ANALISIS TINDAK TUTUR IKLAN KOMERSIAL BAHASA
JAWA WONTEN RRI SEMARANG WARSA 2010
SKRIPSI
NETTY FAJARWATI
NPM 06430170
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
i
ANALISIS TINDAK TUTUR IKLAN KOMERSIAL BAHASA
JAWA WONTEN RRI SEMARANG WARSA 2010
SKRIPSI
Kaaturaken kangge njangkepi salah satunggaling syarat nggayuh gelar
Sarjana Pendidikan ing IKIP PGRI Semarang
Dening
NETTY FAJARWATI
NPM 06430170
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2010
ii
ABSTRAK
Netty Fajarwati. NPM: 06430170. Analisis Tindak Tutur Iklan Komersial BasaJawa Ing RRI Semarang Warsa 2010. Skripsi. Fakultas PendidikanBahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. Tahun 2010. Pembimbing I,Dra. H.R. Utami, M.Hum, Pembimbing II Totok Yasmiran,S.S.
Kata kunci: Analisis Tindak Tutur, Iklan komersial
Rumusan masalah ini adalah bagaimana tindak tutur iklan komersialbahasa Jawa di RRI Semarang Taun 2010. Tujuan yang akan dicapai penulisanskripsi ini adalah untuk mengetahui tindak tutur dari iklan komersial yangterdapat pada RRI Semarang.
Metode yang digunakan yaitu metode kualitatif, pendekatan yangdigunakan yaitu pendekatan kualitatif, jadi data yang dikumpulkan berupa narasi,tidak ada sempel. Lalu penggunaan metode deskriptif yaitu menjabarkan datayang ada, diobjek penelitian melalui teknik analisis yang dugunakan untukmenganalisis tindak tutur iklan.
Metode selanjutnya yaitu metode studi pustaka yaitu pencarian data atausemua informasi menyangkut penulisan skripsi ini dari semua peralatan yang adadi perpustakaan, yaitu buku, petikan iklan, dan lain-lain. Tidak hanya itu sajapenulis juga menggunakan metode analisis tindak tutur iklan, seperti yang terlihatdi judul skripsi ini, adapun pembagian tindak tutur ada 3 macam, yaitulokusi,ilokusi dan perlokusi.
Sumber data dari penelitian ini ialah dari iklan komersial yang di siarkandi PRO2 fm RRI Semarang, dan data-data yang dibutuhkan yaitu kalimat-kalimatyang mengandung unsur-unsur analisis tindak tutur iklan komersial.
Teknik pengumpulan data yang digunakan pada penelitian ini yaitumelalui metode mendengarkan atau simak dan catat, metode simak yaitu penelitimengumpulkan data dengan cara mendengarkan iklan komersial yang ada diPRO2 fm, lalu metode catat yaitu mencatat data yang mengandung unsur tindaktutur iklan komersial.
Data yang sudah terkumpul dianalisa menggunakan analisis kualitatifyang bersifat menggambarkan keterangan data dari petikan iklan komersialtersebut, kemudian data yang sudah terkumpulkan dan sudah dianalisis dilaporkandalam wujud transkip data.
iii
SARIPATI
Netty Fajarwati. NPM: 06430170. Analisis Tindak Tutur Iklan Komersial BasaJawa ing RRI Semarang Warsa 2010. Skripsi. Fakultas Pendidikan Bahasadan Seni. IKIP PGRI Semarang. Tahun 2010. Pembimbing I, Dra. H.R.Utami, M.Hum. Pembimbing II, Totok Yasmitan, S.S .
Tembung Wos : : Analisis atindak tutur, Iklan Komersial
Rumusan perkawis inggih punika kados pundi tindak tutur iklan komersialbasa jawa di RRI Semarang. Ancas ingkang dipun capai ing panyeratan skripsimenika kangge mangertosi tindak tutur iklan komersial wonten RRI Semarang.
Metodhe ingkang dipunginakaken inggih punika metode kualitatif,pendekatan ingkang dipun ginakaken inggih punika pendekatan kualitatif, dadosdata ingkang dipun kempalaken arupi narasi, boten wonten sempel. Lajengpengginaan metode deskriftif inggih punika jabaraken data ingkang wonten, ingobjek paneliten punika lewat teknik analisis ingkang diginakaken kanggenganalisis tindak tutur iklan.
Metode salajengipun inggih punika metodhe stadi pustaka inggih punikamadhosi data utawi sedaya data informasi gegayutan kaliyan panyeratan skripsipunika saking sedaya piranti ingkang wonten ing perpustakaan, inggih punikabuku, petikan iklan,lan sapanungalipun. Boten arupi metodhe punika mawon ,panyerat skripsi ugi ginakaken metodhe analisis tindak tutur iklan, kadostaingkang katingal ing judul punika, pembagian tindak tutur punika dipun panthadados 3 werni, inggih punika lokusi, ilokusi, lan perlokusi.
Sumber data saking paneliten punika saking pethikan iklan komersialingkang wonten ing PRO2 fm RRI Semarang, lan data- data ingkang dibetahakeninggih punika tembung – tembung ingkang ngandhut unsur-unsur analisis tindaktutur iklan komersial.
Teknik pengempalan data ingkang dipun ginakaken kangge paneliteninggih punika lumantar metodhe mirengaken utawi simak lan catat, metodhesimak inggih punika paneliti ngempalaken data kaliyan cara mirengaken pethikaniklan komersial.
Data ingkang sampun dipun kempalken lan dipunanalisis ginakakenanalisis kualitatif ingkang sifatipun gambaraken keterangan data saking petikaniklan komersial kasebat, lajeng data ingkang sampun kempal lan sampundipunanalisis dipun laporaken arupi wujud transkip data.
iv
PASARUJUKAN
Kula minangka pambimbing I lan pembimbing II mahasiswa Progdi
Pendidikan dan sastra Jawa IKIP PGRI Semarang :
Nama : Nety Fajarwati
NPM : 06430170
Fakultas : Fakultas Pendidikan Bahasa Seni/Pendidikan Bahasa
Sastra Jawa
Mratelakaken bilih Skripsi mahasiswa kasebat sampun dipunsarujuki
lan sampun saged kalangsungaken pendadaran skripsi.
Semarang, Juni 2010
Pembimbing I, Pembimbing II,
Dra. HR.Utami, M.Hum Totok Yasmiran,S.S
NPP.906301071 NPP.
Nguningani,
Ketua Program Studi Baea Jawa
Dra. HR. Utami, M.Hum
NPP. 906301071
v
PENGESAHAN
Skripsi irah- irahan “ Analisis Tindak Tutur Iklan Komersial Basa Jawi
warsa 2010 wonten RRI Semarang” dipun serat dening Netty Fajar Wati
sampun dipunajukaken wonten panitia ujian skripsi Fakultas Pendidikan
Bahasa dan Seni IKIP PGRI Semarang, ing:
Dinten :
Titi Mangsa :
Panitia Ujian
Panyitra
Dra.Sri Suciati, M.Hum. Dra. HR. Utami, M. Hum.
NIP. 196503161990032002 NPP. 906301071
:
1. Dra.HR.Utami, M.Hum.
NIP 906301071 (________________)
2. Totok Yasmiran, S.S
NIP (________________)
3. Kustri Sumiyardana, S.S
NIP 197402262002121001 (________________)
vi
SESANTI LAN PISUNGSUNG
Sesanti
Sira aja mateni semangat jiwane
Kanthi getir kang nlonkra
Lan ugi nguripaken
Khanthi pangarep- arep kosong
Alon- alon waton kelakon
Ajining Raga Saka Busana, Ajining diri saka lathi
Pisungsung
Bapak lan ibu ingkang
kula tresnani, ingkang
sampun maringi
pitutur,makna gesang,
tresna lan welas asih
Pepujaning manah kula
ingkang asring paring
semangat lan motivasi
ingkang wonten papua
{{mas sodik}
Kanca- kanca kelas 8 D
ingkang kula tresnani
Diah kurnia wati ingkang
tansah dados kanca
sejati kula.
vii
ATUR CECELA
Puji syukur Alhamdulillah konjuk wonten ngarsa Allah SWT ingkang
sampun paring rahmat lan kanugrahan, saengga panyerat saged mungkasi
skripsi punika kanthi sae.
Ancas panyerat laporan panaliten punika kangge ngandharaken
babagan analisis iklan komersil basa Jawi wonten RRI Semarang Warsa 2010,
skripsi punika kangge njangkepi salah satunggaling syarat mungkasi program
sarjana Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Pendidikan Bahasa
dan Seni, Institut Keguruan dan Ilmu Pendidikan PGRI Semarang.
Skripsi punika kadhapuk awit saking pambiyantunipun sedaya pihak
ing kalodhangan punika kula kapareng ngaturaken agunging panuwun,
ingkang tanpa upami kaaturaken wonten ngarsanipun ingkang kinurmatan.
1. Ibu Dra. H.R Utami, M.Hum minangka Kaprodi Bahasa lan Sastra
Jawa,Ugi pembimbing I ingkang sampun kersa paring ijin panyeratan
skripsi.
2. Bp. Totok Yasmiran.S.S. minangka pembimbing II, ingkang sampun
kersa paring piteda saha bimbingan pramila skripsi punika saged
karampungaken.
3. Bpak saha ibu kula ingkang tansah kula tresani lan tansah menehi doa
ingkang tulus.
4. Kanca- kanca Mahasiswa IKIP PGRI Semarang mliginipun
Mahasiswa Program Studi bahasa Jawa, inkang sampun paring
panjurung ngantos skripsi punika karampungaken.
5. Sedaya pihak ingkang sampun mbiyantu panyerat nalika ndamel
skripsi punika, ingkang boten saged kasebataken setunggal mbaka
setunggal.
6. Anca-kanca kelas Dhe ingkang tansah kula tresnani
viii
Wusana panyerat mangertosi bilih surasa ing skripsi punika taksih
kathah kekiranganipun. Panyerat ngajeng- ngajeng panyaruwenipun kangge
sampurnaning skripsi punika lan supados dados perkawis ingkang saged wonten
mupangatipun kangge panyerat lan sedaya ingkang maos skripsi punika.
