RPP FIX XI

Embed Size (px)

Citation preview

TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

Nama Sekolah Mata Pelajaran Kelas/ Semester Pertemuan ke Alokasi Waktu

: SMA Negeri 1 Sanden : Bahasa Jawa : XI/ Gasal : Pertama : 90 menit

Standar Kompetensi : Memahami dan menanggapi berbagai wacana lisan tentang bahasa, sastra, dan budaya Jawa dari berbagai sumber. Kompetensi Dasar Indikator : Memahami dan menanggapi pranatacara dari berbagai media. : Mendefinisikan apa itu pranatacara dan panatacara Paham dan mengetahui syarat-syarat menjadi seorang pranatacara. Mengetahui beberapa hal penting yang terkait dengan pranatacara.

A. Tujuan Pembelajaran Setelah mengikuti pembelajaran ini secara tuntas, siswa diharapkan dapat : Mendefinisikan pranatacara dan panatacara. Paham dan mengetahui syarat-syarat menjadi pranatacara. Mengetahui beberapa hal penting yang terkait dengan pranatacara B. Materi Pembelajaran 1. Pranatacara utawi Panatacara? Salebeting kawruh basa Jawi asring kapriyasa tetembungan pranatacara utawi panatacara, tetembungan kalih punika menawi dipundhal saged nggadhahi teges: a. Pranata adicara, tetembungan punika bakunipun saking tetembungan pranata lan adicara, manut baoesastra Jawa tembung pranata sami tegesipun kaliyan paugeran. Wondn adicara sampun cetha tegesipun. Dados menawi mekaten tetembungan pranata adicara punika paugeran tumraping tata gelar adicara ingkang badh kalampahan. Setya Amrih Prasaja,S.S. | 1

TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012

b. Panatacara, tetembungan punika bakunipun saking tetembungan panata lan adicara, manut boesastra Jawa tembung panata nggadhahi teges ingkang nata. Dn adicara sampun cetha tegesipun. Dados menawi mekaten tetembungan panata adicara punika pawongan ingkang kajibah nata lan ngatur tumapaking adicara wiwit pambuka

dumugi paripurna, cekaking tembung panata adicara punika lajeng kalimrah dipuntembungaken MC (pembawa acara).

2. Bab wigatos nalika dados pranatacara. a. Basa Basa ingkang kaginakaken prayoginipun laras utawi cocog kaliyan sinten ingkang dipunadhepi utawi sinten ingkang dados pamiyarsanipun. Menawi micara ing sangajengipun tiyang sepuh, langkung prayogi ngginakaken basa Jawi Krama.

b. Busana Ajining raga saka busana. Menawi micara prayoginipun migunakaken busana ingkang becik lan sopan. Bab punika kejawi ngurmati ingkang mirengaken, ugi saged kangg njagi dhiri pribadi. Busana prayoginipun ugi kaslarasaken kaliyan kahanan utawi ancasipun micara.

c. Swanten Wiramaning swanten ingkang sekca kapirengaken, boten kaseron utawi alon sanget. Anggnipun ngucap tetembungan prayoginipun kanthi cetha, boten groyok lan boten kecepeten satemah punapa ingkang kawedharaken saged dipunmangertosi suraosipun.

d. Solah bawa utawi patrap Solah bawanipun tiyang micara punika kedah manteb lan teteg, madhep dhumateng pamiyarsa, boten tumungkul utawi ndhingkluk lan boten ndangak. Bab sansipun ingkang kedah dipunsingkiri kadosdn: Polatan mbesengut Gugup Setya Amrih Prasaja,S.S. | 2

TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012 Asring ningali cathetan Ngebahaken asta utawi samparan Ngadeg kaku kados tiyang baris.

e. Tata Urutaning/ rantamaning pranatacara: Salam pambuka Atur pambuka Atur puji syukur Ngurutaken urut-urutaning acara Atur paripurna acara Salam panutup.

