88
A. Pranatacara 1. Werdine Pranatacara Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pranata adicara, pranata titi laksana, panata adicara, paniti laksana utawa pranata laksitaning adicara. Pranatacara yaiku paraga kang duwe jejibahan nata lan nglantarake acara utawa adicara . Dene bakuning jejibahan utawa ayahan pranatacara yakuwi nglantarake lakune cak- cakaning acara utawa adicara ana ing rapat-rapat, pasamuwan, utawa upacara kang wis dirancang sadurunge. Dadi lugune atur palapuran (protocol) tumrap cak-cakaning utawa lakuning acara/adi cara. Mligi ana ing upacara lelayu utawa sripah tetembungan adicara utawa acara diarani adilaya Pranatacara banget wigati ana ing sawijining acara, awit regeng, nges lan orane sawijining adicara iku saperangan gedhe dadi tanggung jawabe pranatacara. Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 1 Wulangan PRANATACARA KEGIATAN SEKOLAH PRANATACARA KEGIATAN SEKOLAH 5 NYEMAK 1 KOMPETENSI DASAR : 5.1 Mengungkapkan dan menanggapi teks pembawa acara/Pranata adicara/ MC dalam kegiatan sekolah Indikator : 1. Memahami hal-hal yang berhubungan dengan pranatacara 2. Memahami isi wicara pranatacara 3. Mengidentifikasi pokok-pokok wicara pranatacara

LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

A. Pranatacara

1. Werdine Pranatacara

Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pranata adicara, pranata titi laksana, panata adicara, paniti laksana utawa pranata laksitaning adicara. Pranatacara yaiku paraga kang duwe jejibahan nata lan nglantarake acara utawa adicara . Dene bakuning jejibahan utawa ayahan pranatacara yakuwi nglantarake lakune cak-cakaning acara utawa adicara ana ing rapat-rapat, pasamuwan, utawa upacara kang wis dirancang sadurunge. Dadi lugune atur palapuran (protocol) tumrap cak-cakaning utawa lakuning acara/adi cara. Mligi ana ing upacara lelayu utawa sripah tetembungan adicara utawa acara diarani adilaya Pranatacara banget wigati ana ing sawijining acara, awit regeng, nges lan orane sawijining adicara iku saperangan gedhe dadi tanggung jawabe pranatacara.

2. Bedane Pranatacara lan Pamedhar Sabda

Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing  acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarke titilaksana

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 1

WulanganPRANATACARA KEGIATANPRANATACARA KEGIATAN

SEKOLAHSEKOLAH5

NYEMAK

KOMPETENSI DASAR : 5.1 Mengungkapkan dan menanggapi teks pembawa acara/Pranata adicara/ MC dalam kegiatan sekolah Indikator :

1. Memahami hal-hal yang berhubungan dengan pranatacara2. Memahami isi wicara pranatacara 3. Mengidentifikasi pokok-pokok wicara pranatacara

Page 2: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyan sarean (kuburan).        Wondene sing diarani pamedhar sabda yaiku paraga sing kajibah (mengemban tugas) mbabar sawijining perkara. Ing tata upacara pahargyan temanten, pamedhar sabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe. Jejibahan iku kaya dene, ngaturake pambagya harja (sesulihe sing duwe gawe mantu), pasrah temanten utawa nampa pasrahe temante, khutbah walimah (wasitatama). Yen ing omahe wong kasripahan (kepaten), pamedhar sabda duwe jejibahan ngaturake panuwun marang wong sing nglayat (takziyah) sing wis melu bela sungkawa. Dene patemon ilmiah (pertemuan ilmiah) jejibahane pamedhar sabda kayata, ceramah, sesuluh dines (penyuhan dinas), konferensi, seminar, sarasehan, kuliyah umuh, wisuda, lan liyane.

3. Cecawis Sanguning Pranatacara

Murih jejibahan bisa kasil kanthi becik, pranatacara lan pamedhar sabda kudu bisa ngrengkuh sarat sarana kang baku yaiku :

a. SwaraSwara pinangka srana babaraning basa kudu kaudi supaya ulem, kung, dekung, membat mentul, kepenak dirungokake. Kedaling swara (metune swara) : tuladha ngeja abjad Jawa. tuladha : rasa-rasane, utama-utamane, manis –manise, pendeng, rendheng, petel-pethel, lsp. Lagu (wirama) : Nyakup sora-lirih, dawa -cendheking swara, membat mentul, rikat-rindhik, lan lak-luking swara.. Lagu kang becik tumrape basa Jawa dirani dhekung

b. Busana / AgemanAjining raga gumantung busana, mula babagan busana iku uga kudu digladhi murih jejibahan kang diemban bisa kaleksanan kanthi becik Pranatacara lan pamedhar sabda kudu bisa ngadi busana kang bener lan pener, murwat, laras karo kahanan utawa kaperluwane ana ing upacara , rapi, lan tumata panatane. Ana ing babagan busana ( ageman ) iku , Suhunan Pakowboewana IV paring pangandikan marang para sentana lan krabat Kasunanan Surakarta mangkene :

“ Nyandhang menganggo iku dadiya sarana hamemangun manungsa njaba njero, marmane pantesen panganggonira, trapna traping panganggon, chundukna marang kahananing badanira, wujud lan wernane jumbuhna kalawan dedeg piadeg miwah pakulitan..”

c. Subasita

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 2

Page 3: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Trapsila utawa tatakrama uga kudu kagladhi kang becik , amarga trapsila kang kurang becik bisa ngurangi kawibawan jejering pranatacara lan pamedhar sabda. Solah bawa aja digawe-gawe becik prasaja wae, anteng mantep nanging ora kaku. Owah-owahan pasemon uga kudu kaudi supaya kabeh mau bisa nggambarake isining ati, kang tundhone jumbuh karo swasana.

d. Basa lan sastra Basa kang digunakake pranatacara lan pamedhar sabda diudi sing bener, pener, becik, endah, lan gampang ditampa utawa komunikatif. Basa kang becik yaiku basa kang trep panganggone. Supaya trep kudu ngeling:

Sapa sing guneman Sapa sing tumanggap wawan gunem/audiens Sapa /apa sing digunem Kepriye swasanane (wektu, papan, kahanan)Dene kawruh kasusastran tumrap kang kepengin nggayuh pranatacara lan pamedhar sabda kang gamben lan profesional nyakup: pepindhan, panyandra, wangsalan, parikan, tembang, purwakanthi Pewayangan, kawruh karawitan/gendhing-gendhing upacara manten, lsp.

4. Cengkorongan Baku Wicara Pranatacaraa. Pambuka

Salam pambuka Sapa aruh marang tamu Muji syukur mring Pangeran

b. Maosake rantamaning adicarac. Nyuwun gungan supaya tamu kersa njenengi adicara saka purwa, madya tumeka

wasanad. Ngaturake lan mandhegani adicara siji mbaka siji kanthi wijange. Panutup

Nyuwun pangapura yen ana cewed lan luput anggone ngacarani (kalebu nyuwunake pangapura sing hamengku gati/ panitya)

Nderekake ndedonga panutup Salam panutup

B. Tuladha Teks Wicara PranatacaraSalah siji siswa maca ana ngarep kelas, siswa liyane nyemak.

PELANTIKAN PENGURUS OSIS

Assalamu’alaikum Wr.Wb.Nuwun,

Bapak Kepala sekolah SMP Tunas Muda ingkang dhahat kinurmatan, Bapak Wakil Kepala Sekolah Bidang Kesiswaan, Bapak/Ibu Guru, Karyawan, saha para siswa ingkang winantu ing suka basuki.Keparenga kula nggempil kamardikan panjenengan sadaya, awit kula piniji panitya kinen ngaturaken urut reroncening Upacara Pelantikan Pengurus SMP Tunas Muda Periode 2013/2014

Nanging saderengipun kula ngaturaken rantamaning adicara punika, sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT , ingkang sampun

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 3

Page 4: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

kepareng paring karohmatan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga saged kempal manunggal kanthi karaharjan, nir ing sambekala.

Bapak Ibu guru tuwin para siswa , keparengan panatacara ngaturaken lampahing titilaksana Upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMP Tunas Muda Periode 2013/2014, ingkang sampun karantam dening panitya, nun inggih:1. Purwaka2. Atur palapuran saking Wk. Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan ing mangke badhe

dipunsalirani dening Bapak Teja Lelana, S.Pd.3. Kepyakan/Pelantikan Pengurus OSIS kalajengaken tanggap sabda saking Bapak Kepala

Sekolah.4. Atur sapala saking pangarsa OSIS enggal 5. Pandonga 6. Panutup.Bapak Ibu guru ingkang winantu ing bagya mulya, makaten menggah urut reroncening Upacara Pelantikan OSIS SMP Tunas Muda Periode 2013/2014. Kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi paripurnaning adicara menika Nuwun, nuwun, matur nuwun.………………………………………………………………………………….................

Bapak Ibu ingkang satuhu kinurmatan,Sumangga adicara punika kawiwitan kanthi ndedonga miturut kapitadosanipun

sowang-sowang, ndedonga kasumanggakaken…….cekap.Adicara ingkang angka kalih atur palapuran Wk. Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan. Dhumateng ngarsanipun Bapak Tejo Lelana , S.Pd. wekdal kula sumanggakaken.………………………………………………………………………………….................

Makaten atur palapuran dening Wk. Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan, ngancik adicara angka tiga kepyakan/ Pelantikan Pengurus OSIS kalajengaken tanggap sabda Kepala SMP Tunas Muda ingkang winantu ing pakurmatan Panjenenganipun Bapak Drs. Suradi, M.Pd. Pramila dhumateng Pengurus OSIS enggal, kula aturi majeng ing sasana ingkang cumawis saperlu nindakaken upacara punika lan kasuwun kersaa Bapak Kepala Sekolah paring tandha simbolis Pelantikan Pengurus OSIS enggal punika. Nuwun.………………………………………………………………………………….................Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,Makaten adicara Pelantikan Pengurus OSIS saha tanggap sabda saking Bapak Kepala Sekolah SMP Tunas Muda. Kanthi kepyakan punika ateges dinten punika Pengurus OSIS sampun resmi kalantik lan jejibahan punapa kemawon ingkang magepokan kaliyan OSIS sampun kedah kasangkul saha katindakaken kanthi samesthinipun. Suamangga sami caos panjurung amrih pengurus OSIS enggal punika tansah pinaringan rahayu, gampil ing pamikir, saha gangsar anggenipun ngayahi sesanggeman punika. Tumapak adicara candhakipun atur sapala pangarsa OSIS enggal. Dhumateng pangarsaning Pengurus OSIS enggal, panjenenganipun Mas Bagus Panggah Widagdo kula sumanggakaken.………………………………………………………………………………….................Adicara salajengipun inggih punka pandonga, ingkang badhe dipunselirani dening seksi kerohanian Agama Islam. Pramila dhumateng Bapak Muh. Gazali , S.Pd. wekdal saha sasana wicara kula aturaken.………………………………………………………………………………….................Bapak-ibu ingkang kinurmatan ,

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 4

Page 5: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Pinangka pungkasaning adicara, nenggih panutup. Pramila kula ingkang piniji pinangka pambiwara ing Upacara Pelantikan Pengurus OSIS Periode 2013/2014 punika ngaturaken agunging panuwun saha nyuwun pangaksami mbokbilih kathah bab ingkang boten mranani penggalih panjenengan sadaya. Wusananing atur dhumateng Pengurus OSIS Periode 2013/2014 ingkang sampun kalantik, kula ngaturaken sugeng makarya, mugi tansah manggih karaharjan, rahayu ingkang pinanggih, widada ingkang jinangka.Para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, sumangga adicara punika kapungkasan kanthi ndedonga miturut kapitadosanipun sowang-sowang, ndedonga kasumanggakaken ……................................................................................................................................cekap.

Nuwun, nuwun, Matur nuwun. Wassalamualaikum Wr.Wb.

C. Negesi Tembung WigatiJodhokna tegese tembung ing ngisor iki!

No Tembung Teges Pilihan

1 Basuki ................................ Dipatah, didhapuk

2 Piniji ................................ Kaleksanan kang digayuh

3 Reroncening adicara ................................ Melu nunggoni

4 Rantaman ................................ Pangapura

5 Nir ing sambekala ................................ Sesorah, pidhato

6 Titilaksana ................................ Tugas, pakaryan, ayahan

7 Kepyakan ................................ Panyengkuyung

8 Hanjenengi ................................ Pagaweyan

9 Paripurna ................................ Ngepenakake ati

10 Sowang-sowang ................................ Pranatacara

11 Sasana ................................ Susunan acara

12 Tanggap sabda ................................ Dhewe-dhewe

13 Jejibahan ................................ Papan

14 Panjurung ................................ Rampung

15 Gangsar ............................... Lancar

16 Sesanggeman ................................ Adicara, acara

17 Pambiwara ................................ Peresmian, pelantikan

18 Pangaksami ................................ Ora ana alangan

19 Mranani penggalih ................................ Rancangan, rencana

20 Widada kang jinangka ................................ Slamet

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 5

Page 6: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

D. Cengkorongan Wicara PranatacaraTuduhna, lan tulisen endi ukarane!

No Cengkorongan Pranatacara Ukarane

1 Salam pambuka

2 Sapa aruh

3 Puji syukur

4 Rantaman adicara

5 Nyuwun gungan para tamu

6 Nyuwun pangapura

7 Ndherekake donga panutup

8 Salam panutup

A. Nyemak PawartaIng radhio utawa TV, wong kang ngaturake pawarta diarani penyiar . Dene kang golek pawarta diarani wartawan. Penyiar wis duwe teknik nalika arep ngaturake pawarta. Semono uga nalika awake dhewe kapatah macakake pawarta, awake dhewe kudu nggatekake bab-bab wigati kang magepokan karo pamacane pawarta, yaiku:

Intonasi kudu pas, kapan mrangguli koma lan titik uga tandha liyane. Vokal trep karo artikulasi

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 6

KOMPETENSI DASAR :5.5 Menanggapi berita berbahasa JawaIndikator : 1. Menuliskan pokok-pokok isi berita ke dalam beberapa

kalimat2. Menyampaikan (secara lisan) ringasan berita3. Menjawab pertanyaan yang berhubungan dengan isi

berita.4. Mengemukakan tanggapan atas isi berita

NYEMAK PAWARTA

Page 7: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Volume utawa bantering swara nyukupi. Sabisa-bisa nyingkiri dialek.

B. Rungokna anggone kancamu maca pawarta ing ngisor iki!Merga Narkoba, Wong 41 Tiwas Saben Dina

Bebayane narkoba, saya ngincim bangsa Indonesia. Saka asile panaliten kang katindakake dening Badan Narkotika Nasional bebarengan karo Universitas Indonesia nyebutake, wong 41 tiwas dinane utawa wong 15 ewu tiwas saben taun merga ngonsumsi narkoba. Kang mrihatinake, ewasemono cacahing pengguna ora saya suda nanging malah saya ndadra. Data ing Direktorat Narkotika lan Psikotropika Bareskrim Mabes Polri nuduhake, ing tahun 2000 – 2003 cacahe pengguna watara wong 5 ewu setaun. Nanging ing semester kapindho taun iku uga cacahe ndrebala dadi wong 16 ewu.

Direktorat Narkotika lan Psikotropika Brigjen Indradi Tanos nambahake, cacahe dhuwit sing diblanjakake kanggo tuku narkoba uga mundhak akeh. Taun 2005 cacahe dhuwit sing dienggo tuku narkoba ditapsir Rp. 8 trilyun. Nanging ing taun 2006 gunggunge mundhak dadi Rp. 11,3 trilyun . Kanggo mbrastha narkoba mau polisi mbudidaya tumindak persuasif. Pangajabe pengguna mau gelem tobat lan ninggalake pakulinan anggone ngonsumsi narkoba.

( Sumber :Kalawarti Panyebar Semangat)

C. Kawruh Basa Apa tegse tembung kang kacithak miring ing ukara ngisor iki?

a. Bebayane narkoba saya ngincim bangsa Indonesia.Ngincim , tegese : ..............................................................................................................

b. Saben ndinane ana wong 41 tiwas amerga ngonsumsi narkoba.Ngonsumsi, tegese : ...........................................................................................................

c. Cacahe pengguna narkoba saben tahune malah saya ndadra.Ndadra, tegese : ...............................................................................................................

d. Data ing Direktorat Narkotika lan Psikotropika Bareskrim Mabes Polri nuduhake, ing tahun 2000 – 2003 cacahe pengguna watara wong 5 ewu setaunData, tegese : .....................................................................................................................

e. Ing semester kapindho taun iku uga cacahe ndrebala dadi wong 16 ewu.Ndrebala, tegese .................................................................................................................

f. Taun 2005 cacahe dhuwit sing dienggo tuku narkoba ditapsir Rp. 8 trilyun.Ditapsir, tegese : ................................................................................................................

g. Nanging ing taun 2006 gunggunge mundhak dadi Rp. 11,3 trilyun .Gunggunge, tegese : .........................................................................................................

h. Para siswa bisa cawe-cawe melu mbrastha narkoba.Mbrastha , tegese : ...........................................................................................................

i. Para siswa kudu mbudidaya ngedohi lan aja pisan-pisan cedhak karo narkoba.Mbudidaya, tegese : .........................................................................................................

j. Pangajabe pengguna narkoba gelem tobat lan ninggalake pakulinan ala.

