral

e. Amanat yaiku pesen utawa pitungkas sing diaturke panulis marang pamaos.

f. Cara mawas utawa point of view yaiku dununge panulis ana ing sajrone

crita.

g. Lelewa basa yaiku tembung-tembung pilihan sing digunakake panulis sing

ana sajrone crita supaya critane bisa luwih endah lan urip.

Mangga supaya luwih cetha, pirsanana gambar unsur intrinsik kang ana ing

ngisor iki.

Gambar 3. Unsur intrinsik karya sastra drama

5. ANOMAN DHUTA

Lakon anoman dhuta iku sawijining crita Ramayana perangan/kandha sing

kaping papat, yaiku Sundara Kanda (Senggana/Anoman Duta). Anoman iku

wujude kethek putih utawa wanara seta, putrane Bathara Guru lan Dewi

Anjani. Anoman diutus dening prabu Rama Wijaya minangka dhuta menyang

kraton Alengka saprelu ndelok kahanane Dewi Sinta. Dewi Sinta iku garwane

Page 11: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 11

prabu Rama kang diculik dening Dasamuka, ratu ing Alengka. Supaya luwih

cetha dalan critane, wacaa teks lakon Anoman Dhuta ing ngisor iki.

a. Sugriwa Sowan Sang Rama

Enggaling kandha, gelising carita, bareng wis ngancik mangsa

katiga, Wanarajaya Sugriwa sawadyabalane sowan Sang Ramadewa ing

wukir Malyawan. Sawise imbal-wacana karo Sang Raghawa sawatara

suwene, Sang Kapindra Sugriwa banjur nimbali gegedhuging wadyabala

wanara papat, yaiku: Hanuman, Satabali, Susena lan Winata. Kanthi

mupakate Sang Raghawa gegedhuging wadyabala wanara papat iku

minangka manggalaning dhuta kang tinanggenah ndlajah kabeh papan-

panggonan ing keblat papat, ngupaya Dewi Sinta.

Sadurunge para dhuta nindakaken pakaryan, Sang Raghawa

ngendika marang Hanuman: “E, Hanuman! Manawa pangupayanira yayi

Dewi wis ketemu, agemingsun “singsim” iki caosna, supaya dheweke

pracaya yen sira prayitna dhutaningsun”.

Sawise singsim ditampani dening Hanuman, para dhuta banjur

padha budhal, anering laku miturut dhawuhe Sang Kapindra Sugriwa, yaiku:

Hanuman, Anggada, Anila, lan Jembawan, mangidul. Satabali sakancane

mangalor, Susena sakancane mangulon, dene Winata sakancane mangetan.

Gambar 4. Anoman

Page 12: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 12

(http://www.asia-culture.net/2015/03/gambar-wayang-wayang-ramayana-2.html)

PETHIKAN PUPUH 18 TEMBANG KINANTHI:

Pada 7 Nalikanira ing dalu,

Wong agung mangsah semadi,

Sirep kang bala wanara,

Sedaya wus samya guling,

Nadyan ari Sudarsana,

Wus dangu nggenira guling.

Pada 8 Kukusing dupa kumelun,

Ngeningaken tyas Sang apekik,

Kawengku sagung jajahan,

Nanging sanget angrikibi,

Sang Resi Kanekaputra,

Kang hanjog saking wiyati.

Pada 9 Kagyat ri sang kapirangu,

Rinangkul kinempit-kempit,

Dhuh sang retnaning bawana,

Ya ki tukang walangati,

Ya ki tukang ngenesing tyas,

Ya ki tukang kudu gering.

Nalika semana, sawise duta padha ngayahi pakaryane, bathara

Narada rawuh ing wukir Malyawan kautus dening Bathara Guru maringake

“Maosadi Lata” kadhawuhan nandur ana ing wukir Malyawan. Dene dayane

Maosdi Lata kena kanggo nguripake kang mati, purna pangandikan Naradha

nulya kondur mring Kahyangan.

Page 13: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 13

Gambar 5. Bathara narada

(http://corojowo.blogspot.co.id/2008/12/bathara-narada-patih-ing-suralaya.html)

b. Para Wanara Kena Paeka

Kocap duta kang parane ngidul, yaiku: Hanoman, Jaya Anggada,

lan Jembawan, lakune wis tekan gunung Windya. Gunung iku banget

mbebayani, kajaba angel diambah lan watu karange, uga jurange cerung

pirang-pirang sarta kaline jero-jero tur santer iline. Para wanara padha

tlusupan ing alas, rame suwarane agawe kaget lan girise singa-singa

apadene macan-macan kang ana sacedhake, padha mlayu asalang-tunjang

rebut-ducung. Amarga saka ndhuwure gunung Windya lan saka suwene

olehe nlusup-nlusup ing alas, para kapibala padha sayah lan lungkrah,

ngelih lan ngelak, mula banjur ora rame suwarane, pepindhane kaya

samodra tanpa sabawa, meneng-anteng.

Ana watu leter arata dumunung ing papan ayom. Para kapibala

padha rebut-ducung marani watu iku, padha ngaso ateturon. Dumadakan

para wanara weruh manuk pirang-pirang padha metu saka guwa. Kanthi ati

gumun, para wanara padha ngadeg maspadakake, wusanane sumurup

wiwaraning guwa kang nggegirisi. Para wanara kang wis ilang wedine

padha wani mlebu ing guwa. Ana sajroning guwa, para wanara meruhi

omah putih sumorot hanelahi kanthi minggrang-minggring, para wanara

Page 14: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 14

padha lumebu ing omah iku,kagyat dene sumurup wanita ayu, cahyane

mencorong pindha rembulan purnama. Tanpa rasa wedi, wanita iku

nyedhaki para kapibala, asung pasugatan woh-wohan lan banyu kanggo

ngombe. Sajroning nyugata, kanthi polatan sumeh lan tetembungan kang

arum-manis, wanita iku atetanya marang para kapibala : “Mengko ta para

wanara, sira iku sapa, ngendi pinangkamu lan apa sedyamu, dene nganti

tumeka ing kedhatonku kene?”.

Wangsulane para wanara, kang diwangsuli dening Hanuman,

mangkene : “Sumurupa wong ayu, aku sakanca iki wanara saka Malyawan,

dene jenengku hanuman, dutane Sang Raghawa, ndikakake nitipriksa Dewi

Sinta kang tinawan dening sicandhala Rahwana Ratu ing Ngalengka. Aku

genti takon marang sira, sapa sing gawe guwa kang indhahe nganti kaya

kedhaton iki, banjur sapa jenengmu lan sapa sing anak-anak kowe?”.

Sayempraba : “Sumurupa Hanuman ! kang iyasa guwa iki

Danawaraja jejulukt Prabu Wiswakarma. Sang Wiswakarma saiki wis

tumekeng sirna, jalaran saka bangete daksiya kaniaya marang Sang Pretiwi

(bumi), lan anggone iyasa guwa iki njerone winangun kedhaton endah kang

madhani Kahyangan Kaindran, mula banjur dirusak dening Bathara Indra,

kabeh lebur tanpa sisa, mung kari aku iki, jenengku Sayempraba, atmajane

Sang Danawaraja jejuluk Prabu Merusawarni. Lan mangertiya, biyen Sang

Danawaraja Wiswakarma iku sedane kena senjata “bajra” dening Bathara

Indra”.

