Materi Bahasa Jawa Kelas 6

  • View
    29.227

  • Download
    1.618

  • Category

    Education

Preview:

Citation preview

Risma WijayantiRisma Wijayanti10 015 07810 015 078

1B1BPGSDPGSD

BAB 1. Pidhato2. Pewayangan3. Tembang4. Tembung5.Geguritan6. Apresiasi Budaya7. Nulis Undangan (Ulem)8. Ukara Baku lan Ukara panjelas9. Pacelathon

PidhatoPidhato iku medharake prekara tartemtu ana ing ngarep

e wong akeh kanthi nggatekake babagan kaya dene :

1. Busana : Sandhangan nyocogake karo kapreluwan lan acarane,

katon merbawani nanging sing prasaja ora neka-neka.

2. Suba sita : trapsila lan tata krama magepokan karo unggah-

ungguhing basa.

3. Swara : Pocapan sing cetha lan bisa kaprungu kabeh wong kang

ngrungokake lan ora digawe-gawe.

4. Basa lan sastra : Basa kang digunakake prasaja lan bisa ditampa

lan dingreteni wong kang ngrungokake. Uga menawa bisa

nganggo basa rinengga.

Jenis Pidhato

Pidhato iku medharake prekara tartemtu ana ing ngarep

e wong akeh kanthi nggatekake babagan kaya dene :

1. Busana : Sandhangan nyocogake karo kapreluwan lan acarane,

katon merbawani nanging sing prasaja ora neka-neka.

2. Suba sita : trapsila lan tata krama magepokan karo unggah-

ungguhing basa.

3. Swara : Pocapan sing cetha lan bisa kaprungu kabeh wong kang

ngrungokake lan ora digawe-gawe.

4. Basa lan sastra : Basa kang digunakake prasaja lan bisa ditampa

lan dingreteni wong kang ngrungokake. Uga menawa bisa

nganggo basa rinengga.

Bakuning Isi PidhatoBakuning Isi Pidhato

Pambukaan Salam Ngaturaken rasa syukur Panghormatan marang tamuIsi/ surasa Bab kang pokok jumbuh karo tujuane

pahargyan.Panutup Njaluk pangapura manawa ana kaluputan

matur nuwun amarga wis diparengake matur.

Babagan Wong PidhatoBabagan Wong Pidhato

Pidhato iku medharake prekara tartemtu ana ing ngarepe wong

akeh kanthi nggatekake babagan kaya dene:

1. Busana : Sandhanga nyocogake karo kapreluwan lan acarane,

katon merbawani nanging sing prasaja ora neka-neka.

2. Subasita : Trapsila lan tata krama magepokan karo unggah-

ungguhing basa.

3. Swara : Pocapan sing cetha lan bisa kaprungu kabeh wong kang

ngrungokake lan ora digawe-gawe.

4. Basa lan sastra :Bsa kang digunakake prasaja lan bisa ditampa lan

dingreteni wong kang ngrungokake. Uga menawa

bisa nganggo basa rinengga.

Tuladha Teks PidhatoTeks Pidhato ing acara “Perpisahan Klas VI”Atur Pamitan Wakil Klas 6 sing tamat:

Assalamu’alaikum Wr Wb.Bismillahirahmanirrahim. Alhamdulillahirabbil’alamiin. Panjenenganipun Bapak/Ibu

Kepala sekolah ingkang minulya! Bapak saha Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan, adhik-adhik klas 1-5 ingkang kula tresnani, kanca-kanca klas 6 ingkang saweg suka gembira, keparenga kula nyuwun palilah sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, saperlu dados badan wakilipun kanca klas 6 ingkang sakedhap malih badhe nilaraken SD riki, saperlu nglajengaken pendhidhikan ing SLTP.

Langkung rumiyin, mangga sesarengan ngaturaken raos syukur dhateng ngarsa dalem Allah SWT. Ingkang sampun maringi karahmatan saha kawilujengan, saengga kita sesarengan saget kempal manunggal ngawontenaken acara perpisahan siswa-siswi klas enem ingkang sampun saget kacekap.

Babagan menika sage kawujud amargi saking panggulawenthahipun Bapak saha Ibu Guru sadaya. Ingkang menika kula minangka wakil saking sadaya kanca klas enem kepareng ngaturaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT, saha saget angaturaken agunging panuwun dhateng sadaya Bapak-Ibu Guru, tuwin Bapak Kepala Sekolah. Mugi-mugi awit saking kasaenanipun Bapak-Ibu, Allah SWT, maringi lelintu amal kasaenan ingkang satrap kaliyan labuh lebetipun, amin!

