20
Daging Tumis Taoge Resep iki kanggo wong 4 Keperluan: 100 gr daging has sapi, iris persegi persegi dowo2. 1 sendok makan saus tirem.(oester saus) 1 sendok makan kecap manis. 1 sendok makan glepung maizena ( meel) ½ sendok teh merico bubuk. 2 sendok makan minyak sayur ( sla olie) 2 siung bawang putih, iris alus. 50 gr paprika ijo, iris tipis dowo. 100 gr taoge, diresiki. 1 sendok makan saus tirem . ½ sendok teh mrico bubuk. Corone nggawe: 1) Campur irisan daging sapi karo saus tirem, kecap manis, maizena nganti roto. 2) Panaske lengo ning wajan, goreng bawang putih nganti kuning lan arun ambune. 3) Lebokke irisan daging sing wis dibumboni mau, nganti daging mateng. 4) Tambahke sayuran lan bumbu. Aduk nganti layu. 5) Angkat lan sajekno. © 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

  • Upload
    ngonhi

  • View
    241

  • Download
    0

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Daging Tumis Taoge

Resep iki kanggo wong 4

Keperluan: 100 gr daging has sapi, iris persegi persegi dowo2. 1 sendok makan saus tirem.(oester saus) 1 sendok makan kecap manis. 1 sendok makan glepung maizena (meel) ½ sendok teh merico bubuk. 2 sendok makan minyak sayur (sla olie) 2 siung bawang putih, iris alus. 50 gr paprika ijo, iris tipis dowo. 100 gr taoge, diresiki. 1 sendok makan saus tirem . ½ sendok teh mrico bubuk. Corone nggawe:

1) Campur irisan daging sapi karo saus tirem, kecap manis, maizena nganti roto.

2) Panaske lengo ning wajan, goreng bawang putih nganti kuning lan arun ambune.

3) Lebokke irisan daging sing wis dibumboni mau, nganti daging mateng.

4) Tambahke sayuran lan bumbu. Aduk nganti layu. 5) Angkat lan sajekno.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 2: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Orak arik tahu telor

Resep iki kanggo wong 4

Keperluan: 3 sendok makan lengo goreng (sla olie) 2 iji endog pitik, kocok nganti mumbul. 2 wungkul bawang putih, iris alus. 1 sendok makan godong bawang sing wis dirajang alus. 2 iji jamur opo wae iris alus, (ning yen iso jamur Hyoko, iso dituku ning toko Indonesia) 50 gr buncis, iris miring tipis. 50 gr wortel, iris alus. 300 gr tahu putih sing apik, peres ning servet sing resik, sipoyo ilang banyune. Lan ajur. ½ sendok the, merico bubuk. 1 sendok teh uyah. ½ sendok teh lengo wijen (sesam olie) Corone nggawe:

1) Panaske 2 sendok makan lengo goreng , lebokke endog sing wis dikocok, gawe orak -arik , sisihno.

2) Siso lengo liyane, dienggo nggongso bawang putih, lan godong bawang mau (prei) nganti ambune wangi.

3) Lebokke buncis lan wortel sing wis diiris alus mau,nganti layu (slap).

4) Tambahke orak-arik , tahu lan bumbu. Diaduk-aduk nganti roto.

5) Angkat lan sajekno.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 3: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Sambel teri jengki

Resep iki kanggo 400 gram

Keperluan: 3 sendok makan lengo goreng. 1 tomat abang, iris kasar 20 iji pete, wutuhke. 250 ml santen. 250 gr teri jengki tawar (ora asin) sing dowo2 wujude. Goreng garing. 1 sendok makan peresan jeruk nipis. Bumbu sing diuleg: 10 iji lombok abang 8 iji brambang sing cilik2 3 siung bawang putih 1 lenjer serai, jupuk ngisore, iris alus. ½ sendok teh trasi sing mateng. 1 sendok teh gulo pasir ½ sendok teh uyah Corone nggawe:

1) Panaske lengo ning wajan, tumis bumbu sing wis dialuske karo tomat nganti mateng lan arum.

2) Lebokke pete lan santen-ne masak nganti kentel. 3) Lebokke pisan teri jengki lan peresan banyu jeruk, karo diaduk

roto. 4) Angkat lan sajekno.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 4: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Klepon

Keperluan: ½ sendok teh uyah 1 sendok teh banyu enjet (kapur sirih) 2 sendok teh godong suji, yen ora ono nganggo kookkleurstof pandan 175 ml banyu anget 250 gr tepung ketan (meel van ketan) 100 gr gulo jowo, iris alus 250 gr kelopo parutan, dikukus (stomen) Corone nggawe:

1) Campur godong suji (of kookkleurstof pandan), uyah, karo banyu anget, diudek.