Hanuman: “O, mangkono? Nanging aku sakanca iki dinuta

menyang Ngalengka, lakok keblusuk tekan guwa Windu ya kedhatonmu iki,

banjur kepiye?”

Sayempraba : “Hanuman! Sira aja kuwatir! Menawa sira kesusu

enggal daya-daya tumekeng Ngalengka, aku bisa asung pitulungan, nanging

ana sranane apa kowe saguh?”

Hanuman : “Sranane apa wong ayu?”

Sayempraba : “Sranane kowe kabeh dakwetokake saka guwa, nanging kudu

tutup netra, ora kena andedulu! Apa kowe saguh?”

Page 15: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 15

Mangkono kandhane Sayempraba marang Hanuman sakanca,

nanging para kapibala kang dipandhegani dening Hanuman iku ora ngerti

menawa arep dipaeka. Jalaran Sayempraba ngrungu yen para wanara iku

nedya marang negara Ngalengka, mula banjur tuwuh pangigit-igite

Sayempraba marang para wanara. Danawa karo raseksa iku manjing dadi

mitra, tur dhasare padha watak-wantune, padha solah-tingkahe, padha

kesenengan lan pakaremane. Iku sababe Sayempraba banjur gething lan

ngigit-igit marang kapibala, mula banjur arep ngrubeda sarana namakake

“aji kemayan”.

Gambar 6. Dewi sayempraba

(https://blog.hadisukirno.co.id/dewi-sayempraba/)

Para kapibala banget suka amarwata suta, dupi ngrungu

dipitunlungi dening Sayempraba kenya kang ayu rupane, enggal tumke ana

ing Ngalengka, mula manut –miturut marang pakone, lan babar pisan ora

ana wanara kang ngira bakal kena apus-krama. Sajrone tutup mata lan

merem, ing kono para kapibala ginendam “aji kemayan”, satemah padha ora

weruh wetune saka ing guwa. Ana sajabaning guwa, para wanara padha

bingung pating-bilulung, ilang pikirane lan nalare. Sanajan wis ora tutup

netra, wis bisa dulu, parandene pikirane durung padhang, elinge durung

terang. Olehe mubeng-mubeng ana sajaban lan kiwa-tengene guwa nganti

sesasi, rumangsane lagi sedina sewengi.

Page 16: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 16

c. Para wanara ketemu garuda sempati

Enggaling carita, sajrone para kapibala lagi padha sedhih kawlas-

asih, dumadakan weruh manuk gedhe pindha Garudha kang wujude banget

nggegirisi, awake gilap tanpa wulu, cucuke lancip katon landhep tur sentosa,

jenenge Sempati kakange Jatayu. Ndulu wujude mangkono iku, para wanara

padha wedi, atine saya kekes-ngenes, gagasane mangkene “Adhuh!, aku

sakanca iki banget nistha temen!, sinebuta dhuta, nanging dhuta kang ora

sembada. Amarga ketaman aji kemayane Sayempraba, samengko aku ora

weruh papan-panggonan kang kudu diparani, jalaran bingung, ora ngerti lor-

kidul!? Wooo! Dewa-dewa!, tinimbang aku sakanca urip ora nduwe

lelabuhan kabecikan, aluwung aku mati wae Dewa! Aran beja si Jatayu

biyen, tinggal-donya sawise gawe lelabuhan becik marang mitra. Dheweke

ngaturi priksa marang raghawa yen Dewi Sinta dinustha dening Rahwana,

digawa mabur menyang Ngalengka. Lan dheweke mbelani Sang Dewi

lumawan Rahwana nganti nandhang tatu abot kang wasanane njalari dadi

lan matine.hla aku sakanca iki kudu ngrumangsani asor, ora duwe lelabuhan

apa-apa, lan kusu isin, kalah utama akaro manuk Jatayu.”

“He, kanca! Kae ana manuk kang gedhene kagila-gila lan wujude

kaya Kalamretyu kae sajake keluwen, tandhane lakune katon alon nglemer

klelar-kleler? Begja menawa awake dhewe sakanca iki sirna dimangsa

dening dheweke. Mesthine dheweke seneng atine kepethuk wanara kang

gelem ngrilakake patine dadi mangsane”. Mangkono gagasane para

kapibala.

Manuk gedhe pindha Garudha iku nyedhaki para kapibala, banjur

calathu mangkene : “Heh, para wanara minulya!, gunung Windya iki angel

ginayuh, sabab kagawa saka banget dhuwure lan saka rungkuding alase.

Nadyan mangkono, amarga saka gedhening kekuwatan lan tekadmu, kowe

kabeh padha bisa tekan kene. Ana perlu apa kowe nganti keraya-raya

munggah gunung Windya, geneya kowe kabeh padha katon susah lan sajak

nglokro atimu?”

Hanuman : “Sumurupa!, aku iki Hanuman lan kabeh para wanara

iki dinuta dening Gustiku Sang Ramabadra, ndikakake menyang Ngalengka,

Page 17: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 17

didhawuhi nggoleki lan nyatakake gustiku Dewi Sinta sing dicidra dening

Rahwana isih sugeng lan orane! Banjur sira iku sapa, kok awakmu sajak

nadhang tatu, tur lakumu ngrekasa kaya tanpa daya?”

Sampati : “Wruhanira Hanuman!, kang kok alembana abudiluhur

mau salugune isih kadangku pernah enom kang dak tresnani, jenenge

Jathayu. Wondene aku iki jenengku Sampati. Kowe padha sumurup menawa

aku iki tanpa wulu, sebab nalika negara Ayodya ing jamane Prabu

Banaputra biyen, dibedah dening Rahwana, jalaran anggone nggoleki

Bathara Sri kang manjanma marang Sang Dewi Raghu ya Dewi Sukasalya

kang dadi garwane Resi Rawatmeja adhine Sang Prabu Banaputra. Kocapa

bareng Prabu Banaputra lan Resi Rawatmaja dipateni dening Dasamuka,

Sang Dewi Raghu banjur lumayu menyang Dandhaka nedya ngunsi ing

padhepokane Sang Dasarata. Watake Dasamuka, durung gelem leren, yen

durung klakon mboyong Dewi Raghu ya Dewi Sukasalya, mula Sang dewi

dioyak dening Rahwana, nedya dicekel lan diboyong menyang alengka.

Sang Dewi Raghu dak belani, Rahwana nedya nyekel Sang Dewi dak

trangguli, wekasan dadi perang-tandhing, aku kasoran. Aku dipikut, wuluku

dibedholi dening Rahwana nganti brindhil-gusis-blindhis kaya ngene iki”.

Sampati : “Wo ! sang wanara minulya!, aja banjur nglokro atimu

kendho kekarepanmu!, Prayogane sira padha nerusake laku mangidul mrana

kae!, mesthi bakal ketemu panggonan kang sira goleki. Wondene titikane,

menawa ana kutha-krajan kang kabeh suyasane dumadi saka “emas”,

dumunung ing puncake gunung, yaiku kutha-krajane Ngalengka. Endahe

kraton Ngalengka kuwi ngungkuli suwarga, mulane banget nggumunake

endah-penine. Sabab, kadhaton Alengka kuwi sing nggawe Bathara Dhata

(manut layang Adiparwa lan Uttara kandha kang nggawe kadhaton Alengka

Bathara Wiswakarma, dewa ahli bangunan). Aku ngakoni menawa Rahwana

kuwi sekti mandraguna, bisa mabur, tur sugih kuwanen, mulane prasasat

bisa mangreh jagad. Nanging nadyan mangkonoa, Rahwana mesthi bakal

tumpes-tapis sakwadyabalane sirna dening Gustimu Sang Raghawa, kanthi

pambiyantune para wadyabala wanara. Wis ta, padha tumuli mangkata!,

lakumu bakal oleh gawe Hanuman!, bisa ketemu karo kang ko-upaya”.