Salajengipun, kepareng kula sakanca tansah nyuwun donga pamujinipun supados saged kasembadan menapa ingkang dados idham-idhaman kula sakanca kalihipun nyuwun agunging pangaksami sadaya kalepatan kula sakanca, ing salebetipun kula kaemong ing SD riki dhateng adhik-adhik klas 1-5 kula sakanca ugi nyuwun pangaputen.

Akhiripun, sedaya kekirangan saha kalepatan anggen kula matur, nyuwun pangapunten. Wekdal kula aturaken dhateng pranatacara, matur nuwun.Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

PEWAYANGAN

1. Jinising Wayang Wayang Wong Yaiku wayang kang paragane wong, njupuk crita

Mahabarata lan Ramayana. Wayang Kulit Yaiku Wayang kang digawe saka walulang, njupuk

crita Mahabarata lan Ramayana. Wayang Golek Yaiku Wayang kang digawe saka kayu kang

dipetha wujud uwong, njupu crita Damarwulan.

2. Dewa Lan Kahyanganea. Bathara Guru (Ratune para dewa) : Kahyangan Jung gringsalokab. Bathara Endra : Kahyangan Endralokac. Bathara Brama : Kahyangan Argadahanad. Bathara Kamajaya : Kahyangan Cakrakembange. Bathara Wisnu : Kahyangan Arilokaf. Bathara Yamadipati : Kahyangan Yamanilokag. Bethari Durga : Kahyangan Sentra Ganda

Mayith. Sang Hyang Antaboga : Kahyangan Sapta Pratalai. Sang Hyang Nagaraja : Kahyangan Sumur

Jalatundhaj. Sang Hyang Wenang : Kahyangan Ondar-Andir Bawana

3. Dasanama Jeneng Wayang

Dasanama kuwi saka tembun dasa kang tegese sepuluh, nama kuwi jeneng. Dadi dasanama iku menehi teges jeneng kang padha nganti sepuluh cacahe. Iki kanggone tembung, barang utawa jeneng wayang, lan sapanunggalane. Tuladha babagan dasanama jeneng wayang.

Janaka : Arjuna, Permadi, Margana, Dananjaya, Pamadya, Palguna, Endra Putra, Jlamprong, Wijanarko, Kendhitatnala.

Werkudara : Bayu Seta, Bayu Putra, Bratasena, Arya Panenggla, Wijasena, Jagal Bilawa, Sena.

Kresana : Narayana, Padmanaba, Wresniwira, Ari Murti, Wisnu Murti, Narasinga, Basudewaputra, Jlitheng.

Lan sapanungalane.

TEMBANG

Tembang Jawa iku ana 3 Warna :1. Tembang Cilik (Tembang Macapat)

a. Asmaradanab. Dhandhanggulac. Durmad. Gambuhe. Kinanthif. Maskumambangg. Megatruhh. Mijili. Pangkurj. Sinomk. Pocung

2. Tembang Tengahana. Balabakb. Girisac. Jurudemungd. Wirangrong

3. Tembang Gedhea. Citramengengb. Kusumastutic. Mintajiwad. Pamularsih

Ing tembang jawa ana pathokan-pathokan, yaiku :1. Guru Gatra

Guru gatra yaiku Cacahing gatra(larik)saben sapada (bait).

Tuladha:Sekar gambuh ping caturkang cinatur polah kang kalanturtanpa tutur katula-tula katalikadaluarsa kapatuhkapatuh pan dadi awon

cacahing guru gatra ing tembang gambuh iku ana 5 gatra.

2. Guru WilanganGuru wilangan yaiku cacahing wanda (ucap/ suku kata) saben sagatra (sak baris)

Tuladha:Sekar gambuh ping catur (7 wanda)kang cinatur polah kang kalantur (10 wanda)tanpa tutur katula-tula katali (12 wanda)kadaluarsa kapatuh (8 wanda)kapatuh pan dadi awon (8 wanda)

3. Guru LaguGuru Lagu yaiku tibaning swara (vokal) ing

pungkasaning gatra.

Tuladha:Sekar gambuh ping catur (u)kang cinatur polah kang kalantur (u)tanpa tutur katula-tula katali (i)kadaluarsa kapatuh (u)kapatuh pan dadi awon (o)

TEMBUNG

Tembung SarojaTembung saroja diarani tembung majemuk yaiku

tembung loro kang duweni teges padha didadekake siji (ora ngowoni tegese).Tuladha :

Atut runtut Arum wangi Budi pakarti Campur bawur

Tuladha ukara :Budi pakarti luhur tansah dilakoni.Gandane sabun kuwi arum wangi.

