21

Click here to load reader

PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,

  • Upload
    vuxuyen

  • View
    364

  • Download
    16

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,

MATERI 1Tuladha Wicara Pranatacara

1. PELANTIKAN PENGURUS OSIS

Assalamu’alaikum Wr.Wb.Nuwun,

Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan, Bapak Wakil Kepala Sekolah Bidang Kesiswaan, Bapak/Ibu Guru, Karyawan, saha para siswa ingkang tansah winantu ing suka basuki.Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya, awit kula piniji saking panitya kinen ngaturaken urut reroncening Upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMA 4 Ngayogyakarta Periode 2008/2009.

Nanging saderengipun kula ngaturaken rantamaning adicara puniuka, sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsa delem Gusti Ingkang Maha agung, karana sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga ing kalenggahan punika taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubeda nir ing sambekala. Amin.

Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparengan panatacara murwakani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing titilaksana Upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMA 4 Ngayogyakarta Periode 2008/2009, kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun karantam dening panitya, nun inggih:1. Purwaka2. Atur palapuran saking Wk. Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan ing mangke badhe dipunsalirani dening Bapak Rudy Ru mangke badhe dipunselirani dening Bapak Rudy Rumanta, S.Pd.3. Kepyakan/Pelantikan Pengurus OSIS kalajengaken tanggap sabda saking Bapak Kepala Sekolah.4. Atur sapala saking pangarsa OSIS enggal 5. Pandonga ing mangke badhe dipunsalirani dening seksi kerohanian agami Islam 6. Panutup.

Para lenggah ingkang winantu ing bagya mulya, makaten menggah urut reroncening Upacara Pelantikan OSIS SMA 4 Ngayogyakarta Periode 2008/2009. Kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi paripurnaning gati. Nuwun, nuwun, matur nuwun.…………………………………………………………………………………..

Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,Sumangga adicara punika kapurwakan kanthi ndedonga miturut

kapitadosanipun sowang-sowang, ndedonga kasumanggakaken…….cekap.Adicara ingkang angka kalih nenggih atur palapuran Wk. Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan. Dhumateng ngarsanipun Bapak Rudy Rumanto, S.Pd. wekdal kula sumanggakaken.…………………………………………………………………………………..

Page 2: PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,

Makaten punika atur palapuran dening Wk. Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan, ngancik adicara angka tiga nenggih kepyakan/ Pelantikan Pengurus OSIS kalajengaken tanggap sabda saking Bapak kepala Sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang winantu ing pakurmatan Panjenenganipun Bapak Drs. Suradi, M.Pd. Pramila dhumateng Pengurus OSIS enggal, kula aturi majeng ing sasana ingkang cumawis saperlu nindakaken upacara punika lan kasuwun kersaa Bapak Kepala Sekolah paring tandha simbolis Pelantikan Pengurus OSIS enggal punika. Nuwun.…………………………………………………………………………………..

Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,Makaten punika adicara Pelantikan Pengurus OSIS saha tanggap sabda saking

Bapak Kepala Sekolah SMA 4 Ngayogyakarta. Kanthi kepyakan punika ateges dinten punika Pengurus OSIS sampun resmi kalantik lan jejibahan punapa kemawon ingkang magepokan kaliyan OSIS sampun kedah kasangkul saha katindakaken kanthi samesthinipun. Suamangga samya caos panjurung amrih pengurus OSIS enggal punika tansah pinaringan rahayu, gampil ing pamikir, saha gangsar anggenipun ngayahi sesanggeman punika. Amin.Tumapak laksitaning adicara candhakipun nenggih atur sapala saking pangarsa OSIS enggal. Dhumateng pangarsaning Pengurus OSIS enggal, panjenenganipun Mas Bagus Panggah Widagdo kula sumanggakaken.…………………………………………………………………………………..

Adicara salajengipun inggih punka pandonga, ingkang badhe dipunselirani dening seksi kerohanian Agama Islam. Pramila dhumateng Ibu Ulin Nuha, S.Pd. wekdal saha sasana wicara kula aturaken.…………………………………………………………………………………..

Para lenggah ingkang bagya mulya,Pinangka pungkasaning adicara, nenggih panutup. Pramila kula ingkang piniji

pinangka pambiwara ing Upacara Pelantikan Pengurus OSIS Periode 2008/2009 punika ngaturakenb agunging panuwun saha nyuwun pangaksami mbokbilih kathah bab ingkang boten mranani penggalih panjenengan sadaya. Wusananing atur dhumateng Pengurus OSIS Periode 2008/2009 ingkang sampun kalantik, kula ngaturaken sugeng makarya, mugi tansah manggih karaharjan, rahayu ingkang pinanggih, widada ingkang jinangka.