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 7

Page 8: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Pangajabe, tegese : ...........................................................................................................

D. Pitakonan Wangsulana pitakonan ing ngisor iki nganggo basa krama!

a. Narkoba iku cekakan saka apa?Wangsulan : ..........................................................................................................................................................................................................................................................................................

b. Apa wae bebayane narkoba iku?.........................................................................................................................................................................................................................................................................................

c. Sebutna apa wae jinis narkoba sing kok ngerteni!Wangsulan : ..........................................................................................................................................................................................................................................................................................

d. Pengguna narkoba ora suda malah tansaya ndadra kira-kira apa wae kang nyebabake bab mau?

Wangsulan : ..........................................................................................................................................................................................................................................................................................

e. Kanggo mbrastha narkoba polisi mbudidaya tumindak persuasif, apa sebabe? Wangsulan : ..........................................................................................................................................................................................................................................................................................

f. Apa polisi wae sing nduweni tugas mbrastha narkoba? Sebutna pawadane! Wangsulan : ..........................................................................................................................................................................................................................................................................................

g. Akehe dhuwit kang diblanjakake kanggo tuku narkoba nganti 11,3 trilyun rupiah kepriye miturut pamawasmu?

Wangsulan : ..................................................................................................................................................................................................................................................................

h. Sebutna cara-carane supaya para remaja, pelajar lan mahasiswa bisa ngedohi narkoba!

Wangsulan : ..................................................................................................................................................................................................................................................................

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 8

Page 9: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

i. Kena apa awake dhewe kudu ngedohi narkoba?Wangsulan : ..........................................................................................................................................................................................................................................................................................

j. Apa kang kok tindakake menawa kowe diajak kancamu diajak nyeret (madat)?Wangsulan : ..........................................................................................................................................................................................................................................................................................

E. Ayo Sinau Bareng Rembugen karo kancamu, Wenehana tanggapan pawarta ing ndhuwur! Tulisen ing papan ngisor iki

………..........................................................................................................................................................................................……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................……………………………................................................

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 9

Bothekan :

Narkoba tumrape masyarakat Jawa diarani : lara ireng, madat, candu, nyeret. Candu lumebu ing tanah Jawa watara abad 17 dening VOC, iki pinangka salah sawijining strategi VOC kanggo nguwasani tanah Jawa, kanthi ngrusak wong-wong Jawa lumantar candu. Tahun 1677, Belanda lumantar VOC ngadani prajanjen karo Raja Mataram Amangkurat II. Isine prajanjen VOC njaluk nduweni hak monopoli impor lan dedagangan candu ing tlatah Mataram. Manut pakar candu Louis Charles Te Mechelen, inspektur Kepala Opium Regi lan Asisten Residen Juwana, Jawa Tengah,ing tahun 1882 siji saka wong cacah 20 pemadat, tukang nyeret.

Nyeret utawa candu kalebu tumindak ala kang ora pantes ditiru lan ditindakake dening sapa wae. Ana ing susastra Jawa Serat Wulangreh pupuh Wirangrong pada 10 -11 kasambung pada 18 – 21, Sri Paku Buwana IV paring wewaler (larangan) marang awake dhewe kang wose mangkene :

“Ana cacat patang prakara kang ala banget lan kudu didohi yaiku : wong madat (pecandu /narkoba), wong ngabotohan (main/judi), wong durjana (maling/penjahat) lan wong kang nduweni ati sudagar/pedagang ala.Wong madat iku kesed, lumuh nyambut gawe, rusak jasmani lan rohanine, yen mati sengsara, marga dadi tontonane wong akeh, nanging ewasemono ora padha kapok, mula patang prakara tumindak ala mau singkirana”.Ing pewayangan, mligine perangan Mosala Parwa, parwa kaping XVI saka buku Mahabharata dicritakake manawa Bangsa Yadawa lan negara Dwaraka utawa Dwarawati (bangsa lan negarane Sri Kresna) musna kelem keblabag lan kesapu tzunami, amarga bangsa Yadawa padha karem madat lan inum-inuman keras kang tundhone padha lali yen isih sabangsa temahan padha paten –pinaten lan wusana diadzab dening Dewa.

Page 10: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

A. Praktik PranatacaraPraktik utawa maca teks wicara pranatacara apadene praktik utawa maca teks sesorah, prayogane nggatekake konsep 4 W, yaiku :1. Wicara

Wicarane sing las-lasan, cetha, wijang, upamane bisa mbedakake /t/ karo/th/ utawa /d/ karo /dh/ : tutuk – thuthuk, pada – padha, lsp.

2. WiramaSenajan katone mung sesorah utawa dadi pranatacara nanging uga kudu nggatekake wirama sing metu saka lisan, ora mung mbluju, kaku , tanpa ana tekanan intonasi lan volume suwara. Prayugane diudi lan digladhi murih wiramamaning swara bisa becik, ora keseron utawa kelirihen, munggah, mudhun, langsaming swara uga digatekake.

3. WiragaPatrap, sikep nalika nindakake dadi pranatacara . Solah bawane wong dadi pranatacara iku kudu manteb lan teteg madhep marang pamriksa,aja tumungkul/ndhingkluk lan aja ndangak.Kaudia bisa ngecakake prinsip Sapta- Ma : Magatra, Malaksana, Mawastha, Maraga, Malaghawa, Matanggap, lan Mawwat.

4. Wirasa Wirasa utawa penjiwaan. Bisa salaras karo swasana , Prinsip Matanggap : Tanggap ing swasana (tahu situasi dan kondisi) , bisa girang gumbira, mesem ngguyu marang kang antuk kabegjan kanugrahan, bisa kucem luyu, susah sedhih belasungkawa marang kang nandhang dhuhkita.

B. Gladhen Praktik PranatacaraGladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 10

Bothekan :

Narkoba tumrape masyarakat Jawa diarani : lara ireng, madat, candu, nyeret. Candu lumebu ing tanah Jawa watara abad 17 dening VOC, iki pinangka salah sawijining strategi VOC kanggo nguwasani tanah Jawa, kanthi ngrusak wong-wong Jawa lumantar candu. Tahun 1677, Belanda lumantar VOC ngadani prajanjen karo Raja Mataram Amangkurat II. Isine prajanjen VOC njaluk nduweni hak monopoli impor lan dedagangan candu ing tlatah Mataram. Manut pakar candu Louis Charles Te Mechelen, inspektur Kepala Opium Regi lan Asisten Residen Juwana, Jawa Tengah,ing tahun 1882 siji saka wong cacah 20 pemadat, tukang nyeret.

Nyeret utawa candu kalebu tumindak ala kang ora pantes ditiru lan ditindakake dening sapa wae. Ana ing susastra Jawa Serat Wulangreh pupuh Wirangrong pada 10 -11 kasambung pada 18 – 21, Sri Paku Buwana IV paring wewaler (larangan) marang awake dhewe kang wose mangkene :

“Ana cacat patang prakara kang ala banget lan kudu didohi yaiku : wong madat (pecandu /narkoba), wong ngabotohan (main/judi), wong durjana (maling/penjahat) lan wong kang nduweni ati sudagar/pedagang ala.Wong madat iku kesed, lumuh nyambut gawe, rusak jasmani lan rohanine, yen mati sengsara, marga dadi tontonane wong akeh, nanging ewasemono ora padha kapok, mula patang prakara tumindak ala mau singkirana”.Ing pewayangan, mligine perangan Mosala Parwa, parwa kaping XVI saka buku Mahabharata dicritakake manawa Bangsa Yadawa lan negara Dwaraka utawa Dwarawati (bangsa lan negarane Sri Kresna) musna kelem keblabag lan kesapu tzunami, amarga bangsa Yadawa padha karem madat lan inum-inuman keras kang tundhone padha lali yen isih sabangsa temahan padha paten –pinaten lan wusana diadzab dening Dewa.

MICARA

KOMPETENSI DASAR

1.1 6.1 Praktik pembawa acara/ pranata adicara/ MC kegiatan sekolah Indikator :

1. Mendemonstrasikan pranatacara kegiatan sekolah 2. Melakukan penilaian terhadap teman sejawat atas praktik pranatacara3. Membetulkan kalimat wicara pranatacara dengan pilihan kata yang tepat

Page 11: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

1. Gawea kelompok, saben kelompok 4 – 5 siswa 2. Saben kelompok matah paraga kang bakal praktik sesorah ing ngarep kelas babagan

adicara kegiatan sekolah Umpamane :

Pelantikan Pengurus OSIS anyar Rapat Pengurus OSIS Ulang Tahun Sekolah Pengetan Maulud Nabi Pengetan Hari Kartini, Lsp.

3. Saben kelompok gawe teks pranatacara kang bakal diaturake ana ing praktik pranatacara bisa uga ngapalake teks wicara pranatacara kang wis ana ing buku

4. Saben kelompok diwakili salah siji siswa nindakake praktek pranatacara utawa teks wicara pranatacara diperang-perang lan diapalake bocah sakelompok manut bagiyane dhewe-dhwewe . Kelompok liyane mbiji.

C. Tuladha Teks PranatacaraPERPISAHAN KELAS IX

Assalamu’alaikum Wr. Wb.Nuwun ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu guru ingkang kula hormati, Bapak Ibu wali murid, tamu undangan ingkang kinurmatan, para kanca/kadang nunggal pawiyatan ingkang sutresna. Langkung rumiyin mangga kula dherekaken muji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan ingkang arupi kasarasan, sehengga ngantos wekdal menika panjenengan sedaya dalasan kula, saged ngrawuhi acara Perpisahan Kelas IX  SMP Tunas Muda Tahun 2012/2013Bapak Kepala Sekolah tuwin Bapak Ibu  guru ingkang dahat kinurmatan kula ingkang kadhapuk mingangka adicara, langkung rumiyin badhe ngaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening para kadang panitia.

1. Adicara ingkang sapisan Pambuka.2. Tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah.3. Tanggap wacana saking wakil kelas IX.4. Tanggap wacana saking wakil kelas VII/VIII.5. Panutup donga.

Bapak Ibu tamu undangan ingkang kinurmatan, mekaten urutaning adicara ingkang badhe lumampah ing wekdal menika. Bapak – ibu guru, raka kelas IX dalasan para kanca sumangga adicara punika kawiwitan kanthi maos basmallah sesarengan. Sumangga=====================Waosan Basmallah =================================Ngancik adicara ingkang kaping kalih inggih menika Tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah, ingkang menika dumatheng Bapak Suradi, M.Pd. minangka Kepala Sekolah sasana pangandikan mugi katur.================== Tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah================Matur nuwun dumatheng panjenenganipun Bapak Suradi, M.Pd.Adicara ingkang kaping tiga inngih menika Tanggap wacana sakil wakil kelas IX, dhumateng sederek Adam kasumanggaken.===================Tanggap wacana saking wakil kelas IX=====================Matur nuwun dhumateng sederek Adam.

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 11

Page 12: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Adicara ingkang kaping sekawan inngih menika Tanggap wacana sakil adik kelas wakil kelas VII/VIII, dhumateng sederek Bimo kasumanggaken.==================Tanggap wacana saking wakil kelas VII/VIII==================Matur nuwun dhumateng sederek Bimo.Salajengipun adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup minangka pranatacara ing adicara dinten menika, mbok bilih kathah kalepatan atur, kula nyuwun agunging pangaksama.Mingangka pratanda raos panuwun, ing pungkasan adicara menika, sumangga kita ngaturaken Puji Syukur dumatheng Gusti Allah SWT, kanthi sesarengan maos Hamdallah, Sumangga.================= Waosan Tahmid =================================Ing wasana cekap semanten. Sugeng kondur mugi-mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.

Tuladha Lembar Pambiji N

O

KELOMPOK WICARA WIRAMA WIRAGA WIRASA JUMLAH

1.

2.

3.

4.

RATA-RATA NILAI

KB : KURANG BECIK (50 – 65)CB : CUKUP BECIK ( 66 – 74)B : BECIK (75 – 89 )BB : BECIK BANGET (90 -100)

D. Mbenerake Pamilihing TembungTembung kang katulis miring ing ukara wicara pranatacara ing ngisor iki benerna!a. Langkung rumiyin sumangga kita sareng-sareng manjataken puji syukur konjuk

dhumateng ngarsanipun Allah SWTWangsulan : ......................................................................................................................................................................................................................................................................................

b. Acara ingkang sepindhah inggih menika pembikaan. Sumangga adicara punika kita milai kanthi berdoa

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 12

Created by Trial Version

Created by Trial Version

Created by Trial Version

Page 13: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Wangsulan : ................................................................................................................................................................................................................................................................ .....................

c. Nyuwun pangapunten dene kumawantun jumeneng wonten ngajeng panjenengan.Wangsulan : ......................................................................................................................................................................................................................................................................................

d. Ngaturi uninga bilih temanten kekalih badhe rawuh wonten ing tempat pelaminan.Wangsulan : ......................................................................................................................................................................................................................................................................................

e. Menginjak adicara ingkang kaping tiga inggih menika istirahat.Wangsulan : ......................................................................................................................................................................................................................................................................................

f. Adicara ingkang kaping enem lain-lain.Wangsulan : ......................................................................................................................................................................................................................................................................................

g. Dhateng Bapak Kepala Sekolah wekdal saha papan kula persilahaken.Wangsulan : ......................................................................................................................................................................................................................................................................................

h. Bapak ibu tuwin para lenggah ingkang kula hormatiWangsulan : ......................................................................................................................................................................................................................................................................................

i. Pertami-tami kula selaku pengacara ngaturaken pambagya wilujeng rawuh.Wangsulan : ......................................................................................................................................................................................................................................................................................

j. Saengga kita saged makempal ing tempat menika kanthi wilujeng.Wangsulan : ........................................................................................................................................................................................................................................................................................

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 13

KOMPETENSI DASAR7.1 Membaca teks pembawa acara/ pranatacara/ MC kegiatan sekolahIndikator :1. Membaca teks pranatacara kegiatan sekolah 2. Memberikan pengamatan dan penilaian terhadap penampilan teman sejawat Mengartikan

kata penting dengan tepat3. Menjawab pertanyaan isi bacaan

MACA

Page 14: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

A. Maca Teks Wicara PranatacaraWacanen teks wicara pranatacara ing ngisor iki kanthi wicara, wirama, wiraga lan wirasa kang trep!1. Gawea kelompok 4 -5 siswa2. Saben kelompok gladhen maca wicara pranatacara kanthi becik3. Saben kelompok bisa matah salah siji wakile utawa genti genten maca teks wicara

pranatacara4. Kelompok liyane mbiji, ana ing lembar kertas, dene format pambijine kaya sing ana

ing kaca 12

PAHARGYAN LUSTRUM KAPING 12 SMP TUNAS MUDA

Assalamu’alaikum, Wr.Wb. Bapak Kepala SMP Tunas Muda , Bapak Ibu guru, karyawan-karyawati miwah alumni SMP Tunas Muda ingkang dhahat kinurmatan Ustadz Drs. Sunardi Syahuri ingkang satuhu pantes sinudarsanaDalasan sagung tamu undangan ingkang winantu ing suka basuki.

Keparenga kula munggel pangandikan panjenengan sadaya, awit kula piniji panitya kinen ngaturaken urut reroncening Adicara Puncak Pahargyan Lustrum kaping 12 SMP Tunas Muda.

Nanging saderengipun kula ngaturaken rantamaning adicara punika, sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten sahandhap pepadaning Allah SWT, awit sadaya barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah saged kempal manunggal kanthi tebih ing rubeda nir ing sambekala.