Semarang, Juni 2010
Panyerat
ix
DAFTAR ISI
IRAH-IRAHAN ............................................................................................. i
ABTRAKSI.................................................................................................... ii
SARIPATHI................................................................................................... iii
PASARUJUKAN........................................................................................... iv
PENGESAHAN ............................................................................................ v
SESANTI LAN PISUNGSUNG.................................................................... vi
ATUR CECELA ............................................................................................ vii
DAFTAR ISI.................................................................................................. ix
BAB I PURWAKA........................................................................................ 1
A. Landhesan Pamilihing Irah- irahan ............................................... 1
B. Momotaning Prekawis ................................................................... 3
C. Ancas ing Panaliten ....................................................................... 4
D. Mupangating Panaliten.................................................................. 4
E. Panegesing Tembung..................................................................... 4
F. Tatarakiting Panyeratan ................................................................. 6
BAB II LANDHESAN TEORI...................................................................... 8
A. Pragmatik....................................................................................... 8
B. Tindak Tutur .................................................................................. 14
C. Iklan .............................................................................................. 16
D. Tindak Tutur Selebeting Iklan....................................................... 19
E. Radio ............................................................................................. 20
F. Jinis-jinis Tindak Tutur ................................................................. 21
G. Basa .............................................................................................. 21
H. Ragam Basa ................................................................................... 22
I. Iklan Komersial ............................................................................. 22
BAB III METODHE PANALITEN............................................................... 24
1. Pendhekatan Panaliten................................................................... 25
2. Sasaran Panaliten........................................................................... 25
3. Objek Panaliten ............................................................................. 25
4. Sumber Dhata ................................................................................. 26
x
5. Teknik Pengempuling Data ........................................................... 26
6. Teknik Analisa Data....................................................................... 26
BAB IV ANALISIS IKLAN KOMERSIAL BASA JAWA ING RRI
SEMARANG WARSA 2010 ........................................................ 28
A. Tindak Tutur Iklan Komersial Basa Jawi ing RRI Pro 2 FM
Semarang ................................................................................ 28
1. Srongpas kapsul ............................................................... 28
2. Piring Lombok ................................................................ 28
3. Strongpas Kapsul vs Nyalip ............................................ 29
4. Bodrek Flu Batuk ............................................................ 30
5. Procol .............................................................................. 30
6. The Ratu .......................................................................... 31
7. Konidin ............................................................................ 31
8. Teh Gopek ....................................................................... 31
9. Vitamin IPI ...................................................................... 32
10. Suzuki Spin ................................................................... 33
11. Marina ........................................................................... 33
12. Biocel ........................................................................... 33
B. Tindak Tutur Iklan Komersial Ingkang Ngandut Implikatur
Pacelathon Ing Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM .. 34
1. Direktif ............................................................................ 34
2. Deklaratif ......................................................................... 40
C. Faktor Ingkang Ndadosaken Penganggining Implikatur ing
Salebeting Basa Iklan Produk ing Radio Republik Indonesia
(RRI) Pro 2 FM ..................................................................... 43
D. Faktor Efektivitas Produk ...................................................... 45
BAB V PANUTUP ........................................................................................ 48
A.Dudutan ................................................................................... 48
B. Pamrayogi............................................................................... 49
DAFTAR PUSTAKA
LAMPIRAN
1
BAB I
PURWAKA
A. Landhesan Pamilihing Irah-Irahan
Basa minangka sarana ingkang wigati lan utami ing pagesangan amargi
boten gampil kita pahami tegesipun lan maksud saking pratelanipun tiyang
sanes, mila satunggaling prabedan baku, pepenginganing basa menika kedah
jumbuh sedaya aspek bidang pagesangan kaliyan sedaya babagan ingkang
menghayati, mengagumi, lan ngraosaken lan pemikiran kaliyan tiyang saged
mengertosi tiyang sanes menawi sampun nelakaken mawi basa, punapa punika
lisan utawi seratan. Basa inggih punika system symbol ungel utawi wicara
minangka piranti segolonganing manusia kangge nelakaken raos lan pikir
(Wibowo, 2000:3)
Awit saking pikajengan murih lumampahing sesambetan kaliyan tiyang
sanes, menika ingkang njalari basa boten saged dipunpisahaken ing
pagesanganipun manungsa. Kanthi mekaten manungsa boten saged uwal
saking basa, amargi wigati fungsi ing salebeting pagesangan katingal saking
media utawi sarana ingkang dipunginakaken kangge ngasilaken basa.
Ngginakaken basa saged salebeting kalih werni ragam basa inggih punika
ragam basa lisan lan basa seratan. Jinis basa lisan inggih punika basa ingkang
ngasilaken pretelan ingkang dipun lafalaken kanthi piranti ucap (organ of
speech) minangka unsur kangge unsur dasar. Ugi jinis basa seratan inggih
2
punika basa ingkang ngasilaken manfaat seratan ugi aksara kangge unsur
dasar (Sugono, 2002:114).
Kangge piranti komunikasi, basa kedhah saged ngewrat pengraos lan
pikiring panutur, kaliyan saged mujudaken wontenipun pangertosan antawis
panutur utawi panyerat kaliyan pamireng utawi pamaos, Manungsa saged
sesambetan sae ing salah satunggaling basa, menawi tiyang kasebat nguwaosi
sistem basa menika. Sampurna utawi mboten, basa ingkang dipun ginakaken
kangge piranti komunikasi umum, kedah dipun tamtokaken kanthi
sampurnaning sistem utawi pranatan basa saking bebrayan (Santoso, 1990:1).
Salah satunggaling kadadosan kebahasaan ingkang asring kita
mirengaken inggih punika iklan wonten ing radio. Iklan ing radio nggadhahi
ancas informasi. Sistem giyaran, ing radio benten kaliyan sistem giyaran
wonten ing TV, amargi ing radio namung suwanten, boten gambar ingkang
saged ningali pundi kemawon. Babagan menika giyaran iklan mboten
namung gegayutan kaliyan pemberian informasi,sahingga kedah dipun damel
kados mekaten arupi kekhasan lan persuasive,
Faktor sosial ingkang katingal saking perangan iklan makili para penyiar
RRI Semarang. Profesi penyiar kedah kangge saged nguwaosi multi bahasa
ingkang sae kanthi pasif lan aktif. Pramila mekaten, penyiar kedah nggadhahi
dwibahasawan, amargi bebrayan pamireng RRI Semarang kathah ingkang
ngginakaken basa Jawi, mila babagan cultural dados tetimbangan menawi
damel iklan, sahingga wonten salah satunggaling ingkang rumaos langkung
jumbuh. Kangge nelakaken perkawis ing salebeting iklan ing RRI Semarang
3
gadhahi faktor situasional, iklan menika ngandharaken pamireng radio kaliyan
sasaran inggih punika para iklan dadosaken iklan kasebat sae amargi
dhasaripun bebrayan pamireng radio kasebat ugi ginakaken basa Jawi kangge
komunikikasi saben dinten. Faktor sosiokultural lan situasional kasebat
tumrap pengiklan kangge ginakaken informasi, kadosta wonten ing pemisahan
tembung ingkang jumbuh kaliyan kaidah gramatikal.
Pragmatik wiwitanipun dipunginakaken dening filosof kawentar Morris
( 1938). Miturut Morris ing salebeting Rustono ( 1999 : 4) menawi istilah
pragmatik menika kalebet ilmu semiotik. Morris merang cabang ilmu semiotik
dados tiga konsep dasar, inggih punika Sintaksis, Smantik, lan Pragmatik.
Simantik nyinaoni gegeyutan formal antawis tanda, Semantik nyinaoni
gegayutan antawis tanda lan objek. Prakmatik naliti gegayutan antawis tanda
lan penafsiran.
B. Momotaning Perkawis
Saking landhesan pamilihing irah-irahan, mila saged dipunrakit momotan
perkawisipun paneliten inggih punika kados pundi tindak tutur iklan
komersial basa Jawi wonten ing RRI Semarang.
1. Kados menapa ingkang dipun wastani tindak tutur iklan komersial basa
Jawi ing RRI Semarang?
2. Punapa ingkang saged katitik saking basa iklan komersial ing RRI
Semarang?
4
C. Ancasing Panaliten
Ancasipun panaliten inggih punika saged ngandharaken lan mangertosi
tindak tutur iklan komersil basa Jawi ing RRI Semarang.
D. Mupangating Panaliten
Mupangating panaliten saged maringi tambahan teoritis punapadene
praktis.
1. Mupangat Teoretis
Mewahi kawruh lan babagan iklan komersial wonten ing RRI
semarang, mila paneliti ngadhahi kekarepan mangertosi wawasan lan
pangertosan ingkang langkung kangge pamaos perkawis kode etik iklan
ingkang saged dipun tampi tuwin saged urun kangge pangrembanganing
linguistik mliginipun perkawis tindak tutur.
2. Mupangat Praktis
Kangge mewuhi khasanah wujud iklan komersial abasa jawa. saha
kangge pamaos perkawis seluk beluk campur kode salebeting iklan
komersial wonten ing RRI Semarang.
E. Panandhesing Tembung
Supados pamaos saged mangertosi kanthi cetha lan boten kedadosan
pangertosan ingkang benten saking irah-irahan skripsi punika, lajang badhe
dipunjlentrehaken pangertosan ingkang gegayutan kaliyan irah-irahan skripsi,
inggih punika :
5
a. Iklan
Ingkang dipunwastani iklan inggih punika sedaya sarana komunikasi
ingkang ngginakaken lan nyebar luasaken pesen-pesen iklan. Kaliyan
prinsip jenisipun media iklan ing salebeting wujud fisik kaperang dados
kalih katagori inggih punika media iklan cetak lan media iklan elektronik.
Media cetak inggih punika media statis lan pesen visual ingkang
ngasilaken saking proses percetaan. Media cetak inggih punika salah
satunggiling dokumen sedaya babagan perkawis rekaman kedadosan
ingkang ngewahi tembung, gambar foto lan kangge tuladha layang
pawartos, majalah tabloid, brosur, pamflet, poster. Media elektronik inggih
punika media ingkang proses kerjanipun adhedhasar prinsip elektronik lan
elektromagnetis. Tuladhanipun televisi, radio, internet. Media punika
wonten kategori kalih inggih punika media luar ruangan (papan iklan
utawi billboard).
Iklan inggih punika wujud komunikasi ingkang dipun kajengaken
kangge paring panjurung pumrap tiyang ingkang badhe tumbas lan
nawakaken satunggaling produk utawi jasa, kangge merbawanitiyang
kahah, mimpangaken panyengkuyunging bebrayan kangge mikir utawi
tumindak, jumbuh kaliyan pepinginanipun tiyang ingkang masang iklan
(Pattis,1993:3).
b. Basa
Chear ( 2004:1) mretelakaken bilih basa mujudaken piranti kangge
komunikasi lan piranti interaksi ingkang namung dipungadhahi manungsa,
6
mila punika, saged dipun pretelakaken bilih titah ingkang gesang
sanesipun boten gadhahi basa kangge piranti komunikasinipun.
c. Iklan Komersial
Iklan komersial inggih punika iklan ingkang ngadhahi ancas paring
bebatehen, iklan komersial limprahipun ngginakaken basa persuasif,
supados bebrayan ketarik lan keprebawan dening iklan ingkang dipun
pitontonaken utawi dipun mirengaken. Pemasang iklan gadhahi
pikajenaken barang utawi jasa ingkang dipun tawekaken kedah dipun
tumbas utawi dipun manfaataken dening bebrayan, sahingga pemasang
iklan angsal asil utawi bebathen.
F. Tatarakiting Paneliten
Tatarakiting panyeratan skripsi punika kaperang dados tiga, inggih
punika perangan wiwitan, perangan isi lan perangan pungkasan.
Perangan wiwitan ngewrat babagan irah-irahan, kaca pasarujukan,
wonten ing Bab I landhesan anggenipun milih irah-irahan, kalajengaken
momotaning prekawis, ancasing panaliten, mupangating panaliten,
panandhesing tembung lan tatarakiting panyerating skripsi.
Bab I purwaka ngantos pawadan pamilihing irah-irahan, kalajengaken
momotan prekawis, ancas panaliten, mupangat panaliten, panandhesing
tembung. Kawruh ingkang dipunanut dening panaliti kangge mbedhah
momotan. Pramila wonten ing Bab II badhe kababaraken teori ingkang
7
nyakup tindak tutur salebeting iklan komersial basa Jawi ing Radio Republik
Indonesia (RRI) Semarang.
