12
ARTIKEL BAHASA JAWA DISUSUN OLEH : 1. ALIF JULIS SOFIANA 2. AGUNG PANGESTU 3. VERA NANDA .P 4. RIKI REVANDI 5. ABU HANIFAH KELAS X TKJ SMK MA ARIF NU MANTUP TAHUN PELAJARAN 2014/2015

Artikel Bahasa Jawa

Embed Size (px)

DESCRIPTION

Bahasa Jawa

Citation preview

ARTIKELBAHASA JAWA

DISUSUN OLEH :1. ALIF JULIS SOFIANA2. AGUNG PANGESTU3. VERA NANDA .P4. RIKI REVANDI5. ABU HANIFAHKELAS X TKJ

SMK MAARIF NU MANTUPTAHUN PELAJARAN 2014/2015

KETHOPRAK

Wonten ing tanah Jawi kathah kita panggihi asli kabudayan ingkang maneka warni. Paramila saged kawastanan bilih tiyang Jawi punika sugih kabudayan, inggih saking basa, kasenian, teknologi, lan sapanungalanipun. Asil-asil kabudayan kala wau taksih kasimpen ing tanah Jawi lan wewengkon sanesipun sae awujud seratan, barang-barang, wewangunan, punapa dene ingkang boten saged kita tingali nanging saged kita raosaken ingggih punika morma-norma utawi nilai-nilai ingkang dipunwarisaken deninmg pada leluhur. Saking asil-asil kabudayan kala wau saged kita mangertosi kados pundi gesangipun tiyang Jawi ugi watakipun.Asil kabudayan ingkang awujud kasenian tiyang Jawi punika kathah sanget. Asil budaya kasenian wonten ingkang arupi seni suwanten (tuladhanipun karawitan, tembang, lsp.), seni drama utawi sandiwara tradhisisonal (tuladhanipun ringgit, kethoprak, sandiwara radhio basa Jawi, lsp.), seni gerak (beksan), seni ukir, lsp. Nagging kairing lampahipun wekdal saha majenging teknologi, sadaya kasenian kala wau dangu-dangu kageser saking manahipun tiyang Jawi piyambak. Tiyang Jawi sapunika langkung remen dhumateng tayangan ingkang ngandhut budaya saking manca ingkang gampil dipunpanggihi wonten ing radhio, TV, punapa dene medhia sanesipun. Ewah-ewahan kados punika tamtu ugi njalari ewah-ewahan ing manah ugi penggalihipun tiyang Jawi, langkung-langkung generasi enemipun. Ringkesipun, sapunika tiyang Jawi samsaya luntur kejawenipun, langkung remen nuladha budaya manca.Salah satunggalipun kasenian ingkang suda pamiyarsanipun inggih punika kethoprak. Kethoprak inggih punika kasenian rakyat tiyang Jawi awujud sandiwara utawi drama tradhisional ngginakaken basa Jawi, lan nyariyosaken cariyos rakyat tiyang Jawi utawi sanesipun. Kethoprak punika saged kita semerepi wonten Jawi Tengah, Ngayogyakarta, tuwin Jawi Wetan. Ing Jawi Tengah lan Ngayogyakarta, kethoprak sampun nyawiji dados budaya masyarakat. Kethoprak ngantos saged ngasoraken kasenian sanesipun tuwin dipunremeni dening sedaya lapisan masyarakat ing jaman semanten.Kethoprak punika ngandhut piwulang ingkang dipunbabar kanthi sarana pralambang. Dene piwulang wonten ing kethoprak sipatipun boten ngguroni. Piwulang punika salah satunggalipun inggih sarana basanipun. Ing kethoprak, saged kita tingali bedanipun panginanipun tembung-tembung tuwin ukara-ukara ingkang katumrapaken bocah, tiyang enem, saha tiyang ingkang langkung sepuh utawi ingkang langkung inggil drajadipun. Ingkang kados punika ageng sanget ginanipun tumrapipun warga bebrayan Jawi, awit wekdal-wekdal pungkasan punika saperangan ageng warga bebrayan Jawi sampun awis ingkang mangertosi undha usukipunbasa Jawi. Langkung wigatos malih awit undha usuking basa Jawi punika bakalipun nganthi dhateng suba sita, tata karma saha budi pekerti. Nanging kados kasenian tradhisional sanesipun, kethoprak ugi sampun kageser ing manahipun para sutresnanipun kaliyan tayangan-tayangan ingkang ngandhut budaya manca.