Sagung tamu undhangan ingkang kinurmatan , keparengan panatacara murwakani lampahing titilaksana Adicara Puncak Pahargyan Lustrum kaping 12 SMP Tunas Muda. , kanthi ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun karantam dening panitya, nun inggih:

1. Pambuka2. Pasrah bebungah tumrap para juara pasanggiri (Penyerahan Hadiah Lomba)3. Pangandikan Kepala SMP Tunas Muda kalajengaken Pagas Tumpeng4. Tausyiah Syukur dening Ustadz Drs. H. Sunardi Syahuri5. Pasrah - tinampi ringgit wacucal (Semar) (Kepala SMP Tunas Muda – dhumateng Ki

Dhalang Edhi Suwondo) 6. Panutup.7. Pagelaran Ringgit purwa sedalu natas kanthi Lampahan : “Rama Nitis – Semar

Boyong” ingkang badhe katindakaken dening Ki Dhalang Edhi Suwondo.Para Bapak/ Ibu tamu undhangan ingkang satuhu dhahat kinurmatan, makaten menggah urut reroncening Adicara Puncak Pahargyan Lustrum kaping 12 SMP Tunas Muda ing dalu punika. Kasuwun wontena suka lilaning penggalih sagung tamu undhangan tansah hanjenengi ngantos dumugi paripurnaning adicara ing dalu punika. Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Sagung tamu undhangan ingkang satuhu kinurmatan,

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 14

Page 15: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Sumangga adicara ing dalu punika kawiwitan kanthi ndedonga jumbuh kaliyan kapitadosan sowang-sowang, dhumateng Bapak ibu tamu undhangan ingkang hangrasuk agami Islam kula dherekaken maos Basmallah sesarengan, wondene ingkang ngrasuk agami sanes kajumbuhna kaliyan gegebengan panjenengan, ndedonga kawiwitan ……........................................................................................................................................................cekap.Ngancik adicara kaping kalih : Pasrah bebungah tumrap para juara pasanggiri kangge mahargya pengetan Lustrum 12 SMP Tunas Muda ing tahun 2013. Dumateng ngarsanipun Seksi Lomba pandaya wara kula aturaken..............................................................................................................................................Makaten Pasrah bebungah tumrap para juara pasanggiri kangge mahargya pengetan Lustrum 12 SMP Tunas Muda ing tahun 2013. Dhumateng para juara kaaturaken ndherek bingah miwah matur nuwun awit partisipasinipun. Ngancik adicara kaping tiga atur pangandikan Kepala SMP Tunas Muda kalajengaken pagas tumpeng . Dhumateng ngarsanipun Bapak Drs. Suradi, M.Pd. wekdal saha pandaya wara kaaturaken. Sumangga………………………………………………………………………………Kalajengaken pagas tumpeng. Sasampunipun tumpeng kapagas dening Bapak Kepala SMP Tunas Muda tumuli kapasrahaken dhumateng ngarsanipun Ibu Dra. Niken Larasati pinangka pangarsa panitya Lustrum 12 SMP Tunas Muda

Sagung tamu minulya. Tumpeng tumrapipun tiyang Jawi nggadhahi pralambang saha tuntunan gesang Tumpeng saged dipunjarwani: Tumapaking penguripan, tumindak lempeng. Tegesipun tumpeng mujudaken panggantha utawi panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, supados tiyang ingkang munjukaken donga saha panggantha punika kalis ing sambekala, saha pikantuk kanugrahan, sarta lumebering sihing Pangeran.

Para leluhur sampun paring wasitatama bilih: “Lantiping panggrahita, landhepe panyakrabawa, gumantung ana titining ati sumaruna bangkit nyaring sarining sasmita” Gesang punika kebak sasmita sarta pralambang ingkang semu. Manungsa kedah sadhar. Kalamun kirang ing waspada saged dhawah wonten ing barang semu punika.

Sagung tamu minulya .Ndungkap adicara kaping sekawan : Tausyiah Syukur dening Ustadz Drs. H. Sunardi Syahuri

Dhumateng ngarsanipun Ustadz Drs. H. Sunardi Syahuri wekdal saha sasana wara kula aturaken. Sumangga.…………………………………………………………………………………………….............Makaten tausiyah syukur saking ustadz Drs. H. Sunardi Syahuri boten kesupen kaaturaken sewu agunging panuwun . Mugi-mugi punapa ingkang sampun dipunaturaken tansah dipunbundheli ing salebetipun ati sanubari miwah dipuntindakaken brayat ageng SMP Tunas Muda .Bapak/ Ibu tamu undhangan ingkang satuhu kinurmatan.

Ngancik adicara kaping gangsal: Srah tinampi tokoh ringgit Semar saking Kepala SMP Tunas Muda dhumateng ngarsanipun Ki Dhalang Edhi Suwondo. …………………………………………………………………………………………................Ingkang salajengipun Bapak Kepala SMP Tunas Muda kepareng hamasrahaken paraga/tokoh ringgit Semar dhumateng Ki Dhalang Edhi Suwondo.

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 15

Page 16: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Bapak/ Ibu sagung tamu minulya, kanthi paraga Semar ingkang sampun kaasta dening Ki Dhalang Edhi Suwondo ateges pagelaran ringgit purwa sadalu natas kanthi Lampahan “Rama Nitis – Semar Boyong” tumuli kawiwitan.

Sagung tamu minulya kanthi punika reroncening Adicara Puncak Pahargyan Lustrum kaping 12 SMP Tunas Muda ndungkap paripurna

Dhumateng sedaya pehak ingkang sampun paring panyengkuyung murih gancar miwah regenging pahargyan Lustrum kaping 12 SMP Tunas Muda panitya ngaturaken sewu agunging panuwun ingkang tanpa upami.

Wondene kula pribadhi ingkang ndherekaken lampahing adicara ing dalu punika bok bilih kirang runtut tumapaking adicara, kirang leres rumpakaning basa, miwah kirang mapan ing reh subasita, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Tebah siti sekul binuntel roning kalapa. Apuranta menawi wonten lepat kawula.

Sumangga adicara ing dalu punika kapungkasan kanthi ndedonga jumbuh kaliyan kapitadosanipun sowang-sowang. Dhumateng ingkang ngrasuk agami Islam kula dherekaken maos Tahmid sesarengan. Sumangga ………………. ...Matur Nuwun.

Wekdal salajengipun kula aturaken dhumateng Ki Dhalang Edhi Suwondo sakanca. Sugeng wungon- sugeng hamriksani pagelaran ringgit purwa sedalu natas kanthi Lampahan “ Rama Nitis – Semar Boyong” ingkang katindakaken dening Ki Dhalang Edhi Suwondo saking Pajangan, Sleman, miwah dipunregengaken Bintang Tamu: Ibu Yuningsih utawi Mbok Dhe Beruk .

Wasana kanthi asesanti Jaya-jaya wijayanti SMP Tunas Muda tansah jaya. Dirgahayu SMP Tunas Muda Nuwun- nuwun – Matur Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

B. Negesi Tembung WigatiGolekana tegeese tembung-tembung wigati iki ana ing sisih tengene!

1. Pahargyan :.........................................

2. Lustrum : ........................................

3. Pantes sinudarsana : ........................................

4. Sahandhap pepadane : .......................................

5. Bebungah : ........................................

6. Pasanggiri : ........................................

7. Tausiyah : ........................................

8. Ringgit wacucal : ........................................

9. Pandaya wara : ........................................

10. Pagas tumpeng : ........................................

11. Wasitatama : ........................................

12. Lantiping panggrahita : .......................................

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 16

Pandakwa, pangira-ira

Pitutur becik Landhepe pikiran Microfon Wayang kulit Lomba Hadiah Ngethok tumpeng Pantes dituladha Panjang umur Mapag/methuk Pitutur, nasehat Sangisore

sikil(sumungkem) Pengetan 5 tahun-an Pituduh

Page 17: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

13. Panyakrabawa : .......................................

14. Pandam pandom : .......................................

15. Dirgahayu : ........................................

C. Mangsuli PitakonanWangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi basa krama!1. SMP Tunas Muda mahargya Lustrum kaping 12 , iki ateges umure SMP Tunas Muda

wis pirang taun?Wangsulan

: .......................................................................................................................................................................................................................................................................................

2. Sapa wae sing rawuh ana ing adicara puncak pahargyan lustrum kaping 12 SMP Tunas Muda kasebut?Wangsulan

: ..........................................................................................................................................................................................................................................................................................

3. Tulisna sing kalebu muji syukur mring Gusti ing teks wicara pranatacara kasebut!Wangsulan: ..........................................................................................................................................................................................................................................................................................

4. Adicara apa wae kang digelar ana ing puncak pahargyan lustrum kaping 12 SMP Tunas Muda iku?Wangsulan

: ..........................................................................................................................................................................................................................................................................................

5. Apa maknane tumpeng iku?Wangsulan

: ..........................................................................................................................................................................................................................................................................................

6. Apa karepe ukara : “Lantiping panggrahita, landhepe panyakrabawa, gumantung ana titining ati sumaruna bangkit nyaring sarining sasmita”Wangsulan

: ..........................................................................................................................................................................................................................................................................................

7. Wenehana tuladha pralambang kang isi pitutur luhur tumrape wong Jawa saliyane tumpeng, andharna tegese !Wangsulan

: .........................................................................................................................................................................................................................................................................................

8. Apa tebusane ukara wangsalan iki ?

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 17

Page 18: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Tebah siti sekul binuntel roning kalapa. Apuranta menawi wonten lepat kawula.Wangsulan

: ..........................................................................................................................................................................................................................................................................................

9. Apa wae sing diaturake dening pranatacara ing perangan panutup ana ing teks wicara pranatacara ing dhuwur?Wangsulan

: ..........................................................................................................................................................................................................................................................................................

10. Apa lakon wayang kang digelar ing adicara puncak pahargyan lustrum kaping 12 SMP Tunas Muda iku?Wangsulan

: .........................................................................................................................................................................................................................................................................................

A. Kaligrafi Aksara Jawa / Kridha Aksara JawaKaligrafi iku seni nulis endah mawa gambar kanthi cakrik wewangunan maneka warna. Bisa kewan, wayang, utawa wewujudan liyane. Perangkat aksara Jawa kanthi daya cipta, rasa lan karsa bisa rineka dadi kagunan karya aksara Jawa kang duwe nilai estetika lan nduweni pengaji kaendahan kang tanpa winates.

B. Carane Gawe Kaligrafi 1. Tulisen dhisik unen-unen utawa tetembungan iku nganggo aksara Jawa

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 18

NULIS

KOMPETENSI DASAR8.4 Menulis Kreatif Kaligrafi Jawa Indikator :

1. Menentukan sesanti, paribasan, bebasan, saloka yang akan dibuat kaligrafi2. Menuliskan sesanti, paribasan, bebasan, saloka dengan aksara Jawa3. Memilih bentuk kaligrafi yang sesuai dengan bunyi sesanti, paribasan, bebasan, dan

saloka4. Membuat kaligrafi dengan aksara Jawa

Page 19: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

2. Miliha wewangunan sing kokkarepake, bisa digambar luwih dhisik nganggo potlot lan dikira-kira tulisan kasebut bisa cocok karo wewangunansing kokkarepake

3. Ngetrapake tulisan Jawa ing wewangunan sing kok gambar mau4. Tulisane bisa diwangun miturut kreasimu dhewe-dhewe bisa awujud kewan,

wayang, lsp.5. Diwenehi rupa warna-warni supaya endah.

(Marsono, 2010: 71)C. Gladhen

Gawea kaligrafi Jawa kanthi milih tetembungan ing ngisor iki!1. Jer basuki mawa beya2. Sapa salah seleh3. Ana catur mungkur4. Becik ketitik ala ketara5. Ing ngarsa sung tuladha6. Tut wuri handayani7. Rawe rawe rantas malang-malang putung8. Desa mawa cara negara mawa tata9. Rukun agawe santosa crah agawe bubrah10. Sepi ing pamrih rawe ing gawe

D. Tuladha Kaligrafi Jawa

sarwoono.blogspot.com

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 19

Page 20: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

I. Wangsulana kanthi menehi tandha ping (X) ana ing aksara a, b, c, utawa d tumrap wangsulan kang kok anggep bener!

1. Pawongan kang nduweni jejibahan nglantarake adicara diarani .....a. Pamedhar sabdab. Dwijawarac. Pranatacarad. Duta saraya

2. Adicara/ acara ana ing sripah utawa lelayu diarani ....a. Adiwicarab. Adilaya c. Gitawicarad. Adipralaya

3. Sangune tumrap pranatacara kaya ing ngisor iki, kajaba ....a. Olah Basa lan sastrab. Olah Subasitac. Olah Busanad. Olah rasa

4. Pocapan/lafal pranatacara kudu cetha, wirama becik , iki ateges nggatekake ….a. Olah swarab. Olah basac. Olah sastrad. Olah wirama

5. Tembung liya pranatacara kaya ing ngisor iki, kajaba ....a. Pambiwarab. Pranata adicarac. Pranata titi laksanad. Juru paniti priksa

6. MC iku cekakan saka tembung ....a. Mistery of Ceremonyb. Mastery Ceremonyc. Master of Ceremonyd. Masgiter of Ceremonial

7. “Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang dhahat……keparenga kula matur, pinangka pranatacara……lst”a. kula tresnanib. kinurmatan c. pantes luhuring budid. tansah kinabekten

8. Pehak-pehak kang melu nyengkuyung murih jejibahan pranatacara bisa sukses yaiku ...a. Fotograferb. dekorasic. pangrengga swara (sound system) d. catering

9. “Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya ….lst”Tembung mambeng ing ukara kasebat tegesipun ….a. Ngurangib. nambahic. Nyuwund. ngalangi

10. Tuladha wicara pranatacara ingkang leres inggih menikaa. Menginjak adicara ingkang kaping

gangsal inggih menika lain-lainb. Ndungkap adicara ingkang kaping

gangsal inggih menika mancawarni

c. Samenika acara ingkang kaping gangsal inggih menika sanes-sanes

d. Dumugi susunan acara ingkang kaping gangsal inggih menika mancawarni

11. Ukara ingkang trep kangge murwakani adicara tuladhanipun ….a. Ingkang sepindhah sumangga kita

sareng-sareng ngaturaken puji syukur dhateng Gusti

b. Kangge mbikak adicara punika sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhateng Gusti

c. Pertami-tami sumangga kita sesarengan panjataken puji syukur dhateng Gusti

d. Ingkang sepisan sumangga kula lan panjenengan ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti

12. Ingkang saged dipunaturaken dening pranatacara wonten ing perangan

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 20

GLADHEN UJI KOMPETENSI WULANGAN 1

Page 21: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

panutup kados ing ngandhap menika , kajawi ….a. ngaturaken pambagya harjab. nyuwunaken pangapunten kagem

ingkang hamengku gati/panityac. nyuwun pangapunten menawi

anggenipun nindakaken ayahan wonten lepatipun

d. ndherekaken ndedonga13. SMP Tunas Muda mahargya Lustrum

kaping 12. Iki ateges umure SMP Tunas Muda wis ngancik ..... taun a. 45 taun b. 50 taunc. 60 taund. 65 taun

14. Ngancik adicara kaping tiga lain-lain. Tembung lain-lain, becike diganti tembung ....a. Sanes-sanesb. Sumenec. Mancawarnid. Warna-warna

15. Waspadakna ukara ing ngisor iki!(1) Kupat janure tuwa menawi lepat

nyuwun pangapura(2) Jenang sela wader kalen

sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kawula

(3) Tebah siti sekul binuntel roning kalapa, apuranta sedaya lepat kawula

(4) Kupat kecemplung santen, menawi lepat nyuwun pangapuntenKang kalebu ukara wangsalan kanggo nutup adicara yaiku....

1. (1), (2)2. (3), (4)3. (2), (3)4. (1), (4)

16. Tembung tumpeng saged dipunjarwani .....a. Tumapaking panguripan tumindak

lempeng b. Tumindak lempengc. Metune mesthi lempengd. Tindaka sing lempeng

17. Pawongan kang maca pawarta ana ing radhio utawa televisi diarani.….

a. panatacara b. presenterc. starter d. Lawyer

18. Cara ngetrapake piwulang maca pawarta kacetha ing ngisor iki, kajaba …a. Menehi pitakonan marang para

pamiyarsa bab-bab sing nembe diwaca, pinangka

pratandha yen entuk kawigatenb. Nulis pokok-pokok isine pawartac. Maca pawarta kanthi benerd. Mangsuli pitakonan kang ana

sambung rapete karo isine pawarta sing diwaca

19. Tukang golek pawarta ing layar kabar diarani …..a. editor b. wartawan c. reporterd. redaktur

20. Nyemak pawarta iku wigati kanggone masyarakat jaman saiki, mumpangate nyemak pawarta yaiku …. a. mangerteni mlakune jaman b. tambah pasrawunganc. tansaya kethul pikirane d. mangerteni gosip paling anyar

21. Jenis-jenis narkoba kayata: ganja, morfin, sabu-sabu lsp yen ana ing bebrayan Jawa diarania. lara setu b. lara ireng c. Lara ayud. Lara branta

22. Ana ing crita Mahabharata dicaritakake menawa curese bangsa Yadawa iku jalaran padha minum-minuman keras lan padha madat. Crita Iki ana ing parwa ....a. Adiparwab. Sabhaparwac. Udyogaparwad. Mosalaparwa

23. Aja srawung karo bocah sing seneng ngrokok, mabuk-mabukan lan madat sebab bisa ketularan, kaya unine saloka .....a. Belo melu setonb. Sandhing kirik gudhigenc. Palang mangan tandurd. Kebo nusu gudel

24. Narkoba iku cekakan saka ....a. Narkotika dan obat-obatan

berbahaya

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 21

Page 22: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

b. Narkotika dan obat-obatan terlarang

c. Narkotika dan zat adiktifd. Narkotika dan obat-batan adiktif

25. Wong kang nggunakake narkoba malah saya ndadra. Sing dudu tegese ndadra yaiku .....a. Ndrebalab. Saya akehc. Mundhak akehd. Saya suda

II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki !1. Tulisna sangune pranatacara

iku apa wae!Wangsulan : ..............................................................................................................................................................................................................................................................

