23
MAKALAH BASA JAWI PIWULANG KASUSASTRAN JAWI BABAGAN “SANEPA” ING PAWIYATAN DASAR Ditata kangge ngganepi tugas mata kuliah Basa Jawi Dosen Pengampu: Rohmatullaili Salamah, S.Pd. Dening: RIZKA DIANA KAPRIATI A510100212

Makalah Pembelajaran B. Jawa

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Makalah Pembelajaran B. Jawa

MAKALAH BASA JAWI

PIWULANG KASUSASTRAN JAWI

BABAGAN “SANEPA”

ING PAWIYATAN DASAR

Ditata kangge ngganepi tugas mata kuliah Basa Jawi

Dosen Pengampu: Rohmatullaili Salamah, S.Pd.

Dening:

RIZKA DIANA KAPRIATI

A510100212

PROGRAM STUDI S1

PIWULANG DWIJA PAWIYATAN DASAR

FAKULTAS KEGURUAN LAN ILMU PENDIDIKAN

UNIVERSITAS MUHAMADIYAH SURAKARTA

2012

Page 2: Makalah Pembelajaran B. Jawa

PURWAKANING ATUR

Assalamu’alaikum Wr., Wb.

Muji syukur Alhamdulillah dateng Dzat ingkang Maha Murah, ingkang

paring taufiq lan hidayah, Allah SWT, amargi kanthi rahmatipun, kula saged

ngrampungaken makalah pembelajaran Basa Jawi punika.

Ing susunan makalah punika, kula sadar menawi tasih kathah kirangipun ing

teknis panulisanipun lan materinipun, pramila kula ngarepaken kritik lan saran

saking sekabehanipun pihak supados makalah punika saged langkung sae.

Ing panulisan makalah punika, matur suwun sanget dhumateng:

1. Drs. Saring Marsudi, selaku kaprodi PGSD,

2. Ibu Romatullaili Salamah selaku dosen mata kuliah Basa Jawi, ingkang

sampun mbimbing panyusunan makalah punika.

3. Keluarga kula ingkang kila tresnani lan kanca-kanca ingkang sampun

maringi arahan sarta pangerten marang kula,

4. Sedaya pihak ingkang boten saged kula sebataken naminipun setunggal-

setunggal, ingkang paring pitulungan ing panulisan makalah punika.

Mugi-mugi Allah paring pahala marang sekabehanipun pihak ingkang

sampun paring bimbingan, lan saged ndadosaken bimbingan menika kagem

ngibadah, Amiin Yaa Robbal ‘Alamiin.

Surakarta, Juni 2012

Penulis

ii

Page 3: Makalah Pembelajaran B. Jawa

ISINIPUN BUKU

HALAMAN JUDUL.................................................................................................i

PURWAKANING ATUR.......................................................................................ii

ISINIPUN BUKU...................................................................................................iii

BAB I PURWAKA BASA

A. Wawandaning Perkawis................................................................................1

B. Momoting Perkawis.......................................................................................2

C. Ancasing Perkawis........................................................................................2

BAB II SURASA BASA

A. Kasusastran Jawi...........................................................................................3

B. Piwulang Sanepa ing Pawiyatan Dasar.........................................................4

BAB III WASANA BASA......................................................................................8

KAPUSTAKAN

LAMPIRAN

iii

Page 4: Makalah Pembelajaran B. Jawa

BAB I

PURWAKA BASA

A. Wawandaning Perkawis

Sakmenika basa Jawi kapetang basa ingkang lumayan kathah dipunengge

dening warga Indonesia, uga warga Jawi piyambak. Kawontenan menika

kedah dipunjagi lan, menawi saget, derajat ingkang sampun dipungayuh

menika dipunjunjung langkung inggil malih. Kathahing panganggep bilih

para wiranom (generasi muda) basa Jawinipun risak, kaco, ngawur lan

kathah sebutan sanesipun.

Basa Jawi menika kedah dipun langgengaken. Menawi saget, malah

dipuninggilaken. Boten wonten ingkang langkung rumaos remen ing

penggalih kejawi tiang Jawi minangka warga tlatah asal mulanipun basa

kasebat mbok menawi teng satunggaling mangsa mangke basa Jawi saget

jaya ing jagad raya.

