40
Upacara Adat Jawa Dening : Dhiarrafii Bintang Matahari ( 10 ) Fatma Amelia Handayani ( 14 ) Noor Rasya Swarnasta ( 23 ) Thania Nurul Annisa ( 28 ) XII IPA 5 2017 SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Upacara Adat Jawa

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Upacara Adat JawaDening :

Dhiarrafii Bintang Matahari ( 10 )Fatma Amelia Handayani ( 14 )Noor Rasya Swarnasta ( 23 )Thania Nurul Annisa ( 28 )

XII IPA 52017

Page 2: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

JINISING

Hanggarbini Lairan

Penganten Sripah

Page 3: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

PANGERTENTata upacara kang wis dumadi ing masyarakat Jawa gegayutan

karo daur hidup manusia / life-cycle. Saka kandhungan, lairan, bocah-bocah, remaja, dewasa, tuwa tumekaning pati. Saben waktu sing dialami manungsa iku mau dianakke upacara pamrihe kanggo tolak balak nyuwun kaslametan marang ngarsaning pangeran.

JINISING

Page 4: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

URUTANING HANGGARBINI

Sewulan

Rong Wulan lan Telung Wulan

Patang Sasi

Limang Wulan

Pitung Sasi

JINISING URUTANING

Page 5: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Pengetan 1 wulan bayi ana ing njero weteng Ibu, tujuane kanggo keselametan lan kesehatan bayi.

Sesaji arupa bubur sungsum dicampur gula santen.

Sewulan

Rong Wulan lan Telung Wulan

Sesaji arupa sega tumpeng, gudhangan, jenang abang, jenang putih, lan jenang abang putih.

JINISING URUTANING

Page 6: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Ana sing ngarani ngupati.Sesajine aupa nasi kuning kanthi lawuh daging sapi/kebo, ubarampene: ketupat sinta, jago, sida lunguh, lan luar

Patang Sasi

Limang WulanSesajine sega tumpeng, sega

wuduk alan asahan, enten-enten lan uler-uleran.

JINISING URUTANING

Page 7: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Diarani mitoni utawa tingkeban.Upacara mitoni iki ana loro jinise yaiku upacara kenduri/kendhuren lan siraman.Upacara tingkeban diadani ing dina Rebo apa Setu sadurunge wulan purnama tanggale ganjil, bisa 1, 3, 5, 7, 9, 11, lan 13.

Sesaji ing kendhuren padha karo ubarampe nglimani, mung wae ditambah:apem kocor, jenang abang, sega tumpeng pitu karo gudhangan, ketan manca warna

Pitung SasiJINISING URUTANING

Page 8: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

URUTANING LAIRAN

Mendhem Ari-Ari

Brokohan

Sepasaran

Puputan

Aqiqah

Selapanan

Tedhak Siten

Nyapih

Sunatan

Tetesan

JINISING

Page 9: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Tata carane ari-ari dikumbah nganti resik dilebokake ning  kendhi utawa bathok kelapa. Alas kendhi diwenehi godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing isih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa ning papan penguburan. Papan penguburan kudu ning sisih tengen lawang omah. Sing mendhem kudu bapak kandung. 

Diwenehi lampu (umume sentir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyalakake nganti 35 dina (selapan).

Mendhem Ari - AriJINISING URUTANING

Page 10: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Slametan kang diadani nalika si Ibu mentas wae nglairke ponang jabang bayi. Slametan iku ancase kanggo byawara marang tangga teparo menawa bayi mau lair kanthi slamet.

Sesajen sing disiapke yaiku : Sega asahan, pecel ayam, jangan menir, lan gudhangan.

BrokohanJINISING URUTANING

Page 11: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Upacara adat jawa wektu umur bayi 5 dina. Umume diselenggaraake sederhana ning yen bebarengan karo aweh jeneng bayi, upacara iki diselenggaraake radha meriah. Tembung sepasaran dhewe asale sake tembung sepasar.

Biasane diselenggaraake sore nganggo acara kenduren lan ngundang sedulur uga tangga umah.suguhan sing disajiake umume wedang lan jajanan pasar ning uga ana besek sing umum kanggo ditentengan mulih.

SepasaranJINISING URUTANING

Page 12: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Puputan yaiku pedhote tali puser si ponang jabang bayi. Nindakaken puputan menika kangge panyuwunan keslametanipun bayi.

Ubarampe kangge nyuguhaken tamu wonten beras kaliyan lauk pauk. Menawi kangge acara puputan piyambak wonten kembang, godhong tawa, bubur abang lan putih, toya, gunting, lenga wangi.

PuputanJINISING URUTANING

Page 13: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Aqiqah inggih punika mbeleh wedhus wonten ing dinten kapitu saking dinten klairanipun bayi, minangka raos syukur dhumateng Gusti Allah SWT.

Ananging ugi wonten ingkang paring pangertosan menawi aqiqah punika nugel rikma ingkang wonten ing mustakanipun bayi ingkang nembe lahir.

Kangge bayi ingkang putra dibelehake wedhus kalih, manawi bayi ingkang putri wedhus setunggal. Aqiqah lumrahe sisan wenehi jeneng bayi.

AqiqahJINISING URUTANING

Page 14: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Selapanan diadani nalika bayi umur 35 dina.

Wondene sesajene : sega tumpeng, gudhangan, endhog godhog, jenang abang, jenang putih, jenang abang-putih, palang lan baro-baro, jajan pasar, lan inthuk-inthuk yaiku tumpeng cilik sing didelehke ing njero bathok klapa dijangkepi karo endhog godhog sing pucuke dicublesi brambang lan Lombok abang.