2. Gawea rantaman adicara perpisahan kelas IXWangsulan : ..............................................................................................................................................................................................................................................................

3. Tulisna 4 W kanggo praktik pranatacara lan terangna karepe!Wangsulan : .................................................................................

...................................................

...................................................

...................................................

....................4. Tulisna cengkorongan baku

wicara Pranatacara!Wangsulan : ...........................................................................................................................................................................................................

5. Gawea ukara poster anti narkoba nganggo basa Jawa!Wangsulan : ...................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 22

Wulangan

6 SESORAH KEGIATAN SEKOLAH

NYEM

KOMPETENSI DASAR

5.3. Mengungkapkan dan menanggapi teks sesorah dalam kegiatan sekolah

Indikator :1. Memhami hal-hal yang berhubungan dengan keterampilan sesorah2. Mengartikan kata-kata penting dalam sesorarh3. Mengidentifikasi pokok-pokok isi sesorah dengan cermat dan tepat4. Menjawab pertanyaan isi sesorah

Page 23: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

A. Sesorah1. Tegese Sesorah

Sesorah, pidhato, tanggap sabda, medhar sabda yakuwi njlentrehake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud ukara-ukara kang diucapake ing sangarepe wong akeh

2. Tujuane/Ancase Sesoraha. Kanggo menehi hiburan

Yaiku menehi hiburan marang pamidhanget (pendengar), mula tanggapan saka pamidhanget, pamidhanget kaangkah rumangsa seneng lan marem

b. Kanggo menehi informasiKaangkah pamidhanget bisa mangerti lan paham marang apa sing dingendikakake pamicara

c. Kanggo nggerpol/ajak-ajak/ mengaruhi Kang ngrungokake supaya nindakake apa kang dikarepake dening pamicara

3. Teknik/Cara-Cara Sesoraha. Sesorah kanthi bebas/ tanpa teks

Tuladha sesorah atur pambagya harja ana ing pahargyan temanten, lsp.

b. Sesorah kanthi nggunakake teksTuladha sesorah tumrap Presidhen Guberbur, laporan pertanggungjawaban

c. Sesorah kanthi dadakan/spontanitas/ impromptuSesorah kang tanpa dirancang, tanpa dinyana sadurunge dening pamedhar sabda, ujug-ujug ketiban sampur supaya matur/ngendika dening MC

d. Sesorah kanthi apalan Pamicara sadurunge wis ngrancang teks/naskah sesorah banjur diapalake

e. Sesorah kanthi ekstemporan Pamedhar sabda mung nyiapake pokok sawijining bab/masalah kang bakal

diwedharake banjur kanthi pengalaman, lan bumbu-bumbu leucon mekarake kerangka/pokok pikiran mau ana ing sesorahe.

4. Bab kang Kudu Digatekake Nalika Sesoraha. Basa kang digunakake kudu laras karo:

Sapa sing medhar sabda Sapa sing tumanggap Apa sing diwedharake (dirembug) Kepriye swasanane (papan, wektu, kahanane) Apa ancas tujuane sesorah mau

b. Solah BawaSolah bawa utawa patrap (sikap) sing mantep lan teteg, ngadeg jejeg, tangan ngapurancang lan anteg (ora kakehan obah sing ora prelu), ora ndangak utawa ndhungkluk terus.

c. Wiramaning swara

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 23

Page 24: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Kepenak dirungokake ora keseron, ora kelirihan, cetha, ora groyok, ngerti lan tanggap karo swasanane

d. Ageman/ BusanaResik, rapi, sopan, laras karo kahanan lan swasanane. Carane busana uga kudu bener lan pener (nganggo peci, setut, dhasi, lsp) Ageman uga kudu laras karo pamirenge lan acarane: jas-jasan, kejawen, hem lengen dawa, bathik lsp.

e. Carane Ngadeg ing PodiumSadurunge diwenehi wektu dening MC, becike pamicara lungguh ing papan sing rada ndhelik kanggo nuwuhake daya kejut pamireng

f. Carane Nggoceki MikrofonMikrofon kang ana standare ora perlu digoceki bola-bali amarga bisa muni lan mbrebegi, dene mikrofon kang ora ana standare digoceki lumrah wae, aja dolanan kabel utawa nggaya kaya penyanyi neng panggung. Mikrofon karo lambe aja kecedhaken utawa kadohan.

5. Urutan Cengkorongan Sesoraha. Uluk Salam/ Salam Pambuka

Isine ngucapake salam marang para tamu/pamireng kalarasake karo swasana lan pamireng.

b. PamujiIsine muji syukur lan panuwun marang Gusti dene bisa kumpul ing adicara iku kanthi slamet lan uga panyuwunan murih adicara kasebut bisa lancar kalis nir ing sambekala

c. Wigatining Atur/IsiIsine ngaturake apa sedyane/ karepe dene para tamu/ pamireng diaturi rawuh ing adicara iku

d. Pangarep-arepIsine nyuwun donga pangestu supaya apa sing digayuh bisa kaleksanan

e. PanutupIsine nyuwun pangapura menawa ana kaluputane lan kekurangane anggone matur

f. Salam Panutup

B. Tuladha Sesorah Kegiatan Sekolah Model macakake teks sesorah, dene liyane nyemak.

SESORAH PENGETAN DINA KAMARDIKAN

Bismilahirrahmannirrakhim.Assalamu’alaikumWr.Wb. Para siswa sing daktresnani lan dak gadhang-gadhang. Luwih dhisik ayo muji syukur konjuk ngarsa dalem Allah SWT, kang tansah paring berkah marang awake

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 24

Page 25: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

dhewe, dene awake dhewe bisa nindakake kegiatan sekolah kanthi ati kang bungah. Aku minangka kepala sekolah SMP Tunas Muda rumangsa mongkog . Bocah-bocah wis bisa gotong royong tumandang gawe, mengeti dina kang tansah dadi pengeling-eling tumprap bangsa Indonesia yaiku dina kelahiran negara kita.Kamardikan Indonesia minangka asile para leluhur kang berjuang mbebasake bangsa lan negara Indonesia saka cengkeremane penjajah. Kamardikan negara kita kanthi banten jiwa raga kang tanpa wilangan cacahe. Ing wengi iki prayoga banget dianakake malem tirakatan malem 17 an. Kegiatan iki penting kanggo ngeling-eling para leluhur, para pejuang anggone mbudidaya nggayuh kamardikan. Acara iki kanggo nglimbang-nglimbang sepira gedhe lan luhure lelabuhan kanggo ngluwari negara kita saka cengkeremane penjajah. Menawa jaman semana para pejuang wis ngorbanake jiwa raga kanggo nggayuh kamardikan. Banjur apa kang kudu ditindakake awake dhewe saiki? Kowe kabeh kudu mbudidaya supaya kamardikan kita iki ora uwal maneh. Carane ora kudu perang kaya para leluhur,pejuang 64 taun kepungkur. Kowe kabeh kudu bisa nggunakake lan ngisi kamardikan kanthi becik manut kuwajibane dhewe-dhewe, amarga kowe kabeh isih sekolah, cukup ngulinakake sinau kanthi sregep lan becik. Pelajar kuwajibane belajar, sinau sing sregep. Ana paribasan “Ulat madhep ati karep “ , Gegayuhan bisa kasembadan menawa disranani pambududaya kanthi temen. Duwe panggayuh kudu digayuh, duwe panjangka kudu dijangkah, marga kepenak iku ora bisa teka dhewe.

Dadi siswa aja kakehan sembrana, dolan ora karuwan. Yen kakeyan dolan awak kesel dadine lesu sinau. Wektune entek ora ana wektu kanggo sinau. Yen nonton TV kudu bisa milah lan milih, endi sing prayoga ditonton, endi sing ora pantes ditonton. Tayangan TV ora kabeh migunani. Ana tayangan TV sing grusak moral. Contone marga nonton TV banjur tiru tingkah polahe. Kamangka sing ditiru iku paraga kang ninggal kasusilan, tundhone dadi rerasanan wong akeh. Bocah, kebo dicacah.Tumprape bocah isih seneng neniru apa sing dideleng sing penting seneng. Mula padhaa sregep sinau supaya dadi wong kang migunani tumprap nusa bangsa. Aja mung migunani kanggo pribadi nanging uga tumrap negaramu iki.

Welingku kanggo para siswa, aja nganti uwal saka gegayuhan. Kabeh padha ngrasakake yen godhane akeh. Kaanan saiki padha ngumbar kasukan, kadonyan, kanepson, tumindak nuruti karepe dhewe, kala mangsane ninggal kasusilan lan kamanungsan. Tuladhane, merjaya uwong nganggo cara mutilasi. Mrawasa bocah kang durung umur. Njarah rayah lan ngrusak barang-barang sawiyah-wiyah.Mula pangarep-arepku kanggo para siswa. Kowe mbesuk bakal nggenteni mranata negara lan bangsa iki, idham-idhaman wujud katentreman, karaharjan, keadilan bangsa lan negara iki bisa kasembadan.

Damar mancung, cinupet cukup semene dhisik minangka sesorah ing wengi iki, yen ana cewed lan luput anggonku matur muga diagung ing pangaksama.Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

B. Negesi Tembung Golekana tegese tembung-tembung iki kanthi milih wangsulan kang wus cumawis ana ing njeron kothak sisih tengen kanthi menehi tandha panah!

1. Mongkog Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 25

Upet Seneng-seneng Mateni Pasemon, praen Labuh-labet Ditimbang-timbang Kaslametan

Page 26: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

2. leluhur

3. cengkeremane

4. banten

5. wilangan

6. gugur

7. nggayuh

8. tirakatan

9. mbudidaya

10. nglimbang-nglimbang

11. lelabuhan

12. uwal

13. kasembadan

14. ulat

15. kasukan

16. merjaya

17. mutilasi

18. mrawasa

19. karaharjan

20. damar mancung

C. Mangsuli PitakonanWangsulana pitakon iki nganggo basa krama!1. Sinten ingkang kajibah medhar sabda wau?

Wangsulan: .................................................................................................................

................................................................................................................................

...............

2. Anggenipun pidhato rikala menapa?Wangsulan

: ................................................................................................................................................................................................................................................................

3. Menapa suraos utawi isinipun sesorah?Wangsulan

: ................................................................................................................................................................................................................................................................

4. Wonten ing pundi kedadosanipun?

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 26

Upet Seneng-seneng Mateni Pasemon, praen Labuh-labet Ditimbang-timbang Kaslametan

Page 27: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Wangsulan: .................................................................................................................

................................................................................................................................

...............

5. Menapa pesenipun kangge para siswa? Wangsulan

: ................................................................................................................................................................................................................................................................

6. Menapa sebabipun para siswa perlu mengeti dinten kamardikan?Wangsulan : ...............................................................................................................................................................................................................................................................

7. Menapa tegeseipun paribasan Ulat madhep ati karep?Wangsulan : ................................................................................................................................................................................................................................................................

8. Kados pundi caranipun ngisi kamardikan tumrap para siswa?Wangsulan : ...............................................................................................................................................................................................................................................................

9. Menapa tegesipun pinangka siswa kedah saged milah lan milih menawi nonton acara TV?Wangsulan : ...............................................................................................................................................................................................................................................................

10. Menapa tegesipun ukara wangsalan menika : “Damar mancung, cinupet tekan semene?Wangsulan : ................................................................................................................................................................................................................................................................

A. Kawruh Sesorah

1. Carane Mbuka Pidhato

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 27

KOMPETENSI DASAR

1.2 6.4 Praktik pembawa acara/ pranata adicara/ MC kegiatan sekolah Indikator :

1. Mendemonstrasikan pranatacara kegiatan sekolah 2. Melakukan penilaian terhadap teman sejawat atas praktik pranatacara Membetulkan kalimat

wicara pranatacara dengan pilihan kata yang tepat

MICARA

Page 28: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

a. Ngucapake rasa syukurb. Nyritakake pengalaman kang ana gegayutane karo isi pidhato.c. Nyritakake crita ilustrasi kang sipate umumd. Crita lelucon (menawa ora resmi)kang ana gegayutane karo isi pidhatoe. Nepungake awake dhewef. Njlentrehake gegambaran umum isine pidhatog. Nyebutake fakta pamirengh. Nyebutake tuladha kang nyata, yakuwi prastawa kang ana gegayutane karo isi

pidhatonei. Nyebutake kutipan panemune sawijining tokoh (pendapat), paribasan, semboyan,

buku, utawa kitab suci, lagu, geguritan, lsp kang ana sesambungane karo isi pidhatoj. Menehi kesempatan pamireng supaya melu atur rembug, contone nganggo

pitakonank. Nganggo barang kanggo maragakake, barang kang dianggo kudu ana

sesambungane karo perkara kang dipidhatokake

2. MiturutPendekatan Isi Pidhatoa. Pendekatan Intelektual

Digunakake manawa pamirenge duwe pendidikan kang cukup

b. Pendekatan MoralDigunakake yen pamirenge seneng melu kegiatan moral, apa maneh moral keagamaan. Pamicara bisa nganggo kutipan ayat suci utawa liyane kang cocok.

c. Pendekatan EmosionalDigunakake yen pamirenge kurang pendidikan. Pamireng kang kaya mangkono gampang anggone nampa isine pidhato manawa disenggol semangate, kabutuhane, lingkungane , lsp

3. Cara Nutup Pidhatoa. Ngringkes/nyimpulakeb. Ngalem pamirengec. Nganggo ukara lucud. Ngajak-ajake. Nganggo ukara (semboyan, motto, peribahasa) kang wis kondhangf. Nganggo Parikan/wangsalan

B. Tuladha Teks Sesorah1. Teks sesorah ing ngisor iki praktekna kanthi teknik apalan utawa ekstemporan, yaiku

kanthi nyathet bab-bab wigati kang bakal diaturake ing sesorah, nuli praktekna ing ngarep kelas kanthi lafal, intonasi, patrap lan ekspresi kang trep!

2. Siswa liya/ Kelompok liyane nyemak lan mbiji siswa/kelompok sing maju praktik

SESORAHE WAKIL SISWA ING ACARA HALAL BI HALAL

Assalamu’alaikum wr. WbBapak Kepala Sekolah SMP Tunas Muda ingkang satuhu kinurmatan,

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 28

Page 29: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Bapak ibu guru saha karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca ingkang tansah bagya mulya.

Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung, katitik wekdal menika kita sedaya saged manunggal pepanggihan ing papan menika kanthi rahayu wilujeng nir ing sambekala.Keparenga kula ingkang piniji minangka wakil saking para siswa, ngaturaken sugeng riyadi, nyuwun pangapunten sedaya kalepatan kula sakanca dhumateng Bapak/ Ibu guru saha karyawan SMP Tunas Muda . Mugi Gusti Ingkang Maha Welas saha Asih nampi pangapunten kula lumantar panjenengan sedaya. Mugi-mugi ugi katampi amal ibadah kita, tansah kaluberaken ing karahayon, kabagyan, lan keslametan dhateng kita sedaya, Amin............ Kula nggadhahi pangajab mugiya acara menika dados sarana nglebur dosa antawisipun sesami, ingkang rumaos lepat boten kaambali malih ing wekdal candhakipun. Awit kalepatan, dosa, lan khilaf menika sandhanging tiyang gesang. Sumangga kita sedaya tansah mulat sarira , amrih tiyang gesang kita tansah bagya mulya.

Cekap semanten atur kula, menawi wonten kaladuking wicara saha solah bawa ingkang boten ndadosaken rena ing penggalih Bapak Ibuk guru, karyawan sarta para kanca, kula nyuwun agunging pangaksama.....Nuwunn,, Wassalamu’alaikum wr. wb.Tuladha Lembar Pambiji

NO KELOMPOK WICARA WIRAMA WIRAGA WIRASA JUMLAH

1.