Page 18: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 18

Kandhane Sampati njalari greget-gumregute para kapibala, ndayani

sirna sayah-lungkrahe awake, tuwuh kencenging tekad. Para wanara tumuli

padha lumaku maneg mangidul kanthi gembiraning ati. Sawise mlaku rada

sawetara suwe, para wanara tekan ing gunung Mahendra, munggah ing

ereng-erenging sisih lor, banjur tumurun tekan ereng-ereng kidul. Saka

gunung Mahendra segara kidul katon cetha, alune kaprungu jumlegur, ora

kendhat-kendhat tuh sikile gunung kang banget atos lan santosa ing semu

samodra iku kaya sengit ngigit-ngigit marang gunung Mahendra, amarga

gunung iku dianggep ngalang-alangi samodra kang njalari ora bisa sumurup

kaendahaning alam sisih lor. Kajaba saka iku, samodra iku sajak kaduk

mongkog, amarga ing dhasare sumimpen sesotya-manik-nawa-retna kang

ora karuan kehe, satemah ngremehake gunung Mahendra kang kinira ora

darbe simpenan rajabrana.

Angine sumiyut banter, pepindhan kaya napase samodra,

krenggosan amarga ngombe banyune kali kang tanpa pedhot tansah mili.

Para wanara padha rebut-dhucung tumurun menyang pasisir, banjur padha

ngaso ana ing kono, karo maspadakake samodra, karo ngiling-iingi urang

kang rumangkang ing karang, manawa sumurup iwak kang kumliwer ing

cedhake, para wanara padha jumbul lan ngguyu kekel kepingkel-pingkel.

d. Anoman Nitik Negara Alengka

Sawise ngaso sawetara ana ing pesisir, Hanuman pamitan marang

kanca-kancane nedya nerusake laku menyang Ngalengka ngliwati samodra.

Gya cancut tali-wanda, Sang Hanuman tumapak jumantara, dene Hanila,

hanggada lan Jembawan ditinggal keri ing pesisir, ngenteni baline Sang

Ramadayapati.

Hanuman nulya ninggalake barisan ing pragosa, napak gegana

tumuju ing Ngalengka. Rikate abure Anoman padha karo keclaping cipta.

Abure garudha lan sumiyuting angin, ora bisa madhani rikate aburing Sang

Maruti. Katon saya dhuwur abure Sang Hanuman nganti planit-planit,

srengenge lan rembulan padha kungkulan dhuwure. Prabawaning angin

gedhe gumrubyug ngedap-edapi, pepindhane kaya angin ing wektu kiyamat.

Page 19: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 19

Kocap nalika samana, ana denawa kang nunggu samodra katon

wengis tur galak, jenenge Wilkathaksini, tutuke mangap amba kaya lawange

guwa, weruh barang kumlebat ing akasa, Wilkathaksini tumuli nututi.

Bareng wis ketututan, kang kinira jebul barang kuwi hanuman, tanpa sraba-

sraba banjur diuntal lan diulu tekan ing wadhuke. Ana sajrone wadhuk,

Hanuman gya tiwikrama, wadhu bedhah ludira wutah dadi lan patine

Wilkathaksini bangkene denawa iku tiba ing samodra dadi pakane iwak,

baya lan iwak paus. Let sakedheping netra abure Sang Hanuman tekan

gunung kang dumunujng aneng tengahing samodra, jenenge gunung

Menaka utawa Maenaka. Gunung iku isih krabat bayu, mitrane sinarawedi

Sang Maruti ya Hanoman. Nalika sumurup hanuman kumlebat ing akasa,

gunung Maenaka ngampirake nedya nyugata wowohan maneka-warna.

Nanging Hanuman ora bisa minangkani kadange tunggal bayu iku jalaran

“kudu enggal ing panggonan kang dituju”, mula abure bablas wae, tanpa

mampir ing gunung Maenaka.

Gambar 7. Wilkathaksini

(http://tokohwayangpurwa.blogspot.co.id/2009/09/wilkataksini.html)

Sawise nglieati begalaning laku lan gunung Menaka ing tengahing

samodra, Hanuman tumuli tekan ing gunung Suwela ya sinebut Suwelagiri.

Wiwit ana gunung Suwela, Hanuman tansah prayitna ngati-ati. Weruh ana

denawa lagi aleleldhang, Hanuman ora ngganggu, malah mundur banjur

ndhelik. Banjur lumakumangidul, Hanuman tekan ing papa rumpil, angel

Page 20: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 20

diambah. Sawise ngliwati kali, banjur wiwit wengi, ing ngendi-ngendi

katon peteng. Sang Bayusuta lumebu ing kutha-krajan Alengka, sumurup

ana pawukon akeh jejer-jejer, kerep kepethuk raseksa kang padha kemit

njaga kedhaton, lumaku nggawa obor. Jalaran kuwatir yeng kawruhan

dening raseksa kang mbeneri kemit, Sang Anoman wola-wali kudu ndhelik

sawatara.

Ing sapinggiring marga ana sawetara raseksa lagi guneman,

guneme ditilingake dening Sang Ramadayapati, kang surasane guneman

padha mangalembana marang kaluwihane Sang Rahwana. Kajaba kuwi uga

ana raseksa kang lagi padha suka pari-suka, ana sing lagi ngombe nganti

thele-thele, ana sing njoget, nyuling, ngidung, ngarang tembang, lan

saweneh ana sing guyonan karo kancane. Pancen bener ujaring kandha,

kahanane kutha-krajan Ngalengka mirib kaya Kahyangan Indraloka.

Saya cedhak, saya cedhak lakune Snag Hanuman mring pernahe

kadhaton weruh ana bangsal gedhe tur jembar, dinulu Sang Maruti bangsal

iku isine yaksa pirang-pirang. Para pandhita iku ana sing lagi masang aji

sirep sing njalari turu, ana sing masang aji bajrakaya, sing njalari bisa

nuwuhake kekuwatan kang ngedab-edabi, ana uga kang lagi masang aji

abhicara (sihir), lana ana maneh kang lagi masang aji-aji liyane kang bisa

gawe ngingrime mungsuh kang arsa lumebu ing kadhaton Alengka.

Nanging tumrap hanuman ora bakal mundur sajangkah, menawa durung

ketemu kng den upaya, mula kabeh sirep lan aji pinasang dening para

pandhita yaksa mau bisa disingkirake.

Sajrone Sang Bayusuta mider-mider ana ing sajroning kutha-krajan

Alengka, bisa nyumurupi solah tingkahe para pandhita raseksa iku warna-

warna : ana sing gela-gelo, ana sing keplok-keplok, ana uga sing gulung-

kuming, lan ana uga sing ngadeg jejeg anggone namakake aji-aji mau. Aba

saweneh pandhita kang lagi padha nyinau sastra padha regejegan, jalaran

sulaya panemune, wasana banjur padha kerengan. Watak-wantune yaksa iku

menawa luput utawa kliru, mangka banjur dibenerake, mesthi banjur

pecuca-pecucu. Ana maneh buta kang lagi mangsa daginge manungsa lan

gnombe getihe, ana kang lagi cangkrama wahana rata, dirada utawa

Page 21: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 21

turangga. Kajaba kuwi Hanuman uga meruhi ana kami kamini (Indonesia:

gendhak lelaki dan gendhak perempuan) padha geguyon apepasihan

pangkon-pangkonan karo brakot-brakotan lambe lan gulune, wekasan

kamini banjur mlumah pasrah karo kami kang samapta nibakake bedhoring

asmara, mbuh kepiye tumandange tan prayoga lamun diceritakake.

