Download docx - Kidung Ati Tangise

Transcript
Page 1: Kidung Ati Tangise

KIDUNG ATI TANGISE   BUMI

Bumine nangis, Eluhe lumpur agawe girisBumine nesu watuk-watuk ndadekake lindhuBumi wis tuwa jare kiyamat wis arep tekaIki pratandha bendune sing Maha Kuwasa.

Bumine sambat gununge gundhul alase dibabatBumi lara ati banjir bandhang anggegirisiUjare wong pinter alas sing subur minangka pagerPagering bumi murih alam tetep lestari.

Aduh Gusti kula nyuwun pangapuraKula niki sampun kathah dosaAduh Gusti Ingkang Maha KuasaNyuwun luwar saking godha pangrencana.

Pra sedulur Tunggal Nusa Tunggal BangsaAja conkrah lan aja sulayaBareng urip golek dalan padhangSujud sukur wonten ngarsane Pangeran.

Kidung ati pangruwat Bangsa sak NagariMangga ndedonga dahuru inggala sirnaCancut gumregut bebarengan mbangun PrajaLestarekna alam murih bumine ora murka.

Disadur saking lirik lagu Kidung Ati Tangise Bumi, Karyanipun Yhady’sAlang alang kumitir

Page 2: Kidung Ati Tangise