2.

3.

4.

RATA-RATA NILAI

KB : KURANG BECIK (50 – 65)CB : CUKUP BECIK ( 66 – 74)B : BECIK (75 – 89 )BB : BECIK BANGET (90 -100)

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 29

MACA

KOMPETENSI DASAR7.3 Membaca teks sesorah kegiatan sekolah

Indikator :1. Membaca teks sesorah kegiatan sekolah dengan menggunakan lafal, intonasi, nada

sikap, dan ekspresi 2. Memberikan pengamatan dan penilaian terhadap penampilan teman lain

Page 30: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

A. Maca Teks Sesorah1. Teks sesorah ing ngisor ing ngisor iki wacanen ing ngarep kelas kanthi temenan

kaya patrape wong sesorah ing sangarepe tamu undhangan. Aja mung kaya maca naskah wacan biasa. Gatekna pangucaping tembung (wicara) , pamedhoting ukara, intonasi, (wirama) , greget utawa semangat (wirasa) lan solah bawa (wiraga)

2. Siswa utawa kelompok siswa liyane nyemak lan mbiji, sarta wenehana komentar bab kaluwihan lan kekurangane kancamu anggone maca teks sesorah mau. Dene lembar format kanggo mbiji kaya ing wulangan kang wus kawuri. Yen wis rampung anggone mbiji aturna bapak/ibu guru

B. Tuladha TANGGAP WACANA LULUS UJIAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kasugengan, Karaharjan mugi tansah kajiwa, kasarira, dhumateng kula-panjenengan sedaya. Amin.

Panjenenganipun Bapak Suradi,M.Pd. pinangka kepala SMP Tunas Muda ingkang satuhu kinabekten

Bapak/Ibu guru sarta karyawan SMA … ingkang satuhu kinurmatan ; sarta para kanca kelas …. Ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin, sumangga ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng paring karohmatan ingkang awujud kasarasan sarta kalodhangan, satemah saged manunggal ing aula SMP Tunas Muda   kanthi boten wonten alangan setunggal menapa.

Para Bapak, Ibu, tuwin para lenggah sedaya, kula minangka wakil para kanca kelas IX , mboten kesupen ngambali atur wilujeng rawuh kairing agunging panuwun, dene sampun kersa rawuh ing adicara menika.

Kejawi menika, kula ugi ngaturaken panuwun dhateng Bapak Kepala SMP Tunas Muda ingkang sampun kersa nampi sarta mangku sadaya sarana, ubarampe tuwin samudayanipun amrih cekapipun pepanggihan menika. Mugi-mugi kesaenaning  penggalih kaparingana nugrahaning Pangeran Ingkang Maha Asih. Kula sakanca nyuwun pangapunten kanthi sanget boten saged nyaosi piwales menapa-menapa.

Bapak-bapak, Ibu-Ibu Guru, bapak-Ibu Wali Murid sarta para kanca sedaya, wosing atur kula sedaya kelas IX ngaturaken syukur alkhamdulillah dhumateng Gusti Ingkang Maha Rahiim ingkang sampun ngijabahi doa-doa kula dalasan para kanca siswa kelas IX temahan ing Ujian nasional sarta Ujian Sekolah wekdal menika saged lulus sarta tamat 100%.

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 30

Page 31: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Dene ingkang kaping kalih, kula minangka wakilipun para kanca matur nuwun sanget dhumateng para Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun kersa maringi piwucal, kawruh, wewarah, miwah pitedah ingkang murakabi. Boten langkung kula sakanca nyuwun pangestu mugi-mugi saged nglajengaken sinau ing tataran ingkang langkung inggil kanthi gangsar.

Wondene atur ingkang kaping tiga, kula pitados bilih kula sakanca ruumiyin asring sami nakal, boten nggega dhawuh, nerak angger-anggering sekolahan, lan sanes-sanesipun. Sadaya wau temtu damel runtikipun penggalih. Ingkang menika kula sedaya siswa kelas IX rumaos getun keduwung sanget. Pramila kula sedaya  nyuwun, pangapunten .

Para Bapak/Ibu Guru, Bapak/Ibu  Wali Murid, sarta para kanca sedaya, mekaten atur kula. bokbilih wonten kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun lumunturing sih pangaksami.

Akhirul kalam, Wabilahiitaufiq wal hidayah… Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Wangsulana kanthi milih jawaban a, b, c utawa d sing trep!

1. Sing rawuh ana acara syukuran kalulusane kelas IX kuwi antarane ing ngisor iki kajaba …a. Pimpinan SMP c. ParaGurub. ParaKaryawan d. Para alumni

2. Bapak Suradi, M.Pd. kuwi ngasta dadi … SMP Tunas Muda. Tembung kang trep kanggo ngisi titik-titik yaiku :a. Pangarsa c. Gurub. Karyawan d. Wali murid

3. Wosing atur wakil saka kelas IX kaya ana ngisor iki kajaba …a. Agunging panuwun ing ngarsa Gusti Ingkang Maha Rahimb. Matur nuwun dhumateng bapak ibu guruc. Nyuwun pangapunten awit ndamel runtiking penggalihd. Nyuwun sami angestreni menawi ketampi wonten sekolah tataran langkung inggil

4. Inti utawa wosing atur wakil siswa IX cacahe ana …paragraph.a. 2                    b.  3                    c.  4 d.  5                 

5. Kenangapa atur wakil saka kelas IX ngaturake puji syukur marang Allah SWT?a. Jalaran diparingi sih pitulungan kanthi lulus lan tamat 100%b. Jalaran diparingi  piwucal, wewarah lan seserapanc. Jalaran diparingi pitedah ingkang sanget murakabid. Diparingi saged nglajengaken wonten tataran ingkang inggil

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 31

Pendalaman Materi

Page 32: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

6. Ing ngisor sebab-sebab  atur wakil saka kelas IX  matur nuwun dhumateng Bapak ibu guru , kajaba …a. Kersa maringi piwulangb. Kersa maringi idin kanggo nerusake sekolahc. Kersa maringi pituduhd. Kersa maringi ngelmu kang migunani

7. Ing ngisor iki sebab-sebab atur wakil kelas IX nyuwun pangapura , kajaba …a. Kerep nakal c. ora tau mlebu sekolahb. Ora nggugu dhawuh d. nerak aturan/tata tertib sekolah

8. Ing ngisor iki kang kalebu sapa aruh, yaiku ....

a. Salam kasugengan, salam karaharjan mugi tansah kajiwa, kasarira, dhumateng kula-panjenengan sedaya. Amin.

b. Panjenenganipun Bapak Suradi, M.Pd. , pangarsanipun pawiyatan SMP Tunas Muda ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;

c. Bapak/Ibu guru sarta karyawan SMP Tunas Muda ingkang kinurmatan ; sarta para kanca kelas …. Ingkang kula tresnani.

d. Langkung rumiyin, sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT

9. Dene sing kalebu ngaturake puji syukur marang pangeran yaiku …

a. Panjenenganipun Suradi, M.Pd. , pangarsanipun pawiyatan SMP Tunas Muda ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;

b. Bapak/Ibu guru sarta karyawan SMP Tunas Muda ingkang satuhu sinudarsana; sarta para kanca kelas …. Ingkang kula tresnani.

c. Langkung rumiyin, sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT .....

d. Para Bapak, Ibu, tuwin para lenggah sedaya, kula minangka wakil sarta para kanca kelas IX , mboten kesupen ngambali atur sugeng rawuh

10. Sing kalebu paragraph kang wos utawa intining atur yakuwi …

a. Salam kasugengan, salam karaharjan mugi tansah kajiwa, kasarira, dhumateng kula-panjenengan sedaya. Amin.

b. Bapak/Ibu guru sarta karyawan SMP Tunas Muda ingkang satuhu sinudarsana; sarta para kanca kelas …. Ingkang kula tresnani.

c. Langkung rumiyin, sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT

d. Kula minangka wakilipun para kanca matur nuwun sanget dhumateng para Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun kersa maringi piwucal, kawruh, wewarah,

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 32

NULIS

KOMPETENSI DASAR8.1 Menulis teks sesorah kegiatan sekolahIndikator : 1. Menentukan topic teks sesorah kegiatan sekolah2. membuat teks sesorah kegiatan sekolah dalam santun bahasa Jawa ngoko atau

krama

Page 33: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

A. Tegese Sesorah/Pidhato

Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh. Kegiyatan micara ing samgarepe wong akeh bisa kabagi dadi loro, yaiku :

1. Wong kang pidhato nalika rampung anggone menehi sesuluh marang pamiarsane, lan ora menehi kalodhangan kanggo takon utawa menehi tanggepan. Tuladhane kayata ceramah, wara-wara, lan khotbah.

2. Wong kang pidhato nalika rampung banjur menehi wektu marang pamiarsa kanggo menehi tanggapan. Tuladha ana ing seminar, diskusi, rapat.

Kagiyatan pidhato diwiwiti kanthi nemtokake urutan-urutan kaya ing ngisor iki.

1. Naliti prakara kanthi Nemtokake arahan utawa tujuan pidhato kang bakal digayuh. Naliti pamiarsa kayata lanang kabeh utawa wadon kabeh, umure rata-

rata Pira, lsp.2. Naliti kahanan kayata wayah esuk, awan utawa bengi, bisa uga lagi mangsa

Apa.3. Milih lan mbatesi topik.4. Nata pidhato kanthi

1) Nglumpukake bahan.2) Nata utawa nggawe cengkorongan (rangkane pidhato).3) Ngandarake kanthi cetha.

5. Gladhen kanthi migatekake 4 W (Micara, Wirama, Wiraga, lan Wirasa)Anggone pidhato bisa tumindak kanthi rancag lan apik, perlu dianakake kagiyatan Pambuka, yaiku :a. Nata pokok-pokok pikiranb. Ngripta pokok-pokok pikiran dadi ukara pokokc. Nggawe cengkorongan (rangkane pidhato)

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 33

KOMPETENSI DASAR8.1 Menulis teks sesorah kegiatan sekolahIndikator : 1. Menentukan topic teks sesorah kegiatan sekolah2. membuat teks sesorah kegiatan sekolah dalam santun bahasa Jawa ngoko atau

krama

Page 34: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

d. Ngandharake pidhato kanthi migatekake cengkorongan kang wis ditata.(Sumber : kangsura.blogspot.com)

Urutan Cengkorongan Sesorah1. Uluk Salam/ Salam Pambuka

Isine ngucapake salam marang para tamu/pamireng kalarasake karo swasana lan pamireng.

2. PamujiIsine muji syukur lan panuwun marang Gusti dene bisa kumpul ing adicara iku kanthi slamet lan uga panyuwunan murih adicara kasebut bisa lancar kalis nir ing sambekala

3. Wigatining Atur/IsiIsine ngaturake apa sedyane/ karepe dene para tamu/ pamireng diaturi rawuh ing adicara iku

4. Pangarep-arepIsine nyuwun donga pangestu supaya apa sing digayuh bisa kaleksanan

5. PanutupIsine nyuwun pangapura menawa ana kaluputane lan kekurangane anggone matur

6. Salam PanutupB. Gladhen Nulis Sesorah

1. Gawea teks sesorah salah sawijining kegiatan sekolah kanthi basa ngoko utawa krama aja lali gatekna pamilihing tembung, panganggone EYD lan Keefektifan kalimat!

2. Miliha salah siji tema ing ngisor iki Sesorah pengetan ambal warsa sekolah Sesorah pengetan dina Kartini Sesorah pengetan dina Pendidikan Nasional Sesorah Perpisahan kelas IX Sesorah Pengetaan Maulid Nabi Sesorah Pengetan Isro’ Mi’roj Sesorah penyuluhan anti rokok Sesorah penyuluhan anti tawuran pelajar

C. Tuladha Sesorah

HARI BEBAS ROKOK

Ingkang kinurmatan Bapak Dewan YuriIngkang kinurmatan pasarta pamupu sayembara sesorahTuwin para pamriksa ingkang dhahat trinesnan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 34

Page 35: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Saderengipun kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng panitia acara Hari Tanpa Tembakau Sedunia ing surya kaping 31 Mei ingkang sampun maringi wekdal dhumateng pribadi kawula supados ngaturaken sekedhik wawasan ngengingi Hari Bebas Rokok menika. Ing pangajab mugi acara punika estu-estu dados dinten ingkang saged luwar saking bebaya Asap Rokok salaminipun. Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan,Sampun boten saged dipun selaki malih menawi para perokok sejatosipun sampun pirsa ugi ngraosaken bebaya saking rokok. Ananging piyambakipun kados-kados ngeremaken netranipun kanthi kathah-kathah alesan. Asap rokok kanthi ilmiah sampun kabukti njalari saboten-botenipun 25 (selangkung) penyakit. Saeangga leres sanget menawi saperangan ageng negari ing donya punika sampun nglarang rokok wonten ing papan-papan umum.Para rawuh ingkang kinurmatan Sanajan sampun kathah perda ingkang dipun tetepaken, ing antawisipun “Larangan Merokok Ditempat Umum”, ananging boten sekedhik ugi para perokok ingkang boten manut kaliyan peraturan kasebat. Amargi menika, kita minangka warga negari ingkang sae lan ugi sanget remen babagan kesehatan, mangga kita ujudaken Hidup Sehat Tanpa Asap Rokok dipun wiwiti saking pribadi kita piyambak-piyambak.

Mekaten sekedhik atur ingkang saged kula aturaken dhumateng panjenengan sami. Menawi kathah atur kula ingkang boten mranani dhumateng penggalih panjenengan kula nyuwun gunging samodra pangaksami.Kupat kecemplung santen, menawi lepat nyuwun pangapuntenMatur nuwun, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

SOALWangsulana pitakonan ing ngisor iki !

1. Kadospundi leresipun?

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 35

GLADHEN UJI KOMPETENSI 2

LEPAT

a. Pembikaanb. Sepindhahc. Sambutan d. Lain-laine. Istirahat

LERESIPUN

Sumene Sepisan Mancawarni Pambuka pangandikan

Page 36: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

2. Apa wae kang dadi tetimbangan murih basa kang digunakake pranatacara bisa becik ,

bener, pener lan komunikatif?

3. Teks rumpang wicara pranatacara iku ganepana!

Bapak-bapak, Ibu-ibu kaum muslimin, saha muslimat (a)……….., mangga sesarengan

(b)…………wonten Ngarsa Dalem Allah SWT, dene (c) ……….taksih kaparingan (d)

………saengga saged (e)…….. wonten ing Masjid Al-Hidayah menika.

4. Tulisna urut-urutane sesorah (cengkorongan/rangkaning sesorah/pidato)!

5. Sebutna tujuan sesorah!

6. Sebutna teknik –teknik sesorah

7. Wenehana tuladha ukara parikan kanggo mungkasi sesorah!

8. Wenehana tuladha ukara wangsalan kanggo mungkasi sesorah!

9. Apa tegese sesanti iki?

a. Ing ngarsa sung tuladha

b. Ing madya mangun karsa

c. Tut wuri handayani

10. Kepriye carane supaya generasi mudha ora padha nggunakake narkoba?

Jlentrehna panemumu!

PRANATACARA ING MASYARAKAT

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 36

Wulangan

7 PRANATACARA ING MASYARAKAT

Page 37: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

A. Sangune Pranatacara

Coba wacanen maneh wulangan 1 bab-bab kang ana sambung rapete karo teyori pranatacara ! Prinsip Sapta-Ma (Sangu tambahan)

Tumrap kang kepengin ngudi nggayuh dadi pranatacara profesional kaudia nindakake prinsip Sapta-Ma yaiku :

1) MAGATRA , Bleger wewujudan, rupa, adi ing sarira, edi ing busana; trep, pantes, luwes, jangkep.

2) MALAKSANA, Tindak sapecak, sajangkah ditata runtut, luwes mrabawa; manteb; ora ingah-ingih, ora wigah-wigih.

3) MAWASTHA, Ngadeg jejeg, ora kendho, ora dhoyong, sikil kiwa-tengen ora kekamban utawa keciyuten

4) MARAGA, Ora rongeh, ora edheg, ora gumeter, anteb anteng, obahing awak, sirah, gulu lumrah samadya, obah-owahing pasemon (raut muka) nggambarake ati.

5) MALAGHAWA, Trampil trengginas, ora remben, ora ngleler, ora angas gas-gasan. Cag-ceg, lancer, gancar, sembada ing karya.

