Upload
nguyenngoc
View
300
Download
0
Embed Size (px)
Citation preview
Imam Aspuri Kumpulan Crita Basa Jawa:
Widuri “Pantai Cinta”ne
Pemalang Penerbit:
Tenar Media
*** Widuri ‘Pantai Cinta’ne Pemalang
Oleh: Imam Aspuri
Copyright © 2011 by Imam Aspuri Penerbit
Tenar Media Email :
Desain Sampul:
IMAS MEDIA
Diterbitkan melalui:
www.nulisbuku.com
2
Sekapur Sirih
Ing saparan-paran tlatah padha nguwatirake, utamane ing njaba
Pulo Jawa, anane ancaman basa dhaerahe kang arep ilang utawa punah.
Mung 10% wae kang bisa bertahan, penyebabe basa kuwi sansaya
arang digunakake.
Kepala Pusat Penelitian Kemasyarakatan dan Kebudayaan (PMB)
LIPI Drs. Abdul Rachman Patji M.A ing Jakarta, Jumat (16/11/2011)
ngungkapake marang detik.com, faktor kang mempengaruhi kepunahan
bahasa yaiku faktor urbanisasi lan perkawinan antar etnis.
Nanging penyebab utama kepunahan basa uga merga para wong tua
ora mulangake marang anak-anake lan uga ora secara aktif nggunakake
ing omah utawa jroning maneka ranah kumunikasi.
Kanthi mengkono, mbokmenawa Buku Kumpulan Crita Basa Jawa
Widuri “Pantai Cinta”ne Pemalang iki minangka pepeling anane
ancaman ngenani basa dhaerah kang sansaya punah, ora ketang mung
sethitihik thok. Paling ora, uga bisa kanggo ndorong wacan ing sekolah
apadene ing ngomah?
Buku Widuri “Pantai Cinta”ne Pemalang iki mujudake buku
sepisan saka telu buku. Buku liyane kanthi irah-irah Jambemas,
Mulang, Muruk, & Nglipur! minangka buku kapindho, lan buku
Kumpulan Cerita Bahasa Jawa kaphing telune yaiku Gigih Linuwih
Niti Prestasi.
Buku kang saperangan gedhe wis dipublikasikake utawa dimot ana
ing media massa basa Jawa, mligine akeh dimot ing Majalah Basa Jawa
PS, lan ora sethithik uga kang dimot ing Majalah JB iki mugi-mugi ana
manfaate kanggo pamios.
Najan mengkono, penulis uga pitados buku Kumpulan Cerita Basa
Jawa Widuri “Pantai Cinta”ne Pemalang iki esih adoh saka
sempurna. Mula kritik lan saran kang mbinangun tetep dadi pangarep
saka pamios.
Nuwun.
Penulis
3
KANGGO sebagian wong papan-papan tinamtu
dipitaya nduweni keluwihan. Kaya dene papan pesi-
sir Widuri ing Kelurahan Widuri Kec. Pemalang Kab.
Pemalang, Jateng, iki
dipitaya sapa wae, pa-
wongan kang mentas
mantenan mara teka
mrono jejodohane bakal
langgeng.
Kaya dene lagu
“Widuri” karyane Adri-
adi komponis asal Semarang ing nduwur kuwi, sing
jare kepencut kaendahane obyek wisata Pesisir
Widuri iku, lagu iku nate kondhang seantero
Nusantara nalika tahun 1970-an. Lan kabare lagu iku
wis diterjemahake ing
basa Inggris lan Man-
darin. Iramane sing me-
lankolis, pancen gam-
pang nimbulake kena-
ngan manis. Ora eram,
menawa komponis Adri-
4
adi nggone nyipta irah-irah lagu iki diilhami dening
obyek wisata Pesisir Widuri. Yen kita “mbedah”
isine lagu kasebut, rada ana mempere karo asal
aran/jeneng papan rekreasi sing siji iki. Widuri,
jeneng sawijine wanita ayu lan isih enom dadi
kawigatene nom-noman.
Nanging Widuri tetep karo „pendirian‟e, mujudake
wong wadon sing wis nduwe lanang. Esem oleh
kanggo sapa wae, nanging kesetiaane marang bojo
kudu dijaga. Kaya dene njero lagu iku, “... lalu eng-
kau tersenyum, tak tahu apakah arti senyum-mu....?”
Ana dene “terkonspirasi” karo babagan lagu lan
arti setiane sawijining bojo, katone tekan saiki
diyakini bener, utamane dening pasangan nganten
anyar. Akeh sing ngandel, kanthi teka ing Pesisir
5
Widuri karo ngumbah tangan lan sikil, kanggo
pasangan manten sing isih nganggo sandangan
„kebesaran‟e sawise nglaksanakake ijab-kobul, bakal
awet enom sarta rukun nganti kaki-nini.
Mula nalika wulan-wulan musin manten, ing Pe-
sisir Widuri kerep ditemoni iring-iringan manten
numpak dokar utawa andhong. Para manten anyar
kuwi ora nadya bungah-bungah „berbulan madu‟,
ananging kanggo netepi piandel sing esih kuwat di-
yakini dening masyarakat Pemalang lan sekitare.
Piandel (kepercayaan) kasebut, ana gandheng
cenenge karo legenda sing nduweni gegayutan bab
kawasan iku. Miturut legenda yaiku hikmah
kesetiaane Nyai Widuri, bojo sawijining Abdi Dalem
Sultan Agung Hanyakrakusuma saka Kerajaan
Mataram sing daleme ing Pesisir kono.
