Upload
trinhquynh
View
549
Download
85
Embed Size (px)
Citation preview
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 1
URAIAN MATERI
KB-2 BASA NGOKO ALUS
1. Tegese Ngoko Alus
Ngoko alus yaiku unggah-ungguh basa sing ngemot leksikon ngoko, leksikon
netral, lan leksikon krama. Leksikon krama digunakake kanggo atur pakurmatan
marang mitra wicara. Padatan leksikon krama sing digunakake awujud tembung
aran, tembung kriya, lan tembung sesulih. Manawa ana leksikon krama andhap,
padatan awujud tembung kriya utawa tembung aran (Sasangka, 2007). Miturut
Harjawijana & Supriya (2009: 51) basa ngoko alus saged mbangun swasana
ingkang endah lan elok. Uwong sing nggunakake basa ngoko alus anggone
omongan karo uwong sing duwe status luwih asor, tetembungan dhasare awujud
ngoko antuk tambahan leksikon krama utawa krama inggil supaya tuwuh rasa
sing rumaket. Dadi ora ana let (jarak) tumrap uwong sing diajak micara. Sejene
kuwi, leksikon krama lan krama inggil sing kacampur bisa nuwuhake rasa
urmat.
2. Titikane Ngoko Alus
Unggah-ungguh basa ngoko alus bisa katitik saka:
a. Dumadi saka leksikon ngoko/netral + leksikon krama/krama inggil.
b. Tetembungan kang gayutan karo wong sing diajak guneman utawa wong
liya sing dirembug nggunakake krama inggil.
c. Tetembungan sing kanggo awake dhewe nggunakake ngoko lugu utawa
krama andhap.
d. Tembung sing diowahi krama inggil mung tembung linggane.
e. Leksikon krama inggil awujud tembung aran, tembung kriya, lan tembung
sesulih.
f. Wuwuhan awujud ater-ater (afiks), seselan (infiks), lan panambang (konfiks)
tetep ngoko.
3. Tetembungan Ngoko Alus
Tetembungan sing padatane ana ing ragam ngoko alus yaiku dhasare ngoko
utawa leksikon netral, krama, lan krama inggil. Tembung sing kanggo awake
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 2
dhewe nggunakake ngoko utawa leksikon netral. Manawa kanggo mitra wicara
utawa ngrembug wong liya lumrahe nganggo krama lan krama inggil. Ing ngisor
iki ana tuladha tetembungan ngoko sing duwe krama lan krama inggil.
Tabel 2. Tuladha tembung Ngoko sing duwe Krama, lan Krama inggil.
(lumantar Subroto, dkk, 2008: 131-136)
No Ngoko Krama Krama Inggil Arti
1 akon aken dhawuh menyuruh
2 aku kula ingsung/adalem aku/asaya
3 adhep sowan marak menghadap
4 anggo angge agem pakai
5 anom/enom anem/enem timur muda
6 apa menapa punapa apa
7 aran/jeneng nama asma nama
8 arep ajeng/badhe kersa akan/mau/ingin/
berkehendak
9 aten-aten memanahan penggalihan perasaan hati
10 ati manah penggalih hati
11 awak badan salira badan
12 ayo manga suwawi ayo/mari
13 batur/mbatur rencang/
ngrencang
abdi/ ngabdi/
suwita
abdi/ pembantu/
mengabdi
14 bayi/bayen gadhah lare babaran bayi/ bersalin
15 bebed/ jarit/
tapih
sinjang nyamping kain panjang
16 beburu/
mbeburu
bebujeng/
mbebujeng
mbebedhag berburu
17 ben/ bene/
kareben
kajengipun kersanipun biarlah
18 bobot awrat wawrat berat
19 bojo/ bebojoan semah/ garwa suami-istri/
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 3
sesemahan bersuami-istri
20 brengos rawis gumbala kumis
21 budi manah penggalih budi pekerti/
hati
22 bungah bingah rena senang/ gembira
23 cangkem lisan tutuk mulut
24 cekel cepeng asta pegang/ tangkap
25 celathu wicanten ngendika berbicara
26 dandan dandos busana berbusana/
berhias
27 deleh suka paring letak
28 deleng tingal priksa lihat
29 dhek kala nalika ketika
30 dheweke piyambakipun panjenenganipun ia/ dia
31 dhuwur inggil luhur tinggi
32 dokok dekek paring letak
33 embuh kilap/ boten
mangertos
duka/ nyuwun
duka
entah/ tidak tahu
34 endhas sirah mustaka kepala
35 enggo engge agem pakai
36 gawa bekta ampil bawa/ pinjam
37 gawan bektan ampilan bawaan/
pinjaman
38 gawe damel ngasta buat/ membuat
39 gelem purun kersa mau
40 gugah gigah wungu bangun
41 gugu gega ngestokaken
dhawuh
menurut
42 gunem ginem ngendika bicara/ nasihat
43 guneman gineman ngendikan berbicara
44 imbuh imbet tanduk tambah
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 4
45 jaluk tedha pundhut/ suwun pinta
46 jamu jampi loloh/ usada obat/ jamu
47 jaran kapal kudha/ tuladha kuda
48 jarit sinjang nyamping kain
49 jejamu jejampi loloh berobat
50 jungkat serat pethat sisir
51 jungkatan seratan pethatan sisiran
52 jupuk pendhet pundhut ambil
53 kandha criyos ngendika/ matur berkata
54 kanggo kangge kagem terpakai
55 karep kajeng kersa mau/ ingin
56 karepe kajengipun kersanipun keinginannya
57 kasoran kawon kandhapan kalah
58 kathok sruwal lancingan celana
59 kathokan sruwalan lancingan bercelana
60 kelairan wedalan wiyosan kelahiran
61 kelalen kesupen kalimengan kelupaan
62 kena pikantuk kepareng boleh
63 kepenak sekeca dhangan enak/sehat
64 keris dhuwung wangkingan keris
65 kongkonan kengkenan utusan/ atur
utusan
utusan
66 kowe sampeyan panjenengan kamu/ anda
67 krungu miring midhanget mendengar
68 kubur/ ngubur petak/ metak sare/ nyarekaken kubur/
mengubur
69 kuru kera susut kurus
70 laku lampah tindak pergi
71 lanang jaler kakung laki-laki
72 lara sakit gerah sakit
73 liwat langkung miyos lewat/ melalui
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 5
74 lunga kesah tindak pergi
75 mampir kendel pinarak singgah