Para lenggah ingkang dhahar kinurmatan, sumangga adicara punuika kita pungkasi kanthi ndedonga miturut kapitadosanipun sowing-sowang, ndedonga kasumanggakaken …….cekap.

Nuwun, nuwun, Matur nuwun. Wassalamualaikum Wr.Wb.

7/28/2008 06:57:14

TEGESE TEMBUNG: Dhahat : banget (sangat) Winantu : binarengan ing ( bersama-sama di ) Suka basuki : bungah, aweh; rahayu, slamet, raharja, widada, sugeng Winantu ing suka basuki : bebarengan diparingi kabungahan lan keslametan

(mendapatkan kebahagiaan dan keseamatan)

Page 3: PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,

Mambeng (pambeng) : ngalangi (menghalangi); pambeng : alangan (halangan)

Gempil : cuwil sethithik Nggempil kamardikan : nyuwil/ngurangi sethithik kamardikan (mengurangi

sedikit kemerdekaan) Piniji : dipiji, dipatah, didhapuk, dipitaya, dipercaya Reroncening/reroncen : susunananing/susunan; Rantaman : rancangan, program, rencana Karana : awit, sebab, jalaran (sebab/karena) Sih : asih, katresnan; kawelasan Wilasa (S/Kw) : ngenggar-enggar, dolanan,

(bersenang-senang/bermain-main) Sih wilasa : kawelasan (dikasihi ) Rumentah (rentah) : tumiba, dhumawah, tumeka (dilimpahkan) Pinayungan (paying) : dipayungi (mendapat perlindungan) Rubeda : pakewuh, alangan Nir /Kw : ilang, tanpa Sambekala : kacilakan, alangan Sinuba, S/Kw(suba) : endah, kaendahan, becik ; disungga-sungga,

dihormati banget Murwakani (purwa) : miwiti, memulai Lekasing sedya : wiwitaning karep Titilaksana : adicara, acara Karantam : diprogram, dirancang, direncanakan Purwaka : pambuka (pembukaan) Kepyakan : peresmian, pelantikan Hanjenengi (njenengi) : melu nunggoni ing parepatan lsp Paripurnaning gati : rampunge gawe, rampunge acara Gati Kw : laku, tindak Kapitadosan : kapercayan (kepercayaan), gegebengan, (agama) Sowang-sowang : dhewe-dhewe, piyambak-piyambak Kasumanggakaken: dipersilakan Nenggih : yaiku, (yaitu) Winantu ing pakurmatan : tansah dipunkurmati (yang selalu dihormati) Sasana S/Kw : papan, enggon, palungguhan (piwulang, pituduh) Tanggap sabda : waluyan, tanggap wacana, sesorah, pidato Sabda /S , Kw : swara, gunem, tetembungan Jejibahan : ayahan, tugas, pakaryan Magepokan : sesambungan (yang ada hubungannya dengan …) Kasangkul : nindakake gaweyan, Panjurung : panyengkuyung, pambiyantu (dukungan) Gangsar : gancar, lancer, ora ana alangan Sesanggeman : ayahan, gaweyan sing kudu

karampungake/katindakake Laksita S/Kw : laku Atur sapala : (sepatah kata) Pambiwara : pranatacara, panatacara, pranata adicara, MC Nyuwun pangaksami : nyuwun pangapura, njaluk pangapura (minta maaf)

Page 4: PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,

Mboten mranani penggalih : kurang berkenan di hati Widada ingkang jinangka : katekan sing dikarepake (terlaksana apa yang

dicita-citakan) Sugeng makarya : selamat bekerja

PRANATACARA

A. WERDINING PANATACARAPranatacara yaiku paraga kang duwe jejibahan/tugas nata lan nglantarake acara/titilaksana ing upacara adat (manten, sripah, lsp) utawa pasamuwan/ pertemuan kang asipat resmi/formal. Dadi lugune jejibahan atur palapuran (protocol) tumrap cak-cakaning utawa lakuning adicara. Nanging kagawa beda-bedaning jaman, papan lan kahanan tumraping upacara siji lan sijine mula ayahan pranatacara dadi mingsad-mingsed, malah uga dadi rowa (luas). Mula ayahane pranatacara banjur bisa dadi : speaker, reader, announcer, dhalang, director, manager, trainer, sutradara, assistant, master of ceremony, orator.

B. ISTILAH/BEDHAHANSebutan liya kanggo pramatacara yaiku : panatacara, panata adicara, pranata adicara, juru wicara, juru paniti laksana, pranata titilaksana, protokol, pengacara, pembawa acara, juru imbau, master of ceremony (MC).