Kados pundi anggenipun badhe nglampahi panaliten, punapa kemawon
racikanipun ingkang badhe kaandharaken ing Bab III, inggih punika
methodologi panaliten. Andharanipun nyakup metode panaliten, pendekatan
paneliten,sasaran paneliten,objek paneliten,sumber data, teknik pangempalan
data,lan analisis data. Asil panaliten inggih punika kababaraken ing Bab IV,
inggih punika kanthi nyakup analisis tindak tutur salebeting iklan komersial
basa jawi ing Radio Republik Indonesia (RRI) Semarang. Bab V Panutup
minangka purnaning panaliten ingkang andharan nyakup dudutan, pamrayogi
lan kapustakan saking panaliten punika.
Perangan pungkasan ngemot babagan kapustakan lan lampiran-lampiran.
8
BAB II
LANDHESAN TEORI
A. Pragmatik
Pragmatik inggih punika linguistik sesambetan antawis bahasa lan
konteks. Istilah Pragmatik awalipun diginakaken kangge filosof kenamaan
Endaswara (2008: 116) menawi istilah pragmatik menika berwawasan bilih
karya sastra kangge produk ingkang nawekaken paninggalan,panyarwe
kekarepan lan langkah- langkah kangge mencapai bebrayan ingkang sae.
Miturut Nurgiyantoro (2009: 312) pragmatik asring dipun sebat sebage
factor penentu ingkang justru luwih namtokaken wujud pacelathon. Faktor-
faktor menika antawisipun wujudipun situasi pacelathon ingkang
kalampahan,tiyang-tiyang ingkang terlibat perkawis punika ingkang dipun
rembag,papan panggenan pacelathon lan sakpanunggalipun.
Morris ( 1938). Miturut Morris ing salebeting Rustono ( 1999 : 4) menawi
istilah pragmatik menika kalebet ilmu semiotik. Morris bagi cabang ilmu
semiotik dados tiga konsep dasar, inggih punika Sintaksis, Smantik, lan
Pragmati. Simantik nyinaoni gegeyutan formal antawis tandha, Semantik
nyinaoni gegayutan antawis tanda lan objek, Prakmatik mengkaji gegayutan
antawis tanda lan penafsiran.
Levinson ing salebeting Tarigan ( 1990: 33) neranggaken pragmatik
inggih punika telaah mengeti relasi antawis basa lan konteks ingkang dasar
kangge salah satunggaling cathetan utawi laporan pemahaman basa, menawi
telaah ngenggingi kajagedan pangangening basa nggayutaken kanthi
9
nyelarasaken ukara-ukara lan konteks-konteks kedah jumbuh lan leres.
Kajian ingkang wigati ing salebeting pragmatik inggih punika tindak tutur.
Perkawis punika sami kaliyan pemanggihing Rustono (1999-31-32) tindak
tutur utawi ungel mujudaken entitas ingkang sifatipun sentral ing salebeting
prakmatik.
Parker (1986) nggadhahi wawasan bilih pragmatik inggih punika
kajian ngengingi kadospundi basa dipun ginakaken kangge komunikasi.
Teori prakmatik sampun kathah dipun ginakaken dening para ahli
basa kangge naliti perkawis konteks, mila jumbuh kaliyan tema ingkang dipun
pendhet ing peniliten punika ,inggih punika ngengingi prakmatik mliginipun
tindak tutur iklan komersial.
Mey ( 1993 : 5 ) bilih pragmatik inggih punika ilmu ingkang nyinaoni
basa ing salebeting gegayutan kaliyan penutur langkung jelas batesan bidang
punika, ugi menehi pangertosan bilih pragmatik nyinaoni basa kangge
pagesangan bebrayan kangge kebetahan lan kemampuanipun, pragmatik boten
saget uwal saking penganggining basa ing salebing pagesangan bebrayan
saben dinten. Basa lan pengangginipun dadosaken ciri utami telaah pragmatik.
Miturut Leech ing salebeting Rustono ( 1999 :1 ) Prakmatik inggih
punika studi gegeyutan kaliyan makna ujaran ing salebeting situasi-situasi
tartamtu babagan makna ing salebeting lingkunganipun kangge situasi ujar.
Miturut Gumawarman ing Rustono ( 1999 :2 ) Pragmatik anyakup 4
pangertosan, ingkang (1) Pragmatik inggih punika kajian ingkang sesambetan
antawis tanda ( lambang) lan penafsiran, (2) Pragmatik inggih punika kajian
10
gegayutan hubungan kaliyan basa lan konteks,(3) Pragmatik inggih punika
kajian ingkang gegayutan ing salebeting basa lan konteks ingkang dados
dhasar saking pangertosan babagan pemahaman basa, (4) Pragmatik inggih
punika kajian ingkang gegayutan kesagedan ngginakaken basa kangge
jumbuhaken ukara kaliyan konteks sahingga ukarapunika leres dipun
ucapaken utawi dipunlafalaken.
Saking pemanggih ing nginggil punika saged kadudut bilih Pragmatik
inggih punika ilmu basa ingkang nyinaoni kagunaanipun basa utawi ujaran
iklan kosmetik ,iklan obat, iklan minuman, lan sapanunggalipun. Gegayutan
kaliyan paneliten punika, panelitn nganalisis salah satunggaling jinis iklan
inggh punika iklan komersial.
Menawi iklan layanan masyarakat iklan nonkomersial inggih punika
iklan ingkang boten madosi bebathen tumrap pemasang iklan, Ingkang
gadhahi ancas inggih punika nyukani informasi, panerangan, pendidikan,
kangge bebrayan ing salebeting lelados lan nggadhahi sifat mbujuk
dhumateng bebrayan kangge ndherek berpartisipasi tumprap iklan ingkang
dipun andharaken.
Miturut Kasali ( 1993: 123 ) mila media penyampaian lan ancasipun, saged
dipun kajlentrehaken kados ing ngandhap menika.
a. Iklan Adhedhasar Media Penyampaian
1) Iklan audio
Iklan ingkang lumantar media audio inggih punika iklan ingkang
sifatipun auditif, tuladhdanipun iklan ing salebeting radio. Radio
11
nggadhahi jangkauan selektif dhumateng segmen pasar tartamtu. Ing
salebeting bebrayan agraris, ingkang nggadhahi jangkauan ingkang
wiyar, radio saged mangsuli kebetahan bebrayan lumantar iklan.
Kangge media komunikasi,radio ngadhahi pinten-pinten kakiyatan
antawisipun (1) njangkau khalayak ing wekdal ingkang sami, (2)
terpencil,(3) langkung rikat anggenipun ndumugekaken pesen
sahingga nyukani informasi ingkang mutakhir, (4) saged ngawekani
pepalang geografis, ingkang dereng dipun gadhahi bebrayan ( Kasali,
1993 :123 )
Iklan ing Radio ngalami kamajengan ingkang sae, amargi radio
salah satunggaling piranti komunikasi ingkang langkung kathah dipun
gadhahi tiyang, tiyang nganggep bilih iklan langkung kathah dipun
mirengaken dening para konsumen. Kemajengan iklan ing radio
menika njalari saben acara mesthi dipun selingi iklan
2) Iklan Visual
Iklan Visual inggih punika iklan ingkang saged dipun tinggali
lumantar paningal. Tuladhanipun inggih punika iklan ingkang dipun
tayangaken ing televisi utawi ingkang wonten ing media cetak ingkang
saged dipuntinggali lan dipun waos, mila iklan visual punika bilih
saged dipun wicantenaken ing tabloid, kalawarti lan ariwarti.
3) Iklan Audio Visual
Iklan Audio Visual inggih punika iklan ingkang dipun
pitontonaken ing televisi lan bioskop. Iklan jinis punika langkung sae
12
lan narik kawigatosan amergi anggenipun mitentremake sae lan
gesang. Iklan menika dados gesang amergi dipunsarengi kaliyan
swanten lan gambar, sahengga cetha dipun tinggali.
Iklan ing televisi swasta mujudaken sunber wragad baku, bilih
mekaten televisi swasta asring mitontonaken iklan ing setiap
adicaranipun, anangging kathah ugi iklan ingkang kirang ndidhik
bebrayan amergi merbawani bebrayan nggadhahi penggalih konsumtif.
4) Iklan Media Cetak
Ingkang dipunwastani medi cetak inggih punika media massa,
tuladhanipun media cetak ingkang mligi dipunterbitaken dening humas
perusahaan, Iklan ing salebeting media cetak pemasangganipun
kedhah dipun jumbuhaken kaliyan ruang ingkang dipun sedhiyakaken
ing salebeting media cetak kasebat,ing media cetak penempatanipun
iklan dipun terapaken ing 7 faktor inggih punka:
a) Milimeter perkolom
b) Larik
c) Kacanipun
d) Werna utawi petahak cemenggipun
e) Display utawi Biyasa
f) Bisnis utwi keluarga
g) Iklan layanan masyarakat
b. Iklan Adhedhasar ancasipun
Iklan menika dipun bentenaken dados iklan ingkng sipatipun komersial
utawi iklan non komersial ( Liliweri, 1992: 44).
13
1) Iklan Komersial
Iklan komersial inggih punika iklan ingkang gadhahi ancas
supados angsal bebathen. Iklan komersial limprahipun ginakaken basa
persuasive supados bebrayan kapilut lan kaprebawan kaliyan iklan
ingkang dipun tayangaken.
2) Ikalan non komersial
Iklan non komersial inggih punika iklan ingkang gadhahi ancas
boten kangge madosi bebathen Iklan non komersial punika saged
dipunsebat iklan layanan masyarakat. Kados iklan pendidikan, iklan
kesehatan, ikalan lingkungan, polotik pemerintahan, penghematan
listrik, KB Mandiri, lan Sosial. Ing salebeting iklan umum lan kangge
iklan mini, inggih punika iklan ingkang limrahipun nggadhahi judul “
pangertosan”.
3. Ikalan Adhedhasar Media Ingkang DipunGinakaken
Media inggih punika wujud komunikasi ingkang dipun ginakaken
kangge nyampekaken pesen sponsor utawi iklan ( Pattis, 1993 : 19 ).
Iklan menika miturut Pettis dipun pontho dados kalih, inggih punika
iklan ingkang ginakaken media cetak lan iklan ingkang ginakaken
media elektronik.
Iklan ingkang ginakaken media cetak ginakaken asas penyewaan
“Ruang” kangge nyaluraken pesen produkipun, media cetak ingkang
limprahipun ginakaken kangge sarana penyampaian iklan, inggih
punika kalawarti, majalah, iklan luar (Outdoor advertising).
14
B. Tindak Tutur
Penutur bahasa Jawi kedah tiyang Jawi ingkang tegesipun sak saenipun
para penutur basa Jawi inggih punika suku bangsa ingkang wonten ing
Indonesia ing nyatoaken kaliyan semangat “nation state” salah satunggaling
gambaran imajinatif ngagem basa Indonesia, tiyang sunda wicanten ngagem
basa Indonesia, tiyang Madura wicanten ngagem basa Indonesia, basa Melayu
kangge lingual franca lan semangat nasionalisme ngadhepi Endarswara
(2008: 116)
Tindak tutur inggih punika samukawis ingkang nyata dipun lampahi
nalika tiyang wicanten runtut ingkang saged mertelakake kangge ngusung
fungsi tertamtu (Seaarle, 1969; Edmonson. 1981) tindak damel tuturan kangge
pamireng utawi pamaos ing salebeting konteks tertamtu (Allan, 1998; Austin
1975: 109).
