Bhs Jawa SMA

Embed Size (px)

DESCRIPTION

tugas bhs jawa

Citation preview

Tembung Tanduk

P E L A J A R A N B A H A S A J A W A SMA N KARANGPANDAN

DWI RETNOWINARSI,S.Pd1Tembung TandukTembung tanduk yaiku : sawenehing tembung bisane mratelakake kriya kudu diwuwuhi ater ater hanuswaraTuladhane : mbuwang, njugil, nggoreng.Aksara Ampang : mbuwang aksara purwaning, Lingga banjur disalini swara irung. Kayata : Ny + cukur = nyukur, m + pikul = mikulAksara Antep : anuswara bareng karo kedaling aksara purwaning wanda.Kayat : n + jiwit = njiwit, m+ bandhem = mbandhem.Tanduk wantah, tanduk-I, tanduk- keTanduk wantah utawa tanduk kriya yaiku : tanpa panambang. Nggawa, mepe, nglari.Tanduk-I yaiku : kang nganggo panambang-i. Njupuki, mateni, marani.Tanduk-ke yaiku : kang nganggo panambang ke,ake. Njupukake, nukokake,nawake,lspTanggap I Kriya: kang nganggo panambang-i Dijupuki, dipateni, diparani, ditukoni, ditawani.Tanggap- Ke Kriya: kang nganggo panambang ke, ake. Dijupukake, ditukokake, ditawakake.

Ater Ater Miturut kanggone ater ater iku kaperang ana warna warna, upamane kayata : 1. Ater ater a lan ma. Ater ater a iku kanggo ngater ateri tembung lingga kang ora apurwa aksara a, dene wujude prasaja wae. Tuladhane : - Adhapur saka tembung lingga dhapur + ater ater a. - Agawe saka tembung lingga gawe + ater ater a. - Akarya saka tembung lingga karya oleh ater ater a. 4Dene ater - ater ma iku kanggone mung sawetara ( ora akeh ) lan trape uga prasaja wae, kayata : Ma + dhukun madhukun Ma + guru maguru Dena tembung lingga sing oleh ater ater a utawa ma iku rimbage diarani bawa ha. Cathetan : Rimbag bawa ha kanthi ater ater a. Manawa pakecapane a bisa ilang ( ora diucapke ). Tuladha : * Bocah kang aklambi putih malih dadi bocah kang klambi putih. * Keris kang adhapur ladrang. Malih dadi Keris kang dhapur ladrang. * Maguru pakecapanipun malih dadi meguru * Magawe malih dadi megawe

2. Ater ater Anuswara. Kang diarani ater ater Anuswara yaiku ater ater a kang sinigeg (mateni) aksara irung. Dene warnane ater ater anuswara iku ana papat, yaiku an, any, ang, am, ( Manawa katulis nganggo sastra Jawa ha mateni na, ha di cecak, ha mateni ma). Ater ater an, kanggo ngater ateri tembung lingga kang purwane aksara na, da, ca, lan ta.

An + nakal = anakal An + dumuk = andumuk An + cacah = anacah An + tabuh = anabuh

Any + jajah = anjajah Any + njupuk = anjupuk Any + jaga = anjaga

Ang + anggo = anganggo Ang + garu = anggaru Ang + rakit = angrakit Am + pacul = amacul Am + babat = ambabat Am + balang = ambalang 3. Ater ater Tripurusa. ( dak, ko, di ) Tembung tripurusa iku tegese sing sanyatane lanang, punjul, kuwasa, ananging tumrap ing paramasastra tegese tembung sesulihing uwong, kabedakake 3 golongan, yaiku : Aku (dak), kowe(ko), Dheweke(di). 4. Ater ater ka Ater ater ka iku ana 3 yaiku : Tumrap ing tembung tanduk Tuladha : Ka + nggawa = Kagawa ( kasengaja). Ka + njarag = kajarag (kasengaja) Ka (ke) + nylomot = keslomot ( ora kajarag) Ka (ke) + mbanjiri = kebanjiran(orakajarag) Ka + arep = karep Ka + ton = katon Ka + wenang = kawenang.