BLANGKON

Blangkoniku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagaw saka bahan kain bathik utawa lurik. Blangkon sejatin wujud modhrn lan praktis saka iket. Ing busana tradhisional adatJawalan adat Sundha blangkon dianggo minangka pasangan karo busana beskap. (miturut Wikipedia)Ing jaman modern iki blangkon ono ing masyarakat Yogyakarta khususe gunungkidul uwes mulai ilang seka pikiran masyarakat. Blangkon seng uwes suwe dadi budaya warga jawa iki, mulai kegiles karo topi-topi seng dadi trend ing kalangan muda-mudi.Nek arep weroh jinis-jinis blangkon iso mbok woco ing ngisor iki:Ana sawetara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jinis blangkon antara liya:1. Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trps).2. Blangkon Yogya, nganggo mondholan.3. Blangkon Kedhu.4. Blangkon Banyumas.5. Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburin blangkon, makili modhl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhl trps, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akh-akh priya saiki arambut cendhak. Modhl trps iki digaw kanthi njait langsung mondholan ing bagan mburi blangkon. Saliyan saka suku Jawa , ana uga sawetara suku sing migunakak panutup sirah sajinis blangkon nanging bda wujud, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalan. (Wikipedia)Ing pikiranne para mudha jaman saiki, nganggo blangkon iku koyo ndadeke deweke tambah katrok, cupu, ketinggalan jaman lan sak liyan-liyane. Ningo nek awake dewe nganggo. Podo wae wes melu nglestarekake budaya jawa. Dadi ora eneng seng jenenge wong jowo ilang jawane.Kenapa ora? Neng Daerah Istimewa Yogyakarta netapke dino blangkon saben minggune. Umpamane dino setu dadi dino blangkon, dadi saben dina setu bocah-bocah seklah do nganggo blangkon seko SD, SMP, SMK, lan SMA. Dadine para pelajar ing kutho Yogyakarta duwe kekhasan karo kutho-kutho liyane.Aku nduwe pepinginan supoyo sesok blangkon iso dadi benda sing ora mung diweruhi wong Yogyakarta tok. Ningo bisa diweruhi ing mata internasional. Dadine ora mung dingo warga Indonesia ningo warga mancanegara

WAYANG KULIT

Pagelaran wayang kulit dimainak dhalang kondhang ing Indonesia, Ki Manteb Sudharsono. Lakon Gathotkaca Winisuda.Wayang Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabarak lakon mahabharata utawa ramayana sing wayang digaw saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digaw saka kulit kang ditatah lan dintha kaya dn manungsa. Umum wayang kulit nglakonak lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan manka warna crita liyan.Wayang kulit dilakokak ing layar putih kang sinebut kelir. Dn wayang-wayang kuwi ditancepak ing debog ana ing sisih tengen lan kiwan dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni dning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang di pni ing babagan crita dongng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwalik, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.[1]

WAYANG KLITHIK

Wayang Klitik sinebut uga Wayang Krucil[1] yaiku wayang kang digaw saka kayu, kang wujud padha karo wayang kulit.[2] Wayang iki nduweni ciri khas yaiku yn ta ditanggap ora nganggo gedhebog tancepat nanging nganggo kayu kang wis dibolong-bolongi.[2] Crita kang kerep ditanggapk yaiku nyaritakak Damarwulan lan Majapait.[2]Wayang iki campurane wayang golek lan wayang kulit. Praupane kaya wayang kulit nanging digawe seka kayu. Amarga seka kayu, awake wayang tanpa cempurit. Pagelarane ora nganggo kelir/layar. Debog kanggo tancepan diganti nganggo kayu kang wis dibolongi, jenenge slanggan. Wayang iki wis arang digelar.

WAYANG GOLEK

Wayang Golk Wayang Golk uga akh wong sing arani wayang tengul.[2] Wayang iki digaw saka kayu lan diklabni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk saka Sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lsp.[2] Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongng ngara Arab.[2] Yn pntas kang dadi ciri khas wayang golk yaiku ora nganggo kelir utawa layar kayata wayang kulit.[2]

WAYANG BBR

Wayang bbr yaku wayang kang digaw saka kain utawa kulit lembu kang awujud bbran (lembaran).[1] Wayang Bbr yaiku mori digambari wayang dipitontonak sarana dibbr banjur dicritakak.[2] Saben bbran kuwi nggambarak sakadegan crita. Yen wis rampung dilakonk, bbrane digulung manh.[1] Wayang iki digaw jaman krajaan Majapait.[1] Wayang iki asal saka Pacitan lan Gunung Kidul.[3] Wayang iki digaw kanthi kuwat ing bab rong dimensin kanthi seni lukis ing kanvas.[3] Wong-wong kang nglstarkak wayang iki yaiku: Musyafiq kanthi gaw wayang bbr kang narasin paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi luwih nyiptakake figur wayang kang corak dkoratif lan ornamntik, Agus Nuryanto gaw wayang bbr kanthi saka wujud wayang purwa banjur diabstraksi saka ralitas urip manungsa ing saben dinan.[3] Para pesungging wayang bbr kang saka Sragn kecamatan Tanon iki tetep njaga khas wayang saka tinggalan krajan Majapait kang critan Panji Asmara Bagun lan Galuh Skar Taji.[4] Regan wayang antaran 200 wu nganti 200 yuta rupiyah.[4] Yn pasaran wis ram mung isih ana alangan kang banget wigatin yaiku hak cipta kang durung duw.[4] Dhalang wayang iki anataran Ki Narmanto Hadi Kusumo saka dhusun Gelaran, Dsa Bejiharjo.[5] Wayang bbr iki saka kulit kayu mlinjo kang digulung dadi papat.[5] Wektu tanggapan mung sakjam telungpuluh menit.[5] Ditanggap rolas wong wis klebu dhalang lan paragan.[5] lakon kayata Ki Rmng Mangunjoyo.[5]

WAYANG WONG

Pandawa lan Kresna ing satunggaling adegan pagelaran wayang wong.Wayang wong utawi Wayang uwong menika salah satunggalipun jenis teater tradhisional Jawa. [1] Wayang Wong menika gabungan antawisipun seni drama ingkang ngrembaka ing negeri kilen (Eropa) kaliyan seni pagelaran wayang ingkang ngrembaka ing pulo Jawa. [1] Lakon wayang ingkang dipungelar menika saking crita-crita wayang purwa. [1] Wayang uwong utaminipun ngrembaka ing kraton lan golongan priyayi utawi bangsawan. [1]