Tindak tutur menika dipun bentenaken dados tiga inggih punika tindak
lokusi,ilokusi lan per lokusi. Tindak tutur lokusi inggih punika tindak tutur
ingkang mratelakake ing salebeting ujaran, tindak tutur perlokusi arupi tindak
tutur ingkang ngasilaken kajian menika fokus kaliyan tindak ilokusi
pemanggihipun (Searle, 1979) ingkang momot gangsal werni inggih punika
tindak asertif, merektif, ekspresif, lan deklaratif (Allan, 1998) saben tindak
ilokusi luwih selang satunggal daya ilokusi basa Indonesia ing salebeting tata
kebudayaan Indonesia, inggih punika sumber satunggaling wawasan ingkang
dadosaken tiyang nampi gejala ontologis bebrayan penutur nampi kesadaran
berbahasa nasional dipun lampahi kanthi sadar ing katentuan lan
15
kebermaknaan (kosmologis), kanthi menika minangka ing salebeting pasinaon
basa Jawi kaliyan realitas (system of reality lan sistim makna system of
meaning). Kalih sistem menika ingkang saged ngrujuk ing pemahaman
pendekatan kita bahasa Jawa wakdal menika sampun arupi agen perubah
social dados perubahan cara kerja (Tuladhanipun saking pertanian dhateng
industri, ngewahi caranipun gesang piyambakipun).
Tindak tutur saged kapendhet dudutanipun ingggih punika wicanten
kaliyan tiyang sanes, tuladhanipun sami-sami siswa lingkungan bahasa Jawi
tamtunipun otomatis ginakaken bahasa Jawi, amargi njumbuhaken kaliyan
lingkungan, minimal saking tigang stratifikasi basa inggih punika basa ngoko,
basa krama, lan karma inggil kaliyan staf kasebat boten saged timbul alih kode
lan campur kode salebeting proses pitutur ing salebeting basa jawi.
Tindak tutur ngrupakaken dasar kangge analisis topik-topik prakmatik
sanes, kayata peranggapan,perikutan, implikatur pacelaton, prinsip-prinsip
kerjasama, prinsip kesantunan lan sakpiturutipun.( Rustana,1999 :3).
Tindak tutur utawi ujar ugi dipun defisinikan miturut fungsi psikologi lan
sosial ing sak jabanipun wacana ingkang kadadosan, tindak tutur punika
nyakup (1) ekspresi situasi psikologi ( tuladhanipun : ngucapaken matur
nuwun, nyuwun pangapunten) lan tindak sosial kadosta ngarui prilaku tiyang
sanes( tuladhanipun ngemotaken, mrentah ), utawi damel kontrak ( kayata:
janji, nyukani asma) ( Ibrahim, 1993:109).
Gegeyutan teori-teori ingkang dipun andharaken kaliyan para ahli , saged
dipun simpulaken bilih tindak tutur ing salebeting panelitian inggih punika
16
tuturan ingkang dhuweni ancas menehi informasi, arupi gagasan, ide/pendapat
kangge nyiptakaken salah satunggaling kesepakatan ing salebeting bertutur
kangge nyapai ancas sesarengan antawis penutur lan mitra tutur.
C. Iklan
Ingkang dipun wastani iklan inggih punika sedaya sarana komunikasi
ingkang ginakaken lan nyebar luasaken pesen-pesen iklan. Kaliyan prinsip
jenisipun media iklan ing salebeting bentuk fisik di poro mlebu kalih katagori
inggih punika media iklan cetak lan media iklan elektronik, media cetak
inggih punika media statis lan pesen visual ingkang ngasilaken saking proses
perceta, media cetak inggih punika salah satunggiling dokumen nginggil
sedaya babagan perkawis rekaman kedadosan ingkang ngewahi tembung,
gambar foto lan kangge tuladha layang pawartos, majalah tabloid, brosur,
pamflet, poster. media elektronik inggih punika media ingkang proses
kerjanipun adhedhasar prinsip elektronik lan elektromagnetis. Tuladhanipun
televisi, radio, internet. Media punika wonten kategori kalih inggih punika
media luar ruangan (papan iklan utawi billboard).
Dharmanesta lan Irawan (2001:349) Iklan inggih punika arus informasi
utawi persuasi salah satunggaling arah ingkang di ginakaken kangge ngajak
tiyang utawi organisasi kangge mujudaken pertukaran ing salebeting
pemasaran. Ancasipun ingkang utami iklan inggih punika menei informasi,
kaprebawan lan mbujuk pelanggan sasaran perkawis pemasaran lan bauran
pemasaran. Ugi migatosaken persiapan utawi sarana iklan supados menapa
17
ingkang dipun karepaken perusahaan saged jumbuh kaliyan sasaranipun lan
efisien.
Teori komunikasi kasebat dados landhesan amrih kasiling strategi iklan
ingkang dipunlampahi industri punapa kemawon, teori punika gamblang
sinten ingkang ngirim pesen kanthi cara menapa lan kangge sinten iklan
punika, kadospundi kasilipun komunikator inggih punika perusahaan eceran
ingkang ngirim pesen ingkang piyambaipun kepengin badhhe nampi
konsumen sasaran ingkang sae, pesen ingkang ngajeng-ajeng nampi konsumen
saged arupi sekedar program iklan ingkang langsung saking periode tertamtu
kanthi hadiah tertamtu utawi arupi pesen ingkang langkung alus. Media
ingkang dados target inggih punika konsumen ingkang dados sasaran program
pemasaran saking perusahaan menika, umpan balik inggih punika respon
saking konsumen kaliyan pesen ingkang nawekaken. Kejawi menika, iklan ugi
saged dikagolongaken saking bauran promosi inggih punika saking
pemasaran.
Miturut Suprayoga (2006: 18) periklanan boten gegayutan kaliyan
pangertosan informasi. Periklanan kedhah kadamel sae supados narik minat
bebrayan, orisional, ugi gadhahi karakteristik tartamtu lan persuasif sahingga
konsumen utawi bebrayan secara sukarela dhuweni pikajengan kangge
nglampahi salah satunggaling tindakan jumbuh kaliyan punapa ingkang dipun
pikajengaken.
American Marketing Association, (2001:199) Iklan inggih punika
perangan saking promosi asalipun tembung iklan saking basa latin inggih
18
punika adverte (advertising) inggih punika to run toward. Sasaran promosi
saged dipun tindaaken saking pembelian. Promosi mboten kemawon mung
diasmani produsen lan konsumen ananging kosok wangsulipun lewat media
kadosta media massa (Koran, majalah, radio lan televise).
Iklan inggih punika saben wujud komunikasi ingkang dipun maksudaken
kangge menehi motivasi tiyang pembeli potensial lan mempromosikan
penjual salah satunggaling produk utawi jasa, kangge menehi pengaruh
kangge publik lan memenangkan dukungan publik kangge berfikir utawi
bertindak sesuai kaliyan kekerepan tiyang ingkang masang iklan
(Pattis,1993:1).
Iklan inggih punika salah satunggaling proses komunikasi ingkang
isinipun pesen-pesen penawaran produk lan jasa ingkang dipun sampekaken
produsen lewat media tartamtu ing wujud informasi ingkang persuasive
(Liliveri, 1992:20).
Ing salebeting Kamus Besar Bahasa Indonesia ( 1993: 322), Iklan
gadhahi 2 werni pangertosan inggihpunika:
a) Berita Pesanan ( kangge dorong membujuk) kaliyan khalayak perkawis
benda lan jasa ingkang dipun tawaraken.
b) Pangertosan kaliyan khalayak perkawis barang utawi jasa ingkang dipun
sade. Dipun pasan wonten ing media masa ( kadosta kalawarti lan
majalah) lan media elektronik.
Gegayutan pangertosan punika kasimpulaken dene iklan salah
satunggaling sarana ingkang mpromosikaken kangge tiyang, perusahaan,
19
kelompok, utawi lembaga pemerintahan kangge nyampekaken pesen-pesen
ingkang gadhahi sifat persuasif kangge bebrayan lan gadhahi ancas madosi
keuntungan lan ginakaken media masa kadosta televisi, radio,Koran lan
majalah.
Iklan inggih punika saking bahasa arab I’lan ingkang tegesipun
menginformasikan. Iklan inggih punika salah satunggaling wujud komunikasi
ingkng dumados saking informasi lan gagasan perkawis salah satunggaling
produk kanthi sesarengan supados angsal tanggapan ingkang sae ( Sudiana,
1986:1) Iklan miturut bahasa Inggris inggih punika Advertisment arupi wujud
komunikasi massa komersial ingkang karancang kangge mromosekaken
barang utawi jasa utawi pesen saking salah satunggaling lembaga, organisasi,
ugi saged saking tiyang kandidat ing salebeting kampanye politik, menawi
periklanan ing salebeting basa inggris inggih punika tiyang pemasang iklan
(pengiklan ) ingkang bayar jasa ing salah satunggaling media massa utawi
penyiar iklanipun ( Suhandang, 2005 :13).
Periklanan miturut Kamus Istilah Periklanan Indonesia inggih punika
Pesen ingkang dipun bayar lan gadhahi ancas mbujuk konsumen kangge
nglampahi tumbas ing barang utawi jasa punika ( Naradi,1996:4).
D. Tindak Tutur Salebeting Iklan
Tindak tutur inggih punika perkawis ingkang kanthi nyata dipunlampahi
nalika tiyang wicanten urut ingkang saged mratelakaken kangge ngusung
fungsi tertamtu (Seaarle, 1969; Edmonson. 1981) tindak damel tuturan kangge
20
pamireng utawi pemaos ing salebeting konteks tertamtu (allan, 1998; Austin
1975: 109).
Dharmanesta lan Irawan (2001:349) Iklan inggih punika arus informasi
utawi persuasi salah satunggaling arah ingkang di ginakaken kangge paring
ajakan dhumateng tiyang utawi organisasi kangge ciptakaken pertukaran
ingsalebeting pemasaran. Ancasipun ingkang utami iklan inggih punika
paring informasi, menei merbawani lan mbujuk sarta ningkataken pelanggan
sasaran perkawis pemasaran lan bauran pemasaran. Ugi migatosaken
persiapan utawi sarana iklan supados menapa ingkang dipun kajengaken
perusahaan saged jumbuh kaliyan sasaranipun lan efisien.
Tindak tutur ing salebeting iklan inggih punika salah satunggaling cara
wicanten ingkang dipunpitontonaken secara tartamtu lan menarik, dipun
ginakaken kangge nepangaken salah satunggaling ingkang sipatipun nyade
salah satunggaling barang utawi jasa , barang kasebat dipun karepaken saged
dipun tepangaken sacara jumbuh lan detail, kaliyan pemireng utawi pemirsa.
Bilih iklan menika sipatipun wiyar nanging iklan komersial ingkang dipun
rembag inggih punika nyade barang utawi jasa lewat media elektrnik (radio ).