Hanuman banjur mlaku ninggalake papan iku, jalaran kelingan marang

sedhih-kingkine Sang Ramabadra kang lagi pisah karo garwane.

Lakune rembulan katon rikat banget, prenahe saya dhuwur. Sawise

lakune tekan ana ing gunung Udaya, rembulan kepengin nyawang

kaendahane praja Alengka. Ing wektu iku Sang Ramadayapati bisa

nyumurupi kabeh papan-papan ing saindenging kutha-krajan Alengka.

Ana panggung digawe saka mustika gunung sarta sesotya-manik-

nawa-retna, rinengga pepethan sato-kewan emas maneka warna. Panggung

kang gedhene saengga nunung iku platarane sinebaran sesotya-manik

candrakanta, kang minangka wedhine sesotya-retna lembut-lembut. Amarga

ketaman sorote rembulan, sesotya candrakatna iku katone kaya ajer-lumer

lan mili, mahanani rasa adhem. Panggung iku ing perangan jaba isi golek

kencana pirang-pirang, padha ngrenggep sanjataning ayuda, pepindhan kaya

dewa-denawa kang lagi pancakara rerebutan “amreta”. Ana saweneh kang

golek kencana kang pepindhane kaya njaga wiwara, tinretes sesotya

candrakanta endah, mripate sumunar bunder mlolo-mandelo kaya arusa

Rahu nedya milu ngrebut amreta. Uga ana canchi sesotya jejer-jejer padha

sumorot pating gebyar. Ing kono ana wimana, iku pepindha kretane dewa

utawa danawa kang ngebur samodra kari. Candhi-candhi iku kinubengan

temok-tembok dhuwur mawa rerenggan perak-putih urut pinggire,

pepindhane kaya Naga Basuki kang mbeneri ngaso, sawise samodra kinebur

para dewa-denawa. (Naga Basuki iku kang minangka tetaline gunung

Mahendra, nalika gunung kinarya ngebur samodra, sirahe Naga Basuki

dienggo cekelan danawa, dene buntute dienggo cekelan para dewa).

Isih akeh banget lan warna-warna barang-barang kang endah-peni

saka kencana-sesotya kang diweruhi Sang Hanuman ana ing sajroning

kutha-krajane Alengka.

Page 22: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 22

Lakune Hanoman saya cedhak prenahe karo kadhaton, dumadakan

Sang Ramadayapati meruhi omah-emas kang banget endah-peni lan banget

asri anglam-lami, yaiku papan-pangonane Sang Rahwana kang ngrasakake

kanikmatan donya. Ing kono akeh wanodya kang endah ing arna kang wasis

olah kridhaning asmara lan lebda marang “indranisastra” (Walanda :

minnekunat = Jawa : pangasihan). Ora kewran Sang Hyang Angga

(Indonesia : Dewa cinta) ana ing kono, panahe asmara lang gendhewane

banget mitayani tur ora tau lesah-lesu. Para wanodya kang ayu-ayu rupane

padha genti-genti jemparing ati nganti ajur-luluh sarana jemparinge asmara

kang landhepe nggegirisi.

Ana sajroning omah emas iku Sang Hanuman weruh Rahwana lagi

kepati nendra bebarengan karo pada wanudya kang endah ing warna kang

wasis olah kridhaning asmara, upama wong lumrah mesthi wis sambat pegel

boyoke, brangkangan lakune, nanging gandheng Sang Yaksendra Rahwana

iku titah pinunjul nduweni kasekten kang pinunjul, mula sanadyan dikrubut

wanita sepuluh orabakal kuwalahan. Gelising tembung, siji tanduk, lowo

kurang, telu isih kurang trima.dhasare wanita-wanita kang ngladeni

Rahwana saben nendra, racak padha nganggo wewangi lisah jebat-kasturi

kang gandane amrik-minging ngambar wangi nganti pitung wengi ora ilang

gandane, mula Sang Rahwana ngrasakake kanikmatan kang tanpa upama.

Salurane nalika pinujusare pindha ardi kalasa, mustakane sepuluh cacahe

iku pepindhanig puncake, bahune gedhe padha karo wit randhu alas, cacahe

rongpuluh. Mulane peparab Wingsatibahu. Rikmane dawa, warnane semu

abang dhasare arang jamas, nadyan bubar diladeni wanodya. Brengose ketel

lan tansah obah kumitir dening bantere napase, pepindhane kaya alase

gunung Meru katerak angin gedhe. Nganti kamitenggengen panyawange

Sang Hanuman marang Rahwana, nanging sajroning batin ora bakal

ngingrim yen ta lumawan perang-tandhing, adu jaja kantaran bahu karo

Sang Rahwana. Mangkene panngudasmarane Sang Hanuman : “O,

Dasamuka! Entek-entekna lan katokna olehmu ngumbar angkara ngeloni

wanodya semono akehe, ora suwe bakal lebur tumpul dening gustiku Raden

Rama! Hemmm! Kabeh wanodya wis padha turu, sajake sayah olehe bubar

Page 23: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 23

nglandeni sicandhala Dasamuka. Nanging wanodya samono akehe, kaya-

kaya gustiku Dewi Sinta ora ana? Pangiraku Sang Dewi mesthi ora bisa

sare, sabab mung tansah menggalih marang gustiku Sang Raghawa? Oh,

Dasamuka, Dasamuka! Pancen manungsa gelah-gelahing bumi,

panuksmaning jaja-laknat, nganti tega mentala misahake gustiku sakloron

kang nendheng “temanten anyar”.

Mangkono gagasane Sang Ramadayapati, nadyan ora miris meruhi

Rahwana, nanging nglokro atine lan bingung pikire, marga durung bisa

ketemu kalawan Dewi Sinta. Hem! Baya ana ngendi anggone nyingidake

Sang Dewi? Mangkono panglocitane Hanuman karo lingak-linguk nggoleki

dununging Dewi Sinta.

e. Anoman Tekan Taman Asoka

Dumadakan ora adoh saka panggonan iku, Hanuman sumurup wit

asoka, kembange anjrah, warnane abang lan endah, dununge saprenah ing

sawetane kedhaton. Ya ing kono dununge taman Alengka. Jalaran akeh

kembange asoka, mula taman iku diarani taman Asoka. Wong kang ana ing

sajrone taman iku ora bisa ketaman susah, sanajan ing mangsa rendheng

utawa katiga. Mangkono mula-bukaning taman kang idarani taman Asoka.

(A = ora, Soka= susah. Asoka = ora susah). Sang Hyang Candrama

(rembulan), sanajan mbeneri rembulan kantha utawa panglong, yen pas ana

sandhuwure taman Asoka mesthi tansah purnamasidhi, hawit saka parentahe

Sang Dasasyadhiraja (Maharaja Dasasya).