76 manak gadhah lare babaran/
kagungan putra
bersalin
77 mangan nedha dhahar makan
78 manggon manggen lenggah bertempat
tinggal
79 marekake mantunaken ndhanganaken menyehatkan
80 mari mantun dhangan sehat
81 mbobot wawrat nggarbini hamil
82 melu tumut ndherek ikut/turut
83 menehi nyukani maringi/ nyaosi/
ngaturi
memberi
84 meruhi nyumerepi ngawuningani tahu/ mengerti
85 meteng wawrat/
ngandhek
mbobot hamil
86 metu medal miyos lewat/ lahir
87 mikir manah menggalih memikir
88 mlaku mlampah tindak berjalan kaki
89 mulih mantuk kondur pulang
90 ndandani ndandosi mbusanani memperbaiki/
merias
91 ndelehake nyukakaken maringaken meletakkan
92 ndeleng ningali mriksani melihat
93 ndokokake ndekekaken maringaken meletakkan
94 ngadhep sowan marak menghadap
95 ngandhani nyriosi ngendikani/
ngaturi
menasihati
96 nganggo ngangge ngagem memakai
97 ngenggoni ngenggeni nglenggahi bertempat
tinggal
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 6
98 ngepek mendhet mundhut ambil
99 nggawa mbekta ngampil membawa/
meminjam
100 nggawani mbetani ngampili meminjami
101 nggugah nggigah mungu membangunkan
102 nginep nyipeng nyare menginap
103 ngising bebucal bobotan berak
104 ngutangi nyambuti maringi ngampil/
nyaosi ngampil
meminjami
105 njaluk nedha mundhut/
nyuwun
meminta
106 njamoni njampeni ngloloh mengobati
107 njungkati nyerati methati menyisiri
108 njupuk mendhet mundhut mengambil
109 njupuki mendheti mundhuti mengambili
110 nom/ enom nem/ enem timur muda
111 nuturi nyanjangi,
nyriyosi
ngendikani menasihati
112 nyekel nyepeng ngasta memegang
113 nyilih nyambut mundhut
ngampil
meminjam
114 nylameti milujengi nyugengi kenduri/
selamatan
115 oleh angsal kepareng boleh
116 omah griya dalem rumah
117 omah-omah emah-emah krama kawin/ nikah
118 omong-omong gineman ngendikan bercakap-cakap
119 pangan tedha dhaharan makanan
120 panganan tetedhan dhaharan makanan
121 pelanangan pajaleran jaleran penis
122 pewadon pawestren badhong vagina
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 7
123 pikir manah penggalih pikiran
124 pikiran pemanahan penggalihan pikiran
125 rungu pireng pidhanget dengar
126 sedulur sedherek sentana saudara
127 sikil suku sampeyan kaki
128 silih sambut pundhut/ ampil pinjam
129 slamet wilujeng sugeng selamat
130 slametan wilujengan sugengan selamatan
131 sumurup semerep priksa tahu/ mengerti
132 susah sisah sekel susah/ sedih
133 susu susu pembayun/
payudara
payudara/ susu
134 tak-/ dak- kula ingsung/ dalem/
kawula
ku-/ aku/ saya
135 tamba jampi usada obat/ jamu
136 teka dhateng rawuh datang
137 tilik tuwi tinjo/sowan/seba tengok/jenguk
138 tonton tingal priksa lihat
139 tuduh tedah paring priksa/
caos priksa
memberitahu
140 tuku tumbas mundhut beli
141 tumbak waos watangan tombak
142 tunggang tumpak titih tunggang
143 tunggangan tumpakan titihan tunggangan
144 turon tileman sareyan tiduran
145 turu tilem sare tidur
146 tutur sanjang, criyos ngendika berbicara
147 tuwa sepuh yuswa tua/ berumur
148 ulih antuk kondur pulang
149 urip gesang sugeng hidup
150 utang sambut = pundhut pinjam/
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 8
nyambut ngampil/ suwun
ngampil
meminjam
151 wadon = wedok estri putri = wanita perempuan/
wanita
152 waras saras dhangan sehat
153 warisan tilaran pusaka pusaka/ warisan
154 wedang benteran unjukan wedang
155 weh = weneh=
weweh
suka paring/ caos/
unjuk/ atur
beri
156 weruh sumerep =
semerep
priksa = uninga tahu/ mengerti
157 weton wedalan wiyosan =
tingalan
kelahiran
158 wetu wedal wiyos lewat/ lahir
159 wicara/ micara wicanten/
micanten
ngandika berbicara
160 wong tiyang priyantun orang
A. RANGKUMAN
Ngoko alus yaiku unggah-ungguh basa sing ngemot leksikon ngoko, leksikon netral,
lan krama. Basa ngoko alus bisa mbangun swasana sing endah lan elok uga kebak
rasa urmat ananging sesambungane rumaket. Titikane ngoko alus yaiku: dumadi
saka leksikon ngoko/netral + leksikon krama/krama inggil; tetembungan kang
gayutan karo wong sing diajak guneman utawa wong liya sing dirembug
nggunakake krama inggil; tetembungan sing kanggo awake dhewe nggunakake
ngoko lugu utawa krama andhap; tembung sing diowahi krama inggil mung
tembung linggane; leksikon krama inggil awujud tembung aran, tembung kriya, lan
tembung sesulih; wuwuhan awujud ater-ater (afiks), seselan (infiks), lan panambang
(konfiks) tetep ngoko.
B. TUGAS
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 9
Wacanen pacelathon ing ngisor iki!
Konteks:
Pacelathon ing ngisor iki kadadean antarane Pak Anwar karo bu Anwar ana ing
daleme.
Ayo menehi iguh pratikel bab tembung sing digunakake ing omong-omongan
dhuwur kuwi mau!
No Tembung sing Salah Panulise Iguh Partikel (Saran)
1. Tembung sing kudune nganggo
aksara “a” nanging ditulis
nganggo aksara “o”.
2. Tembung sing kudune ditulis
nganggo aksara “dh” nanging
ditulis nganggo aksara “d”.
3. Tembung sing kudune ditulis
Pak Anwar
Bu Anwar
Pak Anwar
Bu Anwar
Pak Anwar
Bu Anwar
Pak Anwar
Bu Anwar
Pak Anwar
Bu Anwar
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
“Bu, aku kepengin mbesuk anake dhewe bisa
sekolah sing dhuwur.”
“Iya Pak, mula kuwi panjenengan anggone
makarya sing tememen.”