E. Radio
Moelion ( 1995: 808) negesaken bilih radio punika giaran suwanten
utawi bunyi lewat udara.
Radio inggih punika media masa ingkang paling ageng antawesipun
media sanes. Bilih sipatipun tasih lokal, kathah kalangan saking kinten-kinten
daerah, lan paling kathah ingkang ngremeni wonten media elektronoik sanes.
21
Radio ingkang sepindah ing Indonesia, ( Wekdal punika naminipun
Nederline indie – Hindia Belanda), wonten ing Batavia ( Jakarta wekdal
kepengker)
Zaman orde baru nganthi warsa 1966 RRI inggih punika satunggaling
radio giyaran ing Indonesia ingkang dipun remeni dening pemerintah, peran
fungsi radio dipun gatosaken dening pemerintah Indonesia, miturut kaum
awam radio punika saran informasi ingkang gadhai fungsi ingkang kathah
kangge bebrayan kangge menei informasi.
F. Jinis- jinis tindak tutur
Mojaraken salah satunggaling tembung saged katingal kangge
nglaksanakaken tindakan ngucapaken utawi mojaraken tuturan kasebat
(Gunarwan, 1994:43), gegayutan kaliyan ujaran, jenis tindak tutur ingkang
dipun agem wonten ing paneliten menika teori ingkang dipun agem Austin lan
Searle, Austin ( dalam leech terjemahan Oka,1993: 316) nyimpulaken 3 werni
tindak tutur inggih punika :Tindak tutur lokusi, tindak tutur ilokusi lan tindak
tutur perlokusi.
G. Basa
Chear ( 2004:1) mretelakaken bilih basa mujudaken piranti kangge
komunikasi lan piranti interaksi ingkang namung dipun ghadhahi manungsaa,
mila punika, saged dipun pretelakaken bilih makhluk ingkang gesang
sanesipun boten nggadhahi basa kangge piranti komunikasinipun.
22
Sumarsono ( 2007:18) mretelakaken bilih basa mujudaken system utawi
lambang ingkang arupi bunyi ingkang ghadhahi sipat sewenang-wenang (
arbitr ) ingkang dipun ginakaken dening angota-angota bebrayan kangge
ngawontenaken interaksi wonten bebrayan ageng. Wosipun ingkang dipun
sampekake Sumarsono langkung gamblangaken sesrawungan manungsa
dhateng manungsa sanesipun.
H. Ragam Basa
Hudson ( 1980:4) Mretelaken salah satunggaling wujud saking ragam
basa ingkang dipun ginakaken wekdal punika, bilih Suwito ( 1985:25)
mretelaken regester inggih punika variasi basa ingkang dipun sebabaken
amergi sifat-sifatipun khas kebutuhan ingkang dipun ginakaken .
Holliday ( ing Pujo Sudarmo, 1984: 30) mretelakaken wonten 3 jenis
ingkang saged dipun tamtoaken register inggih punika pemicara ( Field of
discourse), media pemicara (mode of discourse),lan gaya pemicara ( Style
discourse).
I. Iklan Komersial
Iklan komersial inggih punika iklan ingkang gadhahi ancas menei
keuntungan, iklan komersial biysanipun ginakaken basa persuasif, kedah
bebrayan tertarik lan terpengaruh kaliyan iklan ingkang dipun tayangaken
utawi dipun mirengaken. Kaliyan masang iklan pemasang iklan gadhahi
kekarepan barang utawi jasa ingkang dipun tawaraken kedhah dipun tumbas
23
utawi dipun manfaataken kaliyan bebrayan, sahingga pemasang iklan angsal
khasil utawi keuntungan.
Iklan komersial inggih punika iklan ingkang gadhahi ancas kangge
menei keuntungan. Iklan komersial limprahipun ginakaken bahasa persuasive
supados bebrayan kapilut lan kaprebawan kaliyan iklan ingkang dipun
pitontonaken.
Iklan komersial punika iklan ingkang ngandharaken jinis produk ingkang
ancasipun milut pamireng supados pamireng punika kapilut, lan tumbas
produk punika, amergi iklan komersial punika gadhahi ancas nyade barang
utawi jasa ingkang sekathah- kathahipun.
24
BAB III
METODE PANELITEN
Wonten ing panaliten punika metode ingkang dipunginakaken inggih punika
eksperimen ingkang dipun fokusaken tindak tutur iklan komersil ing RRI
Semarang. Amargi dipun ginakaken tindak tutur saking panaliten inggih punika
tindak tutur ingkang medal saking perkawis iklan komersil (Ricchiute, 1992)
Metode punika saged dipunginakaken kangge mangertosi tindak tutur.
wonten mriki panaliti minagka eksperimen kedah ngempalaken sedaya
kemampuan, pengetauhuan, lan ketrampilan nalika ngempalaken data, nyerat
sedaya fenomena ingkang dipun serat.
Wonten ing penelitian punika penyerat ugi ginakaken metode kualitaif,
pendekatan kualitatif inggih punika pendekatan ingkang gegayutan kaliyan data-
data ingkang boten arupi angka-angka ananging gegayutan kaliyan kulitas
wujudipun variabl ingkang wujudipun tuturan kangge data ingkang dipun
khasilaken awujut tembung-tembung ingksng kaserat utawi lesan perkawis sipat-
sipat individu, kadadosan, gejala, saking kelompok tartamtu ingkang dipun amati
(Moleong, 1994:4). Paneliti ginakaken pendekatan kualitatif amergi data
panelitian arupi wujud-wujud verbal basa, inggih punika arupi tuturan ing
salebeting wacana iklan basa Jawa ing Radio Republik Indonesia utawi rekaman
potongan iklan komersial warsa 2010 wonten ing Pro2 FM RRI Semarang.
Pratelan jenis tindak tutur ing salebeting paneliten dasaraken jenis tindak
tutur ingkang dipun andharaken Austin lan Searle. Austin ( ing Leech terjemahan
25
Oka, 1993:316) montho jenis tindak tutur dados tiga inggih punika jenis tindak
tutur lokusi, ilokusi, lan perlukusi.
1. Pendekatan panaliten
Saderengipun nindakaken analisis kedah dipun temtokaken rumiyin
pendekatanipun ingkang badhe dipun ginakaken supados gampil anggenipun
naliti. Gegayutan kaliyan panaliten, pramila kahanan metode dipun anggep
kangge pedoman utawi landhesan ingkang sae saking babagan ngempalaken
data utawi saking nglamphi analisis data sahingga saged maringi arah ingkang
sae. Wontenipun variabel ingkang dipunginakaken inggih punika ukara tindak
tutur saklebeting iklan komersil.
2. Sasaran panaliten
Sasaran panaliten inggih punika Tindak tutur inggih punika samukawis
ingkang kanthi nyata dipunlampahi nalika tiyang wicanten urut ingkang saged
mratelakaken kangge ngusung fungsi tertamtu (Seaarle, 1969; Edmonson.
1981) tindak damel tuturan kangge pamireng utawi pemaos ing salebeting
konteks tertamtu (allan, 1998; Austin 1975: 109).
3. Objek panaliten
Objek panaliten tegesipun babagan ingkang dipundadosaen pokok
andharan wonten salebeting panaliten. Pramila objek panalitenipun inggih
punika tindak tutur iklan komersil basa jawi ing Pro2 FM ing RRI Semarang
warsa 2010 punika.
26
4. Sumber data
Sumber data wonten panaliten inggih punika kempalan iklan komersial
basa Jawi 2010 Datanipun inggih punika pethikan ing salebeting kempalan
iklan komersial basa jawa ing RRI Semarang.
5. Teknik pengumpulan data
Teknik ingkang dipunginakaken wonten panaliten inggihpunika studi
pustaka, amargi panaliten punika sumber datanipun saking seratan kadosta
buku, kalawarti, lan kalawarti saengga dipunwastani teknik pustaka. Teknik
pustaka panaliti kanthi langsung maos wangsal-wangul ing sumber data
kangge maringi pangertosan babagan objek saengga pikantuk data-data
ingkang akurat lan trep mahami tindak turur iklan komersial basa Jawi, lajeng
sesampunipun dipunkelompokaken pethikan ingkang kakaandhut ing
salebeting tindak tutur salebeting iklan.
Wonten panaliten punika boten ngandharaken babagan unsur-
unsuripun ingkang wonten ing salebeting karya sastra, pramila wonten
panaliten menika boten wonten pangandharan kadosta tema, tokoh lan
penokohan, latar, alur, lan sudut pandang, ananging ngrembak babagan
tindak tutur salebeting iklan ingkang wonten salebeting RRI.
6. Teknik analisa data
Teknik analisa data inggih punika salah setunggaling cara ingkang
dipun ginakaken kangge mangertosi sapinten variabel ingkang ngaruhi
variabel ingkang sanes supados data ingkang dipun kempalaken kasebat saged
27
mupangat pramila kedah dipun olah utawi dipun analisis ingkang dipun
rumiyinaken saengga saged dipun dadosaken saking mendhet kaputusan.
Analisis ingkang dipun ginakaken salebeting panaliten inggih punika
analisis kualitatif. Metode analisis ingkang asifat nggambaraken katerangan-
katerangan lan panjelasan saking asil koefisien ingkang dipun tampi lan saged
dipun ginakaken kangge pedoman lan kangge nggambaraken panyarwe.
28
BAB IV
ANALISIS IKLAN KOMERSIAL BAHASA JAWA ING RRI
SEMARANG WARSA 2010
A. Tindak Tutur Iklan Komersil Basa Jawi ing RRI Pro 2 FM Semarang
Data ingkang wonten ing panaliten punika data ingkang kualitatif.
Sumber data panaliten inggih punika iklan komersil ing Radio Republik
Indonesia (RRI) Pro 2 FM awit wulan Mei – Juni 2010. Data ingkang
kapendhet arupi tindak tutur iklan komersil wujudipun pacelathon ingkang
ngandhut implikatur.
Data ingkang dipun teliti antawisipun kados ing ngandhap punika
1. STRONGPAS KAPSUL
X : “Wah, awan-awan kaya ngene, mempeng banget nyambut
gawene, apa ora pasa kang ?”
Y : “Awakmu kuwi su’udon, pasa ora kena kanggo alasan, kanggo
njaga kondisi ben tetep seger lan ora ketunggon yen nyambut
gawe, nyoh iki ombenen sakbubare buka utawa mangan sahur!”
X : “O…iki to pring cagak radio sing wis terkenal kuwi, aku tak
melu nyaba kang”.
2. PIRING LOMBOK
X : “Ibuk –ibuk sasi ngarep arisan ning ndi ki ?”
Y,Q : “Ning omahe ibuk wae “
X : “Ha…… ning omah ku meneh ?”
29
Y : “He,eh masakane kui lo sing ngangeni. ya semure, ya oseng
tempene, ayam bakare sedep kabeh, opo meneh sambele puedhes
mantep”
X : “Kui merga aku nganggo kecap lan sambel piring Lombok “
Y.Q : Ooooo
X ; “Mulane kabeh masakan ku dijamin enak “
Y : “Pantes Piring Lombok pancen wIs terkenal awit biyen”
X : “Wahhhh, Yen ngono aku rugi yen nganggo kecap lan sambel
liyane”
Y : “Mulane toh nganggo kacap lan sambel Piring Lombok wae mesti
cocok kanggo selerane dhewe”.