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 37

KOMPETENSI DASAR

5.2 Mengungkapkan dan menanggapi teks pembawa acara/ pranata adicara/ MC dalam kegiatan lingkungan tempat tinggal.

Indikator :

1. Mengidentifikasi kesalahan pemilihan kata dan penggunaan bahasa dalam teks pranatacara

2. Menyunting teks pranatacara dengan memperhatikan pemilihan kata, santun bahasa dan ejaan

NYEMAK

Page 38: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

6) MATANGGAP, Tanggap ing swasana (tahu situasi dan kondisi) , bisa girang gumbira, mesem ngguyu marang kang antuk kabegjan kanugrahan, bisa kucem luyu, susah sedhih belasungkawa marang kang nandhang dhuhkita.

7) MAWWAT, tanggap, tangguh, tanggon prapteng ngendon; mrantasi lan ngentasi gawe saka wiwitananing acara nganti pungkasan.Saliyane iku rancag, lancar lan suksese jejibahan pranatacara utawa pamedhar

sabda uga disengkuyung :

1) Mental : amrih mentale kendel kudu akeh gladhen, biasa ngadhepi wong akeh (forum), siap materi

2) Gladhen: pranatacara kudu sregep gladhen micara murih wegig, besus micara3) Pangrengga swara (sound system4) Kasamaptaan (sumadhiya ing dhiri sawega ing gati): Pranatacara kudu siap sawanci-

wanci ditimbali 5) Mitra tembayatan (relasi): kayata perias, Wedding Orgnyzer, catering, fotografer, lsp

(Rama Sudi Yatmana, 2005 : 1 – 12)B. 10 Dasar Prospek Pranatacara

1. Tansaya kathah priyantun sibuk, PA (pranata adicara) tansaya laris. 2. Tansaya kepengin praktis, PA tansaya dipunbetahaken. 3. Kepengin sae saha maremakane (sukses acara), saha boten kasupekaken, PA

tansaya monjo. 4. Tansaya kathah tiyang boten mangertos adicara penganten, PA tansaya

moncer. 5. Tansaya kathah gedung pasamuan, hotel, restortan, auditorium kangge

upacara penganten (resepsi, wedding party), MC saya PY (peye alias payu). 6. Tansaya manungsa menika “individual”, PA tansaya kabetahaken. 7. Tangsaya kepingin pinunjul ing ajining dhiri (prestise) saha sae (prestasi),

PA tansaya kemedol. 8. Kepengin nedahaken jati dhiri, PA tansaya penting. 9. Tansaya kathah pengelola paket penganten, PA tansaya begja. 10. Menawi kepengin nglestantunaken budaya Jawi mliginipun upacara mantu,

PA tansaya cetha pisungsungipun. ([email protected])

C. Tuladha Rantaman Adicara ing Masyarakat1. Rantaman Adicara Rapat RT

Sapisan, pambuka Kaping kalih atur pambagya saking Bapak Ketua RT Kaping tiga, Rembag rukun warga sinambi asok dana saben wulan dhumateng

paraga kahartan (Bendahara) Kaping sekawan, arisan Kaping gangsal, palaporan Kaping enem, panutup

2. Rantaman Adilaya Kesripahan

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 38

Page 39: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Ingkang sepisan, pambuka Ingkang kaping kalih, atur panuwun kulawarga Ingkang kaping tiga, atur bela sungkawa saking para takziah Ingkang kaping sekawan donga angkating layon Ingkang kaping gangsal panutup

3. Rantaman Adicara Penganten Prasaja (Sederhana/climen) Pambuka Atur Pambagya harja Pasrah saha panampi calon penganten kakung Ijab qobul Sumene/ sigeg ( gantine tembung : istirahat) Pengaosan utawi wasitatama Panutup

D. Tuladha Teks PranatacaraSalah siji siswa pinangka model maca teks pranatacara, siswa liyane nyemak

PRANATACARA PENGETAN MAULID NABI

Assalamu,alaikum Wr. Wb. Bapak-bapak, ibu-ibu kaum muslimin ingkang kawula hormati, mangga ingkang

sepindhah sesarengan manjataken puji syukur alkhamdulillah wonten Ngarsa Dalem Allah SWT dene kita sedaya taksih pinaringan rahmat saha kasarasan , saengga saged makempal wonten Masjid Annur menika.

Saderengipun acara dipunwiwiti, kula minangka pengacara ing pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW. dalu menika badhe maosaken urut-urutan susunan acara pengaosan:1. Acara ingkang sepindhah, pembikaan2. Acara kaping kalih, inggih menika waosan Kalam Ilahi3. Acara kaping tiga sambutan saking takmir masjid4. Dene acara kaping sekawan, acara inti inggih menika pengaosan ingkang

dipunsarirani Panjenenganipun Ustadz. Drs. H. Abdullah Dimyati saking Sleman Ngayogyakarta

5. Salajengipun acara panutup.

Para rawuh, para jamaah, ingkang satuhu kinurmatan, makaten menggah reroncening acara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun karakit dening kadang panitya. Sumangga acara enggal kawiwitan kanthi maos Basmallah sesarengan, kula dherekaken. --------------------- maos Basmallah -------------------------------------------------

Acara salajengipun badhe kawaosaken ayat-ayat suci Al Qur’an. Pramila dhumateng kadang Muhammad Rasyid, wekdal kaaturaken, sumangga

............................ waosan ayat suci Al Qur’an ------------------------------------Mugi-mugi kanthi waosan Kalam Ilahi kalawau, Allah SWT, tansah paring lubering kanugrahan dhumateng kula saha panjenengan sedaya.Para rawuh, para lenggah, hadirin saha hadirat ingkang kaparingan rahmat dening Allah SWT, menggah acara salajengipun inggih menika atur pangandikan saking takmir masjid. Dhumateng Bapak H. Aziz Hanafi kasuwun paring pangandikan, sumangga.--------------------pangandikan takmir masjid ------------------------------------

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 39

Page 40: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Tumapak acara inti, inggih menika pengaosan. Dhumateng Al-Mukaram Ustadz Drs. H. Abdullah Dimyati kasuwun paring fatwanipun. Wekdal kaaturaken sacekapipun. Sumangga .....................................................................................................Mugi-mugi menapa ingkang sampun kaandharaken dening Ustadz Drs. H. Abdullah Dimyati saged migunani tumrap kula saha panjenengan sedaya. Bapak – ibu para jamaah rahimakumullah, bok bilih anggen kula matur kathah lepat saha kekiranganipun, saestu kula nyuwun agunging pangapunten. Sumangga acara ing dalu menika kita tutup kanthi waosan Hamdallah sesarengan...-----------------Alhamdulillahirabbil alamin-------------------------------------------------Billahi taufiq wal hidayah,Wassalamu’alaikum warahmatullahi wa barakatuh.

E. KAWRUH BASAKepriye benere tembung-tembung iki?

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 40

LUPUT

1. Kawula hormati2. Sepindhah3. Manjataken4. Kita sedaya5. Makempal6. Pengacara7. Urutan susunan acara8. Pembikaan9. Sambutan10. Para rawuh, para jamaah11. Para lenggah12. Kita tutup

BENERE1............................................

2............................................

3...........................................

4...........................................

6...........................................

7...........................................

8...........................................

9..........................................

10.........................................

11.........................................

12...........................................

MICARA

KOMPETENSI DASAR

6.2 Praktik pembawa acara/pranata adicara/MC kegiatan lingkungan tempat tinggal

6.3 Mendiskusikan praktek pranatacaraIndikator :

1. Melaksanakan simulasi praktik pranatacara

Page 41: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

A. Nindakake Praktik Pranatacara1. Teks pranatacara ing ngisor iki praktekna kanthi teknik apalan utawa ekstemporan,

yaiku kanthi nyathet bab-bab wigati kang bakal diaturake ing sesorah, nuli praktekna ing ngarep kelas kanthi lafal, intonasi, patrap lan ekspresi kang trep!

2. Siswa liya/ Kelompok liyane nyemak lan mbiji siswa/kelompok sing maju praktik

Teks Pranatacara Acara Rapat Pemuda

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarkaatuhu,Alhamdulillaahirabbil’aalamiin. Assholaatu was-salaamu’alaa asyrofil an-biyaa-i wal mursaliin. Syayyidinaa wa maulana muhammadin wa’alaa alihi wa shohbihi aj-ma’iin. Amma ba’d.

Dhumateng ngarsanipun Bapak Dukuh ……, Bapak Ketua RW ….. menapa dene Bapak Ketua RT…… ingkang tuhu kinabekten. Para Bapak saha Ibu minangka tokoh masyarakat ing tlatah Pedukuhan …… ingkang kinurmatan Mboten kesupen dhumateng para kanca pengurus …………..(nama organisasi) ingkang tansah kaantu-antu kiprahipun ing sak lebeting gesang kemasyarakatan.Langkung rumiyin keparenga kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara pepanggihan ing titiwanci punika ngaturaken menggah urut reroncening adicara ing dalu punika :

1. kapurwakani kanthi adicara ingkang angka sepisan nun inggih Pambuka. 2. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih3. Atur pambagyaharja saking Ketua …….. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, 4. Pangandikan saking Bapak Dukuh……………….. Adicara ingkang angka

sekawan, 5. Minangka wigatining pepanggihan menika nun inggih Musyawarah, ingkang

samangke lampahing adicara musyawarah menika kaaturaken dhateng sedherek Ketua…………… Paripurnaning adicara musyawarah, kalajengaken adicara mirunggan ingkang badhe kaaturaken wontenipun sawetawis atur saking pengurus.

6. Wondene adicara ingkang angka enem minangka pungkasaning adicara, nun inggih adicara Panutup.

Para bapak, para ibu saha para sedehrek sedaya ingkang kinurmatan. Sumangga adicara pepanggihan ing titiwanci punika tumunten kita awiti. Minangka pambuka laksitaning adicara, sumangga kita purwakani kanthi sesarengan ndedonga kanthi nenuwun lan nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT kanthi maos lafal Basmalah, kula dhereaken..............................................................Ndungkap adicara ingkang angka kalih, atur pambagyaharja saking Ketua ……………. Ingkang menika dhumateng sedherek Ketua ….kasumanggaaken.

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 41

KOMPETENSI DASAR

6.2 Praktik pembawa acara/pranata adicara/MC kegiatan lingkungan tempat tinggal

6.3 Mendiskusikan praktek pranatacaraIndikator :

1. Melaksanakan simulasi praktik pranatacara

Page 42: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

================================================Mekaten manggah atur pambagyaharja ingkang sampun kaaturaken denening sedherek ……………………. Kalajengaken adicara ingkang angka tiga, Pangandikan saking Bapak Dukuh …………………… Dhumateng Bapak Dukuh …………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

=================================================Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun Bapak Dukuh……………….. ingkang sampun kepareng paring pangandikan, ingkang sedaya pangandikan kala wau minangka pambombong lan pambimbing tumrap pengurus saha anggota ………..(nama organisasi) ing tlatah Pedukuhan ……………….. Para Bapak, para ibu saha para sedherek sedaya ingkang kinurmatan, lumebet adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatining adicara pepanggihan ing titiwanci menika, inggih adicara Musyawarah. Wondene lampahing adicara musyawarah menika, sawetahipun kula aturaken dhateng sedherek Ketua ……….. (nama organisasi). Dhumateng sedherek …….. (nama Ketua) kasumanggaaken.

================================================Alhamdulillaahirabbil’aalamiin. Sampun paripurna adicara musyawarah ing titiwanci menika lan saestu sampun pinanggih rembag ingkang gumathok minangka paugeraning pakaryan utawi kegiatan ingkang badhe sareng-sareng kita lampahi ing wekdal ingkang badhe dhateng.Para lenggah ingkang kinurmatan, ndungkap adicara ingkang angka gangsal, sawetawis atur saking pengurus ingkang badhe kaaturaken dening sedherek sekretaris. Dhumateng sedherek sekretaris, wekdal kasumanggaaken.

====================================================Mekaten sawetawis atur saking sedherek sekretaris, mugi ndadosna kawigatosan dhumateng para anggota lan minggahipun dhumateng sedaya para lenggah.Para Bapak sumrambah para Ibu saha para sedherek sedaya ingkang kinurmatan, pepanggihan ing wekdal punika wiwitan dumugi pungkasan lumampah kathi rancag . Minangka panutuping adicara, sumangga adicara ing titiwanci menika kita pungkasi ngiras pantes minangka raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. ……. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin…..........

Para lenggah ingkang kinurmatan, ing mbok bilih sak dangunipun kula ndherekaken lampahing adicara, kirang nuju prana menapa dena tindak-tanduk kula ingkang kirang mranani, saestu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.Wusana, wassalaamu;alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

(Sumber : andumrasa.blogspot.com/...)

B. DISKUSI1. Gawea kelompok diskusi adhedhasar kelompok praktik pranatacara2. Saben kelompok ngrembug penampilan kelompok liyane ing babagan :

pamilihing tembung, basa, Wicara, Wirama, Wiraga lan Wirasa, kaluwihane, lan kekurangane, lan kepriye trepe utawa becike

3. Saben kelompok lumantar juru wicara ngaturake dudutan diskusi kanthi santun basa krama

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 42

KOMPETENSI DASAR7.2 Membaca teks pembawa acara/pranata adicara/ MC kegiatan di masyarakatIndikator :1. Membaca kreatif teks pranatacara kegiatan di masyarakat dengan

menggunakan lafal, intonasi, nada sikap2. Memberikan pengamatan dan penilaian terhadap penampilan teman

MACA

Page 43: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

A. Maca Teks PranatacaraWacanen teks pranatacara ing ngisor iki kanthi nggatekake 4W , Wicara, Wirama, Wiraga, lan Wirasa kang trep!

UPACARA RUWATAN BARAYA AGENG KI SARWITO SUWARNO

..............................................................................................................................Para pepundhen ingkang dhahat pinundhi-pundhi

Para sesepuh, pinisepuh ingkang pantes sinudarsana

Ing dalu punika Bapak Sarwito Suwarno ujubing sedya kepareng hanindakaken adat widi-widana ingkang sinengker ing Dhusun Kutuwates ngriki, nenggih Upacara Ruwatan Sukerta. Wondene upacara ruwatan ing dalu punika kanthi hambabar pagelaran ringgit purwa sedalu natas kanthi lampahan Murwakala ingkang badhe katindakaken dening dhalang Ki Sugito saking Ngadisari, Karangmojo, Weru, Sukoharjo, dalah dipun sengkuyung dening dhalang Ki Suratno, SH, M.H. saking Semarang, miwah dhalang cilik Cendhekia saking Surakarta, Jawa Tengah.

Bapak-Ibu ingkang satuhu dhahat kinurmatan, ing dalu punika Ki Sugito pinitados bapak Sarwito Suwarno kinen hangruwat :

1. Putra-putri Bapak Sarwito Suwarno ingkang gunggungipun wonten 9, Kakung 4, Estri 5, kaleres wuragilipun kembar.

2. Putra-putrinipun Bapak Drs. Suyoto/ Ibu Iswanti ingkang nggadhahi putra 3 : Estri- kakung-estri ingkang kawastanan Pancuran kaapit sendhang

3. Putra-putrinipun Bapak Drs. Ihksan Raharjo/Ibu Sudewi ingkang nggadhahi putra 2: Kakung-Estri ingkang kawastanan Kedhana-Kedhini

4. Putranipun Ibu Dra. Sutrisni, M.Sn. ingkang nggadhahi putra kembar5. Putra-Putri Ibu Supriyanti/Supriyanto, ingkang nggadhahi putra kalih : Putri –

kakung ingkang kawastanan Kedhini-KedhanaKanthi Nyenyuwun Wonten Ngarsanipun Gusti Allah SWT mugi-mugi para putra ingkang rinuwat sageda luwar saking saru-siku-miwah bebenduning Gusti. Temahan dados jalma ingkang tansah pinayungan ing karahayon miwah kabagaswaran lair-batin, lulus raharja nir ing sambekala, nir baya, nir wikara. Amin.

Ing Wasana Bapak Sarwito Suwarno ugi boten kesupen ngaturaken Sugeng Warsa enggal 1 Sura 1943 Dal, utawi 1 Muharram 1431 Hijriyah. Mugi-mugi masyarakat Kutuwates mliginipun sumarambah bangsa Indonesia tansah manggih yuwana basuki ing salaminipun.