C. CECAWIS SANGU-SANGUNING PRANATACARA1. Sangu Pokok

a. Oleh Swara Swara pinangka srana babaraning basa kudu kaudi supaya ulem, kung, dekung, membat mentul, kepenak dirungokake. Kedaling swara (metune swara) : tuladha ngeja abjad Jawa Ucapan; tuladha : rasa-rasane, utama-utamane, manis –manise,

pendeng, rendheng, petel-pethel, lsp. Lagu (wirama)

Nyakup sora-lirih, panjang-cendheking swara, membat mentul, rikat-rindhik, lan lak-luking swara.Lagu tumrape basa Jawa dirani dekung

b. Olah Basa lan Sastra Ulah Basa lan Sastra

Basa kang digunakake pranatacara: bener, pener, becik, endah, lan gampang ditampa. Basa kang becik yaiku basa kang trep panganggone. Supaya trep kudu ngeling:

Sapa sing guneman Sapa sing tumanggap wawan gunem/audiens Sapa /apa sing digunem Kepriye swasanane (wektu, papan, kahanan)

Dene kawruh kasusastran nyakup: pepindhan, panyandra, wangsalan, parikan, tembang, purwakanthi Pewayangan, kawruh karawitan/gendhing-gendhing upacara manten, lsp.

Page 5: PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,

2. Sangu Tambahana. Olah Busana

Pranatacara kudu bisa ngadi busana kang bener lan pener, murwat, laras karo kahanan, rapi, lan tumata panatane.

b. Olah Raga : Prinsip Sapta-Ma MAGATRA , Bleger wewujudan, rupa, adi ing sarira, edi ing

busana; trep, pantes, luwes, jangkep. MALAKSANA, Tindak sapecak, sajangkah ditata runtut, luwes

mrabawa; manteb; ora ingah-ingih, ora wigah-wigih. MAWASTHA, Ngadeg jejeg, ora kendho, ora dhoyong, sikil kiwa-

tengen ora kekamban utawa keciyuten MARAGA, Ora rongeh, ora edheg, ora gumeter, anteb anteng,

obahing awak, sirah, gulu lumrah samadya, obah-owahing pasemon (raut muka) nggambarake ati.

MALAGHAWA, Trampil trengginas, ora remben, ngleler, ora angas gas-gasan. Cag-ceg, lancer, gancar, sembada ing karya.

MATANGGAP, Tanggap ing swasana (tahu situasi dan kondisi) , bisa girang gumbira, mesem ngguyu marang kang antuk kabegjan kanugrahan, bisa kucem luyu, susah sedhih belasungkawa marang kang nandhang dhuhkita.

MAWWAT, tanggap, tangguh, tanggon prapteng ngendon; mrantasi lan ngentasi gawe saka wiwitananing acara nganti pungkasan.

3. Sangu Penyengkuyunga. Mental : amrih mentale kandel kudu akeh gladhen, biasa ngadhepi

wong akeh (forum), siap materib. Sekolah, kursus, maca buku bab pranata adicarac. Gladhen : pranatacara kudu sregep gladhen micara murih wegig,

besus micarad. Pangrengga swara (sound system) : MC kudu sesambungan karo

pangrengga swara bab tata papan, urutan gendhing, sasmita gendhing, lsp.

e. Kasamaptaan (sumadhiya ing dhiri sawega ing gati) : Pranatacara kudu siap sawanci-wanci ditimbali dening pawongan kang ngersakake murih ora nguciwani, samapta ing raga, busana, basa an wicara.

f. Mitra tembayatan (relasi) : kayata perias, Wedding Orgnyzer, catering, fotografer, lsp

D. CENGKORONGAN BAKU WICARA PRANATACARA1. Pambuka

Salam pambuka Sapa aruh marang tamu Muji syukur mring Pangeran

2. Maosake rantamaning adicara

3. Nyuwun gungan supaya tamu kersa njenengi adicara saka purwa, madya tumeka wasana

Page 6: PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,

4. Ngaturake adicara siji mbaka siji kanthi wijang5. Panutup

Nyuwun pangapura yen ana cewed lan luput anggone ngacarani (kalebu nyuwunake pangapura sing hamengku gati/ panitya)

Nderekake ndedonga panutup Salam panutup

E. TULADHA RANTAMAN ADICARA1. Rantaman Adicara Rapat Pemudha Rembag 17-an

Kaping sepisan, pambuka Kaping kalih, Atur pambagya saking Ketua Pemudha Kaping tiga , rembagan bab pengetan 17-an Kaping sekawan, panutup

2. Rantaman Adicara Rapat Pemudha Pambuka Atur Pangandikan

Atur pangandikan Bp. Ketua RW Atur pangandikan Ketua Pemudha

Pirembagan program kegiatan Mancawarni (gantine tembung: Lain-lain ing Basa Indonesia) Panutup