2) Campur karo karo tepung ketan, uleni nganti kalis, ora pliket ning tangan.

3) Jupuk kiro2 2 sendok teh adonan (deeg), dicemet, nganti iso dileboni gulo jowo, terus tutup rapet, nganti koyo mbentuk (vorm) sing bunder cilik.

4) Nggodog banyu ning panci, nganti umob, terus klepon dicemplungno siji-siji, kurang luwih 5 menit suwene nggodog, yen klepon wis mateng mumbul dewe karepe dewe. Angkat banjur dideleh ning saringan sing resik.

5) Gulingno ning parutan klopo sing wis dikukus mau.

Tip:

1) Adonan nggo kulit sing durung dibentuk, (als deeg nog niet gevormd is) kudu ditutupi servet/ plastic , supaya ora garing. Adonan sing garing angel dibentuk, nek adonan dadi rodo garing sitik, iso ditambahke 1/2 sendok teh banyu anget.

2) Ojo nglebokno gulo jowo akeh2, mergo yen kakehan isi, bakalan njerone ora mateng, gulone tetep mrongkol/ mentah.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 5: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Perkedel rebung

Resep iki kanggo wong 8

Rebung ora enak mung dijangan wae, utowo dienggo isi lumpia, nanging yo enak lan gurih rasane nek digawe perkedel. Opo maneh bumbune cukup, godong bawang lan ditambahi urang sing wis di cacah, nggarahi lezat/ gurih banget. Dipangan anget2 karo sambel botol-an utowo lombok rawit sing seger/lombok lalap. Keperluan: 300 gr rebung sing isih nom utowo sing ning njero blik 75 gr urang sing wis diresiki, cacah alus. 1 lenjer godong bawang, iris sing alus 1 endog pitik, dikocok 2 sendok makan tepung terigu (tarwebloem) 2 siung bawang putih parut ½ sendok teh mrico bubuk 1 sendok the uyah Kanggo njabane : 50 gr tepung terigu Corone nggawe:

1) Rebung diguwak banyune, iris alus2/cilik2. 2) Campur rebung karo urang sing wis dicacah, karo bahan

liyane sing kanggo kebutuhan mau nganti roto. 3) Adonan mau dikepeli nganti dadi bunderan lonjong, penet

setitik ben rodo gepeng. 4) Yen arep nggoreng, guling2no nyang tepung terigu mau. 5) Goreng ning lengo panas, nganti mateng lan kuning

tenanan. 6) Angkat lan sajikan.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 6: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Semur Daging Sapi

Resep iki kanggo wong 6

Keperluan: 500 gr daging sapi has 1 iji bawang bombai (brambang) 3 siung bawang putih. 1 sendok teh mrico bubuk 1 sendok teh polo 2 sendok teh uyah 1 lt banyu 2 sendok makan mertego (boter) 5 sendok makan kecap manis 6 lembar godong jerut purut Corone nggawe:

1) Brambang, bawang, mrico bubuk, polo, uyah, uleg alus. 2) Iris daging persegi-persegi dowo, kiro2 kandel 1 cm dowo 4

cm. 3) Panaske mentego ning wajan, bumbu2 sing wis alus digongso

nganti kuning lan arum. 4) Lebokke daging , aduk2 roto, lagi banyu lan godong jeruk

dikatutno. Ojo lali kari di-wolak-walik 5) Cicipi, yen kurang asin iso ditambah uyah. (zout naar smaak). 6) Yen wis rodo sat, banjur diangkat. Sajekno karo diwuwuri

brambang goreng.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 7: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Tahu Brontak

Keperluan:

20 iji tahu sing wis dadi (tahu pong/gembos) (gebakken tahu) iso

tuku ning toko Indonesia/Oriental.

Keperluan kanggo isi:

200 gr buncis, iris alus miring,

100 gr taoge, resiki buntute

100 gr daging ayam (kipfilet) iris kasar

2 siung bawang putih, cacah alus

3 brambang sing cilik, iris alus

1 sendok tepung maizena (maizena meel) dicarup (mengen) karo

banyu sitik

1 sendok the mrico bubuk, uyah, ½ sendok the gulo pasir.