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 43

KOMPETENSI DASAR7.2 Membaca teks pembawa acara/pranata adicara/ MC kegiatan di masyarakatIndikator :1. Membaca kreatif teks pranatacara kegiatan di masyarakat dengan

menggunakan lafal, intonasi, nada sikap2. Memberikan pengamatan dan penilaian terhadap penampilan teman

Page 44: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Ing Wasana , menawi kathah kekiranganipun anggen kula matur jer inggih saking winatesing pangawikan kula. Jenang sela, sela kang pindha hancala, apuranta mugi tansah cinandhia. Sugeng hamriksani pagelaran ringgit purwa sedalu natas kanthi lampahan Murwakala ingkang badhe katindakaken dhalang Tiga Generasi inggih menika:

1. Dhalang Cilik Cendhekia2. Ki Sugito3. Ki Suratno, SH, M. H.

Kanthi sinengkuyung swantenipun swarawati: Nyi Sutrisni Suborini, M.Sn; Nyi Suratmi lan Nyi Supadmi Miwah Karawitan Mustika Raras .ingkang dipunsesepuhi deni Bp. Sri Djoko, S.Kar. Sugeng wungon , nuwun-nuwun. Matur nuwun.

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Tugas Mandiri

Gawea teks berita aktual kanthi tema etika berlalulintas di jalan umum, supaya karanganmu bisa runtut lan becik gatekna pituduh ing ngisor iki!

1. Goleka tema kang narik kawigatenmu2. Gawea cengkorongane karangan3. Mekarna cengkorongan karangan mau dadi karangan wutuh kanthi basa krama4. Gatekna pamilihing tembung, tandha-tandha panulisan ing karanganmu5. Irah-irahan lan isi jumbuh6. Dawane karangan akeh-akehe sarai buku

Tuladha Berita aktual etika berlalulintas

Pelanggar Lalin Racake Pelajar

Pelanggaran lalu lintas ing wewengkon Gunungkidul i racake para pelajar. Sak ora-orane 80 persen pelanggaran lalu lintas ditindakake dening

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 44

KOMPETENSI DASAR8.2 Menulis teks berita aktual etika berlalu lintas di jalan umum Indikator :

1. Menentukan topic berita actual etika berlalulintas di jalan umum2. Membuat kerangka penulisan teks etika berlalulintas di jalan umum3. Mengembangkan kerangka penulisan teks berita menjadi karangan utuh

NULIS

Page 45: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

pelajar wiwit saka tataran SMP nganti SMA. Pelanggaran paling akeh ora nduwe SIM lan montor kang dipretheli.

Dhuwure angka pelanggaran lalin kang racake mujudake kalangan pelajar anjalari jajaran Satlantas Polres Gunungkidul nyeraki sekolah-sekolah. Ing sosialisasi kasebut Satlantas ngajab supaya pelajar kang ora duwe SIM amarga durung cukup umure ora numpak pit montor menyang sekolah. pehak sekolah diajab bisa pro aktif kanthi ngetrapake kebijakan marang anak didik-e supaya ora numpak pit montor manawa durung mduwe SIM.

Bab iki ditindakake amarga nanggapi gegayutan karo kasus kacilakan kang dialami dening anake Ahmad Dani, Abdul Qodir Jaelani kang niwasake wong 6. Dijlentrehake uga saka saben penindakan ing ndalan gedhe meh 30 persen ditindakake pelajar amarga ora nduwe SIM. Pelajar kang kecekel nalika razia bakal ditilang lan wong tuwane kudu gawe layang pratelan kang surasane anake ora bakal numpak pit montor manawa durung nduwe SIM.

I. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis!

1. Menapa kemawon ingkang dados tetimbangan murih basa ingkang dipunginakaken pranatacara saged sae, bener/leres, pener lan komunikatif?

2. Pratelan Prinsip SAPTA-MA tumrap MC jodhokna karo pratelan ing sisih tengene!a. Jejering MC kudu ngerti ing swasana, bisa gumbira, bisa kucem, lan susahb. Jejering MC kudu tanggap, tangguh, tanggon, mrantasi gawec. Bleger wewujudan, rupa, edi ing sarira, edi ing busana, trep pantes lan luwesd. MC kudu trampil trengginas, ora remben, ora ngleler, sembada ing karyae. Tindak sapecak jejering MC kudu ditata runtut, luwes, ora ingah-ingihf. Ora rongeh, ora edheg, ora gumeter, obahing awak mung samadya waeg. Ngadeg jejeg ora kendho, ora dhoyong

3. Susunan acara ing ngisor iki benerna kanthi basa Jawa sing trep!1. Pembikaan2. Bacaan ayat-ayat suci Al-Qur’an3. Sambutan ketua panitia4. Istirahat5. Sambutan takmir masjid6. Pengajian inti7. Lain-lain8. Doa9. Penutup

4. Gawea tuladha wicara pranatacara perangan pambuka:Kang nyakup :

a. sapa aruh marang para rawuh

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 45

GLADHEN UJI KOMPETENSI 3

Pilihan

MAWWAT

MAGATRA

MALAKSANA

MATANGGAP

MAWASTHA

MARAGA

MALAGHAWA

Page 46: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

b. puji syukur mring Pangeran ing adicara Tasyakuran Dina Kamardikan RI kaping 65 ing Kampungmu!

5. Benerna wicara pranatacara iki!Ing mriki kula selaku pengacara badhe membacakanSusunan acara: Acara ingkang sepindhah sambutan ketua panitia .....

6. Sebutna etikane berlalulintas supaya bisa slamet ana ing dalan!7. Sebutna 3 wae upacara adat sing isih lumaku ing desamu!8. Apa sing dikarepake

a. Bocah Sendhang kaapit pancuranb. Bocah pancuran kaapit sendhangc. Bocah Kedhana-Kedhini

9. Apa bedhekane ukara wangsalan : “Jenang Sela, sela kang pindha hancala. Apuranta mugi tansah cinandhia?”

10. Gawea ukara nganggo tembung : kalis nir ing sambekala

II. Wacan aksara Jawa iki gantinen latin!

;1;?mugimugiaficrai=flupunikklisNi/ai=s[mBkl.Latine : ..............................................................................................................................................................................................................................................................................:2:?zvCikHficrai=k=a=ksekwnSume[n.Latine : ..............................................................................................................................................................................................................................................................................;3;?dumt_z/snipunBpkD|kuhssnwrkulatu/rken\,Latine : ..............................................................................................................................................................................................................................................................................;4;?kuptJnu/[rtuw,menwiXptVuwunPzkSm.Latine : .............................................................................................................................................................................................................................................................................

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 46

Wulangan

8SESORAH ING MASYARAKAT

Page 47: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

A. Teks sesorah kegiatam masyarakat

TANGGAP WACANA CAOS BELA SUNGKAWA LAN PANGLIPUR 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb.Inna Lillahi wa inna illaihi rooji’un 3XPanjenenganipun Baraya ageng Bapak. Budi Santosa ingkang katemben nandhang dhuhkita ingkang dhahat kinurmatan.Panjenenganipun para ta’jizah kakung putri ingkang dhahat kinurmatan.Langkung rumiyin sumangga sesarengan boten kendhat ngaturaken puji syukur konjuk wonten Ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun kepareng paring karohmatan dhumateng kula lan panjenengan sedaya awujud gumelaring kabagaswaran satemah saged kempal manunggal ing dalem duhkita mriki saperlu caos pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa. Ingkang salajengipun keparenga kula matur minangka sesulihipun warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana mriki

Ingkang sepisan:Warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana ngaturaken ndherek bela sungkawa,

awit sedanipun Almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa.

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 47

NYEMAKKOMPETENSI DASAR5.4 Mengungkapkan dan menanggapi teks sesorah dalam kegiatan tempat

tinggalIndikator :

1. Membahas makna kata-kata sukar dalam sesorah 2. Mengidentifikasi pokok-pokok urutan sesorah 3. Menjawab pertanyaan isi sesorah

Page 48: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Kita warganing bebrayan nglenggana punapa ingkang panjenengan raosaken, punapa ingkang panjenengan sandhang, kita rerencang ngindhit sungkawa panjenengan mugi andayanana saged ngenthengaken raosing panalangsa lan dhuhkita.Kaping kalih:

Warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana sami anekseni, bilih nalika sugengipun Almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa sae tumindakipun dhateng bebrayan, mungkul ing panembah lan ngibadah, boten nate damel sakserik dhateng sesami.Mila paseksen punika mugi kapriksanana ing Pangeran, satemah kepareng paring kanugrahan dhateng alusipun Almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa. Kaping tiga:

Warganing bebrayan ndherek memuji lan ndedonga, mugi-mugi Gusti Allah SWT, paring pangapunten sadaya dosanipun, paring ganjaran sedaya ngamal kasaenanipun, dipun paringana panggenan ingkang prayogi lan mugi kalebet seda ingkang khusnul khotimah. Amin.Dene kulawarga ingkang tinilar mugi kaparingana manah ekhlas, sabar lan pasrah, lila nampi panduming Gusti Ingkang Maha Agung.Cekap semanten atur kula minangka sesulihipun warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana, wonten kirang trapsilaning atur kula, kula nyuwun pangapunten.Bilahit taufiq wal hidayah.Wassalamu’alaikum wr.wb.Matur nuwun

B. Negesi Tembung Golekana tegese tembung-tembung iki ana ing bausastra nuli gawenen ukara kang luwes!

1. Bela sungkawa : ....................................................................................................2. Baraya ageng :....................................................................................................3. Nandhang dhuhkita: ....................................................................................................4. Dalem dhuhkita : ...................................................................................................5. Warganing bebrayan:...................................................................................................6. Nglenggana : ...................................................................................................7. Sungkawa : ..................................................................................................8. Mungkul : ..................................................................................................9. Andayanana : ..................................................................................................10. Khusnul khotimah : ...................................................................................................

C. Tulisna pokok-pokok urutan sesorah ing ndhuwur!.................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

D. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi basa krama kang trep!1. Sing tanggap wacana iku makili sapa?

Wangsulan : .......................................................................................................................................................................................................................................................

2. Sapa sing lagi kesripahan?Wangsulan : .......................................................................................................................................................................................................................................................

3. Apa wose sesorah ing perangan kapisan?Wangsulan : ................................................................................................................

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 48

Page 49: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

.....................................................................................................................................4. Kepriye wewatekane almarhumah Sutini Budi Santosa nalika isih sugeng?

Wangsulan : ......................................................................................................................................................................................................................................................

5. Kepriye pandongane warga bebrayan Jati Srana tumrap aluse almarhumah Sutini Budi Santosa?Wangsulan : .....................................................................................................................................................................................................................................................

A. Praktik Sesorah

1. Gawea teks sesorah kegiatan masarakat kanthi irah-irahan bebas bebas utawa ngapalake teks sesorah kang diparingake gurumu

2. Teks sesorah mau ringkesen utawa tulisen pokok-pokok isine kang bakal kok aturake ana ing sesorah!

3. Tindakna praktik sesorah ing ngarep kelas kanthi wicara, wirama, wiraga. lan wirasa kang trep!

4. Bijinen anggone maju siswa liya utawa kelompok liyane!

B. Tuladha Teks Sesorah

Assalamualaikum Wr. Wb.Nuwun, keparenga kula matur,

          Bapak Kepala Desa Tegalsari, Bapak-Bapak Perangkat Desa Tegalsari, para Bapak/ Ibu Pimpinan punapa dene Anggota BPD, para Bapak Ketua RW miwah RT, sesepuh, tokoh masyarakat, para kadang mudha Karang Taruna Tunas Mekar Tegalsari, miwah para rawuh sadaya ingkang tansah kula kurmati.          Puji syukur sesarengan kita konjukaken dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring nugraha agung angempalaken kita sedaya winengku ing suka basuki ing Balai Desa Tegalsari dalu punika. Keparenga Pengurus Karang Taruna Tunas Mekar angaturaken sugeng rawuh katur panjenengan, dene panjenengan kasdu angrawuhi

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 49

KOMPETENSI DASAR5.5 Praktik sesorah kegiatan masyarakat5.6 Mendiskusikan praktik sesorah

Indikator :1. Menyusun atau menghafalkan teks sesorah kegiatan lingkungan tempat tinggal 2. Melaksanakan praktik sesorah kegiatan lingkungan tempat tinggal 3. Mengamati dan memberikan penilaian terhadap penampilan kelompok lain 4. Mendiskusikan hasil pengamatan dan penilaian terhadap teman sejawat atas praktik

sesorah

MICARA

Page 50: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Pentas Seni Karang Taruna Tunas Mekar mengeti ambal warsa kamardikan RI ingkang kaping 68, Selasa Pahing 17 Agustus 2013.Ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjengan sadaya, dene panjengan sampun paring kawigatosan, eguh pratikel, bandha beya murih kasembadaning adicara ing dalu punika. Mugi Gusti ingkang Maha Paring Piwales kepareng paring lintu ingkang matikel awit sih kadarman panjenengan sadaya.          Para rawuh, kasembading adicara dalu punika awit saking peparing sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos miwah jumbuhing cipta, rasa, dalah karsa para warga bebrayan ing Tegalsari.         Sekedhap malih, para mudha minangka dutaning seni saking saben RW badhe ngetingalaken kasagedanipun. Ing antawisipun nabuh gangsa, mbeksa, maos geguritan, nyekar macapat, musik campur sari punapa dene slow rock. Ingkang salajengipun panacad miwah pangalembana kula sumanggakaken wonten ngarsa panjengan sadaya.           Kita sadaya nggadhahi ancas supados adicara punika dados sarana kiprah ingkang sakalangkung prayogi kangge tangsul murih raket sarta guyub rukunipun warga Tegalsari, miwah kangge nranggulangi para mudha saking sesrawungan ingkang mbebayani, sampun ngantos gampil kepleset dhateng miras lan narkoba.

     Wasananing atur, sadaya kalepatan miwah samukawis ingkang boten damel sarjuning panggalih, kula minangka pengawakipun para kadang Karang Taruna Mekar Tegalsari nyuwun agunging samudra pangaksami.

          Wassalamualaikum Wr. Wb.

C. Nindakake Diskusi1. Gawea kelompok, saben saklompok watara 4 – 5 siswa2. Saben kelompok nindakake praktik sesorah bisa diwakili salah siji siswa dene

kelompok liyane mbiji3. Rembugen (diskusi) karo kelompokmu mungguh kaluwihan lan kekurangane ing

bab pamilihing tembung, basa, wicara, wirama, wiraga, lan wirasa kelompok sing kokbiji!

4. Wenehana panyaruwe, pangalembana, panemu utawa saran lumantar juru wicara

Created by Trial Version

Created by Trial Version

Created by Trial Version Nalika kancamu mca pidhatone, gatekna lan coba bijinen . Nanging aja mung waton mbiji utawa nyacad, wenehana alesanmu. Bijinen pidhatone kancamu adhedhasar pathokan ing ngisor iki. Gawea dhaptar utawa tabel biji kaya iki!

NO KELOMPOK WICARA WIRAMA WIRAGA WIRASA JUMLAH

1.

2.

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 50

Page 51: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

3.

4.

RATA-RATA NILAI

KB : KURANG BECIK (50 – 65)CB : CUKUP BECIK ( 66 – 74)B : BECIK (75 – 89 )BB : BECIK BANGET (90 -100)Alesan/ Kritik lan Saran :.......................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

A. Teks sesorah ing ngisor ing ngisor iki wacanen ing ngarep kelas kanthi temenan kaya patrape wong sesorah ing sangarepe tamu undhangan. Aja mung kaya maca naskah wacan biasa. Gatekna pangucaping tembung (wicara) , pamedhoting ukara, intonasi, (wirama) , greget utawa semangat (wirasa) lan solah bawa (wiraga)

B. Siswa utawa kelompok siswa liyane nyemak lan mbiji, sarta wenehana komentar bab kaluwihan lan kekurangane kancamu anggone maca teks sesorah mau. Dene lembar format kanggo mbiji kaya ing wulangan kang wus kawuri. Yen wis rampung anggone mbiji aturna bapak/ibu guru

1. PASRAH CALON PENGANTEN KAKUNG

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 51

KOMPETENSI DASAR7,3 Membaca teks sesorah kegiatan di masyarakatIndikator :1. Membaca teks sesorah kegiatan di masyarakat dengan menggunakan lafal,

intonasi, nada sikap, dan 2. Memberikan pengamatan dan penilaian terhadap penampilan teman

MACA

Page 52: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Panjenenganipun Bapak/Ibu Sena Nugroho ingkang satuhu dhahat kinurmatan.

Kula pinangka talanging basa panjenenganipun Bapak/Ibu Hadi Sugito wingking saking Toyan , Kulon Progo

Ingkang sepisan:

Panjenenganipun Bapak/Ibu Hadi Sugito saha para pinisepuh miwah sesepuh ing Toyan Wates Kulon Progo ngaturaken salam taklim katur panjenenganipun Bapak/Ibu Sena Nugroho miwah para pinisepuh lan sesepuh wonten ing tlatah Gunung Ketur, Pakualaman Ngayogyakarta mriki kanthi atur : Assalamu’alaikum Wr.Wb. Saha kinanthenan pepuji mugi-mugi baraya ageng Bapak/Ibu Seno Nugraha dalah warga bebrayan ing mriki tansah pinaringan berkah rahmating Pangeran, suka rahayu ingkang pinanggih.