“Weiladalah! Pandugaku Sang Dewi mesthi disingidake ing

sajroning taman Asoka iki!, mangkono pangudarasane Sang Ramadayapati

karo ngener prenahe taman sarana mlumpat-mlumpat saka wit siji menyang

wit sijine, buntute kumitir. Bareng olehe mlembar-mlembar ing wit-witan

wis sawetara suwene, anoman mangisor, weruh ana putri lagi muwun,

katone banget sedhih kawlas-asih, kaya kahanane wanudya kang lagi pisah

karo kekasihe.

Page 24: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 24

“Hla iki Sang Dewi Sinta kang dak goleki!”. Mangkono aloke Sang

Hanuman bareng ketemu kang den upadi. Lamun kacandra ana ing

Tembang Kinanthi, mangkene:

“Anoman malumpat sampun,

Prapting witing nagasari,

Mulat mangandhap katingla,

Wanudya yu kuru aking,

Gelung-rusak wor lan kisma,

Kang iga-iga kaesi.

Sang Anoman tumungkul ngiling-ilingi Dewi Sinta saka wit

nagasari, maspadakake sarana ngincangake alise, atine trenyuh ndulu

kahanane Sang Dewi Sinta, kang katone banget memelas. “O, Sang Dewi,

semanten panandhange paduka pisah kalayan garwa?”

Gambar 8. Dewi sinta

(https://wayang.wordpress.com/2006/10/26/sinta/)

Salirane Dewi Sinta katon kuru-aking, igane gegambangan. Uripe

nalangsa kinungkung, pepindhane kaya manuk ingon kang tansah kinurung,

penggalihe sedhih-kingkin nawung gandrung. Gelunge rusak lan reged

gupak lebu, jalaran sarene ana lemah. Sanajan ing sajrone suyasa kencana

disedhiyani kasur-sari kanthil-gadhing, parandene sang Dewi milih sare ana

ing lemah. Penggalihe kerep kuwur, jalaran trinambul para raseksi kang

Page 25: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 25

padha nguman-uman, ngrubeda atetindak murang kasusilan. Manawa pinuju

karubung raseksi kang padha ngaru-biru mangkonomiku, Sang Dewi

muwun mingseg-mingseg, penggalihe seseg kanegan oneng lan sedhih.

Wauta kaya mangkono, ora kaya Sang Prabu Dasamuka kang

banget gandrung- kayungyun marang Dewi Sinta prapta ing taman

Asokakanthi angrerepa ngandika marang Dewi Sinta: “mengkota yayi Dewi,

mbok sira aja wangkot kang sarta aja tansah lelewa marang ingsun ta wong

ayu?, mara ayo turutana brataningsun, aja mikir marang Raghawa, satriya

klambrangan turut alas, kae lak mung gawe susahing atimu ta yayi?, balik

ingsun, dhasar dadi narendra sugih bandha-bandhu, kabeh kang kersakake

mesthi bakal ingsun turuti, watone aja njaluk mudhune rembulan wae.

Kowe dadi bojone si Raghawa ora bakal bisa uripmu mulya, mulane

tinggalen si Raghawa, ingsun bae ladenana. Wis ta yayi, aja muwun, tumuli

biraten sungkawanira, enggal ngadia salira, ngedi busana, ingsun ajak

mukti-wibawa, nyakrawati-mbaudhendha, ana ing Alengka.

“Yayi Sinta! Aja wangkot ya wong ayu! Ingsun kang saguh dadi

pangayomanira, lan iya ingsun kang minangka usadanira, nglelipur

sungkawanira, mara age, adedununga ing suyasa kencana pinatik manik

nawa-retna, kang ingsun samektakake kanggo sira wong ayu! Sarea kanthi

tantrem ayem ana ing jajaningsun”.

Babar pisan ora kengguh panggalihe Dewi Sinta, tetep madhep-

mantep marang Sang Raghawa, ya mung panjenengane bae kang cumithak

ing penggalihe. Mulane wangsulane marang Sang Rahwana, pedhes-wengis

lan sereng-sora mangkene : “Heh, bangsat-keparat raseksa candhala

Dasamuka! Sira ngaku linuwih tinimbang kakangmas Raghawa! Geneya

kowe ndhusta garwane kanthi nglimpe-nglimpe, nedhenge panjenengane ora

ana? Ora wani adu jaja kantaran bahu?! Pakartimu iku nandhani yen

satemene sira iku jirih-getih wedi-mati! Mangka manut surasaning wedha

kang dak waca sarta pangandikane para winasis kang dak rungu, pahlawan

sajati kang wis bisa ngasorake mungsuhe, tawanane diwenehi kamardikan”.

Sang Raghawa iku dhanurdhara ing jagad, panjanmane Sang

Hyang Purusottama, tegese satriya ahli jemparing, titise Bathara Wisnu.

Page 26: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 26

Mula Dasamuka yen pancen sira ngaku digdaya, adhepana Sang Raghawa,

ora wurunga bakal sirna-gempang, tumpes-tapis sawadyabalamu!”.

Mangkono wangsulane Dewi Sinta, wawanane Sang Rahwana

jumeneng, banjur ngunus “candrasa”, nuli nudhingi marang Sinta kanthi

netra andhik ngandhar-andhir, idepe ngala-cakra, pasuryan mbrabak abang

kaya kembang wora-wari, wengis, sugal pangandikane : “He, Sinta! Aja

mung waton ngucap! Apa dikira aku wedi karo dhedhapurane Raghawa,

hem? Sira ngalembana marang kasektenane Rama? Apa ora kulak pawarta

adol pangrungu, menawa ingsun iki nduweni kasekten kang ora bisa

dikalahake dening mungsuh? Aja maneh mung lamaking manungsa kaya si

Raghawa, sedheng Bathara Indra sing nduwe sanjata bledheg wae ora

menang tandhing kalawan ingsun? Mula menawa sira tetep puguh-lumuh

nglanggati karsaningsun, tan wurunga dewaning pati bakal methuk sira,

lumantar candrasa tumancep ing jajanira!”

Gambar 9. Dasamuka

(http://caritawayang.blogspot.co.id/2015/05/rahwana-Dasamuka.html)

Kocapa Dewi Trijatha kang tansah prayitna, mulat ingkang wa

Prabu Dasamuka arsa nibakake candrasa marang Dewi Sinta, gya ngalang-

Page 27: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 27

alangi sarta matur ngrerepa : “Dhuh wa Prabu, keparengan nyiram dahteng

tirtaning kasabaran, kang sarta nyirep dhateng hardaning kakung kang mawa

kepanasen, wa! Menawi wa Prabu badhe mejahi Gusti Rekyan Sinta, badhe

keduwung wingkingipun lhe wa?”

Mireng ature Trijatha mangkono iku, Sang Rahwana murungake

anggone arsa nibakake candrasa mring Dewi Sinta, wasanane banjur kondur

menyang dhatulaya kanthi lingseming penggalih.

Saungkure Rahwana, ana raseksi kembar ing rupa cacah 300,

didhawuhi dening Dasamuka kinen nggegire lan memedeni Sang Dewi

Sinta. Warna-warna carane raseksi 300 iku olehe padha ngaru-biru lan

ngagag-agagi Sang Dewi, nanging Dewi Trijatha ora nrimakakemarang

pakartine para raseksi apa karepe padha tumindak kaya mangoko iku, padha

noleha marang githokmu, heh raseksi kang candhala ing budi! Ngertiya!