3. Tuladha Pranatacara ing adicara panampi siswa ing taun wucalan nggal. Assalamualaikum Wr. Wb.. Nuwun, kapareng matur dhumateng bapak Kepala SMA Negeri 1 Sanden ingkang dahat kinebekten. Bapak Ibu guru, karyawan saha para tamu undangan ingkang kinurmatan. Para siswa kelas X, XI, lan XII ingkang cinaketing manah tinangsul talining kekadangan. Kasugengan, mugi tansah kajiwa, kasarira dhumateng panjenengan sedaya, saha

nyuwun pangapunten kula kumawantun ngadeg wonten ngarsa panjenengan saha nggempil kamardikan panjenengan ingkang nemb lenggah sekca wawan pangandikan. Kula kapiji minangka pambiwara ndherekaken lampahing adicara ing wekdal punika. Sumanga ingkang sepisan kula lan panjenengan tansah ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun maringi rakhmat saha inayahipun dhumateng kula lan panjenengan sedaya satemah kula lan panjenengan saged nyawiji pinanggih wonten ing papan punika. Salejengipun kapareng kula ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang sampun rinonc: 1. Pambuka 2. Atur pambagya harja 3. Atur pangandikan saking wakil siswa

Setya Amrih Prasaja,S.S. | 3

TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012 4. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah 5. Pengumuman-pengumuman 6. Panutup. Makaten menggah rantamaning adicara ingkang badh kalampahan, salajengipun kasekcakaken lenggah dumugi paripurnaning adicara. Ngngeti kawontenan wekdal ingkang sampun sakwatawis adicara punika kula panjenengan purwakani kanthi donga sesarengan, kula dherekaken,,, Maturnuwun, mugi kanthi donga punika adicara saged lumampah kanthi wilujeng nir ing sambikala saking purwa, madya lan wasana. Salajengipun atur pambagya harja ingkang badh kasarira ketua panitia Bapak Setya Amrih Prasaja. Maturnuwun dhumateng panjenengan bapak Setya Amrih Prasaja ingkang sampun kersa ngaturaken pengandikan. ............................................. Wassalamualaikum. Wr. Wb.. C. Metode Pembelajaran 1. Ceramah untuk menjelaskan pengertian pranatacara dan aspek-aspek yang harus diperhatikan dalam pranatacara. 2. Tanya jawab interaktif untuk mengukur dan mengetahui pemahaman siswa tentang konsep pranatacara dan pengalaman berkesan yang pernah mereka alami atau mereka lihat. 3. Penugasan (siswa maju ke depan satu persatu mempraktikka pranatacara dalam kegiatan di sekolah dengan pilihan kata dan eksprsi yang sesuai dala bahasa Jawa ragam tutur krama). D. Langkah-langkah Pembelajaran

Tahap Pembelajaran

Bentuk Kegiatan (Operasional)

Alokasi waktu

Pendahuluan (kegiatan diawali dengan apersepsi dan

1. Membuka Pelajaran Guru membuka pelajaran dengan mengucapkan salam, berdoa dan

15 menit

Setya Amrih Prasaja,S.S. | 4

TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012 orientasi dari guru) 2. 1. mengecek kesiapan siswa untuk belajar. Masalah/topik materi Siswa mendengarkan informasi dari 60 menit guru mengenai pengertian dan aspek-aspek yang harus diperhatikan dalam pranatacara. Salah satu siswa maju ke depan kelas untuk mempraktikkan pranatacara dalam kegiatan sekolah dengan pilihan kata dan ekspresi yang sesuai dalam bahasa Jawa ragam tutur krama. Siswa mengidentifikasi tata urutan acara, pokok-pokok isi urutan acara. Siswa menyimpulkan aspek-aspek 15 menit yang harus diperhatikan dalam pranatacara. Guru memberikan tugas yang harus dikerjakan di rumah dan memberikan pesan untuk pertemuan yang akan datang.

Kegiatan Inti

2.

3. Penutup 1.

2.

E. Alat dan Sumber Belajar 1. Black board, kapur. 2. Widyasena Pustaka. 2010. Penulis Setya Amrih Prasaja, S.S 3. Sesorah F. Media Fotocopy contoh pranatacara. G. Penilaian Pedoman Penilaian 1. Penilaian dengan memperhatikan : No. 1. 2. Aspek yang dinilai Vokal atau tinggi rendahnya suara dalam mempraktikkan pranatacara di depan kelas. Bahasa dan pilihan kata (diksi) yang digunakan Nilai 20 30 Setya Amrih Prasaja,S.S. | 5

TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012 dalam mempraktikkan pranatacara di depan kelas. Ekspresi dan gerak dalam mempraktikkan pranatacara. Kualitas pranatacara.