3. Rantaman Adicara Rapat RT Sapisan, pambuka Kaping kalih atur pambagya saking Bapak Ketua RT Kaping tiga, Rembag rukun warga sinambi asok dana saben wulan

dhumateng paraga kahartan (Bendahara) Kaping sekawan, arisan Kaping gangsal, palaporan Kaping enem, panutup

4. Rantaman Adicara Kesripahan Ingkang sepisan, pambuka Ingkang kaping kalih, atur panuwun kulawarga Ingkang kaping tiga, atur bela sungkawa saking para takziah Ingkang kaping sekawan donga angkating layon Ingkang kaping gangsal panutup

5. Rantaman Adicara Penganten Prasaja (Sederhana/climen) Pambuka Atur Pambagya harja Pasrah saha panampi calon penganten kakung Ijab qobul Sumene/ sigeg ( gantine tembung : istirahat) Pengaosan utawi wasitatama Panutup

F. CAK-CAKANE

Page 7: PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,

1. Panatacara wis rawuh ing dhapukan panitya, supaya ngerti cengkorongan (garis besar) acara2. Rawuh ing patemon sabanjure, murih ngerti :

Rantaman umum mungguh lakuning prastawa (peristiwa) Rantaman mligi (khusus) kang ana sambung rapete karo ayahan

panatacara3. Ngerti kepara apal urut-urutaning adicara

4. Ngerti kanthi cetha adicara siji lan sijine. Lire ngerti peprincene: Adicara apa Sapa sing tanggung jawab Sapa sing nindakake Kepriye cak-cakane Ubarampene (peralatan) apa wae Kapan wancine

5. Panatacara bisaa ngacarani kabeh adicara kanthi apal tanpa teks6. Panatacara bisa mratelakake/nyebutake bab-bab kang magepokan karo

adicara kanthi bener, pener lan jangkep (lengkap)

7. Panatacara melu ngenut (mengikuti) lakuning saben adicara8. Panatacara tumanggap lan nuhoni karepe sing hamengku karsa 9. Panatacara tumanggap lan nyembadani tuntunan pangarsa panitya

10. Panatacara tansah koordinasi karo paraga liyane 11. Panatacara tansah gawe reseping panggung/arena 12. Panatacara tansah gawe tumataning ubarampe pahargyan 13. Panatacara bisa gawe sengseming para tamu 14. Panatacara njumbuhake (menyesuaikan) metune pasugatan unjukan, dhaharan lan hiburan 15. Panatacara bisaa amurba swasana (tanggap akan situasi dan kondisi)

2. UPACARA RUWATAN BARAYA AGENG KI SARWITO SUWARNO 23 Desember 2010

Para pepundhen ingkang dhahat pinundhi-pundhiPara sesepuh, pinisepuh ingkang pantes sinudarsanaBapak-ibu, kadang wredha, miwah kadang taruna ingkang dhahat kinurmatan

Mugi rahayu ingkang tansah pinanggih.Sugeng pinanggih mugi kabagaswaran tansah kajiwa kasalira ing jiwangga kula lan panjenengan sedayaIng dalu punika Bapak Sarwito Suwarno ujubing sedya kepareng hanindakaken adat widi-widana ingkang sinengker ing Dhusun Kutuwates ngriki, nenggih Upacara Ruwatan Sukerta. Wondene upacara ruwatan ing dalu punika kanthi hambabar pagelaran ringgit purwa sedalu natas kanthi lampahan Murwakala ingkang badhe katindakaken dening dhalang Ki Sugito saking Ngadisari, Karangmojo, Weru, Sukoharjo, dalah dipun sengkuyung dening dhalang Ki Suratno, M. H. saking Semarang, miwah dhalang cilik Cendhekia saking Surakarta, Jawa Tengah.

Page 8: PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,

Bapak-Ibu ingkang satuhu dhahat kinurmatan, ing dalu punika Ki Dhalang …………………………………..Pinitados bapak Sarwito Suwarno kinen hangruwat :

1. Putra-putri Bapak Sarwito Suwarno ingkang gunggungipun wonten 9, Kakung 4, Estri 5, kaleres wuragilipun kembar.

2. Putra-putrinipun Bapak Drs. Suyoto/ Ibu Iswanti ingkang nggadhahi putra 3 : Estri- kakung-estri utawi Pancuran kaapit sendhang

3. Putra-putrinipun Bapak Drs. Ihksan Raharjo/Ibu Sudewi ingkang nggadhahi putra 2: Kakung-Estri utawi Kedhana-Kedhini

4. Putranipun Ibu Dra. Sutrisni, M.Sn. ingkang nggadhahi putra kembar5. Putra-Putri Ibu Supriyanti/Supriyanto, ingkang nggadhahi putra Kedhini-

Kedhana

Kanthi Nyenyuwun Wonten Ngarsanipun Gusti Allah SWT mugi-mugi para putra ingkang rinuwat sageda luwar saking saru-siku-miwah bebenduning Gusti. Temahan dados jalma ingkang tansah pinayungan ing karahayon miwah kabagaswaran lair-batin, lulus raharja nir ing sambekala, nir baya, nir wikara. Amin.