3 sendok makan lengo goreng.

Keperluan kanggo kulite:

100 gr tepung terigu (tarwe meel)

50 gr glepung beras.

2 siung bawang putih sing wis diuleg (je mag ook gewoon

knoflookpoeder gebruiken)

1 sendok teh ketumbar bubuk.

50 ml santen

150 ml banyu, uyah sak cukupe.

Corone nggawe:

• Dienggo nggawe isi: panaske lengo goreng ning wajan, tumis

bawang putih lan brambang nganti ambune wangi/arum.

Lebokke daging ayam mau, buncis, lan keri dewe taoge.

Udek roto. Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti

mateng, banjur maizena sing wis dicuerno mau lebokke

pisan, supoyo katon kentel.

• Dienggo nggawe kulite: glepung terigu, glepung beras,

bawang putih, tumbar, santen, lan uyah, ugo banyu, diaduk

roto nganti ora ono pringkilane.

• Tahu di iris tengahe setitik, kanggo nglebokke isine. Ratakno.

• Sak banjure tahu sing wis diisi mau dicelup ning adonan sing

kanggo kulite .

• Goreng nganti kuning kecoklatan (bruinachtig).

• Sajekno anget-anget, nganggo lalapan lombok rawit, utowo

sambel uleg botol-an.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 8: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Onde-Onde

Resep iki kanggo 24 iji

Keperluan:

400 gr glepung ketan (ketan meel)

100 gr Tepung tapioka (tapioca meel)

4 Sendok makan gulo pasir

200 gr wijen (sesamzaad)

400 ml Santen anget/encer

1 sendok teh vanilie

1 sendok teh uyah

Lengo sak cukupe dienggo nggoreng.

Kanggo isi:

300 gr kacang ijo sing wis ilang kulite, iso tuku ning toko Oriental.(Yellow

Splitted Mung Bean)

2 lembar godong pandan

300 gr gulo pasir

Corone nggawe isi:

• Rendem kacang ijo sewengi, buak banyune sing dienggo ngrendem.

• Terus masak ning panci, campur karo gulo pasir, godong pandan,

dimasak karo geni sing cilik, nganti sat tenan/ padet.

• Angkat , yen wis adem banjur digawe bunderan cilik-cilik (kiro2 sak

bal bekel) Dadine mengko apik, iso kebak tenan onde-onde ne. Ora

nggongrong kurang isi, yen kurang isi onde2 bakale cemet, ora

bunder maneh.

Corone nggawe kulit/andonan:

• Masak santen anget2, ojo nganti umob.

• Glepung ketan, kanji, uyah, lan vanilie, campur dadi siji.

• Campur karo santen anget2 mau , sitik mboko sitik, karo diuleni

nganggo sendok kayu. Ngati kalis tenan, ora pliket ning tangan.

• Dadekke adonan mau kiro-kiro 24 bagean, banjur digawe bunderan siji

mboko siji, karo adonan mau dicemet kiro-kiro ½ cm.

• Isi kacang ijo ning tengahe, njur ditutup rapet.

• Gulingno ning wijen karo rodo dipenet, kareben wijene iso katut

temenan.

• Goreng karo lengo sing cukup, nganti kuning ke-coklatan. • Angkat lan sajekno.

Tip:

• Yen nglebokke isine ojo nganti ketok soko njobo, kudu rapet tenan,

mergo yen ora rapet, bakale yen digoreng isine sing bocor mau, banjur

ireng/ gosong. Lenggo sing dianggo goreng kudu cukup, onde-onde

kudu ono sak ngisore lengo.

• Supoyo bentuk (vorm) apik lan bunder tenan, wektu nggoreng karo

serok cilik, rodo diplenet karo di unyerke alon2, kui podo wae karo

malik-i.

• Selamat njajal!!!

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 9: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Semar Mendem

Resep iki kanggo 20 iji

Keperluan:

500 gr ketan (kleefrijst)

355 ml santen kentel

1 sendok teh uyah

2 lembar godong jeruk purut

6 iji endok pitik

3 sendok makan banyu

Lengo goreng sak cukupe.

Keperluan kanggo isi:

300 gr daging ayam (kipfilet)

1 iji bawang bombay (uien)

5 siung bawang putih (knoflook)

2 sendok teh ketumbar

½ sendok teh jinten

1 sendok teh mrico

2 sendok teh gulo pasir

Corone nggawe:

• Ketan kumbah resik, rendem kurang luwih 12 jam.

