3
PERSONAL NON RESMI Sugeng Enjing Keparenga kula badhe ngandharaken warta. Bilih wonten dinten Kemis Pon,….. sampun kalampahan adicara Campur Sari wonten ing TVRI Jawa Timur, kanthi pengisi adicara inggih menika saking Sanggar Bharada Unesa. Adicara dinten menika kalampahan kanthi lancer. Saperangan lagu ugi dilagukaken dening selvi, rerik, eni, lan pambayun. Adi cara menika sae, amargi saged nuwuhaken karaosan remen dhateng lagu-lagu jawi. Menika kala wau warta saking kula.

wicara pawarta

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: wicara pawarta

PERSONAL NON RESMISugeng EnjingKeparenga kula badhe ngandharaken warta.Bilih wonten dinten Kemis Pon,….. sampun kalampahan adicara Campur Sari wonten ing TVRI Jawa Timur, kanthi pengisi adicara inggih menika saking Sanggar Bharada Unesa. Adicara dinten menika kalampahan kanthi lancer. Saperangan lagu ugi dilagukaken dening selvi, rerik, eni, lan pambayun. Adi cara menika sae, amargi saged nuwuhaken karaosan remen dhateng lagu-lagu jawi.Menika kala wau warta saking kula.

Page 2: wicara pawarta

MASSAL RESMISugeng Enjing para pamirsa.Pepanggihan malih kaliyan kula/ Henindhar Amroh wonten adicara warta 2014 C. Mugi panjenengan tansah pinaringan karaharjan, kabegjan, saha kasarasan saking Gusti kang Maha Agung. Wonten dinten Kemis kliwon wulan Oktober warsa 2015 menika, kula ngaturaken pawarta kanthi topik “Ngrembakakaken Budaya Jawi Lumantar Campursari” Adicara campursari sanggar bharada/ jurusan pendhidhikan basa lan sastra jawi universitas negeri Surabaya/ mentas malih wonten TVRI Jawa timur dinten kemis pon wulan oktober warsa 2015. Adicara menika/ dipunwiwiti tabuh 6 sore ngantos 7 wengi. Campursari menika dipunpentasaken wonten adicara Campursari TVRI jawa timur, nanging/ ingkang tampil ing wanci menika mahasiswa – mahasiswa saking jurusan pendhidhikan basa lan sastra jawi universitas negeri surabaya (UNESA).

Cak Momon kaliyan Cak Pendhik minangka pranata adicara pambuka. lajeng adicara kawiwitan tembang ingkang dipuntembangaken dening mbak Rerik, lajeng tembang kangen dipuntembangaken dening mbak Selvy Sandrawati. Salebeting adicara menika ugi wonten fragmen kanthi irah-irahan Jaka Tarub. Cariosipun/ “Jaka Tarub” pepanggih kaliyan dewi Nawang Wulan wonten sendhang banjur Jaka Tarub kaget amargi Dewi Nawang Wulan menika arupi banci. Wonten salebeting carios, ingkang dados paraga inggih menika/mas welly dados joko tarub, hadi/dados dewi Nawang Wulan, lajeng wonten Mas Joko kaliyan mas Faizal dados kanca saking Joko Tarub. salajengipun fragmen menika/ wonten tembang malih ingkang dipuntembangaken dening mbak Selvy kanthi tembang “Kanggo Kowe”/ kaliyan ingkang kaping pungkasan dipuntembangaken dening mas Pambayun kaliyan mbak Eni, inggih menika tembang “Jamu Pegel Mlarat”.

Adicara campursari wonten TVRI menika/ kathah para masyarakat ingkang mirsani, ugi mahasiswa kaliyan para dosen jurusan pendhidhikan basa lan sastra jawi kados bapak Sukarman minangka pangarsanipun jurusan pendhidhikan basa lan sastra jawi, wonten Pak Yohan Susilo, Pak Latif Nur Hasan, Pak Okto, Bu Lis ugi Bu Yunita.

Adicara campursari sanggar bharada menika/dipunlampahi kanthi lancar lan gayeng amargi adicara menika kathah ingkang purun nyengkuyung. Adicara menika sae, amargi saged nuwuhaken karaosan remen dhateng lagu-lagu jawi.

Pawarta menika/ dados pungkasan wonten adicara warta 2014 C. kula/ Henindhar Amroh ngaturaken agunging samudra pangaksami bilih wonten kalepatan anggen kula matur /ugi tindak tanduk kula ingkang kirang mranani panggalih panjenengan sedaya. sugeng midhangetaken adicara salajengipun. Mugi rahayu ing sami pinagih.

Nuwun, sugeng enjing.