Sang Dewi iku tanpa dosa, nanging kepara nandhang kingkin amarga pisah

karo garwane, mung sabab pakartine ratu-gustimu wa Prabu Dasamuka!

Kowe kabeh aja padha banget-banget olehmu nggegiro nedya arep mrajaya

Sang Dewi Sinta. Yen kowe kabeh padha arep tumindak sewenang-wenang

marang Sang Dewi, aku ora narimakake, lan mesthi tak belani nganti

tumetetsing ludiraku kang wekasan, ngerti?

Ngrungu kandhane Trijatha mangkono ikusanalika para

raseksicacah 300 mau padha bubar pating slebar ninggalake Dewi Sinta lan

Trijatha. Ing sapungkure para raseksi, Sang Dewi Sinta tumuli ngendika

marang trijatha mangkene : “Yayi Trijatha ingsun nedya nyaritakake

kasusahaningsun kang prazsasat remuk-rempu dening kangenku marang

panjenengane Pangeran rama. O, Trijatha, kasangsaya-sinangsaya dening

pepesthening Jawata kang njalari uripingsun iki tansah ketula-tula katali.

Dene sira maksih kenya yayi, durung ngerti rasaning atine wanita kang

pisah kalawan garwa. Adhuh, yayi, banget nalangsa-sangsara lan susah

pisah kalawan garwa kang nedheng padhadene seneng pepasihan, labet

ingsun iki lan Pangeran Rama nedhenge temanten anyar, nanging Trijatha,

mung ana sethithik kang rada bisa agawe lipuring atiku. Miturut carita

jaman kuna kang kocap ing layang Kandha perangane cerita Ramayana

Page 28: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 28

karangane Resi Walmiki, jare pepisahan kang nuwuhake rasa susuah iku,

ing tembe bisa kumpul maneh kanthi rasa kaduk seneng. O, Trijatha ...!

manawa ingsun ketemu maneh marang panjenengane Pangeran Rama kanthi

rahayu niskala, ing mangka padhadene kangene, mendah suka-renane

penggalihingsun... Trijatha... ?”.

Mireng caritane Rekyan Sinta kaya mangkono mau, trijatha melu

karuna, membeng waspa. Mangkene ature : “Dhuh, Sang Dewi, kula

namung ndherek nyenyuwun dhateng dewaning adil, mugi sang Dewi

enggal manggih pepajar, lan kempal malih kalayan Raden Raghawa. Kados

leres ingkang dados pangandika paduka kalawau. Manut piwucal saking

tiyang sepuh kula ugi mekaten, “sapa seneng tembene bakal nemu susah,

nanging kosok-wangsulipun, narima yen lagi nandhang susah, lan nduwe

rasa bagya yen kataman sedhih, mbesuk bakal nemu kabagyan lan

kasenengan”. Menika gusti Dewi ...! Pramila keparenga mbirat kang dados

lelampahan ingkang njalari rudhaning penggalih.hawit ngendikanipun para

winasis, lelakon punika adiling kedah dipun lampahi..”

f. Anoman Ketemu Dewi Sinta

Kocap kacarita, ora kaya Sang Ramadayapati ya Sang Hanuman

kang nedheng njinggleng maspadakake kahanane Sang Dewi Sinta, banget

anggone nggatekake marang kabeh kang dinulu lan kang dirungu, wiwit

saka pambujuke Rahwana marang Dewi Sinta, pangrubedane para raseksi

cacah 300 marang sang Dewi, lan imbal-wacanane Sang Dewi karo Trijatha,

banget digatekake dening Sang Maruti. Nalika Rahwana ngagag-agagi

candrasa marang Dewi Sinta meh wae dijlogi lan linawan dening Hanuman.

Tujune nalika samana kelingan marang pituture para wiku, kang surasane

mangkene : “Murih rahayuning duta, sadurunge nindakake kuwajibane kang

baku kanthi paripurna, kudu bisa nyabarake prakara liya-liyane”. Iku kang

diugemi Sang Ramadayapati, mula niyate mrawasa marang Dasamuka bisa

disabarake.

Sabanjure, amarga saka kepengin wuninga cetha marang sang

Dewi Sinta, Hanuman tumurun saka wit nagasari, mudhun ing lemah.

Sadurunge nyedhak Sang Dewi, Hanuman ngidung sing isine ngandharake

Page 29: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 29

lelakone Sang Raghawa wiwit pisah karo kekasihe, onenge marang garwa,

lan pamuwune ana sajroning alas. Bareng wis cetha-trawaca lan terang-

gamblang marang dununge Dewi Sinta, Hanuman ngidung Dhandhanggula,

mangkene :

PUPUH TEMBANG DHANDHANGGULA

Kidul wetan kadhaton kaparing

Anglangkungi wewangunanira,

Lan sajroning pura kabeh,

Gapuranira munggul,

Sumarawang pucak hergeni

Sapoh jenggi gengira,

Mancurat ngenguwung,

Tinatirah ing pakaja, banon pandhak kang kinarya akik wilis

Reringgit rerajeng mas

Minangka sambute cerita, sawise ngidung Dhandhanggula,

Hanuman ana kiwaning omah-mas ya ingkono prenahe taman Argosoka

panggonane Dewi Sinta kang diladeni Trijatha, jinaga para raseksa. Dewi

Sinta tansah karuna hawit kelingan marang Raghawa.

PETHIKAN PUPUH KINANTHI

Pada 2. Banjutan pisan wak ingsun,

Awya andedawa wingit,

Gustiku satriya Rama,

Wijaya tolihen mami,

Dasihta tanpa sarira,

Kena ing wiyoga sedhih.

Pada 3. Anoman malumpat sampun,

Prapteng witing nagasari,

Mulat mangandhap katingal,

Wanudya yu kuru aking,

Page 30: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 30

Gelung rusak awor kisma,

Kang iga-iga kaeksi.

Pada 4. Pinandeng sarwa tumungkul,

Anoman ngiling-ilingi,

Sarta mirsaken karuna,

Sumedhot tyasira nenggih,

Iya iki baya-baya,

Kusuma putri Manthili.

Pada 5. Mudhun ing pagrak tumungkul,

Anoman sarwi ningali,

Umengetaken sesambat,

Sangsaya inggih Hyang Rawi,

Sakenjing nggenya karuna,

Kusuma putri Manthili.

Pada 6. Nataring wisma mas murub,

Kuneng wau ta kang prapti,

Prabu Rahwana digdaya,

Ngdeg ing ngarsa sang putri,

Alon denira ngandika,

“Dhuh babo sri Manthili”.

Pada 7. Apa gunanta geng ing kung,

Yayi mariya makingkin,

Tambanana laraningwang,

Mung sira akarya sakit,

Cumanthel pucuking netra,

Gumantung tung tung ing ati.

Pada 21. Mung Rama Wijaya ketung,

Tan mingket prapta ing pati,

Heh Dasamuka ta sira,

Angaku pawireng bumi,

Sira dik liwat durjana,

Gelah-gelahing sakbumi.

Page 31: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 31

Pada 22. Angaku prawira tuhu,

Dene ko anyidreng mami,

Nungkulken satriya Rama,

Nora du arep sireksi,

Iku tandhamu durjana,

Met kang nduwe tan udani.

Pada 27. Tan wurung tatas gembungmu,

Sang putri pedhes dennya ngling,

Dasamuka lingsem dhahat,

Anarik candrasa aglis,

Sinta wruh iki apa,

Tiba ing dulumu mangkin.