Kangge nanggulangi bab menika, kita calon guru perlu ningkataken

wawasan lan kaprigelanipun ing nyinaoni basa Jawi supados saged

mbimbing siswa-siswa kanthi sae, supados saged nglestarikake lan

ngrembaka ing basa lan budaya Jawi.

Saderengipun damel cagak temtu masang pondasi langkung rumiyin.

Menawi pondhasinipun kukuh lan bakuh, temtu cagak dalah sedaya

wewangunan wau saget ngadeg jejeg kukuh lan santosa. Pondhasi tumrap

ngrembaka lan lestarining Basa Jawi inggih menika pamulangan Basa Jawi

ingkang leres. Kangge nglaksanakaken pamulangan Basa Jawi ingkang

leres, kita selaku calon guru ing pawiyatan dasar, ingkang samangke ugi

mucal Basa Jawi kedah mangertos pripun piwulang Basa Jawi ingkang

leres.

Salah setunggaling materi Basa Jawi ing pawiyatan dhasar inggih menika

bab Kasusastran Jawi. Mucal kasusastran Jawi ing pawiyatan dhasar kalebet

1

Page 5: Makalah Pembelajaran B. Jawa

tasih angel, amargi cacahipun kasusastran Jawi kathah sanget, lan siswa-

siswa SD dereng saged mbentenaken kanthi leres.

Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken perkawis Piwulangan

Kasusastran Jawi, ngenani bab Sanepa. Babagan sanepa minangka salah

setunggalipun kasusastran Jawi miturut kula saged kagem tuladha

piwulangan Kasusastran Jawi ing pawiyatan dasar. Kanthi panulisan

makalah ngenani piwulangan kasusastran Jawi ing pawiyatan dhasar menika

saged ndadosaken kita, mahasiswa PGSD, calon guru SD, boten kagok lan

bingung menawi mucal wonten SD mangke.

B. Momoting Perkawis

Miturut wawandaning perkawis ing nginggil wahu, pramila saged

dipunaturaken momoting perkawis inggih menika:

1. Punapa ingkang kasebat Kasusastran Jawi punika?

2. Pripun piwulang Sanepa ingkang saged diginakaken wonten

Pawiyatan Dasar?

C. Ancasing Perkawis

Miturut momoting perkawis ingkang samput kasebat ing inggil, saged

dipunaturaken ancasing perkawis inggih menika:

1. Kangge mangertosi punapa ingkang kasebat Kasusastran Jawi,

2. Kangge mangertosi piwulang Sanepa ingkang saged diginakaken

wonten Pawiyatan Dasar.

2

Page 6: Makalah Pembelajaran B. Jawa

BAB II

SURASA BASA

A. Kasusastran Jawi

Tembung Kasusastran dumadi saking (ater-ater) ka – susastra – an

(panambang); tembung susastra, dumadi saking tembung su + sastra.

Tembung sastra dumadi saking wod sas- tegesipun mulang, ngajar,

ngandhani, utawi nggulawentah. Imbuhan –tra tegesipun piranti, alat, utawi

sarana. Tembung sastra saking tembung Jawi kina çastra tegesipun hukum

utawi pranatan; ing Jawi enggal tembung sastra tegesipun sarana utawi

piranti kangge mulang. Teges kalawau dangu-dangu ngalami ewah-ewahan

utawi owah gingsir; inggih menika mujudaken salah setunggaling sarana

utawi piranti kangge memulang. Mekaripun surasa lan tegesipun tembung

sastra kalawau, satemah anggadahi teges menapa kemawon ingkang

dipunserat. Sedaya ingkang kaserat, dipunwedhar sarana basa, karumpaka

kanthi olahing budhi saha pikiranipun manungsa. Wohipun cipta saha

budinipun manungsa ingkang kawedhar sarana basa utawi karacik kanthi

wujudipun tulisan utawi basa lisan menika kalebet ewoning sastra.

Wansa su- tegesipun sae, becik, utawi endah: dados tembung susastra

ateges sastra ingkang sae, becik, utawiendah. Kanthi adhedhasar

mulabukanipun utawi etimologi tembung kalawau, kasusastran tegesipun

wohing pamikir saha budinipun manungsa ingkang awujud racikanipun basa

lesan utawi tulisan ingkang ngemu kaendahan. Pramila berayan Jawi sami

anganggep bilih basa lan sastra Jawi menika mujudaken peranganipun

budaya ingkang adiluhung.