“Leres Bune, prabea sekolah saiki larang tenan.”
“Pak, kae lho kopine wis takcawisake ono meja.
Enggal panjenengan unjuk.”
“Mengko disek Bune, aku lagi makani perkutute.”
“Kat mau kok durung rampung?”
“Iki sisan takadusi.”
“Lha Panjenengan wae durong siram. Iki wis jam
pitu lho Pak. Panjenengan arep tindak jam pira?
Ngendikane ana undangan rapat.”
“Jam wolu, Bune.”
“Ya wis yen ngono, aku tak ndulang Bima dhisik.”
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 10
nganggo aksara “i” nanging
ditulis nganggo aksara “e”.
4. Tembung sing kudune ditulis
nganggo aksara “u” nanging
ditulis nganggo aksara “o”.
Ayo ganepana pratelan ing ngisor iki supaya dadi pokok-pokok omong-
omongan ing ndhuwur!
(1) Paraga ing omong-omongan kasebut yaiku.…
(2) Sing diomongake ing omong-omongan mau yaiku.…
(3) Papan kadadeyan omong-omongan mau yaiku.…
(4) Basa sing digunakake yaiku basa…. kanggo ….
Ayo gawe pokok-pokok omong-omongan kanthi nggatekake peprincen ing
ngisor iki!
(1) Paragane ana pira…. sapa bae …., .…, .…
(2) Bab sing diomongake yaiku .…
(3) Papan sing kanggo omongan yaiku .…
(4) Swasana sing ana ing omong-omongan .…
(5) Basa sing digunakake ….
Ayo pokok-pokok sing wis kokgawe mau didadekake teks omong-omongan
kanthi nggatekake tata tulis sing bener!
MATERI 2
PAUGERAN OWAHE WUJUD NGOKO LUGU-NGOKO ALUS
………………………………………
……… : ………………………………………………………………………………….. ……… : ………………………………………………………………………………….. ……… : ………………………………………………………………………………….. ……… : ………………………………………………………………………………….. ……… : ………………………………………………………………………………….. ……… : ………………………………………………………………………………….. ……… : …………………………………………………………………………………..
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 11
A. CAPAIAN PEMBELAJARAN MATA KEGIATAN
Mampu berkomunikasi dan menyampaikan ide dalam bahasa Jawa secara terampil,
baik lisan maupun tulis dengan menggunakan kosakata dan tata bahasa yang
sesuai dalam konteks resmi dan tidak resmi berdasarkan kaidah bahasa dan
unggah-ungguh bahasa Jawa yang tepat setara tingkat C (Standar Common
European Framwork of Reference for Languages).
B. SUB CAPAIAN PEMBELAJARAN MATA KEGIATAN
1. Bisa ngandharake paugeran wujud ngoko lugu-ngoko alus
2. Bisa ngowahi wujud ngoko lugu-ngoko alus
C. POKOK-POKOK MATERI
1. Paugeran Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus
2. Proses Owahe Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus
D. URAIAN MATERI
1. Paugeran Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus
a) Kabeh tembung sesulih O2 lan utawa O3 sing awujud ngoko diowahi dadi
krama utawa krama inggil.
b) Kabeh tembung kriya sing kanggo wong liya awujud ngoko diowahi dadi
krama inggil.
c) Tembung kriya sing kanggo awake dhewe diowahi dadi krama andhap.
d) Kabeh tembung aran sing gayut karo pandarbe O2 sing awujud ngoko bisa
diowahi dadi krama utawa krama inggil.
e) Tembung-tembung ngoko sing kanggo kewan, wit-witan, lan barang sanajan
ana tembung krama inggil tetep nggunakake tembung ngoko. Tuladha:
Kucingmu durung diadusi --- Kucing panjenengan durung diadusi.
Lampu kamare Bapak mati --- Lampu kamaripun Bapak mati.
f) Ora tau migunakake tembung krama, namung krama inggil utawa tembung
ngoko sing ora ana krama inggile.
Tuladha:
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 12
Kowe dak-kon maca geguritan -- Panjenengan dakaturi maos geguritan.
g) Ater-ater dak- bisa dadi rong werna, awujud dak- lan adalem. Ater-ater dak-
manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket utawa
tatarane luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara marang
uwong sing akrab ning tatarane langsung inggil.
Tuladha:
Dhik, dak-kon nginep ya? – Dhik, dakaturi nyipeng ya?
Mas Antok dak-wenehi rengginang. – Mas Antok adalem-caosi rengginang.
h) Ater-ater kok- diowahi krama inggil (panjenengan).
Tuladha:
kokpangan --- panjenengan dhahar
i) Ater-ater di- ora diowahi krama (dipun-), tetep ditulis di- .
Tuladha:
dituroni – disareni
diombe -- diunjuk
j) Panambang –e ora diowahi dadi krama (-ipun) ananging tetep –e.
Tuladha: klambine --- rasukane
Ana ing padinan padatan diowahi nganggo tembung ingkang (ingkeng--keng).
Tuladha:
anake --- ingkang-putra
adhine --- ingkang-rayi
kakange --- ingkang-raka
k) Panambang –mu, diowahi krama inggil (panjenengan).
Tuladha:
Rambutmu –- rikma panjenengan
Jarikmu --- sinjang panjenengan
Ana ing padinan padatan diowahi nganggo tembung ingkang (ingkeng--keng).
Tuladha:
anake --- putra-panjenengan (ingkang-putra)
adhine --- rayi-panjenengan (ingkang-rayi)
kakange --- raka-panjenengan (ingkang-raka)
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 13
l) Panambang –ku ana rong werna yaiku awujud –ku lan adalem. Panambang –
ku manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket utawa
tatarane luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara marang
uwong sing akrab ning tatarane luwih dhuwur.
Tuladha:
Adhimu nginep ing omahku. – Ingkang rayi nyipeng ing omahku.
Budhe wis mangkat menyang omahku. – Budhe sampun tindak dhateng
omah-adalem.
m) Camboran di-ake ora diowahi krama
Tuladha: ditukokake – dipundhutake
diwacakake -- diwaosake
n) Camboran kok-ake, ater-ater kok- diowahi krama inggil (panjenengan),
panambang –ake ora diowahi krama, tetep awujud –ake.
Tuladha:
Kokomongake --- panjenengan-sanjangake
o) Camboran dak-ne ana rong werna yaiku awujud dak-ne lan adalem. Camboran
dak-ne manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket
utawa statuse luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara
marang uwong sing akrab ning tatarane luwih dhuwur.
