2
CANGKRIMAN Cangkriman yaiku unen-unen kang rinacik ing tembung kang tumata, surasa utawa isine ngemu teges kang dudu dibadhe. Cangkriman uga kasebut ‘badhean’ utawa ‘bedhekan’. Ing sawatara panggonan sok kasebut ‘capean’. Racikaning cangkriman ana kang dhapur ukara lumrah, ana kang sinawung ing tembang. Wujud lan dhapukaning cangkriman kabedakake: a. cangkriman kang dhapur rerakitaning tembung wancahan. b. Cangkriman kang dhapur rakitaning ukara kang ngemu surasa irib-iriban utawa pepindhan. c. Cangkriman kang surasa blenderan utawa teges plesetan. Tuladhane: Wiwawite lesbadhonge = uwi dawa wite, tales amba godhonge Pak bomba, pak lawa, pak piut = tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciyut Pak oletus = tapak kebo isi lele satus Nituk lersure = Nini ngantuk diseler susure Kicak tekan = Kaki macak iket-iketan Yu mahe rong = yuyu omahe ngerong Burnas kopen = bubur panas kokopen Surles penen = susur teles pepenen Karla ndheren = mbakar tela sumendhe keren Rang sinyu, muksitu = jurang isi banyu, gumuk isi watu Itik pertis, ibo perbeng, ijah perlong = tai pitik memper petis, tai kebo memper ambeng, tai gajah memper golong. Gajah nguntal sangkrah = luweng Pitik walik saba kebon = nanas Pitik walik saba amben = kemucing, sulak Sawah rong kedhok galengane mung sithok = godhong gedhang Sega sakepel dirubungi tinggi = salak Ana titah, duwe gulu tanpa sirah. Duwe silit nanging ora tau bebuwang. Sapa kuwi? (gendul) Ana piranti sabane ing pawon. Bareng ketiban cecak bisa mabur. Apa iku? (kalo) Ana kewan mapane ing alas. Saben wong mesthi wedi. Bareng digendhong dening manungsa, kewan iku ora medeni maneh, lan

Cang Krim An

  • Upload
    setiair

  • View
    134

  • Download
    10

Embed Size (px)

Citation preview

CANGKRIMAN

CANGKRIMAN

Cangkriman yaiku unen-unen kang rinacik ing tembung kang tumata, surasa utawa isine ngemu teges kang dudu dibadhe. Cangkriman uga kasebut badhean utawa bedhekan. Ing sawatara panggonan sok kasebut capean. Racikaning cangkriman ana kang dhapur ukara lumrah, ana kang sinawung ing tembang. Wujud lan dhapukaning cangkriman kabedakake:a. cangkriman kang dhapur rerakitaning tembung wancahan.b. Cangkriman kang dhapur rakitaning ukara kang ngemu surasa irib-iriban utawa pepindhan.c. Cangkriman kang surasa blenderan utawa teges plesetan.Tuladhane:

Wiwawite lesbadhonge = uwi dawa wite, tales amba godhongePak bomba, pak lawa, pak piut = tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciyutPak oletus = tapak kebo isi lele satusNituk lersure = Nini ngantuk diseler susureKicak tekan = Kaki macak iket-iketanYu mahe rong = yuyu omahe ngerongBurnas kopen = bubur panas kokopenSurles penen = susur teles pepenenKarla ndheren = mbakar tela sumendhe kerenRang sinyu, muksitu = jurang isi banyu, gumuk isi watuItik pertis, ibo perbeng, ijah perlong = tai pitik memper petis, tai kebo memper ambeng, tai gajah memper golong.

Gajah nguntal sangkrah = luwengPitik walik saba kebon = nanasPitik walik saba amben = kemucing, sulakSawah rong kedhok galengane mung sithok = godhong gedhangSega sakepel dirubungi tinggi = salak

Ana titah, duwe gulu tanpa sirah. Duwe silit nanging ora tau bebuwang. Sapa kuwi? (gendul)Ana piranti sabane ing pawon. Bareng ketiban cecak bisa mabur. Apa iku? (kalo)Ana kewan mapane ing alas. Saben wong mesthi wedi. Bareng digendhong dening manungsa, kewan iku ora medeni maneh, lan ora duwe upas, ora nyakot manungsa. Apa arane kewan iku?Ing sadhuwuring lawang ana cecak. Yen cecak iku lunga, lawang iku dadi kewan kang bisa mabur. Apa arane kewan iku?