3. 4.

20 30

2. Indikator, Prosedur, Jenis, Bentuk, dan Instrumen Indikator Mendefinisikan apa itu pranatacara dan panatacara Paham dan mengetahui syarat-syarat menjadi seorang pranatacara. Prosedur Post tes Jenis Tes essay Bentuk Tes lisan Instrumen Cobi punapa pranatacara lan panatacara punika? Cobi bab menapa kemawon ingkang prelu dipunwigatosaken nalika dados pranatacara. Kados pundi pokok-pokok isi urut-urutanipun eks pranatacara.

Post tes

Tes essay

Tes lisan

Mengetahui beberapa hal penting yang terkait dengan pranatacara.

Post tes

Tes essay

Tes lisan

Instrumen dan Jawabannya: 1. Cobi kaandharaken menapa ingkang dipunwastani pranatacara punika! Jawaban: Pranatacara, tetembungan punika bakunipun saking tetembungan pranata lan

adicara, manut baoesastra Jawa tembung praata sami tegesipun kaliyan paugeran. Wondene adicara sampun cetha tegesipun. Dados menawi mekaten tetembungan pranataadicara punika paugeran tumraping tata gelar adicara ingkang badhe kalampahan. 2. Cobi kaserata urut-urutanipun teks pranatacara! Jawaban: Tata urutaning/ rantamaning pranatacara : a. Salam pambuka b. Atur pambuka c. Atur puji syukur dhmateng Ingkang Maha kuwaos Setya Amrih Prasaja,S.S. | 6

TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012 d. Ngaturaken urut-urutaning acara e. Atur paripurna acara f. Salam panutup 3. Cobi kasebatna bab menapa kemawon ingkang prelu dipunwigatosaken nalika dados pranatacara! Jawaban: Bab-bab ingkang dipunwigatosaken nalika dados pranatacara: a. Basa b. Busana c. Swanten d. Solah bawa utawi patrap.

Sanden, 12 Juli 2011 Mengetahui Kepala Sekolah , Guru Mata Pelajaran

Drs. Ir. H. Joko Kustanta,M.Pd Nip. 19660913 1991 03 1004

Setya Amrih Prasaja, S.S Nip. 19810726 2010 01 1011

Setya Amrih Prasaja,S.S. | 7

TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

Nama Sekolah Mata Pelajaran Kelas/ Semester Pertemuan ke Alokasi Waktu

: SMA Negeri 1 Sanden : Bahasa Jawa : XI/ Gasal : Kedua : 90 menit

Standar Kompetensi : Memahami dan menanggapi berbagai wacana lisan tentang bahasa, sastra, dan budaya Jawa dari berbagai sumber. Kompetensi Dasar : Menyimak, memahami dan menanggapi tembang Jawa / Campursari melalui berbagai media. Indikator : Membedakan dan mendefinisikan beberapa kategori tembang tembang Jawa termasuk tembang Campursari. Menganalisis isi sebuah teks tembang Campursari

A. Tujuan Pembelajaran Setelah mengikuti pembelajaran ini secara tuntas, siswa diharapkan dapat : Membedakan dan mendefinisikan beberapa kategori tembang tembang Jawa termasuk tembang Campursari. Menganalisis isi sebuah teks tembang Campursari

B. Materi Pembelajaran 1. Jinising Tembang salebeting Kawruh Tembang Jawa Tembung tembang ingkang saklajengipun dipunkramakaken sekar, salebeting kawruh kabudayan Jawa punika nggadhahi teges tetembungan ingkang rinonc lan pinathok, wujudipun tembang tembang punika taksih kalebet tembang Jawa klasik ingkang taksih ngginakaken paugeran guru gatra, guru wilangan, punapadn guru lagu, tembang tembang punika kadosta : Setya Amrih Prasaja,S.S. | 8

TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012 a. Tembang gedh utawi sekar ageng, tuladhanipun : Kusumastuti Citramengeng Tepi Kawuri Kumudasmara Pamularsih

b. Tembang tengahan utawi sekar tengahan ugi winastan sekar dhagelan, tuladhanipun : Wirangrong Pranasmara Balabak Palugon Juru Demung pangajabsih

c. Tembang cilik utawi sekar macapat, tuladhanipun : Pocung Gambuh Durma Mijil Sinom Pangkur Kinanthi Asmaradana Dhandhanggula Mengatruh

d. Tembang dolanan, tuladhanipun : Gundhul gundhul pacul Sluku sluku bathok Setya Amrih Prasaja,S.S. | 9

TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012 Mnthog mnthog Ilir ilir Bang bang wis rahina

1. Tegesipun Tembang Campursari Tembang Campursari punika, minangka salah satunggaling seni ingkang dipunripta kanthi nambahi sakprangan gamelan Jawa kaliyan piranti musik modern, kadosta organ, gitar, bass, drumb, lsp. Salebeting tembang campursari punika adatipun basa ingkang kaginakaken ugi basa Jawa. Nanging boten saben tembang ingkang ngginakaken basa Jawa saged dipunwastani tembang Campursari.

2. Jinising Tembang Campursari Tokoh ingkang ngrumiyini lan ngondhangaken Campursari, inggih punika Mantous lumantar grup Campursari Gunungkidul (CSGK) Maju Lancar. Nanging sakpunika kathah seniman ingkang nggarap seni Campursari ingkang bnten lan mankawarni jinisipun, wondn tembang Campursari saged kaprang kados ing ngandhap punika : a. Tembang Campursari Murni, kasebat mekaten awit Tembang Campurasi punika sinaosa garapanipun lumantar Gamelan Jawa lan musik modern nanging tembang ingkang kasekaraken taksih kalebet sekar ageng utawi tengahan punapadn dolanan ingkang adatipun kasekaraken mawi iringan gamelan Jawa jangkep. Tuladhanipun : C.S. Sanggabuana, C.S. Gunungkidul, C.S. Sudila. b. Tembang Campursari Garapan, kasebat mekaten awit Tembang Campursari punika tembang ingkang karipta lan kasekaraken sampun mligi garapan nggal tegesipun boten mligi tembang saking sekar ageng, tengahan punapadn dolanan. Tuladhanipun : C.S. Gunungkidul, Campursari Nurhana lan Jaka Edan. c. Tembang Campursai Kroncong Dangdut, jinising tembang Campursari punika adatipun sampun boten mawi iringan gamelan Jawa nanging mligi piranti musik modern, rhning sekar sekaripun kaserat salebeting basa Jawa mila kaprah kasebat Campursari. Tuladhanipun :

Setya Amrih Prasaja,S.S. | 10

TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012 C.S. Didi Kempot, C.S. Cak Diqin. d. Tembang Jawa sans Campursari, kados ingkang kaandharaken ing nginggil kalawau, bilih boten sedaya tembang ingkang syair utawi cakepanipun mawi basa Jawa punika saged winastan Campursari, tembang Jawa jinis punika saged arupi Pop Jawa, Langgam Jawa, Kroncong Jawa, rap Jawa, lsp. 3. Sejarahipun Tembang Campursari Samadyaning warsa 1990 an, Manthous kanthi grup Campursari Maju Lancar Gunungkidul nepangaken salah satunggaling seni musik ingkang awujud gamelan Jawa kasandingaken kaliyan piranti musik Modern, lan seni garapan nggal punika lajeng winastan Campursari awit panci awujud campuran Gamelan Jawa kaliyan piranti musik modern. Rikala wiwit wontenipun Campursari kathah para kasepuhan ingkang kirang sarujuk awit kawontenan nyampuraken Gamelan kaliyan piranti musik modern punika saged winastan ngowahi padatan pakem gamelan ingkang sampun baku. Nanging danguning dangu Campursari tansaya ngrembaka, kepara malah kathah pandemenipun. Bab punika mbok menawi sampun limrah jer wiramaning Campursari ugi saged damel kepranan sintena ingkang midhangetaken. Manthous minangka pawongan ingkang ngondangaken Campursari punika, mijil ing desa Playen tlatah Gunungkidul, rikala taun 1950. Nalika ing taun 1993 Manthous ndamel grup Campursari Maju Lancar Gunungkidul.