Tuladha:
Kakangmu daktukokne sate. – Ingkang raka dakpundhutne sate.
Pakdhe dakwenehi gule. – Pakdhe adalem-caosi gule.
p) Camboran dak-ane ana rong werna yaiku awujud dak-ne lan adalem.
Camboran dak-ane manawa kanggo micara karo wong sing nduweni
sesambungan raket utawa statuse luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa
kanggo micara marang uwong sing akrab ning tatarane luwih dhuwur.
Tuladha:
Klambimu dakkethokane. – Rasukan panjenengan dakkethokane.
Anake dakadusane. – Putrane adalem-siramane.
2. Proses Owahe Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 14
Kanggo ngrombak ngoko lugu dadi ngoko alus, perangan-perangan ukarane bisa
diowahi nggunakake tetembungan krama lan krama inggil. Supaya luwih
gamblang dakaturi maspadakake tuladha ing ngisor iki.
a. Jenange dipangan Mas Bima. (ngoko lugu)
Jenange didhahar Mas Bima. (ngoko alus)
b. Sing arep adus sapa dhisik? (ngoko lugu)
Sing arep siram sapa dhisik? (ngoko alus)
c. Mbak Rina teka wiwit esuk mau. (ngoko lugu)
Mbak Rina rawuh wiwit esuk mau. (ngoko alus)
d. Aku diwenehi pelem Pakdhe Sukat. (ngoko lugu)
Aku diparingi pelem Pakdhe Sukat. (ngoko alus)
e. Suryadi lunga menyang Batam sesasi suwene. (ngoko lugu)
Suryadi tindak menyang Batam sesasi suwene. (ngoko alus)
f. Budhe Bandi mulih saka blanja. (ngoko lugu)
Budhe Bandi kondur saka blanja. (ngoko alus)
g. Sambel bawang kuwi sing tuku neng warung kono. (ngoko lugu)
Sambel bawang kuwi sing mundhut neng warung kono. (ngoko alus)
h. Kowe arep mangan apa wae ana. (ngoko lugu)
Sliramu arep dhahar apa wae ana. (ngoko alus)
i. Lik Wardi diwenehi angsul-angsul. (ngoko lugu)
Lik Wardi dicaosi angsul-angsul. (ngoko alus)
Tuladha ukara-ukara ing dhuwur kuwi mau saka ngoko lugu diowahi dadi ngoko
alus. Tembung-tembung sing diowahi yaiku tembung kriya ngoko diowahi dadi
tembung kriya krama inggil. Tembung kriya sing kanggo awake dhewe diowahi
dadi krama, manawa kanggo wong liya diowahi dadi krama inggil. Tembung
sesulih ngoko lugu diowahi dadi tembung sesulih krama. Proses pangrombake
ngoko lugu dadi ngoko alus bisa dipirsani ana ing bagan ngisor iki.
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 15
Leksikon Ngoko
Sing arep adus sapa dhisik? Ngoko Lugu
Sing arep siram sapa dhisik? Ngoko Alus
Leksikon Leksikon
Krama Inggil Ngoko
Bagan 1. Tuladha Proses Pangrombaking Ngoko Lugu dadi Ngoko Alus
E. RANGKUMAN
Pangowahe wujud ngoko lugu dadi ngoko alus saka ngowahi tetembungan ngoko
sing awujud kriya, aran, lan sesulih ngoko lugu dadi ngoko alus. Sejene kuwi,
panambang lan camboran uga bisa diowahi.
F. TUGAS
Wacanen crita ing ngisor iki kanthi permati, banjur wangsulana pitakon-pitakone.
Timun Mas
Dhek jaman biyen ing salah sijining desa, ing desa kasebut ana Mbok Randha sing
urip dhewe ora ana putra utawa sedulur. Amarga urip dhewe Mbok Randha mau
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 16
kepengin kagungan putra. Saben dina Mbok Randha donga awan bengi ing ngarsane
Gusti Allah supaya diparingi putra. Dheweke yakin menawa penjaluke bakal dikabulake
dening Gusti Hyang Widhi Wasa. Mbok Randha, anggone donga awan bengi ing omahe
kuwi mau keprungu buta sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buta Ijo banjur nyeluk
Mbok Randha supaya metu saka omahe. Mbok Randha kaget ngerteni sana Buta Ijo ing
ngarep omahe.
Gambar 1. Prajanjen Mbok Randha lan Buta Ijo
(lumantar http://www.google.com//gambarttimunmas)
Buta Ijo ngomong menawa bisa nulungi menehi putra. Buta Ijo lan Mbok Randha
nganakake prajanjen. Mbok Randha bungah atine krungu kandhane Buta Ijo kuwi maul
an nyaguhi kabeh panjaluke Buta Ijo menawa diparingi putra tenan.
Penjaluke Buta Ijo yaiku menawa putrane Mbok Randha wis gedhe dijaluk arep
dipangan. Kekarone nyetujoni prajanjen mau, sabanjure Buta Ijo iku menehi wit timun
sing kudu ditandur Mbok Randha. Sawise Buta Ijo kuwi mau lunga, Mbok Randha
nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemati, disiram,
diresiki sukete, lan dirabuk supaya cepet thukul.
Sawise thukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis padha uwoh.
Ing antarane akehe who timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane
kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau
ana bayi sehat kang apik lan ayu rupane.
Mbok Randha bungah penggalihe amarga penjaluke kepengin kagungan putra wis
kaleksanan. Mbok Randha ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis
dikabulake. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga lair saka
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 17
timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun Mas. Sawise
Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha kelingan janjine karo Buta Ijo menawa arep
menehake Timun Mas. Mbok Randa dadi susah atine, rina wengi Mbok Randha donga
supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, Mbok Randha
ngimpi ketemu pertapa/resi ing Gunung Gandhul. Pertapa kuwi mau kang bisa nulungi
supaya Timun Mas ora dipangan Buta Ijo.
Esuke Mbok Randha tindak menyang Gunung Gandhul kaya impene. Sawise
ketemu karo pertapa/resi kaya ing impene, Mbok Randha disangoni buntelan kanggo
Timun Mas. Resi kuwi mau maringi pitutur piye carane supaya Timun Mas bisa oncat
saka bebaya ngadhepi Buta Ijo. Sawise ngucapake matur nuwun Mbok Randha pamitan
kondur.