Ing Wasana Bapak Sarwito Suwarno ugi boten kesupen ngaturaken Sugeng Warsa enggal 1 Sura 1943 Dal, utawi 1 Muharram 1431 Hijriyah. Mugi-mugi masyarakat Kutuwates mliginipun sumarambah bangsa Indonesia tansah manggih yuwana basuki ing salaminipun.

Wasana sugeng hamriksani pagelaran ringgit purwa sedalu natas kanthi lampahan Murwakala ingkang badhe katindakaken dhalang Tiga Generasi inggih menika:

1. Ki Sugito2. Ki Suratno, SH, M. H.3. Dhalang Cilik Cendhekia

Kanthi sinengkuyung swantenipun swarawati: Nyi Sutrisni Suborini, M.Sn; Nyi Suratmi lan Nyi SupadmiMiwah Karawitan ..................ingkang dipunsesepuhi dening Bp ……………………………Sugeng hamriksani, nuwun-nuwun. Matur nuwun.Assalamu’alaikum Wr.Wb.Nuwun, Panjenenganipun:

Page 9: PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,

3. PAHARGYAN LUSTRUM KAPING 12 SMA 4 YOGYAKARTA ( MC : Drs. Sujarno)

Assalamu’alaikum, Wr.Wb. Bapak Kepala SMA Negeri 4 Ngayogyakarta ingkang satuhu minulya ing budi, Ustadz Drs. Sunardi Syahuri ingkang satuhu pantes sinudarsana Bapak/Ibu alumni SMA Negeri 4 Ngayogyakarta ingkang satuhu dhahat kinurmatan Sagung tamu undhangan ingkang satuhu dhahat kinurmatan Bapak/Ibu Guru, Karyawan- karyawati SMA Negeri 4 Ngayogyakarta ingkang tansah winantu ing suka basuki. Kadang wredha, taruna, miwah para siswa SMA Negeri 4 Ngayogyakarta ingkang kula Tresnani.

Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya, awit kula piniji panitya kinen ngaturaken urut reroncening Adicara Puncak Pahargyan Lustrum kaping 12 SMA 4 Negeri Ngayogyakarta.

Nanging saderengipun kula ngaturaken rantamaning adicara punika, sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten sangandhap pepadaning Gusti ingkang hakarya loka inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ing kalenggahan punika taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan gumelaring kabagaswarasan, karaharjan miwah katentreman, tebih saking rubeda nir ing sambekala. Amin.

Sagung tamu undhangan ingkang sinuba ing pakurmatan, keparengan panatacara murwakani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing titilaksana Adicara Puncak Pahargyan Lustrum kaping 12 SMA Negeri 4 Ngayogyakarta, kanthi ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun karantam dening panitya, nun inggih:

1. Pambuka2. Pasrah bebungah tumrap para juara pasanggiri (Penyerahan Hadiah Lomba)3. Pangandikan Kepala SMA Negeri 4 Ngayogyakarta kalajengaken Pagas

Tumpeng4. Tausyiah Syukur dening Ustadz Drs. H. Sunardi Syahuri5. Pasrah - tinampi ringgit wacucal (Semar) (Kepala SMA Negeri 4

Ngayogyakarta – dhumateng dhalang Ki Edhi Suwondo) kalajengaken Special Performent: Kembang Api

6. Panutup.7. Pagelaran Ringgit purwa sedalu natas kanthi Lampahan : “Rama Nitis – Semar

Boyong” ingkang badhe katindakaken dening Ki Dhalang Edhi Suwondo.

Para Bapak/ Ibu tamu undhangan ingkang sathuhu dhahat kinurmatan, makaten menggah urut reroncening Adicara Puncak Pahargyan Lustrum kaping 12 SMA Negeri 4 Ngayogyakarta ing dalu punika.

Page 10: PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,

Kasuwun wontena suka lilaning penggalih sagung tamu undhangan tansah hanjenengi ngantos dumugi paripurnaning adicara ing dalu punika. Nuwun, nuwun, matur nuwun.…………………………………………………………………………………..

Sagung tamu undhangan ingkang satuhu kinurmatan,Sumangga adicara ing dalu punika kapurwakan kanthi ndedonga jumbuh

kaliyan kapitadosan sowang-sowang, dhumateng Bapak ibu tamu undhangan ingkang hangrasuk agami Islam kula dherekaken maos Basmallah sesarengan, wondene ingkang ngrasuk agami sanes kajumbuhna kaliyan gegebengan panjenengan, ndedonga kawiwitan …….cekap.