C. Metode Pembelajaran 1. Ceramah untuk menjelaskan pengertian Tembang Campursari dan aspek-aspek yang harus diperhatikan dalam kawruh tembang Jawa. 2. Tanya jawab interaktif untuk mengukur dan mengetahui pemahaman siswa tentang pengertian tembang campursari dan pengalaman berkesan yang pernah mereka alami atau mereka lihat, terkait pentas tembang campursari. 3. Penugasan (siswa maju ke depan satu persatu mempraktikkan / menembangkan tembang campursari dalam kegiatan di sekolah).

Setya Amrih Prasaja,S.S. | 11

TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012 D. Langkah-langkah Pembelajaran Tahap Pembelajaran Pendahuluan (kegiatan diawali dengan apersepsi dan orientasi dari guru) Kegiatan Inti Bentuk Kegiatan (Operasional) 1. Membuka Pelajaran Guru membuka pelajaran dengan mengucapkan salam, berdoa dan mengecek kesiapan siswa untuk belajar. 2. Masalah/topik materi 1. Siswa mendengarkan informasi dari guru mengenai pengertian dan aspek-aspek yang harus diperhatikan dalam kawruh tembang Jawa. 2. Salah satu siswa maju ke depan kelas untuk mempraktikkan / melagukan salah satu tembang Jawa. 1. Siswa menyimpulkan aspek-aspek yang harus diperhatikan dalam kawruh tembang Jawa. 2. Guru memberikan tugas yang harus dikerjakan di rumah dan memberikan pesan untuk pertemuan yang akan datang. Alokasi waktu 15 menit

60 menit

Penutup

15 menit

E. Alat dan Sumber Belajar 1. Black board, kapur. 2. Widyasena Pustaka. 2010. Penulis Setya Amrih Prasaja, S.S 3. Kawruh Tembang Jawa. F. Media Fotocopy contoh tembang tembang campursari. G. Penilaian Pedoman Penilaian 3. Penilaian dengan memperhatikan : No. 1. Aspek yang dinilai Vokal atau tinggi rendahnya suara dalam mempraktikkan tembang campursari di depan kelas. Intonasi dan nada. Nilai 20

2.

30

Setya Amrih Prasaja,S.S. | 12

TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012 3. 4. Ekspresi dan gerak dalam melagukan tembang campursari. Kualitas praktek tembang campursari. 20 30

4. Indikator, Prosedur, Jenis, Bentuk, dan Instrumen Indikator Mendefinisikan apa itu Tembang Campursari. Prosedur Post tes Jenis Tes essay Bentuk Tes lisan Instrumen Cobi punapa pranatacara lan panatacara punika? Cobi bab menapa kemawon ingkang prelu dipunwigatosaken nalika dados pranatacara. Kados pundi pokok-pokok isi urut-urutanipun eks pranatacara.

Paham dan mengetahui sejarah Tembang Campursari.

Post tes

Tes essay

Tes lisan

Mengetahui beberapa hal penting yang terkait dengan kawruh Tembang Jawa.

Post tes

Tes essay

Tes lisan

Instrumen dan Jawabannya: 1. Jinising tembang Jawa salebeting kawruh tembang Jawa punika wonten pinten punapa kmawon ? Jawaban: 2. Cobi kaserata urut-urutanipun teks pranatacara! Jawaban: Tata urutaning/ rantamaning pranatacara : a. Salam pambuka b. Atur pambuka c. Atur puji syukur dhmateng Ingkang Maha kuwaos d. Ngaturaken urut-urutaning acara e. Atur paripurna acara f. Salam panutup Setya Amrih Prasaja,S.S. | 13

TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012 1. Cobi kasebatna bab menapa kemawon ingkang prelu dipunwigatosaken nalika dados pranatacara! Jawaban: Bab-bab ingkang dipunwigatosaken nalika dados pranatacara: a. Basa b. Busana c. Swanten d. Solah bawa utawi patrap.

Sanden, 12 Juli 2011 Mengetahui Kepala Sekolah , Guru Mata Pelajaran

Drs. Ir. H. Joko Kustanta,M.Pd Nip. 19660913 1991 03 1004

Setya Amrih Prasaja, S.S Nip. 19810726 2010 01 1011

Setya Amrih Prasaja,S.S. | 14