X : “Yen ngono aku ape nganggo kecap lan sambel Piring Lombok
wae”
Q : “Ya wis sasi ngarep arisan ning gonaku wae ya aku arep nganggo
sambel lan kecap Piring Lombok”.
Y,X : “Yaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaa”
3. STRONGPAS KAPSUL VS NYALIP
X : “Weh cung ngapa kok bungkuk- bungkuk ?”
Y : “Iki loh kang, aku yen kerja separo dina wis loyo yen wengi
kerjaku ya mung separo tur tanggi ku ya kangelan aku dadi isin
karo ibune kuncunge”
X : “ehhh, cung kaya aku iki loh senajan awan, bengi kerja ya mesti
full tenaga ku ya tetep strong”
30
Y : “Rahasiane apa kang?”
X : “Aku teratur ngombe srongpas kapsul, ngko rak dadi bapak
pucung nyekeli kadal, ngadek jejek langsung pancal. Pidale,
senajan sak awan ngebut yen wengi ya tetep ngebut. Buktekna
toh……..”
Y : “Tenan, sak wene ngombe srongpas ngebot tenan. Mangkat disilk
ya cung…..”
4. BODREK FLU BATUK
X : “Aduhhhh. Kenek flu, ( gebres) watuk- watuk maneh”
Y : “Loh, watuk’e kok ana grok-grok’e?”
Q : “Nah…. Saiki sampean kudu ngerti obat flu biyasa iku gak
cukup ngombeo obat flu lan watuk”
Y : “Mangkane gejala flu isa padha tapi watuke beda”,
Y : “Iyo, sakiki bodrek flu lan watuk ada dua macam”
Y,X,Q : “bungkus merah biru”
Q : “Bodrex flu dan batuk Bungkus merah biru kanggo ngobati
watuk tidak berdahak”
Y,Q,X : “Bungkus merah hijau”
Q : “Bungkus merah hijau kanggo ngobati batuk yang berdahak
sing enek grok- groke kui”
5. PROCOL
Y : “Hallo…..Pagi?”
X : “Hello, sayang sepurane ya mas ora isoa rana wengi iki”
31
Y : “Heh, sapa iki main sayang-sayangan. Bok pikir aku pacar mu
apa?”
X : “Koe dak ora kenal swarane mas mu iki?”
Y : “halah…... “
X : “aku iki mas joko calon bojomu”
Y : “E,e,e,e,e,e,e. rungakna ya aku ora sudi due calon bojo koyok
kue iki, swaramu cempreng kayak gelas pecah ngaca dhisik.Mas
joko iki swarane merdhu”
X : “Alah,aduh Sri Mas Joko iki lagi kenek flu irunge mampet”
Y : “Wis, lungga kana. Aku lagi nunggoni telfon saka Mas Jaka
saiki”.
X : “Ya Wis Sri, Mas tak ngombe Prokol disik, gen ilang flune tak
buktekne aku Mas Joko”
6. TEH RATU
X : “Bu, kuwi apa ta, aku entuk nyoba utawa ora?”
Z : “Entuk wae, iki lho Green Tea sing marakake kondisi bisa fit. Teh
Ratu uga diperkaya kalsium lan ana hadiahe bisa entuk mobil”.
7. KONIDIN
X : Uhuk, uhuk, (watuk)
Y : “Yen watuk aja lali, cepet ngombe Konidin, wis mesthi thokcer!”
8. Teh Gopek
X : “Mas Kus……..”
Y : “Apa?”
32
X : “Njenengan pengin dadi seniman gopek apa ora?”
Y : “Seniman gopek, Carane piye dhik drakula?”
X : “hahaha. ( gemujeng ) Carane ya ngunjuk bareng-bareng teh
gopek ngene iki mas, sedhap, nikmat, mantap dadi (Seniman)”
Y : “Wah teh gopek, sedhap, nikmat, mantap. seniman,waah…
Cocok, ning regane piye dhik?”
X : “O…Murah mas,rega-rega barang-barang liyane pada mundhak,
ning teh gopek mboten mundhak dadi murah”.
Y : “Wah-wah Ya yen ngono dadi seniman gopek wae, sedap,
nikmat, mantap. teh gopek hareee”,
Q : “Teh gopek sedhap, nikmat, mantap. Teh Gopek cocok kanggo
panjenengan ingkang remen ngunjuk teh kanthi rasa sejatining
teh, teh gopek sakmenika langkung murah”.
9. Vitamin IPI
X,Y,Q : “Satu botol isinya 50”
X : “Nah, sak botol isine 50 tabel, iku vitamin IPI”
Y : “Sehat itu bukan mimpi”
X : “Iya bener sehat itu bukan mimpi,mau sehat? Cukup minim
vitamin IPI akeh maceme akeh manfaate ana vitamin A, B1, B
12 B kompleks lan vitamin C”
Q : “Vitamin B komplek? Cek awake ora gampang kesel, awake
seger, ngombe ae vitamin B Kompleks IPI”
X : “Utawa perlu vitamin C gae nyegah sariawan ,panas dalam lan
jaga daya tahan tubuh, mimun vitamin C IPI”
33
X,Y,Q : “Satu botol isinya 50”
X ; “Iya, sak botol isine 50 tablet harganya terjangkau, mangkane
betul kan sehat iku bukan mimpi, kwpengin sehat? Cukupm
Minum vitamin merek nya IPI”.
10. SUZUKI SPIN
X : “Ahh, haahh, (gemujeng ), motor kuwi di tumpaki, ora
digandheng. Yen cewek kuwi, digandheng pantes! Ngapa kowe,
mogok ?”
Y : “Iya iki”.
X : “Mulane ganti kaya motorkku iki , iki lho SUZUKI SPIN, luwih
modis lan irit, lha wong wis ana Suzuki Spin kok motor kaya
ngono isih di enggo, kudune wis mlebu museum, wah ndesa
tenan”.
11. MARINA
X : “Dadi ayu lan mukamu kuwi lho, kok dadi luwih putih ?”
Y : “Iki amarga perawatan wajah MARINA UV White Face Care”
Y : “Pancen Marina Uv White Face Care ampuh tenan, aku arep
gnanggo Marina Uv White Face Care ah”.
12. BIOCEL
Z : “Bu Erva, Bu Nanik !!”
X : “Ssssstt, aja lali seven habit BIOCEL supaya kulit ketok luwih
enom”
Y : “Iya, seven habit BIOCEL awet enom aku”.
34
B. Tindak Tutur Iklan Komersil Ingkang ngandhut Implikatur pacelathon
Ing Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM
Peneliti ing salebting panyerat tindak tutur ingkang ngandhut
implikatur pacelathon basa iklan ing Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2
FM, tindak tutur dhasaraken ancas pangucapan (direktif, deklaratif, asertif,
komisif, ekspresif). Saking data ingkang kapendhet saged dipun mangertosi
menawi tindak tutur ingkang ngandhut implikatur percakapan saklebeting
iklan ing Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM ngginakaken kalih
tuturan, inggih punika direktif lan deklaratif. Babagan menika saged
dipunpahami awit kaliyan wujud tuturan inggih punika tuturan direktif lan
deklaratif iklan kangge menei informasi dumateng pamireng utawi konsumen
keunggulanipn produk ingkang dipun tawekaken lan nyuwun pamireng
kangge ngginakaken utawi tumbas produkipun.
1. Direktif
Direktif inggih punika tuturan ingkang ancasipun inggih punika
kangge tanggapan ingkang arupi tindakan saking mitra tutur.
Tuladhanipun ngaken, nyuwun, mrintahaken, lan ngajab. Saking data
ingkang wonten, dipun tingali 6 tuturan ingkang ngandhut implikatur
pacelathon ingkang wujudipun tuturan direktif, antawisipun inggih punika
a. KONIDIN
X : Uhuk, uhuk, (watuk)
Y : “Yen watuk ojo lali, cepet ngombe konidin, wis mesti tokhcer”
Z : “Watuk ngunjuk KONIDIN dong?”.
35
Tindak tutur wonten ing nginggil dipun lampahi tiyang wonten
pundi (Y) kados sampun nate mretelaken bilih obat ingkang efektif
ngobati gerah watuk inggih punika KONIDIN. Bab kasebat saget
dipun mangertosi saking tuturan (Y) ingkang kanthi langsung nanggepi
(X) ingkang nembe watuk. Tuturan wonten ing nginggil inggih punika
wujudipun tuturan direktif utawi panyuwunan. Tuturan kasebat
dipuntandai penganggening tembung dong ing salebeting tuturan bilih
watuk ngunjuk KONIDIN dong ! ingkang nandhesaken bilih penutur
nyuwun mitra tutur ingkang nembe watuk kangge enggal ngunjuk
KONIDIN.
b. TEH RATU
X : “Bu, kuwi apa to, aq entuk nyoba utawa ora?”
Y : “Entuk wae, iki lho Green Tea sing maraake kondisi bisa fit. Teh
Ratu uga diperkaya kalsium lan ana hadiae bisa entuk mobil”.
pacelathon ing ngnginggil mawi ilustrasi suanten penyanyi
dangdut terkenal Indonesia. Bab kasebat saged dipun tingali saking
tuturan (Y) ingkang kanthi langsung nanggepi kadadosan (Y) ingkang
menikmati teh ratu. Tuturan kasebat mengisyaratkan bilih (Y) nyuwun
(X) kangge segera ngunjuk teh ratu amergi ngertos (X) nembe
kemawon menikmati teh ratu.
c. VITAMIN IPI
X,Y,Q : “Satu botol isinya 50”
X : “Nah, sak botol isine 50 tabel, iku vitamin IPI”
36
Y : “Sehat itu bukan mimpi”
X : “Iya bener sehat itu bukan mimpi,mau sehat? Cukup minim
vitamin IPI akeh maceme akeh manfaate ana vitamin A, B1,
B 12 B kompleks lan vitamin C”
Q : “Vitamin B komplek? Cek awake ora gampang kesel,
awake seger, ngombe ae vitamin B Kompleks IPI”
X : “Utawa perlu vitamin C gae nyegah sariawan ,panas dalam
lan jaga daya tahan tubuh, mimun vitamin C IPI”
X,Y,Q : “Satu botol isinya 50”
X : “Iya, sak botol isine 50 tablet harganya terjangkau,
mangkane betul kan sehat iku bukan mimpi, kwpengin
sehat? Cukupm Minum vitamin merek nya IPI”.
Z : “Ampun kesupen ngunjuk VITAMIN IPI……….”
Pacelathon ing salebeting data punika dipunlampahi dening ibu
lan kalih putranipun. Pacelaton kasebat nedahaken bilih kekarepan ibu
supados putra-putrinipun dados putra ingkang pinter lan saklajengipun
ibu nyuwun putranipun ngunjuk Vitamin IPI. Data menika kakandhut
tuturan ingkang wujudipun tuturan direktif. Perkawis kasebat saged
katingal saking pengageman tuturan ampun kesupen ngunjuk Vitamin
IPI. Tuturan kasebat mlebet tuturan direktif, inggih punika penutur
nyuwun utawi menganjurkan mitra tutur supados kemotan ngunjuk
Vitamin IPI.
