Upload
mubarok-fasa
View
306
Download
0
Embed Size (px)
DESCRIPTION
My Javanese presentation. Pengertian paragraf menurut kalimat utama.
Citation preview
MAOS PANGERTENAN PARAGRAF MITURUT UKARA LAJER
Nami : Mubarok Dilma FasaKelas : XI Bahasa
MAOS???
Maos menika carakangge nduweni
informasi saking sesuatu ingkang
diserat lan nggepok marang
pitepangan simbol ingkang arupi basa.
CARA MAOS INGKANG PUNDI?
Maos Intensif
Maos Intensif punika cara maos kaliyan
penghayatan sanget kangge
mangertosi apa ingkang kita kedhah
kuwasai.
UKARA LAJER
Ukara lajer menika pokok gagasan
ingkang njiwani sedaya paragraf.
Menawi ingkang kagunaanipun ingkang
nggenahake kalimat kinuwih diarani
kalimat panjelas.
CIRI-CIRI UKARA LAJER
Nggadahi informasi ingkang paling penting,
sifatipun umum, lan wujudipun simpulan.
Nanging kalimat panjelas nggenahake ukara
lajer, sifatipun khusus, nuduhake tuladha-
tuladha ingkang jelas yaiku alasan ingkang
nguatake ukara lan bukti-bukti ingkang
ngyakinake.
Ditingali saking panggonan ukara lajer,
paragraf saged dibedaaken dados
paragraf dheduktif, ineratif, indhuktif lan
campuran.
Paragraf dheduktif?
1) Paragraf Dheduktif yaiku paragraf kang
ukara lajere mapan ing wiwitaning paragraf.
2) Paragraf Ineratif yaiku paragraf kang ukara
lajere dumunung ing tengah paragraf.
3) Paragraf Indhuktif yaiku paragraf kang ukara
lajere dumunung ing pungkasaning paragraf.
4) Paragraf Campuran yaiku paragraf kang
ukara lajere dumunung ana wiwitan lan
pungkasaning paragraf.
Nyengeni, ngakon, rumangsa paling bener, menika ciri khas kakak kelas wonten ing MOPD. MOPD utawi ten bahasa Indonesia artosipun “masa orientasi peserta didik” saged di gunakaken ajang balas dendam kanggenipun sebagian kakak kelas ingkang menawi gadah pengalaman ingkang mboten enak pas piyambake dados adik kelas ingkang di sengeni lan di salah-salahke. Nanging nggih mboten kedik kakak kelas ingkang sae, namung nyengeni menawi adik kelase bener ngelampahi kesalahan. MOPD piyambak anggadhahi maneka werna pendapat saking adik kelas. Nanging pendapat ingkang utama inggih punika MOPD menika wiwitan mlebet SMA kang ora enak tur di wedeni dening adik kelas.
Wangsulanipun: Paragraf indhuktif.
Amargi:
Ukara lajeripun menika: Nanging
pendapat ingkang utama inggih punika
MOPD menika wiwitan mlebet SMA
kang ora enak tur di wedeni dening
adik kelas. (ukara ing pungkasaning
paragraf)
Tembung Afrika asal saka basa Latin, Africa terra —
"lemah Afri" (wujud jamak saka Afer) — kanggo
nuduhaké bagéan lor bawana kasebut, wektu iki
minangka bagéan saka negara Tunisia, papan
panggonan provinsi Romawi ing Afrika. Asal tembung
Afer manawa saka basa Fenisia, afar tegesé "awu"
utawa saka suku Bani Ifran, sing manggon ing bagéan
lor bawana iki cedhak Kartago; utawa saka basa
Yunani aphrike sing tegesé "tanpa adhem"; utawa
saka basa Latin aprica sing tegesé "cerah".
Wangsulanipun: Paragraf dheduktif. Amargi:
Ukara lajeripun menika: Tembung Afrika asal saka
basa Latin, Africa terra — "lemah Afri" (wujud
jamak saka Afer) — kanggo nuduhaké bagéan lor
bawana kasebut, wektu iki minangka bagéan
saka negara Tunisia, papan panggonan provinsi
Romawi ing Afrika. (ukara ing wiwitaning
paragraf)
Wis rong dina iki dalan saka Prambanan
menyang Klaten macet. Akeh tetumpakan kudu
antri pirang- pirang jam suwene. Sing saka
Klaten menyang Yogya, semono uga sing saka
Yogja menyang Klaten lan Sala. Macete
tetumpakan mau jebul disebabakeambroe
kreteg Pandansimping. Udan gegerotan nganti
seminggu suwene iku kang dadi jalarane.
Pancen kreteg mau wus kepangan umur, ora
kuwawa nanah gedhene banyu.
Wangsulanipun: Paragraf ineraratif. Amargi:
Ukara lajeripun menika: Macete tetumpakan
mau jebul disebabakeambroe kreteg
Pandansimping. (ukara ing tengah paragraf)
Kita kabeh becike kudu ndhisikake
kepentingane bangsa lan negara. Bab iku
nuduhake sepira tresna kita marang bangsa
lan negara kang kita panggoni iki. Sok sapa
kang tresna bangsa mesthi bakal njaga
katentreman lan tansah nyipta manunggaling
bangsa iku wujud nyata saka tumindak
ngluhurake kepentingane bangsa lan
kepentingane bangsa lan negara tinimbang
kepentingane pribadi utawa golongan.
Wangsulanipun: Paragraf campuran. Amargi:
Ukara lajeripun menika: Kita kabeh becike
kudu ndhisikake kepentingane bangsa lan
negara lan sok sapa kang tresna bangsa
mesthi bakal njaga katentreman lan tansah
nyipta manunggaling bangsa. (ukara ing
wiwitan lan pungkasaning paragraf)
MATUR NUWUN