Wektu kedaden „Geger Pemalang‟ yakuwi nalika
dhaerah Pemalang diserang dening Selingsingan saka
Cirebon, Sultan Agung ngirim Pangeran Purbaya
kanggo mbiyantu abdi dalem ing kono ngusir para
6
perusuh iku. Najan ngalami tatu, nanging Pangeran
Purbaya menang ing peperangane.
Merga tatu-tatu Pangeran Purbaya diopeni (dira-
wat) dening Nyai Widuri, wadon ayu lan elok sing
esih enom kuwi. Bab iku sing ndadekake butarepane
sing lanang, sing luwih tuwa umure. Nanging Nyai
Widuri bisa njaga „kesetiaan‟e dheweke, kanthi bukti
natoni driji manise.
Getih sing netes ing tanduran Widuri banjur
„disabda‟ yen mengko warnane kembang Widuri pu-
tih, pancen dheweke ora putih kesuciane maneh, na-
nging yen mengko malih dadi ungu nom kebiru-
biruan wernane, tandha yen ngluwihi donya iki.
Lan... jebule; kembang Widuri sing thukul kem-
bange ungu nom kebiru-biruan. Mula, abdi dalem
mau yakin karo kesetiaane lan kesuciane bojone.
Sakloron urip rukun, ibarate ‘mimi lan mintuna’
nganti ‘kaki-nini’.
Mula kuwi para manten sing plesiran ing Widuri
saiki, uga ngarep-arep berkah supaya bisa tetep setia
padha-padha katresnane anggone omah-omah nganti
rajapati utawa langgeng anggone jejodhoan.
Ana uga sing nerjemahake kanggo ndhedher ka-
tresnan, utamane kanggo kaum mudha. Merga kuwi,
ing papan rekreasi kono kerep katon pemandhangan
pasangan mudha-mudhi lagi sih-sihan atawa pacaran.
Apa maneh dina Minggu, rame lan romantise.
Mula ya ora muluk-muluk, yen Pesisir Widuri ku-
wi uga dijenengi “Pantai Cinta”ne Pemalang. ***
Dimuat ing Panjebar Semangat, No. 28/2005.
7
Jembatan batu di sebelahku
Diam
Pancuran bambu kecil
Memercikkan air
Menghempas di atas batu hitam
Merintih menikam sepi pagi...
Tembange Ebiet G Ade sing
mung satugel ing dhuwur iku
ngelingake kita ngenani
sawijining desa ing Kab. Pekalongan, Jawa Tengah,
8
yaiku Lolong. Tem-bang
kasebut digawe dening
“pencipta lagu” iya penyair,
kanthi irah-irahan “Lolong”,
jeneng sawijining desa klebu
tlatah ing Kec. Karangayar
Kab. Pekalongn. Tembang sing
sabenere geguritan kuwi
digawe taun 1976, kaya dene
cathetan sing kapacak ing
samak
album Camellia III ing
pungkasan geguritan Lolong
mau: Pekalongan, 1976.
Tembang-tembange Ebiet G
Ade ing sakiter taun 1970-an
kondhang banget. Penyair asal
Wonodadi-Banjarnegara iku,
saben ngetokake album tansah
dadi
populer.
Temban
g-tembang kaya dene irah-
irahan Lagu Untuk Sebuah
Nama (Camellia I), malah
tembang Berita Kepada
Kawan (Camellia 2) banget
populere.
Ora beda karo album-album
sadurunge, ing Camellia III
iki saliyane tembang Elegi
9
Esok Pagi, ora kalah kondhange tembang Lo-long.
Kejaba syaire melankolis, tur manis, keluwihan
liyane tembang iki diswarakake dening Ebiet kanthi
iringan gitar thok. Merga tembang iki, Desa Lolong
dadi luwih kondhang minangka papan wisata. Mula
ora aneh, banjur akeh wong sing nekani kanthi
gemrudug padha plesiran, kepengin weruh papan sing
kaya ditembangake dening Ebiet, utamane anane
kreteg watu sing keprungu aneh mau. Pancen kreteg
iku ana kanthi alami, dudu gaweyane manungsa?
Mbuh kanthi njarag apadene secara kebeneran,
penyanyi sekaliber Ebiet G Ade iku teka ing papan
sawjining desa ing Kab. Pekalongan mau. Penyair
sing kondhang kulina „semedi‟ ing Ngayogyakarta
kanggo golek ilhame sing sateruse ing kutha bathik
iki uga kasil nyiptakake tembang Zapin (album
10
Camellia 4) kuwi pancen ora salah milih papan Lo-
long kango irah-irahan tembange. Prayata wangsit
sing katampa sumunar, lan sumebar ana ing ngendi-
endi. Ora beda karo kanyatan kahanan ing sejatine
ing desa Lolong sing nengsemake.
Desa sing ana ing ereng-erenge gumuk iku pancen
seger lan asri. Kiwa tengene dalan dikebaki tanduran
ijo royo-royo, kaya sing digambarake dening Ebiet,
pucuk-pucuk cemara sing tansah obah, sajake kaya
irama jogedan duwe kekuwatan gaib...................
Sugeng nerusake maos buku menika teng sanes kahanan..... ?!!