Nalika samana Anoman meruhi kaya arep anjlog-anjloga saka

ndhuwur, nanging bisa meper kanepsone, bisa nyrantekake dhisik. Teruse

tembang Kinanthi kang njalari Anuman mangerteni kepiye kahanane Dewi

Sinta nalika ana ing taman Argasoka.

PUPUH 24

Pada 30 Putri Manthili aru muwus,

Yen sira ora mateni,

Maringong dudu narendra,

Dudu prawira sayekti,

Lah payo sundhepen enggal,

Jer sun lalu nora sudi.

Nalika Dewi Sinta ing Taman Argasoka, Trijatha sing ngladeni lan

nglelipur, supaya ora kuwur penggalihe. Yen pinuju madya-ratri Dewi Sinta

tan pegat samadi, mrih rahayu bisa ketemu kalawan garwane Pangeran

Rama. Wondene Anoman kang ana pagrak ura-ura utawa ngidung, supaya

Sang Dewi Sinta ora kaget penggalihe.

Page 32: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 32

PUPUH 25 MIJIL

Pada 18. Dhuh Gustiku bathara Ramadi,

Anandhang wirangrong,

Sapisahe kalawan garwane,

Kusumengrat putri ing Manthili,

Bebaya geng kingkin,

Keneng lara gandrung.

Pada 23. Langkung sumpek dennya tanpa warti,

Garwane kang nyolong,

Pan wus kumus rarasing driyane,

Amung kantun ngayam pati,

Ambelani sori,

Menggah gandrung gandrung.

Pada 25. Nulya laju alelampah malih,

Tan andangu anom,

Apa manuk angendhuruk gedhe,

Suwiwine ilang kang sesisih,

Sigra den parani,

Sarwi gandrung gandrung.

Pada 27. Peksi matur mentas mangun jurit,

Lan raseksa katong,

Sri Rahwana prang lan ingsun rame,

Kang andhusta putri Manthili,

Marma sun labuhi,

Mati teker marus.

Pada 40. Ngalengka arsa den pukul jurit,

Pinrih arerempon,

Nanging lagya ngentosi dhutane,

Kang ingutus mring Ngalengka nagri,

Manggihi Sang Dewi,

Wre seta mapingul.

Page 33: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 33

Priksa Hanuman lan miyarsa kidunge, sanalika Dewi Sinta lan

Trijatha, ngungun! Panggalihe banjur sumelang lan sanggarunggi,

pangudasmarane : “Trijatha! Wanara apa iki, kok nyedhak-nyedhak karo

ngidung? Api-api ngerti marang aku sarta marang lelakone Pangeran Rama.

Aja-aja wanara iki sesinglone si candhala Rahwana, nedya nindakake apus-

krama maneh Trijatha?”

Trijatha : “Mengko ta wanara seta, sira iku sapa lan saka ngendi

pinangkamu, banjur nduwe karep apa dene bisa lumebu ing Taman

Argasoka kene?

Ngrungu pitakone wanudya kang leladi marang Dewi Sinta iku,

Hanuman wangsulan kanthi trapsila anor-raga mangkene : “Dhuh Sang

Dewi, kula menika dhuta gusti kula Raden Raghawa dene nami kula

Hanuman. Wondene kula ngantos dumugi ing taman Argasoka punika, labet

kula kedah saget pinanggih kaliyan Gusti ayu Rekyan Sinta”. Balik kula

pitaken, menapa leres mriki menika taman Argasoka kadhaton Ngalengka?

Dewi Sinta : “Dhasar kepara nyata Hanuman, ya aku iki garwne

Pangeran Rama kang cinidra dening Rahwana, kang dipapanake ana ing

Argasoka iki. Pancen ingsun ya wis ngrungu warta saka telik raseksa ana

wanara dhutane Sang Ramadewa, ndikakake nemoni ingsun. Lan sumurupa

wanudya kang leladi marang aku iki Trijatha, atmajane putri Sang Harya

Wibisana”.

Trijatha : “Ya ya Anoman, aku Trijatha.”

Dewi Sinta : “Aja kaduk ing ati kajeron panampa ya Anoman,

anane aku rada cubriya, sabab nalika aku didhusta dening Rahwana biyen,

uga diapus-krama kanthi memba kaki-kaki pikun njaluk pangan merga

keluwen. Nanging wekasane ingsun digawa mabur ngliwati samodra

jembar, Hanuman! Ing jagad iki mung ana titah loro kang bisa ngliwati

samodra, yaiku dewaning angin lan Garudha. Saliyane loro kuwi ora ana

kang bisa ngliwati samodra. Mulane mokal yen mung salamaking wanara

bisa ngliwati samodra jembar kang klebu wewengkon Ngalengka iki?!”.

Page 34: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 34

Hanuman banjur maju lan nyembah kanthi patrap susila anor-raga,

nerusake anggone matur : “Dhuh Sang Dewi! Paduka mugi sampun

kagungan panggalih was-sumelang. Estu-estu kula punika dinuta dening

Sang Rajaputra Ayodya, gusti kula Sang Raghawa. Kawuningana Sang

Dewi!, raka paduka Sang Raghawa sapunika andhedhepok wonten ing

wukir Malyawan, kaprenah ing sakidulipun redi Resyamuka, utawi

saeleripun wukir Windya.”

“Raka paduka Raden Raghawa punika sapunika memitran kaliyan

Sang Kapindra Sugriwa. Lan dhawuh kawula ndikakaken dados dhuta, Sang

Dewi. Wondene minangka tandha-yekti, gusti Rama inggih garwa paduka,

maringaken kagunganipun “singsim” dhateng kawula, supados kacaosaken

dhateng paduka Sang Dewi. Mila sumangga gusti Dewi, wontena

kaparengipun penggalih paduka karsa nampi singsim puniki.”

Hanuman ngaturaken singsim, janeng nglajengaken atur malih :

“Adhuh Sang Dewi!, raka paduka raden Rama saha yayi paduka Raden

Laksmana, badhe tumunten rawuh ing Ngalengka ngirit wadyabala wanara,

mrajaya Rahwana sakwadyabalanipun. Kawuningana Sang dewi!, samangke

wadyabala wanara sampun samekta ing yuda, badhe nyirnakaken mengsah.

Hawit saking punika, paduka sang Dewi kawula aturi ngentosi kanthi

sabaring panggalih, lan tansah ngreksoa dhateng kawilujengan paduka.

Kalawau nalika paduka nguman-uman pun Rahwana, manah kawula

saklangkung uwas, jalaran kiyambakipun sampun ngasta pusaka candrasa

badhe katamakaken dhateng paduka sang Dewi!?”.

Dewi Sinta : “Ya ya Anoman, Jawata isih ngayomi marang ingsun!”.

Hanuman : “Sang Dewi! Gusti kula Sang Raghawa sampun

prasetya badhe nyirnakaken si keparat Dasamuka ing madyaning palagan,

jiwanipun minangka kangge panebusing dosanipun anggenipun ndhusta

paduka”. Mila lajeng sumangga sang Dewi, kawula aturi welinga punapa

kemawon dhateng kawula, ingkang kedah kawula aturaken dhateng sang

rajaputra Ramadewa, mumpung boten wonten raseksa ingkang jagi.”