Ngancik adicara kaping kalih : Pasrah bebungah tumrap para juara pasanggiri (Penyerahan Hadiah Lomba) kangge mahargya pengetan Lustrum 12 SMA Negeri 4 Ngayogyakarta ing tahun 2010. Dumateng ngarsanipun Seksi Lomba pandaya wara kula aturaken.

Makaten Pasrah bebungah tumrap para juara pasanggiri (Penyerahan Hadiah Lomba) kangge mahargya pengetan Lustrum 12 SMA Negeri 4 Ngayogyakarta ing tahun 2010. Dumateng para juara kaaturaken ndherek bingah miwah matur nuwun awit partisipasinipun.

Ngancik adicara kaping tiga atur pangandikan Kepala SMA Negeri 4 Ngayogyakarta kalajengaken pagas tumpeng . Dhumateng ngarsanipun Bapak Drs. Suradi, M.Pd. wekdal saha pandaya wara kaaturaken. Sumangga………………………………………………………………………………………Kalajengaken pagas tumpeng. Sasampunipun tumpeng kapagas dening Bapak Kepala SMA Negeri 4 Ngayogyakarta badhe kapasrahaken dhumateng ngarsanipun Ibu Dra. Niken Susilowati pinangka pangarsa panitya Lustrum 12 SMA Negeri 4 NgayogyakartaSagung tamu minulya. Tumpeng tumrapipun tiyang Jawi nggadhahi pralambang saha tuntunan gesang Tumpeng saged dipunjarwani: Tumapaking penguripan, tumindak lempeng. Tegesipun tumpeng mujudaken panggantha utawi panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, supados tiyang ingkang munjukaken donga saha panggantha punika kalis ing sambekala, saha pikantuk kanugrahan, sarta lumebering sihing Pangeran.

Para leluhur sampun paring uninga bilih: “Lantiping panggrahita, landhepe panyakrabawa, gumantung ana titining ati sumaruna bangkit nyaring sarining sasmita” Gesang punika kebak sasmita sarta pralambang ingkang semu. Manungsa kedah sadhar. Kalamun kirang ing waspada saged dhawah wonten ing barang semu punika.

Sagung tamu minulya .Ndungkap adicara kaping sekawan : Tausyiah Syukur dening Ustadz Drs. H. Sunardi SyahuriDhumateng ngarsanipun Ustadz Drs. H. Sunardi Syahuri wekdal saha sasana wara kula aturaken. Sumangga.…………………………………………………………………………………………………

Page 11: PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,

Pangandikan ingkang mijil saking lesanipun ustadz Drs. H. Sunardi Syahuri ingkang sampun putus ing kawruh ngelmu agami, dhasar wasis ngrumpaka endahing basa, saestu saged dados pandam pandom pandulunipun Sagung tamu undhangan mliginipun ingkang tansah nggegulang gesang kautamen. Mugi-mugi punapa ingkang sampun dipunaturaken tansah dipunbundheli ing salebetipun ati sanubari miwah dipuntindakaken brayat ageng SMA Negeri 4 Ngayogyakarta .Dhumateng ngarsanipun Ustadz Drs. H. Sunardi Syahuri. kaaturaken sewu agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan.

Bapak/ Ibu tamu undhangan ingkang satuhu kinurmatan.Ngancik adicara kaping gangsal: Srah tinampi tokoh ringgit Semar saking Kepala SMA Negeri 4 Ngayogyakarta dhumateng ngarsanipun Dhalang Ki Edhi Suwondo. Dhumateng ngarsanipun Bapak Drs. Suradi, M.Pd. dalah dhalang Ki Edhi Suwondo wekdal saha pandaya wara kula aturaken. Sumangga!…………………………………………………………………………………………………………………..Ingkang salajengipun Bapak Kepala SMA Negeri 4 Ngayogyakarta kepareng hamasrahaken paraga/tokoh ringgit Semar dhumateng Ki Dhalang Edhi Suwondo.Bapak/ Ibu sagung tamu undhangan ingkang minulya kanthi paraga Semar ingkang sampun kaasta dening Ki Dhalang Edhi Suwondo ateges pagelaran ringgit purwa sadalu natas kanthi Lampahan “Rama Nitis – Semar Boyong” tumuli kawiwitan.