Tembung Rangkep

Tembung rangkep yaiku tembung sing diwaca kaping pindho, bisa sakabehing tembung utawa mung sawanda. Ing Bahasa Indonesia temung rangkep kuwi diarani kata ulang.

Ana telu warna tembung rangkep, yaiku:1. Tembung Dwilingga2. Tembung Dwipurwa3. Tembung Dwiwasana

1. Tembung DwiLingga

Tembung Dwilingga yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho kabeh linggane.Tembung dwilingga iki ana 3 warna:

Dwilingga padha swaraTuladha : Guru-guru

Omah-omahBocah-bocah

Dwilingga salin swaraTuladha : Mlaka-mlaku

Wira-wiriMrana-mrene

Dwilingga semuTuladha : Ondhe-ondhe

Untir-untirUndur-undur

2. Tembung DwipurwaTembung Dwipurwa yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep.

Tuladha : DedunungJejupukLelumpuk

3. Tembung DwiwasanaTembung Dwiwasana yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing mburi.

Tuladha : CekakakCengengesCeluluk

GEGURITAN

Geguritan kuwi ing Bahasa Indonesia diarani syair. Menawa nulis

geguritan kudu nggatekake anane purwakanthi. Saliyane iku, uga

dicocogake antarane tema lan isine. Geguritan kang temane budi

pakarti, isine kudu ngenami babagan budi pakarti.

Tuladha :

Mituhuning Bocah

Saka cilik sliramu kagulawentah

Kawit digendhong, mbrangkang lan bisa mlaku gagah

Wong tuwamu tansah donga lan pasrah

Marang gusti kang Maha Berkah

Amrih uripmu titi tentrem bungah

Carane maca geguritan padhaq karo kepiye maca puisi ing basa Indonesia, yaiku:

1. Gatekna lafal utawa pocapane sawenehing tembung ing geguritan kanthi cetha.

2. Intonasi utawa dhuwur cendheke cara maca tembung.

3. Ngreteni anane obahing anggotane awak (diarani gesture) lan ekspresine anggone maca.

APRESIASI BUDAYA

Gamelan kuwi mujudake tilarane para

winasis. Minangka pralambang saka seni

tadisional wong Jawa. Ing gamelan ana titi larase

yaiku pelog lan slendro.

Wujude gamelan yaiku :

Kendang

Gong

Gender

Suling

Bonang

Layang Ulem yaiku layang

kanggoulem-ulem yen arep duwe gawe/ kegiatan lsp.

Tuladha UndhanganSurakarta, 1 Desember 2010

Serat mugi katur panjenenganipun

Bapak ……………………..…………

Ing Yogyakarta

Kula suwun karawuhan Bapak/ Ibu/ Panjengengan ing:

Dinten : Minggu Pahing

Tanggal : 5 Desember 2010

Wekdal : Jam 09.00

Mapan : Ing dalemipun Bapak Sumarjo

Acara : Rembagan bab Pengetan dinten

kamardikan

Sarawuh panjenengan kula ngaturaken matur nuwun.

Wacana iku kadadean saka pirang-

pirang ukara kang kasusun ing paragraf.

Saben paragraf duwe ukara kang bakku

(kalimat pokok/ utama= Bahasa Indonesia)

lan ukara kang nerangake ukara baku (kalimat-

kalimat panjelas).

Tuladha:

Akeh piranti kanggo nggarap sawah lan olah tetanen. Ana kang

tradhisional, contone luku, kang digeret sapi utawa kebo. Ana uga

kang luwih maju utawa modheren kayata traktor, gilingan pari, lan

sapanunggalane.

Saka tuladha paragrap iku bisa dikandhakake anane :

1. Ukara bakune : Akeh piranti kanggo nggarap sawah lan olah tetanen.

2. Ukara kang nerangake (ukara panjelas/ penerang)

a. Ana kang tradhisional

b. Ana uga kang luwih maju utawa modheren, kayata traktor, gilingan

pari, lan sapanunggalane.

c. Isine paragrap : piranti-piranti utawa alat kanggo tetanen lan olah

tetanen iku ana sing tradisional lan modheren

Pacelathon iku omong-omongan ing

antarane wong siji lan sijine, bisa wong loro, telu

utawa luwih. Menawa nonton siaran TV kang

wujud wawancara, iku uga bisa diarani

pacelathon sing wujude wawancara, nanging

isine magepokan karo prekara tartemtu.

Recommended