Unsur InstrinksikTema yaiku : underane utawa bakuning pirembugan kang minangka dasare crita.Alur yaiku : rerangkening kedadeyan sawijining crita miturut dhasar penalaran.Sudut Pandang yaiku : kepiye peprenahe pangripta anggone nyritakake kedadeyan.Penokohan (wewatakan) yaiku : anggone pangripta menehi watak paraga,umpamane kaya ing ngisor iki: a. Penokohan langsung kanthi cara disebutake langsung ump. Paraga A watake jahil, methakil

10 b. Penokohan ora langsung yaiku : wewatakane paraga ora disebutne kanthi langsung.Setting, ( latar crita ) kang nyakup : a. Papan yaiku ana ngendi papan kedadeyane (umpama : ing pendapa, teras, sawah lsp ) b. Wektu yaiku kapan wektu kedadeyane ( ump : nalika wengi, jaman saiki, sabubare nyambut gawe. c. Swasana yaiku ing sajrone swasana kepiye ( ump : sepi nyenyet, bungah. Susah lsp. ) Amanat ( piweling ) yaiku : piwulang sajroning crita kang diaturake marang pemirso/pemaos

11 Karangan iku ana 5 jinis yaiku : Narasi Dheskripsi Eksposisi Argumentasi Persuasi

** Narasi yaiku jinis karangan kang nyritakake samubarang kanthi runtut manut urutan wektu

** Dheskripsi yaiku karangan kang isine menehi gambaran kahanan samubarang apa wae, sahengga kang padha maca kaya kaya weruh, ngrungokake, lan ngrasakake dhewe apa kang dialami pengarang mau.

** Eksposisi yaiku karangan kang isine menehi katrangan salah sijine masalah utawa topik kanthi tujuan kanggo menehi informasi utawa kabar marang wong kang padha maca. Adat saben diganepi nganggo data, statistik, grafik, lsp. ** Karangan argumentasi yaiku karangan kang tujuane mbuktekake samubarang kanthi menehi katrangan / argumen / alesan minangka tandha bukti, sahengga sing padha maca ngakoni yen samubarang mau bener kaya sing dikandhakake pengarang.

** Karangan persuasi yaiku karangan kanthi tujuan menehi pengaruh marang wong kang padha maca kanggo nglakoni samubarang kaya sing dikarepake pengarang ing tulisan mau.Tembung Sarojo yaiku tetembungan kang duwe teges padha utawa meh padha kang digunakake bebarengan lan duweni karep mbangetake.Tuladha : Angkat junjung, bagas waras, colong jupuk. Darma bekti, gagah prakoso, sanak kadang, guyup rukun. lsp.

Tembung Wod yaiku : tembung lingga kang kadadeyan saka sakecap utawa sawanda.Tuladha :Dhor, pet, ler, les, lur, ket.

Tembung Lingga yaiku : Tembung kang durung owah saka asale utawa tembung sing isih asli.Tuladha : Tuku, tulis, jupuk, pangan, segara, sapu, lsp.

14Tembung Andhahan yaiku : tembung kang wis owah saka asale.Tuladha : Tulis = nulis, ditulis, ditulisi, lspPangan = mangan, panganen, dipangan, lspTuku = nuku. Dituku,ditukoni, nukoni.

Tembung Camboran yaiku : tembung loro utawa luwih kang digarba dadi siji.Nurut wujude kapilah dadi loro : a. Camboran wutuh : wujude tembung kang wutuh Omah gedhong, gudhang beras, meja tulis b. Camboran tugel : wujude tembung tembung tugel ( wancah )

Dhelik = gedhe cilik, dhewur = gedhe dhuwur. Kakkong = tungkak cedhak bokong.

Manut tegese tembung camboran kapilah dadi loro : a. Camboran udhar : tembung tembung sing madeg dhewe-dhewe. Tld : Tukang sepatu, Pager wesi, Lara lapa, Gudhang beras,. Pager bata. b. Camboran Tunggal : tembunge madeg dhewe dhewe lan banjur nduweni teges anyar. Semar mendem (jenenge panganan sing digawe saka ketan ), Randha royal ( tape goreng), Jaka belek ( jeneng lintang),

Nurut wasesane ukara iku kapilah dadi : 1. Ukara Tanduk : ukara kang jejere nelakake mobah mosike, utawa tandang grayang. ( kang wigati jejere ) : Siti lagi nggodog wedang. Bapak Rusman lagi njoget ana panggung 2. Ukara Tanggap : Ukara kang mratelakake ka- hananing lesan ( kang wigati lesane ) : Adhimu pinaringan ganjaran. Dhuwite dijaluk Ali. Bukune dak waca.