37
d. BODREK FLU BATUK
X : “Aduhhhh. Kenek flu, ( bersin ) watuk- watuk maneh”
Y : “Loh, watuk’e kok ana grok-grok’e?”
Q : “Nah…. Saiki sampean kudu ngerti obat flu biyasa iku gak
cukup ngombeo obat flu lan watuk”
Y : “Mangkane gejala flu isa padha tapi watuke bedha”,
Y : “Iya, sak iki bodrek flu lan watuk ada dua macam”
Y,X,Q ; “bungkus merah biru”
Q : “Bodrex flu dan batuk Bungkus merah biru kanggo
ngobati watuk tidak berdahak”
Y,Q,X : “Bungkus merah hijau”
Q : “Bungkus merah hijau kanggo ngobati batuk yang
berdahak sing enek grok- groke kui”
Z : “Cepat minim Bodrex. Dapat di minum sebelum makan,
sakit kepala hilang rijiki dating”.
Pacelathon wonten data punka dipun lampahi dening 2 tiyang
ingkang salah satunggalipun gadhahi peran dados tukang ojek lan
ingkang setunggalipun dados pelanggan.
Pacelathon wonten nginggil punika nyariosaken bilih ing wekdal
tukang ojek punika utawi (X) badhe ngaturaken (Y) ananging
dumadakan piyambakipun ngrasa sakit sirahipun, saklajengipun (Y)
sanalika anggepi kaliyan nyuwun (X) kangge ngunjuk BODREX.
Data punika gadhahi tuturan ingkang wujudipun tuturan direktif. Bab
38
kasebat saged katingal saking pengageman tembung cepat ing
salebeting tuturan Cepet minum BODREX dapat diminum sebelum
makan ,sakit kepala hilang rejeki datang. Tuturan kasebat dipun
tuturaken dening penutur sasampunipun ningali mitra tutur ingkang
nembe sakit sirahipun. penutur nyuwun mitra tutur supados enggal-
enggal ngunjuk BODREX.
e. SUZUKI SHOGUN dan SUZUKI SMASH
Y : “Wah edan tenan iki, ongkos transport sakwulan bisa kanggo
ngangsur, lan isih ana maneh!”
X : “Mulane ora usah diitung, tuku SUZUKI wis mesthi untung”.
Z : “Makanya, nggak usah di hitung, beli SUZUKI pasti untung”.
Pacelathon wonten nginggil punika dipun lampahi dening 2 tiyang.
(Y) tasih binggung amargi dereng gadahi kendaraan piyambak
sahingga namung ngandalaken angkot kangge mangkat nyambut
damel, lajeng kancanipun utawi (X) nyuwu kaliyan (Y) supados
tumbas motor SUZUKI amergi angsuranipun murah. Data 9 kapendhet
wonten tuturan ingkang wujudipun tuturan direktif. Bab kasebat saged
katingal saking pangganggining tembung makanya ing salebeting
tuturan Makanya nggak usah dihitung, beli SUZUKI pasti untung.
Tuturan kasebat dipun tuturaken dineng X ingkang nyuwun Y kangge
langsung tumbas motor SUZUKI boten sisah ngetang cicilanipun.
39
f. SUZUKI SPIN
X : “Ahh, haahh, (ketawa), motor kuwi di tumpai, ora digandeng. Yen
cewek kuwi, digandeng pantes! Ngapa kowe, mogok ?”
Y : “Iya iki”.
X : “Mulane ganti kaya motork ku iki , iki lho SUZUKI SPIN, luwih
modis lan irit, lha wong wis ana Suzuki Spin kok motor kaya
ngono isih di enggo, kudune wis mlebu museum, wah ndeso tena”.
Pacelathon wonten nginggil punika dipun lampahi kaliyan kaleh
tiyang. (Y) ingkang motoripun nembe mogok amergi sampun dangu
dipunsuwun (X) kangge gantos motoripun kaliyan motor ingkang
anyar. Data 10 kapendhet tuturan ingkang wujudipun tuturan direktif.
Bab kasebat saged katinggal saking pengganggening tembungipun
makanya ing salebeting tuturan Makanya ganti kaya punyaku ni, liat
ni SUZUKI SPIN, lebih gaya dan juga irit. Tuturan kasewbat dipun
tuturaken dening X sasampunipun ningali motor Y ingkang asring
mogok. Salajengipun X nyuwun Y supados nggantos motoripun
kaliyan motor ingkang anyar.
g. BIOCEL
Z : “Bu Erva, Bu Nanik !!”
X : “Ssssstt, ojo lali seven habit BIOCEL supaya kulit ketok luwih
enom”
Y : “Iya, seven habit BIOCEL awet enom aku.ingat”.
40
Pacelathon ing data punika wonten nginggil punika nyariosaken
bilih (X) ingkang mangertosi katah babagan produk punika nyuwun
(Y) supados ngangge BIOCEL lan mraktekaken supados mangertosi
mupangatipun. Data punika wonten tuturan ingkang wujudipun
tuturan direktif. Perkawis kasebat saged dipun tingali saking
panganggening tembung ingat. Tuturan kasebat dipun tujturaken
kaliyan (X) kangge nyuwun (Y) asring ngrawat pasuryanipun kaliyan
seven habit saking BIOCEL supados kulit pasuryanipun katon
langkung enem.
2. Deklaratif
Deklaratif inggih punika tuturan ingkang wujudipun kangge
giyaraken informasi boten ngangge ngarepaken respon saking mitra tutur.
Tuladhanipun mretelaken, martosaken, utawi saka pangertosan saking data
ingkang wonten, ing ngriki dipunpanggihaken 3 tuturan ingkang
wujudipun tuturan deklaratif, antawisipun inggih punika:
a. STRONGPAS KAPSUL
X : “Weh cung ngapa kok bungkuk- bungkuk?”
Y : “Iki loh kang aku yen kerja separo dina wes loyo yen wengi
kerja ku ya mung separo tur tanggi ku ya kangelan aku dadi isin
karo ibune kuncunge”
X : “ehhh, cung kaya aku iki loh senajan awan, bengi kerjo yo mesti
full tenaga ku ya tetep strong”
41
Y : “Rahasiane apa kang?”
X : “Aku teratur ngombe srongpas kapsul ko rak dadi bapak
pucung nyekeli kadal, ngadek jejek langsung pancal. Pidale,
senajan sak awan ngebut yen wengi ya tetep ngebut. Buktekno
toh…..”
Y : “Tenan, sak wene ngombe srongpas ngebot tenan. Mangkat
disilk ya cung…..”
Z : “Kanggo njaga kondisi ben tetep seger lan ora ketunggon yen
nyambut gawe, nya iki ombenen sakbubare buka utawa
manggan sahur”
Pacelathon ing data 1 dipun lampai kaliyan kalih tiyang wonten
pundi salah satunggaling tiyang punika (Z) sampun mangertosi macam
lan keunggulan produk punika. Data 1 wonten tuturan ingkang
kakandhut tuturan ingkang wujudipun tuturan direktif. Hal kasebat
saged katingal saking tuturan (Z) ingkang swantenipun Kanggo njaga
kondisi ben tetep seger lan ora ketunggon yen nyambut gawe, nyo iki
ombenen sakbubare buka utawa mangan sahur ingkang menei
pangertosan dateng pamireng bilih produk punika gadhahi mupangat
kesehatan.
Pachelaton wonten ing nginggil dipun lampahi dening tiyang.
Salah satunggalipun tiyang wonten pacelathon punika wonten
nginggil menehi pangertosan kaliyan kanca nipun bilih kehebatan
strongpas kapsul. Saklajengipun kancanipun menehi informasi bilih
42
sedaya punika khasilipun saking srong pas kapsul. Data kasebat
kakandhut tuturan ingkang wujudipun tuturan deklaratif. Tuturan
kasebat kalebet tuturan deklaratif amergi tuturan (Y) ingkang
swantenipun yen kerjo separo dino mesti loyo, yen mbengi kerjane
ming separo tur tangiku kangelan, aku dadi isin karo ibune kuncung,
ingkang gadhai maksud kangge menei informasi utawi menehi
pangertosan kaliyan (X) bilih ingkang damel (X) sehat, kuat inggih
punika Strong Pas Kapsul.
b. MARINA
X : “Dadi ayu lan mukamu kuwi lho, kok dadi luwih putih ?”
Y : “Iki amarga perawatan wajah MARINA UV White Face Care”
Y : “Pancen Marina Uv White Face Care ampuh tenan, aku arep
nanggo Marina UV White Face Care ah”.
Pacelathon wonten data punika dipun lampahi dening 2 tiyang.
Wonten pacelathon punika (Y) sampun buktekaken mupangat saking
produk punika lan menehi informasi kaliyan (X) perkawis hal kasebat.
Data punika kakandhut tuturan ingkang wujudipun tuturan deklaratif.
Tuturan Y kasebat mangertosi bilih Y menginformasikan utawi
menehi pangertosan kaliyan X bilih ingkang ndamel kulit
pasuryananipun dadosaken luwih pethak inggih punika MARINA UV
White Face Care.
c. LIFEBUOY SHAMPO
X : “Sapa sing ngerti, kenapa kutu kwi mati?”
43
X : “Ayo jawab!”
Z : “Sumpah bu, sanes kula bu, sumpah. Menawi ingkang mateni
kuman ketombe kula punapa ngertos bu, iku mesti Lifebuoy
Shampo anti ketombe, punapa leres bu. Kula Wantun dados
saksinipuhn. Iyo Lifebuoy Shampo anti ketombe”.
Pachelathon wonten nginggil punika dipunlampahi dening dwija
lan salah satunggaling muridipun. Ing salebeting pachelathon punika
murid namung ngagem lan pitados ing produk punika,Data punika
kakandhut tuturan ingkang wujudipun tuturan deklaratif. Tuturan kasebat
kalebet tuturan deklaratif amergi Z menginformasikan utawi menehi
pangertosan kaliyan X bilih LIFEBUOY inggih punika shampoo ingkang
efektif kangge ngicali ketombe.
C. Faktor Ingking Ndadosaken Pengginaan Implikatur Ing Salebeting Basa
Iklan Produk Ing Radio Republik Indonesia (RRI) Pro2 FM.
Implikatur wonten ing iklan komersil ing Radio Republik Indonesia
(RRI) Pro 2 FM inggih punika strategi iklan ingkang nawekaken produkipun.
pangganggining implikatur wonten iklan kaliyan pemasang iklan dipun
landhesi kaliyan pinten-pinten faktor, antawisipun inggih punika:
a. Faktor Ekonomi
Faktor ekonomi dipungatosaken sanget dening pemasang iklan
kangge nawaraaken produkipun supados enggal pajeng. Pemasang iklan
ing ginakaken tembung murah amergi mangertosi kawontenan ekonomi
44
bebrayan Indonesia ingkang nembe krisis lan sedaya barang ngalami
indhak-indhakan regi.Penagsan tembung murah kasebat saged menehi
pengaruh pamireng supados tumbas produk ingkang dipun tawekaken.
Tembung murah ugi dipuntandhesaken kaliyan tembung bangget ingkang
nedahaken bilih produk ingkang dipun tawekaken nggadhahi regi jual
ingkang langkung murah dipunbandhingaken kaliyan produk sanes
ingkang sajenis.