SelapananJINISING URUTANING

Page 15: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Tedhak siten diadani nalika anak umur 7 sasi utawa 6 lapan. Tedhak siten tegesipun upacara mudhun lemah sing pisanan tumrap bocah.Tata carane :1. Bocah dibimbing ngidak pitung macem jadah2. Bocah dibimbing munggah andha tebu3. Bocah dilebokke kurungan sing isine maneka warna dolanan4. Bocah diadusi nganggo kembang setaman sing ana ing pengaron banjur di klambeni

Tedhak SitenJINISING URUTANING

Page 16: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Kanggo nylameti bocah nalika anak wis ora nyusu marang ibune. Bocah disapih nalika umur rong taun lan dijumbuhke karo wetone/dina laire bocah iku.

Sara kang digunakake ing upacaa nyapih yaiku: kupat sing diiris tengahe diwenehi abon, katul, kembang boreh, tumpeng cilik, godhong jati, ting sing diwenehake ing ngisor dhipan, minyak klapa, endhog pitik, godhong gedhang sing disuwek banjur ditaleni.

NyapihJINISING URUTANING

Page 17: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Sunatan utawa tetak iku minangka pratandha owah-owahan saka mangsa bocah nuju remaja.

Tetakan tumrap masyarakat Jawa diyakini minangka wektu sing ndrawasi sebab ing kono anak ngalami owah-owahan genetic, sipat, saka bocah nuju remaja sing kebak sesiku/gangguan ghaib sing kudu disingkerake.

SunatanJINISING URUTANING

Page 18: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Tetakan tumrap bocah wadon ing masyarakat Jawa diarani tetesan.Tata upacara tetesan yaiku bocah dipangku wong tuwane banjur dhukun tetak miwiti netaki.Ubarampe upacara: nyameptakake sega golong, ingkung, jenang abang putih, jenang baro-baro, jajan pasar, sega ambengan, lan kembang telon.

TetesanJINISING URUTANING

Page 19: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

URUTANING PENGANTENPupuk, Sinduran

Timbang

Kacar - Kucur

Dahar Klimah

Mertui

Sungkeman

Resepsi

Lamaran

Siraman

Midodareni

Srah-Srahan

Ijab Qobul

Panggih

Balang Suruh, Wiji Dadi

JINISING

Page 20: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didadeake pasangan urip calon penganten kakung.

Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.

LamaranJINISING URUTANING

Page 21: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.

SiramanJINISING URUTANING

Page 22: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Tembung midodareni asale saka widodari utawa bidadari. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.

Penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing sinambi aweh nasihat.

MidodareniJINISING URUTANING

Page 23: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.

Srah - SrahanJINISING URUTANING

Page 24: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Akad nikah ingkang acara penting yaiku nglibatake kabeh pengurus KUA kanggo nglegalisir perkawinan ing adepane agama, Negara lan hukum. Calon penganten di jupuk sumpah ing adepane penghulu lan disaksikna wali saka keluargane dewek-dewek. Sak uwise dados penganten ingkang sah.

Ijab QobulJINISING URUTANING

Page 25: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah) dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.

PanggihJINISING URUTANING

Page 26: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Balang Suruh

Wiji DadiPenganten kakung ngidak endog

pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.

Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.

JINISING URUTANING

Page 27: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.

Sinduran

PupukanIbu/Bapak penganten putri

ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.

JINISING URUTANING

Page 28: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.

TimbangJINISING URUTANING

Page 29: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.

Kacar - KucurJINISING URUTANING

Page 30: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

Dahar KlimahJINISING URUTANING

Page 31: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.

MertuiJINISING URUTANING

Page 32: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.

SungkemanJINISING URUTANING

Page 33: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.

ResepsiJINISING URUTANING

Page 34: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

URUTANING SRIPAH

Layatan

Pangrukti Jenazah

Pambudhaling Layon

Pengetan/Slametan

JINISING

Page 35: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Pelayat kang padha teka umume terus ngadhem-adhemi sing ditinggal mati.

Tatacarane layat uga nggon-nggonan. Ing saweneh papan, sing layat lebar salam-salaman nuli mulih sambi wijik ing baki kang wis sumadya.Baki mau isi banyu kang diwenehi godhong dhadhap serep.

LayatanJINISING URUTANING

Page 36: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Tata cara pengrukti jenazah :1. Ngedusi2. Nata (ngafani)3. Ndongakke (sholat jenazah)4. Pakurmatan pungkasan5. Pembudhaling layon menyang kuburan

Pengrukti JenazahJINISING URUTANING

Page 37: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Upacara pambudhaling layon sing wigati yaiku susuba, tlusuban, utawa brobosan.

Carane, cukup kanthi nlusup sak ngisore layon kang wis dipikul utawa digotong, kawitan seka arah sikil kiwa, nengen, njur mubeng bunder ing sikil. Tujuane upacara brobosan iki kanggo nuduhake symbol sikap mikul dhuwur mendhem jero marang sing mati

Pambudhaling LayonJINISING URUTANING

Page 38: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Slametan sing diayahi sawise pambidhaling layon :1. Geblag (ngesur tanah)2. Nekung dina3. Mitung dina4. Matang puluh dina5. Nyatus dina6. Mendhak pindho7. Nyewu

Sawise nyewu, ana sing isih nylameti kanthi sebutak khaul saben taun sepisan.

Pengetan/SlametanJINISING URUTANING

Page 40: Upacara Adat Jawa

SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM

Matur Nuwun..