Tekan omah Mbok Randha menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye
carane nggunakake. Mbok Randha ngutus Timun Mas lunga saka omah lan mlayu sak
cepet-cepete. Sawise iku Buta Ijo kanga rep njupuk Timun Mas teka ing omahe Mbok
Randha. Buta Ijo muntab ngerteni Timun Mas wis ora ana. Buta Ijo nesu lan ngamuk,
kebon sing ana ing cedhak omahe Mbok Randha dirusak lan bengaok-bengok ngoyak
playune Timun Mas.
Gambar 2. Timun Mas Dioyak Buta Ijo
(lumantar http://www.google.com//gambarttimunmas )
Amarga Buta Ijo jangkahe amba sedhela wae Timun Mas wis meh kasil koyak.
Timun Mas banjur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Wiji timun kang
diuncalake mau sanalika malih dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buta Ijo
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 18
mandheg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau sawarege nganti lali tujuan
utamane yaiku ngoyak Timun Mas. Nanging, sawise timune entek, Buta Ijo kelingan
menawa ngoyak Timun mas. Buta Ijo banjur ngoyak Timun Mas maneh sing wis mlayu
tekan adoh.
Amarga langkahe amba lan cepet playune, mula lagi sedhela wae Buta Ijo wis meh
kasil ngoyak Timun Mas. Buntelan sing isi dom kang digawa dening Timun Mas, terus
diuncalake marang Buta Ijo. Buntelan isi dom kang diuncalake Timun Mas kasebut
sedhela wae malih dadi alas pring. Alas pring mau ngalangi playune Buta Ijo. Nanging
sedhela wae alas pring mau kasil diliwati Buta Ijo, wusana bisa metu saka alas pring
mau.
Rumangsa wis meh kecekel Buta Ijo, Timun Mas banjur nguncalake buntelan
kang isih ana ing astane, yaiku isine uyah. Sawise dibalangake marang buta galak mau,
sanalika malih dadi segara kang amba lan jero. Buta Ijo kasil nglangi ing segara kuwi
mau lan tetep ngoyak Timun Mas kang ayu rupane. Wusana Buta Ijo kasil mentas saka
segara mau. Mangerteni kahanan kang kaya mangkene, Timun Mas isih kelingan yeng
ing astane isih ana buntelan siji kang durung dibalangake Buta Ijo. Wusana Timun Mas
kasil mbalangake buntelan kang pungkasan yaiku kang isine trasi.
Gambar 3. Buta Ijo Kleleb Ing Segara Lumpur
(lumantar http://www.google.com//gambarttimunmas )
Sanalika, buntelan kang isine trasi mau malih dadi segara lumpur kang jero
banget. Buta Ijo kecemplung ing segara lumpur mau lan kangelan mentas. Pungkasane
Buta Ijo kang ngoyak Timun Mas iku mati kleleb ing njero segara lumpur. Timun Mas
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 19
slamet lan urip tentrem karo Mbok Randha. Kapethik saka Crita Rakyat Nusantara
lumantar buku Marsudi Basa lan Sastra Jawa (Priyantono & Sawukir, 2015: 46-47).
Rembugen sakelompok kanggo mangsuli pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Tetembungan apa wae kang dadi titikane ngoko alus?
2. Kena ngapa crita Timun Mas iki diandharake nganggo ngoko alus?
3. Golekana tetembungan sing katulis durung trep!
4. Gawea sinopsis saka crita kasebut, banjur critakna meneh nganggo basa
panjenengan ananging jumbuh karo paugeran basa ngoko alus.
MATERI 3
PAUGERAN PAMILIHING UNGGAH-UNGGUH NGOKO ALUS
A. CAPAIAN PEMBELAJARAN MATA KEGIATAN
Mampu berkomunikasi dan menyampaikan ide dalam bahasa Jawa secara terampil,
baik lisan maupun tulis dengan menggunakan kosakata dan tata bahasa yang
sesuai dalam konteks resmi dan tidak resmi berdasarkan kaidah bahasa dan
unggah-ungguh bahasa Jawa yang tepat setara tingkat C (Standar Common
European Framwork of Reference for Languages).
B. SUB CAPAIAN PEMBELAJARAN MATA KEGIATAN
1. Bisa ngandharake paugeran pamilihing unggah-ungguh ngoko alus
2. Bisa nggawe tuladha pacelathon nggunakake basa ngoko alus
3. Bisa niteni pandhapuking tembung-tembung krama inggil camboran ing basa
ngoko alus
C. POKOK-POKOK MATERI
1. Paugeran pamilihing unggah-ungguh basa ngoko alus
2. Tuladha pacelathon basa ngoko alus
3. Pandhapuking tembung-tembung krama inggil camboran ing basa ngoko alus
D. URAIAN MATERI
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 20
1. Paugeran Pamilihing Unggah-Ungguh Basa Ngoko Alus
a) Kanggo micara marang uwong sing statuse padha, ananging kanthi rasa
urmat.
b) Kanggo micara marang uwong sing statuse luwih dhuwur, ananging nduweni
sesambungan sing rumaket.
c) Kanggo micara marang uwong sing statuse saperangan luwih dhuwur,
ananging saperangan luwih asor.
d) Kanggo ngrasani utawa ngomongake liyane sing statuse luwih dhuwur.
2. Tuladha Panganggone Basa Ngoko Alus
a) Micara Marang Uwong sing Statuse Padha
Gambar 4. Micara Marang Uwong Sing Statuse Padha
(lumantar http://www.google.com//gambardialog )
Pak Narya karo Bu Dian kanca sekantor, sawise rampung anggone makarya
arep padha mulih, padha takon-takonan dhisik.
Pak Narya
Bu Dian
:
:
“Bu, njenengan ngasta payung?”
“Ana neng cedhak meja.”
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 21
Pak Narya
Bu Dian
Pak Narya
Bu Dian
Pak Narya
Bu Dian
:
:
:
:
:
:
“Manawa ngono, dakampil sedhela wae ya.”
“Iya,njenengan asta wae ora apa-apa.”
“Lha njenengan mengko kejawahan?”
“Ora, aku ana serepe.”
“Oo..ya wis manawa ngono. Payunge tak gawa sik ya?”
“Iya, atos-atos dalane lunyu.”