Pemasang iklan ugi nyobi ingkang nengsemaken konsumen sekathah-
kathahipun kaliyan nawaraken hadiah menarik bilih tumbas produk
punika, perkawis kasebat saged dipun tinggali saking tuturan murah.
Tuturan kasebat dipunginakaken dening pemasang iklan supados
dipunginakaken dening pemasang iklan, kayata kaliyan tumbas produk
punika konsumen saged gampil angsal produk punika langkung gampil.
Faktor ekonomi ingkang melatarbelakangi penganggining implikatur
ing salebeting iklan produk di Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM
ugi saged dipun tingali saking tuturan Makanya nggak usah dihitung
(Data 9), pemasang iklan berusaha narik konsumen kangge boten ragu–
ragu malih tumbas produk menika amergi pemasang iklan mangertosi
bebrayan asring madosi motor ingkang cicilanipun ringan.
b. Faktor Kabetahan Bebrayan
Pemasang iklan ing salebeting pemakaian implikatur ing Radio
Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM migatosaken sangget faktor kebetahan
45
bebrayan mliginipun ing zaman sapunika. Perkawis kasebat saged
katingal saking tuturan lebih gaya dan juga irit. Ing zaman sapunika
bebrayan menawi sampun bosen bentuk motor ingkang relatif sami
kaliyan bentuk motor sanes ingkang sejenis, sapunika pemasang iklan
ginakaken tuturan luwih gaya kangge nyakinaken pamireng utawi
konsumen bilih produk punika nggadhahi inovasi wujud motor ingkang
sanes kaliyan motor-motor sanesipun. Pemasang iklan ugi ginaaken
tembung irit amergi mangertosi bilih saat bahan bakar kendaraan bermotor
awis, bebrayan gadhahi pikajengan motor ingkang irit bahan bakaripun.
D. Faktor Efektivitas Produk
Faktor punika gegayutan kaliyan kados pundi pemasang iklan menyajikan
keefektifan produk ingkang dipun tawekaken lumantar implikatur wonten
Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM. Perkawis kasebat saged dipun
tingali saking tuturan:
a. “Yen watuk aja lali, cepet ngombe konidin, wis mesthi thokcer”
Pemasang iklan salebeting tuturan punika mbudidaya milut pamireng
utawi konsumen bilih kados-kadoskakandhut obat ing salebeting produk
punika menawi saget nyembuhaken gerah watuk. Ing salebeting perkawis
punika pemasang iklan ngajab supados konsumen tumbas lan tansah
kepengingan menawi watukipun enggal purna.
46
b. “Iya bener sehat itu bukan mimpi, vitamin IPI akeh maceme akeh
manfaate ana vitamin A, B1, B 12 B, kompkes lan vitamin C”
Tuturan wonten nginggil, pemasang iklan mbudidaya bujuk konsumen
bilih salah satunggaling produk punika ingkang damel putra pinter, kanthi
ngunjuk produk punika tamtunipun kaliyan kandung vitaminipun ingkang
kados-kados sampun kabekten mupangatipun. Perkawis kasebat saged
katinggal saking pengginaan tembung jangan lupa ingkang nedahaken
bilih kados-kados produk punika sampun teruji lan kabakten khasiatipun.
c. “saiki sampean kudu ngerti obat flu biasa iku gak cukup, ombeo bodrex
flu dan batuk”
Implikatur wonten nginggil punika nampilaken tuturan ingkang
seolah-olah produk punika sanget efektif ngobati gerah ing sirahipun.
Pemasang iklan ugi nampilaken tuturan dapat diminum sebelum makan
ingkang dipun ginaaken pemasang iklan kangge narik konsumen amergi
formula produk punika ingkang efektif meredakan gerah wonten sirahipun
lan menawi dipun unjuk produk punika boten nyebabaken nganrtuk.
d. “Pancen Marina Uv White Face Care ampuh tenan, aku arep nanggo
Marina Uv White Face Care ah”
Pemasang iklan ing salebeting tuturan wonten ing nginggil
mbudidaya ngandharaken bilih produk punika sampun teruji lan efektif
sanget dadosaken kulit pasuryanipun langkung pethak, perkawis kasebat
ing gadhahi ancas supados konsumen percados lan lajeng kertarik tumbas
produk punika..
47
e. “Ssssstt, ojo lali seven habit BIOCEL supaya kulit ketok luwih enom”
Pemasang iklan wonten ing tuturan ing nginggil punika nyobi menehi
infofmasi kaliyan konsumen keefektifanipun produk punika kangge produk
ingkang saged damel kulit pasuryananipun dadosaken luwih pethak lan
seger. Perkawis kasebat gadhahi ancas supados konsumen tertarik tumbas
barang kasebat. Ing salebeting tuturan wonten nginggil punika nyobi
menehi informasi dening konsumen
f. “Sumpah bu, sanes kula bu, sumpah. Menawi ingkang mateni kuman
ketombe kula punapa ngertos bu, iku mesti Lifebuoy Shampho anti
ketombe, punapa leres bu. Kula Wantun dados saksinipuhn. Iyo Lifebuoy
Shampo anti ketombe
Tuturan wonten ing nginggil punika, pemasang iklan nyobi
mempengaruhi konsumen kaliyan ngutaraaken keefektifanipun produk punika
ingkang saged ngicali ketombe. Perkawis kasebat kautaraaken dening
pemasang iklan, supados konsumen tumbas lan ginakaken produk punika.
48
BAB V
PENUTUP
A. Dudutan
Saking pembahasan pangrembag wonten ing bab sakderengipun,
kadhapuk pinten-pinten perkawis ingkang saged kadudut saking analisis
punika. Gamblangipun inggih punika
1. Tuturan ingkang ngandhut implikatur pachelathon ing salebeting produk di
Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM dumados saking saking kalih
wujud tuturan inggih punika tuturan ingkang wujudipun direktif cacahipun
8, implikatur lan tuturan wujudipun deklaratif cacahipun 5 implikatur.
Tuturan direktif diginakaken dening pemasang iklan kangge nyuwun
pamireng utawi konsumen kangge tumbas utawi ginakaken produk
ingkang dipun tawekaken. Tuturan deklaratif ingkang dipun ginakaken
kaliyan pemasang iklan wonten Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM
kangge menehi pangertosan utawi menehi informasi kaluwihan produk
ingkang dipun tawekaken.
2. Implikatur ingkang kadadosan wonten kadadosan saking bahasa iklan
produk wonten Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM mliginipun
nuwuhaken raosing kepingin pamireng lan kapingin kangge nyobi produk
ingkang dipuntawekaken dening pemasang iklan.
49
3. Faktor ingkang nyebabaken kawontenan pemasangan iklan wonten ing
Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM antawisipun inggih punika:
a) Faktor Ekonomi
b) Faktor kebetahan bebrayan
c ) Faktor Efektivitas Produk
B. Prayogi
Saking paneliten punika lan pembahasan ing salebeting paneliten punika
wonten pinten-pinten pramayogi ingkang saget dadosaken kemajengan kita
sedaya.,ingkang gegayutan kaliyan paneliten punika :
1. Kangge Pamaos, basa ingkang dipun ginakaken ing salebeting giyaran iklan
inggih punika basa ingkang sae lan sugih dening tembung-tembung ingkang
ngandhut rayuan lan saget milut kangge tiyang sanes, pemaos kedah langkung
selektif ing salebeting mahami iklan punika. Lan saged mendhet keputusan
kangge tumbas produk punika.
2. Kangge pemasang iklan, basa ingkang sae lan milut langkung saenipun
perwujudan saking pesen-pesen produk ingkang kedah dipun andharaken,
kaliyan ngginakaken implikatur, ugi iklan produk ing radio RRI Semarang lan
media informasi sanes mestine khasil milut tiyang ingkang badhe tumbas
produk punika.
3. Kangge paneliti sanes, Perkawis ingkang gegayutan kaliyan implikatur tasih
kathah ingkang dereng dipun uji, mekaten kedah dipun timbang kawontenan
paneliten saklajengipun perkawis ingkang gegayutan kaliyan paneliten punika.
50
4. Kangge pemireng iklan basa jawi, supados mangertosi tindak tutur ingkang
leres dipun ginakaken kalian pemasang iklan wonten radio punika.
Kangge penyiar ikalan, supados anggene ngandharaken tuturan iklan
punika supados luwih jelas lan gambling, sak sampuni maos skripsi ingkang
kula saged andharaken punika.
DAFTAR PUSTAKA
Chear, 2004. Pragmatics. Cambridge: Cambridge University Press.
Dharmanesta lan Irawan, 2001 Analisis Dampak Service Performance danKepuasan Sebagai Moderating Variabel Terhadap Loyalitas Nasabah(Studi pada Nasabah Tabungan Bank Mandiri Cabang Surabaya), JurnalManajemen Pemasaran Vol. 1 No. 1 April 2006
Edmonson. 1981 Levinson, S. C. 1983. Pragmatics. Cambridge: CambridgeUniversity Press.
Gunarwan, 1994, Ilmu Pragmatik, Teori dan Penerapannya. Jakarta: Depdikbud
Hudson, 1980. Pragmatik: Pandangan Mata Burung. Jakarta: UniversitasIndonesia.
Ibrahim, 1993 Tindak Tutur dalam Wacana Iklan Bentuk Berita pada MajalahTempo Edisi 2001 (skripsi). Semarang: Unnes.
Kasali, 1993 Pengajaran Wacana. Bandung: Angkasa
Liliweri, 1992. Pragmatik: Dasar-Dasar dan Pengajarannya. Malang: YA3
Leech, 1993 Principle of Pragmatics. Terjemahan ke dalam Bahasa Indonesiadilakukan oleh M.D.D. Oka. 1993. Prinsip-prinsip Pragmatik. Jakarta:UI Press: London: Longman.
Moleong, 1994. Metode Penelitian Kuantitatif. Bandung: Remaja Rosda.
Moelion, 1995 . Dasar-dasar Pragmatik. Yogyakarta: Andi Offset.
Naradi,1996. Linguistik Umum. Jakarta: Rineka Cipta.
Parker, 1996. Analisis Wacana. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama.
Pattis, 1993. Proses Belajar Mengajar Pragmatik. Bandung: Angkasa.
Rustono 1999. Pokok-pokok Pragmatik. Semarang: IKIP Semarang Press.
Rustana,1999 “Dari Pragmatik ke Pengajaran Bahasa” (Makalah SeminarBahasa dan Sastra Indonesia dan Daerah). IKIP Singaraja.
Ricchiute, 1992, Pengembangan Penelitian Kualitatif dalam Bidang Bahasa danSastra. Malang: YA3.
Sugono, 2002. Fungsi Periklanan dalam Ekonomi Pembangunan.Jakarta: Fatma.
Santoso, 1990. Dasar-dasar Pragmatik. Yogyakarta: Penerbit ANDI.
Suhandang, 2005 Kevariasian Tindak Tutur Percakapan Tokoh Utama Wanitadalam Novel-novel Karya Pengarang Wanita (tesis). Semarang: Unnes.
Wibowo, 2000. Analisis Wacana. Malang: IKIP Malang.
Kamus Besar Bahasa Indonesia, 1993