Kalajengaken : Special Performent : Kembang apiSagung tamu minulya kanthi jumedhoring kembang api ingkang ngrenggani ing antariksa SMA Negeri 4 Ngayogyakarta ing dalu punika mracihnani paripurnaning Adicara Puncak Pahargyan Lustrum kaping 12 SMA Negeri 4 Ngayogyakarta. Mugi-mugi endahing kembang api ingkang ngrenggani ing antariksa punika pinangka sasmita bilih SMA Negeri 4 Ngayogyakarta badhe saya kondhang ing bumi nuswantara Sagung tamu minulya kanthi punika reroncening Adicara Puncak Pahargyan Lustrum kaping 12 SMA Ngeri 4 Ngayogyakarta ndungkap paripurna Dhumateng sedaya pehak ingkang sampun paring panyengkuyung murih gancar miwah regenging pahargyan Lustrum kaping 12 SMA Negeri 4 Ngayogyakarta panitya ngaturaken sewu agunging panuwun ingkang tanpa upami.

Wondene kula pribadhi ingkang ndherekaken lampahing adicara ing dalu punika bok bilih kirang runtut tumapaking adicara, kirang edi miwah kirang leres rumpakaning basa, kirang mapan ing reh subasita, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Tebah siti sekul binuntel roning kalapa. Apuranta menawi wonten lepat kawula.

Sumangga adicara ing dalu punika kapungkasan kanthi ndedonga jumbuh kaliyan agami wiwah kapitadosanipun sowang-sowang. Dhumateng ingkang ngrasuk agami Islam kula dherekaken maos Tahmid sesarengan. Sumangga ………………. Matur Nuwun.Wekdal salajengipun kula aturaken dhumateng Ki Dhalang Edhi Suwondo sakanca. Sugeng wungon- sugeng hamriksani pagelaran ringgit purwa sedalu natas kanthi Lampahan “ Rama Nitis – Semar Boyong” ingkang katindakaken dening Ki Dhalang

Page 12: PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,

Edhi Suwondo saking Pajangan, Sleman, miwah dipunregengaken Bintang Tamu: Ibu Yuningsih utawi Mbok Dhe Beruk .

Wasana kanthi asesanti Jaya-jaya wijayanti SMA 4 Yogyakarta tansah jaya. Dirgahayu SMA Negeri 4 Yogyakarta. Nuwun- nuwun – Matur Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

4. WIWAHAN PRASAJA CARA PRASMANAN

1. PAMBUKA Kasugengan, rahmat saha berkahing Allah SWT mugi tansah kajiwa kasarira

sagung tamu minulya Para sesepuh, para pinisepuh, para pepundhen ingkang satuhu luhuring budi Para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagri pinangka pandam

pandoming kawula dasih Sagung tamu minulya mliginipun baraya ageng kadang besan ingkang satuhu

kinurmatan Kadang wredha miwah taruna ingkang dhahat trinesnan Inggih awit mundhi dhawuh igkang hamengku gati nun inggih Bapak/Ibu

……….. kula kapitados ndherekaken lampahing adicara prasaja ing ri kalenggahan punika.

Wondene wigatosing sedya ing dinten menika Panjenenganipun Bapak/Ibu ……………………. …………………….hamboyong putra pinanganten sarimbit nun inggih ……………………. Kaliyan ………………..putra-putrinipun Bapak/Ibu ……………………. Saking laladan ……………………inggih awit saking donga pangestunipun sagung tamu minulya ing dinten ingkang sampun kawuri kekalihipun sampun kawiwaha dhaup sah manut angering agami miwah negari, ndungkap dinten menika kaleres sepekenipun risang temanten sarimbit.

Sagung tamu minulya salajengipun keparenga kula ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun rinancang dening sagung sadaya kulawarga

2. RANTAMAN ADICARA Pambuka Atur pambagya harja Atur pangandikan saking kadang besan Atur panampi Jawat Asta (kembul bojana andrawina) Panutup

Sagung tamu minulya minangka pambukaning pahargyan ing wekdal punika sumangga kula lan panjenengan sami tumungkul ngonjukaken pandonga wonten sahandhap pepadaning Gusti ingkang hakarya Loka mugi salwiring gati purwa, madya, wasana tansah kalis ing rubeda , rahayu ingkang tansah tinemu kanthi ndengonga manut satataning panembah sowang-sowang. Dhumateng ingkang ngrasuk agami Islam kula dherekaken maos Basmalah, wondene ingkang hangrasuk

Page 13: PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,

agami sanes mugi kajumbuhna kaliyan gegebengan panjenengan. Sumangga kula dherekaken…………………………………………………………………………………

3. Atur Pambagya Harja

Sagunging para sepuh, pinisepuh, miwah sagung tamu undhangan ingkang satuhu dhahat kinormatan, ngancik titi laksana saklajengipun inggih menika atur pambagya raharja yuwana saking panjenenganipun ingkang hamenggu Gati Bapa ……………………………sekaliyan. Namung, labet saking bombong berawaning penggalih awit nguningani rawuhipun sagung tamu minulya, Bapa ……………………….. sekaliyan ngantos boten kuwawa nyalirani matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sami, saengga kepeksa minta sraya dhumateng Bapa …………………………………pinangka talanging basa ingkang hamengku gati. Dhumateng ngarsanipun Bapa ……………………………. Wekdal saha sasana wicara kaaturaken …………………………………………………………….