Midhanget ature Hanuman, Dewi Sinta banget karenan ing

panggalihe, pangandikane : “Anoman, mara majua mrene! Banget suka-

Page 35: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 35

renaning penggalihingsun ketekan sira. Cundhakamanikingsun iki aturna

gustimu Pangeran Rama karo nawala iki, minangka tandha onengingsun

marang panjenengane. Welingingsun marang sira, Hanuman, panjenengane

aturana pamrayoga supaya kersa dhahar lan sare, aja tansah mangun-kung,

lan aja nglelantur panggalih sungkawa jer ingsun wis uninga karsane. Wis

Hanuman, mungiku piwelingisun, lan sira dak keparengake bali mring

ngarsane gustimu Pangeran Rama.

Hanuman sendika ngestokake dhawuh, banjur nyedhak Dewi Sinta

nampani nawala lan cundhamanik. Sawise nyembah lan pamitan madal

pasilan tumuli oncat saka ngarsane Sang Dewi, kanthi leganing ati,

pangudasmarane : “Ya mangkene iki dhuta utama kang utama kang pantes

ingalembana, sawise mungkur saka ngarsane Dewi Sinta banjur mangkene :

“Yoh sawise ketemu Sang Dewi Sinta, saiki apa kang kudu dak tindakake?

Supaya jenengku tambah misuwur!? Taman Argasoka iki taman kang

banget jembare? Iki dak obrak-abrike! Wit-witan dak bedholane! Manawa

ana kang ora narimakake marang aku, dak sirnakake!”

Sawise nggagas mangkono, Sang Ramadayapati tumuli cancut tali-

wanda banjur wiwit mbedholi wit-witan ing sajrone taman, karo sesumbar :

“Endi raseksa sing jare ngaku digdaya? Mara gage metua tandhingana

dhutane Pangeran Rama!?.”(Sastrohardjono, 2013: 50-68, kanthi kabesut

saprelune).

Video carita wayang kulit lakon anoman dhuta uga isa dipirsani ing ling:

1. https://www.youtube.com/watch?v=TThnpBJJ_xg

2. https://www.youtube.com/watch?v=TlHozuq2tY4

3. https://www.youtube.com/watch?v=fcvYun2JE8w

4. https://www.youtube.com/watch?v=LtEcTw-nIh4

A. RANGKUMAN

Wayang kulit purwa yaiku wayang kang asal critane saka crita Ramayana lan

Mahabarata. Tembung wayang iku saka tembung wod “yang” kang nduweni

teges layang, dhoyong, puyeng, reyong, kang nduweni teges: tansah obah, ora

Page 36: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 36

tetep, samar-samar lan sayup-sayup. Suwe-suwe tembung wayang nduweni

teges tontonan wayang lan sabanjure dadi seni pentas wewayangan utawa

wayang. asal-usul utawa mula bukane wayang yaiku saka tanah Jawa utawa

asli saka tanah Jawa, kang durung cetha yaiku kapan wayang kuwi dipentasake

dening dhalang, kapan wiwitane ngganggo gamelan pelog utawa slendra,

kapan nduweni sumber crita saka Ramayana lan Mahabarata. Sabanjure crita

wayang purwa, kajaba minangka tontonan uga ngemot tuntunan, tatanan, lan

makna-makna filosofis kang nggambarake uriping manungsa saka purwa-

madya-wasana.

Page 37: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 37

DAFTAR PUSTAKA

PUSTAKA

Kamajaya. 1985. Tiga Suri Teladan, Kisah Kepahlawanan Tiga Tokoh Cerita

Wayang. Yogyakarta: U.P. Indonesia.

Kasnadi & Sutejo. (2010b). Kajian Prosa Kiat Menyisir Dunia Prosa.

Yogyakarta: Pustaka Felicha.

KURIKULUM 2013 Muatan Lokal Bahasa Jawa SMP/SMPLB/MTs Provinsi

Jawa Tengah

Mulyono, Sri. 1979. Wayang, Asal-usul, Filsafat dan Masa Depannya. Jakarta.

PT. Gunung Agung.

Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra DjawUa. Batavia: J.B. Wolters’

Uitgevers Maatscappij N.V Groningenn

Poespadiningrat, Pronodjoe. 2005. Nonton Wayang dari Berbagai Pakeliran.

Yogyakarta. PT. Kedaulatan Rakyat.

Priyantono dan sawukir. 2014. Marsudi Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs

Kelas VII. Jakarta: Erlangga.

Prabowo, Dhanu Priyo, dkk. 2007. Glosarium Istilah Sastra Jawa. Yogyakarta:

Narasi.

Sastrahardjana. 2013. Carita Ramayana. Sukoharjo: CV. Cendrawasih Asri.

Satoto, Soediro. 2012. Analisis Drama dan Teater. Yogyakarta: Ombak.

Sulaksono, Djoko. 2012. “Penggunaan Nama Dari Dunia Pewayangan”. Makalah

pada Prosiding Seminar Nasional Pendidikan Budaya di Sekolah dan

Masyarakat yang diselenggarakan atas Kerjasama Pusat Studi Budaya,

Kawasan, dan Lingkungan Hidup LPPM UNY dengan Fakultas Bahasa

dan Seni UNY. Yogyakarta, 27 November 2012. ISSN 978-979-562-026-

6.

Sulaksono, Djoko. 2016. Seputar Budaya Jawa. Surakarta: Lembaga Penjaminan

Mutu Pendidikan UNS.

Soetardjo, Iman. 2010. Kajian Budaya Jawa. Surakarta: Jurusan Sastra Daerah.

FSSR UNS.

Supadjar, Damardjati. 1985. Etika dan Tatakrama Jawa Dahulu dan Masa Kini.

Yogyakarta: Javanologi.

Page 38: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 38

Tim Penulis Sena Wangi. 1999. Ensiklopedi Wayang Indonesia. Jakarta: Sena

Wangi.

Walujo, Kanti. 2000. Dunia Wayang: Nilai Estetis, Sakralitas, dan Ajaran Hidup.

Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

EPUSTAKA

Gambar wayang Sinta: https://wayang.wordpress.com/2006/10/26/sinta/

Gambar wayang Dewi Sayempraba: https://blog.hadisukirno.co.id/dewi-

sayempraba/

gambar Wayang Bathara Narada: http://corojowo.blogspot.co.id/2008/12/bathara-

narada-patih-ing-suralaya.html

gambar wayang Wilkathaksini:

http://tokohwayangpurwa.blogspot.co.id/2009/09/wilkataksini.html

gambar wayang Dasamuka :http://caritawayang.blogspot.co.id/2015/05/rahwana-

Dasamuka.html)

gambar wayang Anoman: http://www.asia-culture.net/2015/03/gambar-wayang-

wayang-ramayana-2.html)

Tomaskura, Ki Gilang. 2015. Anoman Duta. (dalam:

https://www.youtube.com/watch?v=TThnpBJJ_xg)

Nugroho, Seno. 2017. Anoman Duta. (dalam

https://www.youtube.com/watch?v=TlHozuq2tY4)

Asmoro, Ki Purbo. 2015. Anoman Obong.

(dalam:https://www.youtube.com/watch?v=fcvYun2JE8w)

Axel, Ki. 2017. Anoman Duta. (dalam:

https://www.youtube.com/watch?v=LtEcTw-nIh4

Page 39: URAIAN MATERI KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANAppg.spada.ristekdikti.go.id/pluginfile.php/31218/mod_label/intro...Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]

| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 39