20
WARNA BASA

Warna Basa (Berdialog)

Embed Size (px)

Citation preview

WARNA BASA

BASAPiranti kanggo sesrawungan ing antaraning manungsa siji lan sijine.

Piranti sing wujude swara, tandha utawa tulisan kang adhedhasar pikiran lan kekarepan.

WARNA BASA MANUT WUJUDE

• Basa lisan• Basa Tulisan• Basa Tandha (isyarat)

WARNA BASA MANUT UNDHA USUKE

(UNGGAH-UNGGUHE)

Ngoko luguWujude • Durung kecampuran krama/ krama inggil• Basane ngoko kabeh

Kanggone • Dienggo wong tuwa marang anake• Dienggo guru marang murid• Dienggo dening sapadha-padha kang wis kulina• Dienggo ndhuwuran marang andhahane• Dienggo ngunandika (ngomong jroning batin)

Tuladha basa Ngoko

• Aku, kowe, dheweke, -mu, -ne, tak-• Kowe gelem mangan sate, Mas?

Ngoko AlusTegeseBasa ngoko kang kecampur karo basa krama inggil.Sing dikramakna :1. Tembung kriya/kata kerja2. Tembung sesulih/kata ganti3. Tembung sing ana gandheng cenenge karo wong liya sing

diajeni.Wuwuhan/imbuhan tetep ngoko (ora dikramakna)

Kanggone• Dienggo dening wong-wong sapadha-padha nanging isih

ngajeni• Dienggo wong tuwa marang wong enom kang status sosiale

luwih dhuwur

Tuladha Ngoko Alus• Putrane sing mbajeng apa isih sinau ana Semarang?• Lho, bapak mau piye, kancane tindak kok ora didherekake.• Panjenengan kersa dhahar sate apa ora, Mas?

KramaTegeseBasa kang awujud krama kabeh, ora

kecampuran krama inggil utawa ngoko.

Kanggone• Dienggo dening wong kang durung raket

banget• Dienggo dening wong kang durung

tepung

Tuladha basa krama• Menawi mekaten sampeyan asring kekesahan?• Griya kula mriki, dugi nyambut damel, sampeyan saged tilem rumiyin saderenge kesah.• Sampeyan purun madhang sate, Mas?

Krama Alus/ Krama InggilWujudeBasa krama kang kecampuran krama inggilBasane luwih alus lan ngajeni banget

Kanggone• Dienggo dening wong enom marang wong

tuwa• Dienggo dening murid marang guru• Dienggo dening tetepungan anyar• Dienggo dening ngidoran marang ndhuwuran

Tuladha basa krama alus/ inggil

• Kula badhe sowan panjenengan, tujunipun panjenengan taksih wonten dalem• Panjenengan kersa dhahar sate, Mas?

Apa bedane krama karo

krama inggil?

Gatekna ukara-ukara iki, Bro!• Nalika Band Garasi dugi dhateng Blora,

kesahe didherekake tiyang kathah.• Nalika Band Garasi rawuh dhateng Blora,

tindakipun dipundherekaken tiyang kathah.

• Kowe gelem mangan sega pecel, Mas?• Panjenengan kersa dhahar sega pecel, Mas?• Sampeyan purun madhang sekul pecel, Mas?• Panjenengan kersa dhahar sekul pecel, Mas?

Ngoko, Krama, Krama Inggil?

Omah griya dalemTuru tilem sareMangan nedha dhaharDuwe gadhah kagunganKlambi rasukan agemanGelem purun kersaAdus - siramNgombe - ngunjuk

Sing perlu dieling-eling!

Ana ing basa krama inggil utawa ngoko alus, awake dhewe ora kena dibasakake krama inggil!

Bener apa salah ya, Bro?

• Kula kagungan griya wonten ing Washington.• Ageman kula kathah ing boten cekap.• Daleme kula wonten ing Rusia.

Piye sing bener?

Gladhen1.Gawea pacelathon/ dialog 1

wae, tema bebas!2.Gantinen dialogmu kuwi

nganggo basa ngoko alus, krama, lan krama inggil!

3.Rembugen karo kelompokmu!