Matur nuwun dhumateng panjenenganipun Bapak …………………. Ingkang sampun kepareng hamakili kulawarga Bapak ……………………….ngaturaken pambagya rawuhipun sagung tamu minulya

4. SRAH TINAMPI Bapak ibu, sagung tamu minulya, adicara ingkang angka

…………………………. Inggih punika pangandikan saking kulawarga kadang besan, ingkang badhe dipun aturaken dening panjenenganipun Bapak………………………. Dhumateng panjenenganipun Bapak ……………… wekdal saha pandaya wara kaaturaken.………………………………………………………………………

Makaten pangandikan saking duta saraya kadang besan aturipun Bapak ………………………… gya tinampi Bapa ……………………….. pinangka wakilipun Bapak ………………………. Ingkang hamengku gati. Dhumateng ngarsanipun Bapak …………………………. Wekdal saha sasanawara kaaturaken sumangga.

Matur nuwun kaaturaken dhumateng ngarsanipun Bapak ………………… ingkang sampun hamakili Bapak ……………………. Hanampi pangandikan saking kadang besan.

5. JAWAT ASTA – KEMBUL BOJANA Sagunging para tamu kakung miwah putri ingkang dhahat kinormatan, sampun

lenggah jajar sri pinanganten sarimbit esthining penggalih namung setunggal nyuwun tambahing donga pangestu dhumateng ngarsanipun para pinisepuh, para pepundhen, sumarambah sagung tamu minulya mugi-mugi anggenipun napak bebrayan enggal sageda atut runtut rerentengan

pindha mimi amintuna dadosa kulawarga ingkang sakinah mawadah warahmah, miwah enggala pinaringan talining palakrama ingkang awujud pratima ingkang bangki tata jalma nenggih putra-putri ingkang sholeh-sholehah

Page 14: PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,

Pinangka cihna paring panjurung donga miwah pangayubagya dhumateng risang temanten sarimbit miwah tiyang sepuhipun, sagung tamu minulya kalilan paring jawat asta .

Sasampunipun para tamu paring donga pangestu wilujeng dhumateng risang temanten sarimbit, awit kersanipun Bapak saha Ibu …………………… panjenengan kasuwun dhahar kembul bojana handrawina kanthi mardikaning penggalih.

Para tamu ingkang dhahat kinormatan , sasampunipun kapenggalih cekap saha badhe ngersakaken kondur, Bapak saha Ibu …………………. Ndherekaken sugeng kondur, mugi-mugi tansah jinangkung karaharjan ngantos dumugi ndalem sowang-sowang . Sepisan malih Bapak saha Ibu ………………… ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami, awit rawuh panjenengan sedaya.

6. ATUR SESUKAN

Sagunging para tamu kangge hamiyak sepining swasana miwah hangregengaken pawiwahan prasaja ing siyang menika Bapak saha Ibu …………… kepareng nyugatakaken elekton tunggal saking ……… ingkang dipun pangarsani ………… kanthi swarawati ……………………………………………………………………………..........Pramila sumangga sugeng nglaras kanthi sekecaUgi bok bilih wonten para kadang ingkng kepareng badhe paring pisumbang sekar/lagu/ tetembangan: Campursari, ndhangdhut, Pop , keroncong lan sanes-sanesipun elekton tunggal ………………………………… tansah sawega ing gati.

7. PARIPURNA

Sagunging para pepundhen, para sepuh, pinisepuh ingkang minulya. Purwa, madya dumugi wasana pawiwahan sampun ndungkap paripurna. Awit saking menika, Bapak saha Ibu …………………………………….ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng sedaya para kadang ingkang sampun kersa paring panjurung panyengkuyung murih rancaging adicara ing siyang menika. Mbok bilih Bapak saha Ibu ……………………………. Kirang tanggap, tangguh, gupuh, aruh miwah suguh anggenipun nampi rawuh sagung tamu minulya kersaa panjenengan ngluberaken samodra pangaksami. Semanten ugi kula ingkang kadhawuhan hanglantaraken titi laksana, tartamtu kathah cewedipun kepara kirang mranani penggalih kula namung saged matur; “Tebah siti sekul binuntel roning kalapa, apuranta sedaya lepat kawula. Pungkasaning atur : Hayu-hayu Rahayu Niskala Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Page 15: PAMBUKA - SUJARNO DWIJO SUSASTRO | … · Web viewPELANTIKAN PENGURUS OSIS Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nuwun, Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,