• Kukus ketan ning dandang, watoro 15 menit. Angkat.

• Deleh ono baskom opo panci, terus diwenehi santen kiro-kiro 200

ml, uyah, udek roto. Langsung dikukus maneh.

• Godog daging ayam mau, yen wis mateng angkat, banjur yen wis

adem disuwiri cilik2 (stukjes of sliertjes)

• Ketumbar, jinten, mrico, brambang, bawang putih diuleg alus.

• Panaske lengo ono wajan, gongso bumbu mau nganti arum,

lebokno gulo, karo siso santen mau, godong jeruk purut..

• Masak nganti sat (dirasakke opo uyah cukup), yen kurang iso

ditambah dewe. Masak watoro 4 menit. Angkat.

Corone nggawe Semar mendem:

• Kocok endok pitik karo 3 sendok makan banyu, uyah.

• Dadar siji2 ning wajan/ pan masak, tipis wae, kiro2 dadi 20

lembar

• Ketan sing wis mateng mau, di dum dadi 20 iji, jupuk siji2, terus

diisi daging ayam mau, tutup rapet, digawe bentuk lonjong, persis

koyo nek nggawe lemper.

• Tutup karo dadar endog mau, terus gulung sing apik.

• Sajekno.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 10: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Kue mangkok

Resep iki kanggo 15 iji

Keperluan:

175 gr tepung beras (rijstmeel)

175 cc banyu adem

100 gr tape telo sing empuk

150 gr gulo palem (palmsuiker)

75 gr tepung terigu (tarwe meel)

50 gr gulo pasir

125 cc banyu umob, ademke 2 nganti 3 menit.

125 cc banyu soda/ sprite.

1 sendok teh baking poeder

Corone nggawe:

• Campur tepung beras karo banyu adem, carup karo tape,

gulo palem, sing wis diaduk alus, tape guwak sontrot2

e, campur roto, ojo nganti mringkil.

• Lebokke tepung terigu karo gulo pasir, nganggo sendok

kayu.

• Lagi ditambahi banyu soda/sprite, udeg maneh nganti roto

temenan.

• Panaske cetakan kue mangkok ning dandang sing wis umob,

banjur nganggo sendok sayur gede , nek iso sing ono cucuke,

ben gampang.

• Isi nganti kebak, kukus kiro2 suwene 25 menit (ojo dibukak-

bukak nek durung ono 20 menit) kanggo niliki.

Angkat, lan dekek loyang sing ono banyune setengah. Yen wis

adem, banjur ditokke soko cetakan siji2. Kerjakno terus podo karo

sing uwis, nganti adonan entek. Luwih enak maneh, sajekno

nganggo klopo parutan.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 11: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Martabak kambing (Mini)

Keperluan:

15 lembar kulit lumpia (loempiavellen) ukuran 15x15 cm.

Lengo goreng sayur sak cukupe, (sla olie)

Keperluan kanggo kulite:

2 sendok makan lengo

1 sendok makan mertego

350 gr daging giling kambing (geitenvlees/gehakt) sing ora oleh

mangan daging wedus , iso diganti karo daging ayam (kip gehakt)

2 sendok teh bawang putih diparut.

150 gr brambang rajang alus.

2 lenjer godong bawang (prei), iris miring

1 sendok teh mrico bubuk.

1½ sendok teh uyah

5 iji endog pitik.

Corone nggawe:

• Kanggo isi: panasno lengo, lan mertego ning wajan, sak

banjure goreng brambang, bawang putih, nganti arum/wangi,

lebokke daging e mau, nganti setengah mateng, banjur

godong bawang, uyah, mrico bubuk, lebokke pisan. Karo

sotil di-wolak-walik nganti roto, lan sat tenan. Angkat lan

didemke.

• Endok pitik dikocok, banjur carup karo tumisan daging sing

wis adem. Aduk-aduk nganti roto tenan.

• Jupuk sak lembar-sak lembar kulit lumpia mau, banjur diisi,

takerane kanggo isine iso sak sendok makan, utowo karo

tengah sendok makan.

• Lempit koyo amplop , ukuran kiro-kiro 10x 6 cm, kanggo

ngrapetke, pinggirane iso dikeletke nganggo banyu.