Pak Narya lan Bu Dian minangka kanca kantor sing srawunge rumaket
ananging kanggo atur pakurmatan siji lan sijine nggunakake basa ngoko alus.
b) Micara Marang Uwong sing Statuse Luwih Dhuwur ananging Sesambungane
Raket Banget
Gambar 5. Micara Marang Wong Kang Statuse Dhuwur Ananging
Sesambungane Raket Banget (Lumantar http://www.google.com//dialog )
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 22
Sugeng micara marang Bapake. Sugeng nggunakake basa ngoko alus, dene
Bapak ngoko lugu.
Sugeng
Bapak
Sugeng
Bapak
Sugeng
Bapak
Sugeng
Bapak
Sugeng
Bapak
Sugeng
Bapak
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
“Perkutute Bapak, mungele apik. Pundhutan pira
pak?”
“Murah kok Le, mung rongatus ewu”
“Lha pakane napa niku Pak?”
“Iki mayar, diwenehi pakan ketan ireng dicampuri
kuningan ndhog pitik telung dina pisan.”
“Wah mayar niku pak.”
“Nanging saben esuk njaluk didhedhe ben ora
nyekukruk.”
“Kopine njenengan dakcawisake meja Pak.”
“Ya Le nuwun. Tulung matur Ibumu, aja kelalen
gedhang godhoke.”
“Saweg digodhok Pak. Dina Rebo panjenengan
entuk sedhahan saka Pak Lurah.”
“Babagan apa ya Le?”
“Panjenengan diaturi Pak Lurah maringi
pengarahan kesehatan mapan ing Bale Desa.”
“Oo..ya Le, nuwun.”
c) Micara Marang Uwong sing Statuse Saperangan Luwih Dhuwur, ananging
Saperangan Meneh Luwih Asor
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 23
Gambar 6. Micara Marang Uwong sing Statuse Saperangan Luwih Dhuwur
lan utawa Luwih Asor (Lumantar http://www.google.com//gambardialog )
Lik Bambang micara karo Arsenio, sanadyan ponakane luwih enom ananging
ana ing kantor Arsenio kuwi minangka pimpinan.
Lik Bambang
Arsenio
Lik Bambang
Arsenio
Lik Bambang
Arsenio
Lik Bambang
Arsenio
Lik Bambang
Arsenio
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
“Piye kabare Nak Arsen, arep ana dhawuh apa iki?”
“Alhamdulillah sae Lik. Boten kok Lik namung
badhe silaturahmi mawon.”
“Kepriye, garwa putra rak padha sugeng ta?”
“Alhamdulillah, sami wilujeng Lik.”
“Lha kadingaren dolan mrene? Iki mau saka omah
apa saka tindak ngendi?”
“Mangke sekaliyan badhe tuwi Pakdhe Santosa
ingkang gerah.”
“Gerah apa Pakdhemu?”
“Mustakanipun vertigo, Lik.”
“Manawa ngono, mengko aku tak melu ya.”
“Nggih, manga Lik.”
d) Ngrasani utawa Ngomongake Liyan sing Statuse Luwih Dhuwur
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 24
Gambar 7. Ngrasani utawa Ngomongake Liyan sing Statuse Luwih Dhhuwur
(Lumantar http://www.google.com//gambardialog )
Ani karo Tutik lagi ngomongake Ibune sing dinas menyang luar kota.
Ani
Tutik
Ani
Tutik
Ani
Tutik
Ani
:
:
:
:
:
:
:
“Kira-kira Ibu kondur dina apa ya Tik?”
“Ngendikane Ibu wingi, arep kondur mbesuk Setu Mbak.”
“Ngasta oleh-oleh apa ya?”
“Menawa Yogja padatane bakpia, Mbak.”
“Oo iya, Ibu rak kagungan lengganan toko oleh-oleh bakpia
pathok sacedhake Prambanan.”
“Mesthine mundhute ya neng kono, Mbak.”
“Muga-muga wae ya Ibu ora kesupen mundhut oleh-oleh.”
supaya luwih cetha, dakaturi mirsani tuladha pacelathon lan tuladha tetembungan ing
basa ngoko alus ana ing URL iki:
hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//11eeooIIKKrrSSaaEEiiYY ccoonnttoohh iibbuu&& aannaakk
hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//ss99ppttEEYYjj__RROOQQ kkoossaakkaattaa nnggookkoo--kkrraammaa
hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//hhnnbbZZaa--nn22XXNN88 kkoossaakkaattaa nnggookkoo--kkrraammaa
hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//IIssOOZZIIddll88rr__kk kkoossaakkaattaa nnggookkoo--kkrraammaa
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 25
3. Pandhapuking Tembung-Tembung Krama Inggil Camboran Ing Basa
Ngoko Alus
Tabel 3. Pandhapuking Tembung-Tembung Krama Inggil Camboran ing Basa
Ngoko Alus (lumantar Harjawijana & Supriya, 2009: 64-69)
Rimbag Tembung
Lingga
No. Tembung
Andhahan
Tembung Ngoko/
Katrangan
a: N-
a: kok-
a: kok
a: kok
suwun ngampil
pundhut ngampil
suwun priksa
pundhut priksa
suwun ngampil
pundhut ngampil
paring priksa
1
2
3
4
5
6
7
nyuwun ngampil
mundhut ngampil
nyuwun priksa
mundhut priksa
panjenengan-suwun
ngampil
panjenengan-
pundhut ngampil
panjenengan-paring
priksa
mi nyilih
ma nyilih
mi takon
ma takon
mi- silihen
ma
mi- silihen
ma
mi- kandhaa/aweha ma
weruh
c: kok-N
c: kok-N
c: kok-N
c: kok-N
suwun ngampil
pundhut ngampil
suwun priksa
pundhut priksa
8
9
10
11
panjenengan-nyuwun
ngampil
panjenengan-
mundhut ngampil
panjenengan–
nyuwun priksa
panjenengan-
mundhut priksa
mi- nyiliha
mi
mi- nyiliha
ma
mi- takona
mi
mi- takona
ma
c: N-i
c: di-i
c: kok-i
c: kok-N-i
suwun ngampil
12
13
14
15
nyuwuni ngampil
disuwuni ngampil
panjenengan-suwuni
ngampil
panjenengan-
mi nyilihi (bola-bali nyilih)
mi disilihi (dijaluki silihan)
