APRESIASI GEGURITANDening : Sdwijosusastro
MACA GEGURITAN 1. LEPASNA JEMPARINGMU2. LOLA
LEPASNA JEMPARINGMUKANGGO RESI BISA
BISMA – SRI KANDHI
Perang Bharatayudha
RESI BISMA
LEPASNA JEMPARINGMUKANGGO RESI BISMA
1Lepasna jemparingmu Sri KandhiKareben pucuking nyigar lan nyucup getihkuAja rangu-rangu Marga kowe dudu wanita kang tuna gumelare emansipasi
2Pangrasane Sri Kandhi kesilep pedhutElingku ngiris brambang ajur sawalang-walangAku kudu mundur ora kepenakAyo Sri Kandhi,!Kowe lan aku madeg senapati , Adhepana Bisma !Wong tuwa kurang pakra kang njalari pletheking Baratayuda
3Kurusetra malih kumenclang Bisma terus ngrangsagRikmane putih, Jubahe putihAtine putih……..
4mega-mega ing langit wus kebak langes Sri Kandhi kekes menthang gendhewaKapanjingan Dewi Amba: “Bisma jaman kawurimu bakal dadi mala”Bisma gumebrug rikmane putih abang getih Ati putih kebak getih Bisma bisane mung njerit lirih : “Ibu, aku mung netepi janji lan ngurmati ajining dhiri”
LOLADening : Mulyono Sudarmo
Lampu-lampu matilakune rerambatan sikile ringkihnlusuri lawang-lawang kekancinganthothok-thothok lirih
Pak, bapak ngakna, pakyung, biyung ngakna , yunging jaba adheme ora jamak
2O bapak, o biyungaku kangen angeting asihmuaku kangen nikmating katresnanmu,aah,………………..aku banget kapang kekudanganmuing gebyaring lintang sayuta
nanging , tan ana sabawalampu-lampu matilakune rerambatan sikile ringkihnlusuri lawang-lawang bisujroning dhadha isih nggegem pitakonan