• Panaske lengo ning wajan, goreng nganti kuning kecoklatan

(tot het goud bruin gebakken is).

• Sajekno anget2 karo lalapan lombok rawit ijo. Iso ugo karo

saus tauco (zuur zoutesaus).

Eet smakelijk!

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 12: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Kangkung bumbu ebi

Keperluan:

1 kg kangkung

½ sendok makan uyah

1 sendok makan banyu asem

1 sendok makan kecap manis

100 gr ebi (gedroogde garnaaltjes)

2 sendok makan mertego

2 lembar godong salam, laos sak cukupe.

½ brambang bombay sing gede

3 siung bawang putih

1 sendok makan taoco

½ sendok teh trasi sing wis mateng

5 iji lombok abang (sing seneng pedes iso ditambah lombok rawit

dewe)

Corone nggawe:

• Brambang lan bawang, lombok abang, rajang alus.

• Ebi, dikum ning banyu panas sedelo, suwene lawase 2 menit,

banjur diris/ digepuk alus.

• Gongso/tumis, brambang, bawang, lombok ning wajan sing

wis dikek-i mertego, lebokke kangkung sing wis diresiki

mau, yen wis layu / setengah mateng, lagi dilebokke, ebi,

taoco, trasi, kecap manis, uyah, laos, salam .

• Wolak-walik nganti roto. Yen kangkung gagange wis empuk

tenan lagi diangkat.

• Sajekno anget-anget.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 13: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Jenang Grendul

Keperluan:

250 gr glepung ketan

½ sendok teh uyah

250 ml banyu anget

400 ml banyu adem

100 gr gulo abang (aren)

2 lembar godong pandan

1 bungkus vanili (een pakje vanillesuiker)

Keperluan Kanggo Saus:

125 ml santen kentel

½ sendok teh uyah

2 lembar godong pandan

1 vanillie

Corone Nggawe:

• Campur 200 gr glepung ketan, uyah mau. Diulet karo banyu

anget saitik2, diuleni nganti iso dibentuk dadi bunderan cilik-

cilik gedene sak neker-neker (knikkers)

• Masak banyu, gulo abang, vanille, godong pandan nganti

umob, lebokke bunderan2 mau , nganti mateng. Tandane yen

wis mateng tenan, bakale mumbul dewe (als de bolletjes naar

boven komen drijven dan zijn ze gaar).

• Campur siso ketan sing 50 gr, di jur karo banyu sitik, lebokke

pisan ning panci mau, udeg- udeg roto, kareben adonan ora

gosong ngisore. Masak kiro-kiro 10 menit maneh, lagi

diangkat.

• Sajekno jenang grendul iki adem-adem, karo santen sing wis

dimasak.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 14: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Cap Jay

Keperluan:

200 gr wortel

100 gr taoge

1 iji paprika ijo, 1 paprika abang

1 lenjer godong bawang (prei)

100 gr jamur

200 gr daging ayam (kipfilet)

150 gr urang

200 gr rebung (bamboeroots) ning blik.

100 gr broccolli

4 siung bawang putih, cacah alus

2 cm jahe (verse jahe) cacah alus.

3 sendok makan lengo goreng

1 sendok makan maizena (di-jur karo banyu sitik)

Corone Nggawe saus-e:

200 ml kaldu ayam (ongeveer 2 blokjes kipbouillon)

3 sendok makan kecap asin

1 sendok teh lengo wijen (sesamolie)

1 sendok makan saus tirem (oestersaus)

1 sendok makan angciu (arak abang) isi tuku ning toko chino

(Oriental).

1 sendok teh gulo pasir

1 sendok teh mrico bubuk

Kebutuhan nduwur mau campurno dadi siji.

Corone Nggawe:

• Urang diresiki, belek tengah2, ojo nganti pedot, supoyo yen

keno panas, iso mekar koyo kembang, wortel dioncek-i, iris

tipis miring ½ cm.

• Jamur iris tipis, godong prei iris miring, daging ayam iris

tipis ombo, watoro 2x3 cm. Paprika dirajang dowo-dowo.

• Panaske wajan karo lengo, gongso bawang putih, jahe

nganti arum, lebokke daging ayam, nganti kaku daging e,

banjur urang dilebokke, nganti dadi abang rupane.

• Banjur sak urute wortel, godong bawang, paprika, jamur,

keri dewe lagi taoge.

• Sing pungkasan lebokke saus sing wis dicampur mau, lagi

ditambahi karo maizena sing wis dijur karo banyu mau.