mi- silihana (jaluk-ana
silihan)
mi- nyilihana (nja-lukana
silihan bola-bali)
mi daksilihi (dak- jaluki
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 26
c: dak-i
c: dak-N-i
16
17
nyuwuni ngampil
daksuwuni ngampil
daknyuwuni ngampil
silihan)
mi daknyilihi (dak- nyilih
bola-bali)
c: N-i
c: di-i
c: kok-i
c: kok-N-i
c: dak-i
c: dak-N-i
caos ngampil
18
19
20
21
22
23
nyaosi ngampil
dicaosi ngampil
panjenengan-caosi
ngampil
panjenengan-nyaosi
ngampil
dakcaosi ngampil
daknyaosi ngampil
mi nyilihi (menehi silihan)
mi disilihi (diwenehi
silihan)
mi- silihana
mi
mi- nyilihana
mi
mi daksilihi (dak- wenehi
silihan)
mi daknyilihi (dak menehi
silihan)
c: N-i
c: di-i
c: kok-i
c: kok-N-i
c: dak-i
c: dak-N-i
pundhut mgampil 24
25
26
27
28
29
mundhuti ngampil
dipundhuti ngampil
panjenengan
pundhuti ngampil
panjenengan-
mundhuti ngampil
dakpundhuti ngampil
dakmundhuti
ngampil
ma nyilihi (bola-bali nyilih)
ma disilihi (dijaluki silihan)
mi- silihana
ma (jalukana silihan)
mi- nyilihana (njiliha
ma bola-bali)
ma daksilihi (dak-jaluki
silihan)
ma daknyilihi (dak-nyilih
bola-bali)
c: N-i
c: di-i
paring ngampil
30
31
maringi ngampil
diparingi ngampil
ma nyilihi (menehi silihan)
ma disilihi (diwenehi
silihan)
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 27
c: kok-i
c: kok-N-i
c: dak-i
c: dak-N-i
32
33
34
35
panjenengan-paringi
ngampil
panjenengan-maringi
ngampil
dakparingi-ngampil
dakmaringi-ngampil
mi- silihana (weneh- ma
ana silihan)
mi- nyilihana
ma (menehana silihan)
ma daksilihi (dakwenehi
silihan)
ma daknyilihi (dakmenehi
silihan)
c: N-ake
c: di-ake
c: kok-ake
c: kok-N- ake
c: dak-ake
c: dak-N-ake
c: dak-e
c: dak-ne
c: dak-ane
suwun ngampil
36
37
38
39
40
41
42
43
44
nyuwunake ngampil
disuwunake ngampil
panjenengan-
suwunake ngampil
panjenengan-
nyuwun- ake
ngampil
daksuwunake
ngampil
daknyuwunake
ngampil
daksuwune ngampil
daksuwunne ngampil
daksuwunane
ngampil
mi
mi
mi
mi
mi-
mi
mi
mi
mi
mi
mi
nyilihake/ njalukake
silihan
disilihake/ dijalukake
silihan
silihna (golekna
silihan)
nyilihna (nggolek-na
silihan)
daksilihake/
dakjalukake silihan
daknyilihake/
daknjalukake silihan
daksilihe
daksilihne/dakjalukne
silihan
daksilihane
(dakjalukane silihan)
c: N-ake
c: di-ake
c: kok-ake
caos ngampil
45
46
47
nyaosake ngampil
dicaosake ngampil
panjenengan-caosake
panjenengan-
mi
mi
mi-
mi
nyilihake/ menehake
silihan
disilihake/ silihan
diwenehake
silihna
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 28
c: kok-N-ake
c: dak-ake
c: dak-N-ake
c: dak-ne
c: dak-ane
48
49
50
51
52
nyaosake ngampil
dakcaosake ngampil
daknyaosake
ngampil
dakcaosane ngampil
dakcaosane ngampil
mi
mi
mi
mi
mi
nyilihna
daksilihake/ silihan
dakwenehake
daknyilihake/
dakmenehake silihan
daksilihne
daksilihane (dak-
wenehane silihan)
c: N-ake
c: di-ake
c: kok-ake
c: kok-N-ake
c: dak-ake
c: dak-N-ake
c: dak-e
c: dak-ne
c: dak-ane
pundhut ngampil 53
54
55
56
57
58
59
60
61
mundhutake ngampil
dipundhutake
ngampil
panjenengan-
pundhutake ngampil
panjenengan-
mundhutake ngampil
dakpundhutake
ngampil
dakmundhutake
ngampil
dakpundhute
ngampil
dakpundhutne
ngampil
dakpundhutane
ma
ma
mi-
ma
mi-
ma
ma
ma
ma
ma
ma
nyilihake (njalukake
silihan)
disilihake (dijalukake
silihan)
silihna (jalukna
silihan)
nyilihna (njalukna
silihan)
daksilihake
(dakjalukake silihan)
daknyilihake
(daknjalukake silihan)
daksilihe
daksilihne (dakjalukne
silihan)
daksilihane
(dakjalukane silihan)
c: N-ake
c: di-ake
c: kok-ake
paring ngampil 62
63
64
maringake ngampil
diparingake ngampil
panjenengan-
ma
ma
mi-
nyilihake (menehake
silihan)
disilihake (silihan
diwenehake)
silihna (wenehana
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 29
c: dak-ake
c: dak-ake
c: dak-N-ake
c: dak-ne
c: dak-ane
65
66
67
68
69
paringake ngampil
panjenengan-
maringake ngampil
dakparingake
ngampil
dakmaringake
ngampil
dakparingne ngampil
dakparingane
ngampil
ma
mi-
ma
ma
ma
ma
ma
silihan)
nyilihna (menehna
silihan)
daksilihake (silihan
dakwenehake)
daknyilihake
(dakmenehake silihan)
daksilihne (sing disilih
dakwenehne)
daksilihane
(dakwenehane silihan)
c: N-i
c: di-i
c: kok-i
c: kok-N-i
c: dak-i
c: dak-N-i
suwun priksa 70
71
72
73
74
75
nyuwun priksa
disuwuni priksa
panjenengan-suwuni
priksa
panjenengan-
nyuwuni priksa
daksuwuni priksa
daknyuwuni priksa
mi
mi
mi-
mi
mi-
mi
mi
mi
bola-bali takon
ditakoni
takonana
nakonana (nakoni
bola-bali)
daktakoni
daknakoni (dakbola-
bali takon)
c: N-i
c: di-i
c: kok-i
c: kok-N-i
c: dak-i
c: dak-N-i
atur priksa 76
77
78
79
80
81
ngaturi priksa
diaturi priksa
panjenengan-aturi
priksa
panjenengan-ngaturi
priksa
dakaturi priksa
dakngaturi priksa
mi
mi
mi-
mi
mi-
ma
mi
mi
ngandhani (menehi
weruh)
dikandhani (diwenehi
weruh)