Kaping kalihipun:

Kula ingkang tinanggenah masrahaken calon penganten kakung nama bagus Permadi atmajanipun Bapak/Ibu Hadi Sugito kanthi panyuwunan mugi keparenga kadhaupaken kaliyan pun rara Wara Hapsari putrinipun Bp/Ibu Seno Nugroho.

Kaping tiganipun :

Saderengipun calon penganten kakung kula pasrahaken wonten ing ngarsa panjenengan, kula ngaturaken sesanti puja-puji pudyastuti ing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi mugi-mugi upacara ijab qobul miwah pahargyan wiwahan ingkang badhe katindakaken sageda kalampahan kanthi wilujeng kalis ing sambekala.

Ing samangke calon penganten kakung kula pasrahaken ing panjenengan . Ingkang punika , mbokbilih samudayanipun ingkang magepokan kaliyan tata cara ijab qobul sampun satata, keparengan ijabing calon pinanganten enggal katindakna.

Wasana kula ingkang tinanggenah masrahaken putra calon panganten kakung bok bilih wonten kuciwaning atur miwah kiranging suba sita, nyuwun sih lumunturing samodra pangaksami, Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

2. ATUR PANAMPI CALON PENGANTEN KAKUNG

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun Bapak/Ibu Hadi Sugito dalah rombongan calon besan saking Toyan Wates Kulon Progo ingkang dhahat kinurmatan.

Kula ingkang tinanggenah pinangka talanging basa panjenenganipun Bapak Seno Nugroho kekalih:

Ingkang sepisan :

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 52

Page 53: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Ngaturaken pambagya rahayu wilujeng sarawuh panjenengan sedaya, ingkang sampun kanthi sugeng basuki ngiringaken calon penganten kakung saking Toyan Wates Kulon Progo dumugi ing wismanipun Bapak Seno Nugroho mriki.

Ingkang kaping kalih :

Menggah kasugengan saha salam taklimipun Bapak Hadi Sugito sarimbit sampun kula tampi kanthi atur: Wangalaikum salam Wr. Wb.

Ingkang kaping tiganipun:

Bilih pasrah panjenengan calon panganten kakung pun Bagus Permadi kula tampi kanthi suka pirenaning penggalih, lan samangke sasampunipun dumugi ing titi wancinipun miwah samudayanipun sampun satata ing gati badhe kula ijab qobulaken miwah kawiwaha kaliyan anak kula pun Rara Wara Subadra.

Ingkang kaping sekawanipun:

Kula sadaya nyuwun tambahing donga pangestu para tamu sadaya mugi-mugi ijab miwah pawiwahaning putra pinanganten sarimbit tansaha manggih rahayu wilujeng lulus kalis nir ing sambekala.

Wasana hambokbilih wonten kiranging trapsila, buja krama miwah cewet, kuciwa lan lacuting atur anggen kula nampi rawuh panjenengan sedaya, mugi diagung ing pangaksama.

Wassalamu’alaikum, Wr. Wb.

A. Wacanen wacan ing ngisor iki kanthi premati !

JUJUR

Jujur iku kalebu bebuden kang becik. Jujur iku bares, kandha apa anane: yen putih

dikandhakake putih, yen abang ya dikandhakake abang. Jujur iku ora goroh, ora ngapusi,

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 53

KOMPETENSI DASAR

8.3 Menulis tanggapan teks berita aktual

Indikator :1. Menentukan topic teks berita aktual yang akan ditanggapi2. Membuat kerangka penulisan tanggapan teks berita aktual 3. Mengembangkan kerangka penulisan tanggapan teks berita actual menjadi

karangan 4. Menyalin satu paragraf teks berita aktual ke dalam aksara Jawa

NULIS

Page 54: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

ora mbathi, ora korupsi, ora gawe rugine liyan. Jujur iku ora duwe pamprih golek

kauntungan utawa pakolih kanggo awake dhewe, kanggo keluarga utawa golongane. Wong

tumindak jujur amarga duwe panganggep menawa kajujuran iku kudu diugemi lan ati

nuranine pancen ora keduga menawa arep tumindak ora jujur.

Sebab-sebab sing nggiring wong tumindak ora jujur werna-werna. Tumindak ora jujur

iku ana sing kanggo nutupi kekurangan. Kanggo nutupi sifat kesed, wegah tumindak, utawa

ora gelem kangelan. Upamane bocah ora mlebu sekolah kandhane diliburake amarga gurune

padha rapat, mangka bocah mau ora mlebu sekolah amarga durung nggarap PR.

Umume tindak ora jujur iku disurung pepinginan oleh alis utawa keuntungan sing akeh

sing tanpa rekasa. Nalika ulangan bocah sekolah sok padha nurun kancane utawa mbukak

buku kepekan supaya oleh biji sing apik. Supaya cepet sugih akeh pejabat sing padha

korupsi. Supaya kepilih dadi wakil rakyat, utawa calon Gubernur, bupati, utawa wali kota,

calon pejabat mau padha ngobral janji-janji sing satemene calon-calon mau dhewe isih

ragu-ragu apa bisa ngleksanani apa ora.

Tindak ora jujur iku bisa kedadeyan ing babagan apa bae: ing babagan jurnalistik,

ing babagan ilmu, ing babagan politik, ing babagan penelitian, surve, pelaporan,

pertanggungjawaban keuangan lan liya- liyane. Ing babagan olah raga utawa sport ya asring

ora sportif, pertandingan sepak bola asring ana permaianan skor. Saya-saya ing babagan

kasukan utawa perjudian. Ing crita wayang lakon Pandhawa Dhadhu, Pandhawa kalah

entek-entekan amarga akal licike patih Sengkuni.

Akhir-akhir iki ing sekolahan-sekolahan diadani anane ”kantin utawa warung

kejujuran”. Kantin iku ora dijaga, sapa sing arep tuku bisa njupuk barang lan nglebokake

dhuwit sarega karo barang sing dijupuk mau. Kanthi mangkono para siswa dikulinakake

mbayar apa mesthine, ora ngapusi, utawa ngurangi regane. Warung kejujuran iku uga becik

kanggo nglatih supaya para siswa padha jujur. Yen kejujuran iku wis tumanem ing ati

nuranine sadhengah uwong, kebiasaan goroh, ngapusi, tekan korupsi mbokmenawa bisa

diilangi.

Ing kalangane umat Katolik yen rumangsa wis tumindak salah ana kuwajiban ngaku

dosa. Ing masyarakat Indonesia umume ing riyaya lebaran ana kebiasaan apura ing apura

mungguh sakabehe kaluputan. Kupat, jare ”ngaku lepat”, iku dadi pasugatan sing khas ing

riyaya lebaran. Emane sing akeh-akeh mau mung mandheg dadi ucapan, kurang dihayati

utawa didadekake sarana kanggo ngresiki ati. Yen kaluputan mau disadhari lan ora

ditindakake maneh, harkat kamanungsane wong Indonesia bisa mundhak dhuwur.

(Seratan Sujarwo : Suara Merdeka Minggu ke 2 maret 2009 )

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 54

Page 55: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

B. Nulis Opini/ Tanggapan1. Gawea tanggapan teks berita actual kanthi tema bebas supaya karanganmu bisa runtut

lan becik gatekna pituduh ing ngisor iki!a Goleka tema pawarta kang narik kawigatenmub Gawea cengkorongane karanganc Mekarna cengkorongan karangan mau dadi karangan wutuh kanthi basa ngoko

utawa kramad Gatekna pamilihing tembung, tandha-tandha panulisan ing karanganmue Irah-irahan lan isi jumbuh

2. Tulisen aksara JawaJujur iku kalebu bebuden kang becik. Jujur iku bares, kandha apa anane: yen putih dikandhakake putih, yen abang ya dikandhakake abang. Jujur iku ora goroh, ora ngapusi, ora mbathi, ora korupsi, ora gawe rugine liyan

C. Nanggapi OpiniOpini dhuwur kanthi irah-irahan “Jujur” wenehana tanggapan, kepriye manut panemumu, wenehana pawadan utawa alesan kang logis!......................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 55

Ukara ing wacan “Jujur” ana kang awujud perangan fakta (kanyatan) lan perangan panemu (opini). Fakta utawa kanyatan yaiku perangan uatawa apa-apa sing nyata-nyata kadadeyan ing donya iki. Dene panemu utawa opini yaiku perangan sing mujudake pendhapate utawa panemune sawijining wong.

Tuladha kang kalebu panemu (opini)

Sebab-sebab sing nggiring wong tumindak ora jujur werna-werna. Tumindak ora jujur iku ana sing kanggo nutupi kekurangan. Kanggo nutupi sifat kesed, wegah tumindak, utawa ora gelem kangelan.

Tuladha kang kalebu kanyatan (fakta)

Akhir-akhir iki ing sekolahan-sekolahan diadani anane ”kantin utawa warung kejujuran”. Kantin iku ora dijaga, sapa sing arep tuku bisa njupuk barang lan nglebokake dhuwit sarega karo barang sing dijupuk mau

Page 56: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

Wenehana tandha ping (X) tumrap wangsulan kang bener!

1. Para kadang wredha mudha siswa SMP Negeri 40 ingkang kula tresnani. Tegesipun wredha a. Enom c. gedhe b. Tuwa d. sesepuh

2. Kula panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya kalis ing sambekala. Tembung kula panjenengan menika pinangka gantosipun tembung ……a. dalem c.kawula b. kula sedaya d. kita

3. Wonten ing perangan pangarep-arep wosipun ingkang dipunaturaken inggih menika …….a. caos pakurmatan dhumateng para

rawuhb. ancas tumapaking adicarac. atur panuwun awit panjurung lan

panyengkuyungd. Matur nuwun dhumateng para tamu

4. Kawaspadakna ukara ing ngandhap menika!(1) Kupat kecemplung santen, menawi kula lepat nyuwun pangapunten(2) Kupat janure tuwa, menawi lepat diagung ing pangaksama(3) Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kawula(4) Tebah siti, sekul binuntel roning kalapa. Apuranta sedaya lepat kawula.

4. Ingkang kalebet ukara wangsalan kangge panutuping sesorah inggih menika …..a. (1), (2) c. (3), (4)b. (1), (2), (3) d. (1), (3)

5. Sekul binuntel roning kalapa, bedhekanipun ……a. lonthong c. lemperb. arem-arem d. kupat

6. Pak Hardana nalika tindak jagong selapanan bayi wonten dalemipun Pak Sena dening Pak Sena dipunsuwun matur ngaturaken pambagya harja, kamangka menika dadakan, dereng dipunaturi saderengipun. Pak Hardana anggenipun sesorah menika ngginakaken teknik ……a. bebas c. impromptub. ekstemporan d. apalan

7. Kedaling lisan kedah kagladhi kanthi sae supados andharan ing sesorah saged cetha. Pratelan menika wonten sambung rapetipun kaliyan babagan sesorah perangan ……a. solah bawa c. busanab. swara d. sastra

8. Tuladhanipun sesorah kangge nggerpol utawi mempengaruhi inggih menika sesorah …..a. kampanye pemilub. PPL dhateng para tanic. Ular-ular mantend. pengajian

9. Tuladha ukara sesanti ingkang saged kaginakaken ing sesorah pengetan Dinten Pahlawan inggih menika a. Tut wuri handayanib. Jer basuki mawa beyac. Sepi ing pamrih rawe ing gawed. Rawe-rawe rantas malang-malang

putung10. Nuwun, kasugengan saha sih

nugrahaning Gusti Ingkang Maha Asih mugi tansah kajiwa kasarira wonten ing kita sedaya. Perangan sesorah menika kalebet …..a. Pambuka c. surasa basab. Pamuji d. pangarep-arep

11. Nuwun, tumanggap pangandikanipun Bapak Sujono, hamasrahaken

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 56

GLADHEN UJI KOMPETENSI 4

Page 57: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

penganten kakung ingkang asesilih bagus Permadi, keparenga kula matur minangka sesulihipun Ibu saha Bapak Suroso, kula kadhawuhan nampi pasrah panganten kakung. Sesorah menika isinipun …….a. nampi lamaranb. makili pangantenc. pasrah pangantend. nampi penganten

12. Gladhen kangge olah swara ing antawisipun saged nyakup ing ngandhap menika, kajawi ……a. solah bawa c. wiramab. volume d. lafal

13. Babagan pokok ingkang wigatos nalika nyawisaken damel naskah sesorah kados ing ngandhap menika, kajawi …..a. golek lan ngumpulake bahanb. sapa sing maca sesorahc. gawe cengkorongand. nulis naskah sesorah

14. Ing ngandhap menika minangka sikep ingkang kedah dipungatosaken nalika sesorah, kajawi …..a. Swara kudu seru supaya kabeh

krungub. Ngadeg jejeg kanthi kapitayanc. Wiramaning swara kepenak

dirungukaked. Sandhangan kang sarwa becik lan

mompyor15. Rantaman urutan sesorah cara ringkes,

inggih menika …..a. pambuka, muji syukur, panutupb. pambuka, muji syukur, isi, panutupc. pambuka, pangarep-arep, muji

syukur, isi, panutupd. pambuka, isi, pamuji syukur,

panutup

16. Babagan ingkang wigatos supados saged ngandharaken maneka warni prastawa kanthi basa Jawi inggih menika kedah sregep …..a. Nyerat c. maosb. gladhen d. lelana

17. Nalika sesorah wirasa dipatrapake karo swasana, upamane layatan boten sami kaliyan syukuran. Aja nganthi gojegan. Kang  ngono iku ateges wong sesorah iku nggatekake a. Wicara c. Wiragab.      Wirama d. Wirasa

19. Nalika sesorah swantenipun ingkang trep, boten keseron, boten bengok-bengok, lan boten kelirihen, tegesipun tiyang sesorah menika nggatosaken ... .a.          Wicara c.  Wiramab.         Wiraga d. Wirasa

20. Tiyang sesorah kedahipun patrap kaliyan swasana badan kedah teteg, jejeg, mantep, asta ngapurancang. Praen ulat sumeh, grapyak, ora besengut. Ateges nggatosaken ... .a.          Wicara c. Wiragab.          Wirama d.     Wirasa

B. WANGSULANA PITAKONAN ING

NGISOR IKI1. Tulisna cengkorongan urutan sesorah!2. Terangna bedane teknik sesorah cara

bebas/ tanpa teks lan cara apalan!3. Wenehana tuladha panutuping sesorah

kanthi nggunakake wangsalan!4. Wenehana tuladha pambukaning

sesorah kanthi perkenalan5. Wenehana tuladha pambukaning

sesorah kanthi ngucapake rasa syukur marang Gusti!

Created by Trial Version

Created by Trial Version

Created by Trial Version

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 57

Page 58: LKS Gladhi Basa Jawi IX/Genap Web view(lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

DAFTAR PUSTAKA

Joko Subroto. 1977. Tanggap Wacana Tuladha Pidato Basa Jawa. Solo : CV. Aneka.

Marsono, dkk. 2010. Kaloka Basa 3. Surakarta: Bios Offset.

Muh. Muslich. 1997. Tuladha Prasaja. Yogyakarta: Pustaka Pelajar Offset.

Mulyana, dkk. 2007. Salah Kaprah Bahasa Jawa. Yogyakarta: Narasi.

Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Groningen, Batavia: J.B. Wolters Uitgevers Maatschappij.

Pranowo, Dr, M.Pd. 2004. Pranatacara Populer. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Rekso Panuntun. 1994. Sekar Sumawur. Sukoharjo: CV. Cenderawasih.

Sri Hartuti, C. 2007. Pustaka Ajining Sastra IX. Yogyakarta : CV. Radhita Buana.

Sudi Yatmana, Dr. 2005. Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda. Semarang: C.V. Aneka Ilmu.

Suharti, Prof. Dr. 2008. Yogya Basa 2. Yogyakarta: Universitas Negeri Yogyakarta

Suwarno Pringgawidagda. 2009. Bengkel Bahasa Jawa Bagi Guru Bahasa Jawa SMA, SMK, dan MA Sekota Yogyakarta. Yogyakarta: Balai Bahasa Yogyakarta.

amongbasa.blogspot.com/2012/07/[email protected] Merdeka Minggu ke 2 maret 2009 MANTEB.com

d.scribd.com/docsesorah-bahasa-jawa Kalawarti Panyebar Semangat http;//andumrasa.blogspot.com http://thnurani.blogspot.com/2010/05/pidato-bahasa-jawa.htm

hanafijelekk.wordpress.com/2010/

Gladhi Basa Jawi IX/ Genap >>>>>http://sdwijosusastro.wordpress.com <<<<< Kaca 58