• Wolak-walik roto. Nganti saus rodo kentel.Ojo suwe-suwe,

cepet diangkat, supoyo sayurane tetep kemriyuk (het moet

knapperig blijven)

• Angkat, lan sajekno panas2.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 15: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Balado Teri Tahu

Keperluan:

400 gr tahu putih

200 gr teri lawar (ongezouten)

150 gr kacang tanah (pinda)

3 wungkul brambang cilik

2 siung bawang putih

4 iji lombok abang gede (sing seneng pedes iso ditambah karo

lombok rawit )

2 sendok makan banyu asem

100 gr gulo jowo

1 cm laos

3 lembar godong jeruk purut

1 sendok the uyah

200 ml banyu adem

Corone Nggawe:

• Tahu iris tipis cilik dowo, goreng nganti garing . (knapperig)

• Teri dikumbah resik, goreng garing.

• Kacang tanah (pinda) goreng mateng.

• Lombok abang iris tipis miring, brambang, bawang iris tipis.

• Panaske lengo ning wajan, tumis brambang, bawang, nganti

arum, lagi lombok dilebokke.

• Lebokke banyu adem, gulo, uyah, godong jeruk purut, laos,

banyu asem mau.

• Enteni nganti bumbu rodo sat, (tuo) lagi tahu, teri, kacang

tanah lebokno, cilik-ke geni-ne, karo adonan mau diaduk roto

sedelo.

• Angkat. Iki cocok dienggo lawuh karo jangan bening, sambel

trasi.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 16: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Daging taoco

Keperluan:

500 gr daging sapi (mager rundvlees)

100 gr urang

200 gr taoco (bean sauce in blik)

2 siung bawang putih

3 wungkul brambang cilik2

1 sendok teh trasi bakar

2 sendok makan kecap manis

4 iji lombok ijo

4 lombok abang gede (buang isine)

1 sendok teh uyah

1 wungkul cilik laos.

2 lembar godong salam

2 sendok lengo goreng dienggo numis

± 500 ml banyu adem

Corone Nggawe:

• Daging iris kotak2 kurang luwih 3 x 3 cm. Kumbah resik.

• Brambang, bawang iris tipis, lombok abang & ijo diiris

miring ombo.

• Urang diresiki, banjur dikukus sedelo, yen wis mateng,

urang diuleg lembut.

• Taoco ditokke soko blik, siram sedelo, nganggo banyu ning

ngisor kran, nganggo saringan. (zeef)

• Panaske panci isi banyu, daging lebokke, godog nganti

empuk. Yen daging durung empuk, iso ditambah banyu

panas maneh. Saus / bouillon karekno sak cukupe.

• Panaske wajan isi lengo, gongso/ tumis brambang bawang,

nganti arum, banjur lombok lan urang- e cemplungke pisan.

• Lagi daging lebokke, wolak walik roto, taoco, uyah (naar

smaak) kecap manis, salam , laos. Aduk roto. Lagi diangkat.

• Sajekno panas2.

Kanggo sing seneng tahu, iso dicampuri tahu goreng, tahu diiris

kotak2 cilik, goreng disik lan campurke daging taoco mau. (voor

liefhebbers kan men er ook gebakken blokjes tahu erdoor mengen ).

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 17: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Oseng Tahu Udang Bumbu

Taoco

Keperluan:

400 gr tahu

200 gr urang sik wis resik

6 iji lombok ijo

½ wungkul gede brambang bombay (3 brambang cilik)

3 siung. bawang putih

½ sendok teh gulo pasir

100 gr taoco

100 gr pete

½ sendok teh uyah

2 sendok makan mertego

1 wungkul laos, digepuk.

Corone Nggawe:

• Tahu diiris kotak-kotak persegi cilik. Goreng setengah

mateng.

• Lombok ijo dirajang miring alus, urang dikumbah resik.

• Bawang putih lan brambang rajang tipis alus. Taoco kumbah

disik, saring,

• Panaske wajan sing wis dikek-i mertego, tumis /gongso

bawang brambang nganti arum, lebokke lombok ijone, pete,

tahu, karo di-wolak-walik roto,

• Sing pungkasan lebokke taoco-ne karo laos. Aduk-aduk roto.