kandhanana (wenehana
weruh)
ngandhanana
(menehana weruh)
dakkandhani
dakngandhani
c: N-i pundhut priksa 82 mundhuti priksa ma nakoni (bola-bali
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 30
c: di-i
c: kok-i
c: kok-N-i
c: dak-i
c: dak-N-i
83
84
85
86
87
dipundhuti priksa
panjenengan-
pundhuti priksa
panjenengan-
mundhuti priksa
dakpundhuti priksa
dakmundhuti priksa
ma
mi-
ma
mi-
ma
ma
ma
takon)
ditakoni
takonana
nakonana
daktakoni
daknakoni
c: N-i
c: di-i
c: kok-i
c: kok-N-i
c: dak-i
c: dak-N-i
paring priksa 88
89
90
91
92
93
maringi priksa
diparingi priksa
panjenengan-paringi
priksa
panjenengan-maringi
priksa
dakparingi priksa
dakmaringi priksa
ma
ma
mi-
ma
mi-
ma
ma
ma
ngandhani (menehi
weruh)
dikandhani (diwenehi
weruh)
kandhanana (wenehana
weruh)
ngandhanana
(menehana weruh)
dakkandhani
(dakwenehi weruh)
dakngandhani
(dakmenehi weruh)
c: N-ake
c: di-ake
c: kok-ake
c: kok-N-ake
c: dak-ake
c: dak-N-ake
c: dak-ne
c: dak-ane
suwun priksa 94
95
96
97
98
99
100
101
nyuwunake priksa
disuwunake priksa
panjenengan-
suwunake priksa
panjenengan-
nyuwunake priksa
daksuwunake priksa
daknyuwunake
priksa
daksuwun-ne priksa
daksuwunane priksa
mi
mi
mi-
mi
mi-
mi
mi
mi
mi
mi
nakokake
ditakokake
takokna
nakokna
daktakokake
daknakokake
daktakokne
daktakonane
c: N-ake atur priksa 102 ngaturake priksa mi ngandhakake
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 31
c: di-ake
c: kok-ake
c: kok-N-ake
c: dak-ake
c: dak-N-ake
c: dak-ne
c: dak-ane
103
104
105
106
107
108
109
diaturake priksa
panjenengan-aturake
priksa
panjenengan-
ngaturake priksa
dakaturake priksa
dakngaturake priksa
dakaturne priksa
dakaturane priksa
mi
mi-
mi
mi-
mi
mi
mi
mi
mi
dikandhakake
kandhakna
ngandhakna
dakkandhakake
dakngandhakake
dakkandhane
dakkandhanane
c: N-ake
c: di-ake
c: kok-ake
c: kok-N-ake
c: dak-ake
c: dak-N-ake
c: dak-ne
c: dak-ane
pundhut priksa 110
111
112
113
114
115
116
117
mundhutake priksa
dipundhutake priksa
panjenengan-
pundhutake priksa
panjenengan-
mundhutake priksa
dakpundhutake
priksa
dakmundhutake
priksa
dakpundhutne priksa
dakpundhutane
priksa
ma
ma
mi-
ma
mi-
ma
ma
ma
ma
ma
nakokake
ditukokake
takokna
nakokna
daktakokake
daknakokake
daktakokne
daktakonane
c: N-ake
c: di-ake
c: kok-ake
c: kok-N-ake
c: dak-ake
c: dak-N-ake
paring priksa 118
119
120
121
122
123
maringake priksa
diparingake priksa
panjenengan-
paringake priksa
panjenengan-
maringake priksa
dakparingake priksa
dakmaringake
ma
ma
ma-
ma
ma
ma
ma
ngandhakake (menehi
weruh)
dikandhakake
(diwenehi weruh)
kandhakna
ngandhakna
dakkandhakake
dakngandhakake
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 32
c: dak-ne
c: dak-ane
124
125
dakparingne priksa
dakparingane priksa
ma
ma
dakkandhakne
dakkandhanane
Katrangan cekakan-cekakan ing Tabel:
a: ater-ater (prefiks)
c: camboran (konfiks)
N: ater-ater nasal (hanuswara/bunyi sengau; n, ny, m, ng)
mi: minggah, ma: mandhap
tuladha: no. 9 = panjenengan mundhut ngampil
panjenengan (mi)
mundhut ngampil (ma)
no.21 = panjenengan-nyaosi ngampil
panjenengan (mi)
nyaosi ngampil (mi)
E. RANGKUMAN
Paugeran pamilihing unggah-ungguh basa ngoko alus ana papat yaiku: micara
marang uwong sing statuse padha; micara marang uwong sing statuse luwih dhuwur
ananging sesambungane raket banget; micara marang uwong sing statuse
saperangan luwih dhuwur, ananging saperangan meneh luwih asor; lan ngrasani
utawa ngomongake liyan sing statuse luwih dhuwur.
[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-2 BASA NGOKO ALUS]
| Kenfitria Diah Wijayanti, S.S., M.Hum. 33
DAFTAR PUSTAKA
Harjawiyana dan Supriya. 2009a. Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta:
Kanisius .
____________________. 2009b. Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Kanisius
.
Kridalaksana, Harimurti. 2011. Kamus Linguistik Edisi ke Empat. Jakarta: PT. Gramedia
Pustaka Utama.
Poedjasoedarma, Soepomo, dkk. 1979. Tingkat Tutur Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat
Pembinaan dan Pengembangan Bahasa, Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
Priyantono dan Sawukir. 2015. Marsudi Basal an Sastra Jawa: Piwulang Basa Jawa
Muatan Lokal Wajib Jawa Tengah. Jakarta: Erlangga.
Sasangka, Sri Satriya Tjatur Wisnu. 2007. Unggah-ungguh Basa Jawa. Jakarta:
Yayasan Paramalingua.
Setiawan, Heri. 2015. Mumpuni Basa Jawi. Surakarta: PT. Tiga Serangkai.
Sulaksono, Djoko. 2016. Serbaneka Bahasa Jawa. Surakarta: Cakra Books.
Sulaksono, Djoko, dkk. 2017. Basa Jawa: Ngoko Lugu, Ngoko Alus, Krama Lugu, lan
Krama Alus. Surakarta: CV. Djiwa Amarta.
Wedhawati, 2001. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Jakarta: Pusat Bahasa.
Yatmana, Sudi. 2012. Kabeh Bisa Basa Jawa. Semarang: Yudhistira.