• Angkat. Sajekno karo sego putih panas-panas.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 18: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Kupat tahu Bandung

Kanggo wong 6

Keperluan:

6 iji kupat utowo 3 iji, lontong biasa

2 iji tahu

3 sendok makan lengo sayur (sla / zonnebloem olie)

2 lembar godong salam

2 cm laos

200 gr urang sing cilik

1,5 lt santen encer

500 gr labu siam (chayote) / woh kates sing isih nom

3 iji lombok abang gede

8 wungkul brambang sing cilik

3 siung bawang putih

½ sendok teh mrico

½ sendok teh trasi

25 gr gulo jowo

1 sendok makan uyah

Corone Nggawe:

• Tahu diketok ukuran 4 x 2 x 3/4 cm, banjur digoreng.

• Labu siam/ kates dirajang tipis dowo cilik2. Kumbah sing

resik. Ramesi disik karo uyah, supoyo ilang tlutuh-e, lan

kareben lemes.( zacht )

• Lombok, brambang, bawang, mrico, trasi uyah, lan gulo

abang, uleg sing lembut/alus.

• Panaske wajan isi lengo, tumis/gongso bumbu2 mau nganti

arum. Lebokke santen-ne, nganti umob, banjur labu

siam/kates lebokno pisan. Campurke pisan urang, laos,

godong salam . Udeg2 roto, yen wis ketok mateng banjur

diangkat.

• Sajekno karo kupat, corone kupat/lontong diirisi ning piring,

banjur diwenehi tahu sing wis digoreng, lagi disiram karo

jangan labu siam mau.

• Wenehi kecap manis sitik, wuwuri brambang goreng karo

krupuk urang, utowo krupuk abang biasa.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 19: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Tahu isi daging

Kanggo 12 iji

Keperluan:

6 iji tahu ukuran 6 x 6 cm

250 gr daging giling (rundergehakt)

1 iji endog pitik, dikocok

2 sendok makan brambang goreng

1 sendok makan bawang putih goreng

2 lenjer selderi, rajang sing alus

2 sendok makan glepung trigu (tarwebloem)

½ sendok teh mrico bubuk

1 sendok teh uyah

Lengo goreng sak cukupe.

Corone Nggawe:

• Tahu kumbah resik , goreng . Banjur diiris dadi loro , wujud

segi telu, keruk njerone.

• Brambang, bawang goreng, uleg sing lembut.

• Daging giling, selderi, endog, mrico, uyah, brambang

bawang, glepung trigu, karo isi kerukan tahu mau, carup dadi

siji sing roto.

• Isi adonan daging giling mau ning njerone tahu.

• Goreng nganti kuning ke-soklat-an

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)

Page 20: Daging Tumis Taoge Keperluan - members.ziggo.nlmembers.ziggo.nl/karijodinomo/Resep panganan 01.pdf · 100 gr daging has sapi, ... Lebokke bumbu-bumbu mau , masak nganti ... adem disuwiri

Sambel goreng telor puyuh

Keperluan:

30 iji endog puyuh wis mateng (in blik) oncek-i.

5 iji tahu

20 iji pete, wutuhno utowo sigar dadi loro.

100 gr kapri

100 gr ebi, di-kum watoro 1 jam.

300 ml santen

2 sendok makan banyu asem

2 sendok makan gulo jowo sing wis diiris

5 iji lombok abang gede

8 wungkul brambang cilik2

4 siung bawang putih

5 wungkul kemiri

1 sendok teh trasi goreng

1 sendok teh uyah (naar smaak)

1 bungkus cilik kaldu sapi (runderbouillon blok)

2 lembar godong salam

2 sendok makan lengo sayur (sla olie) dianggo numis.

Corone Nggawe:

• Tahu iris kotak2 cilik sak cukupe, banjur digoreng.

• Brambang, bawang lombok gede, kemiri, trasi, uleg/blender

sing lembut.

• Panaske lengo ning wajan, tumis bumbu2 mau nganti

arum/wangi, lebokke pete, ugo ebi-ne, wolak-walik nganti

roto.

• Tambahke santen-ne, diaduk terus ojo nganti santen-ne

pecah, godog nganti umob.

• Banjur lebokke endog puyuh-e mau, tahu, kapri, tambahne

pisan banyu asem, gulo jowo, godong salam. Kaldu sapi

(runderbouillon). Masak lan di-udek2 nganti roto, mateng,

rodo sat.

• Angkat lan sajekno panas-panas.

© 2007, SRP Siaran Radio Popjawa (Ariane vd Heuvel)