Kasusastran menika mujudaken satunggaling sarana kangge nyumerepi

saha mengertosi babagan tatakrama, subasita, unggah-ungguh, miwah

gegayuhanipun bebrayan agung; kalebet kasusastran Jawi menika

mujudaken peranganing kabudayan lan kabudayan dumadi saking

kapitadosan, tatacara, lan upacara adat, cipta rasa budi karsa, saha sedaya

3

Page 7: Makalah Pembelajaran B. Jawa

gegayuhaning bebrayan ingkang tansah dipunwarisaken utawi

dipunturunaken dhumateng para putra wayah, kalebet kita minangka calon

guru SD kedah nyinau kasusastran Jawi kanthi leres.

B. Piwulang Sanepa ing Pawiyatan Dasar

1. Standar Kompetensi lan Kompetensi Dasar

Piwulang Sanepa ing Pawiyatan Dasar anggadahi SK lan KD inggih

menika:

Standar Kompetensi:

Siswa bisa mangerteni tembung sanepa, ngrucat tembung, ndapuk

ukara kanti bener, ngangsu kawruh basa babagan pepindhan,

panyandra lan kasusastran jawa bab pedalangan.

Kompetensi Dasar:

Paramasastra

- Mangerteni Sanepa

- Mangerteni ngrucat tembung

- Mangerteni dhapuk ukara

Kawruh Basa

- Mangerteni pepindhan lan tembung panyandra

Kasusastran

- Paring apresiasi marang susastra Jawa babagan pedhalangan

2. Indikator lan Ancasing Piwulang

Menawi indikator saged kaperang inggih menika:

Paramasastra

- Siswa paring pangertene sanepa

- Siswa paring tuladha tembung sanepa

- Siswa paring pangertene ngrucat tembung

- Siswa paring tuladha ngrucat tembung

- Siswa paring pangertene dhapuk ukara

- Siswa paring tuladha carane dhapuk ukara

Kawruh Basa

4

Page 8: Makalah Pembelajaran B. Jawa

- Paring pangertene pepindhan lan tembun panyandra

- Aweh tuladha carane dhapuk ukara

Kasusastran

- Paring pangertene marang susastra Jawa babagan pedhalangan

- Mangsuli pitakon babagan susastra pedhalangan

Ancasing piwulang ingkang dipunkarepaken inggih menika:

Paramasastra

- Siswa saged paring pangertene sanepa

- Siswa saged paring tuladha tembung sanepa

- Siswa saged paring pangertene ngrucat tembung

- Siswa saged paring tuladha ngrucat tembung

- Siswa saged paring pangertene dhapuk ukara

- Siswa saged paring tuladha carane dhapuk ukara

Kawruh Basa

- Siswa bisa ngidentifikasi pepindhan lan tembun panyandra

- Siswa bisa aweh tulada carane dhapuk ukara

Kasusastran

- Siswa bisa ngidentifikasi susastra Jawa babagan pedhalangan

- Siswa bisa mangsuli pitakon babagan susastra pedhalangan

3. Materi Piwulangan

Paramasastra

- Sanepa

- Ngrucat tembung

- Dhapuk ukara

Kawruh Basa

- Pepindhan lan tembun panyandra

Kasusastran

- Pedhalangan

4. Lelampahan Piwulangan

Dene wonten ing ngajeng wau sampun kasebat SK, KD, indikator,

tujuan, saha materi, amargi sampun patokan saking silabus (silabus

5

Page 9: Makalah Pembelajaran B. Jawa

kalampir), ing mriki badhe dipunjlentrehaken piwulangan babagan

sanepa kemawon.

a. Kegiatan Awal

- Guru paring apersepsi marang siswa, inggih menika guru paring

pitakenan lisan marang siswa ngenani napa kemawon ingkang

sampun dimangertosi siswa ngenani sanepa.

- Guru njlentrehaken ancasipun piwulang sanepa menika marang

siswa.

b. Kegiatan Inti

Elaborasi

- Guru paring salah setungalipun tuladha sanepa lajeng paring

pitakenan marang siswa ngenani pangertenipun sanepa menika,

siswa mangsuli pitakenanipun guru.

- Guru paring pangerten ngenani sanepa saha tuladhanipun

marang siswa (materi kalampir).

- Guru paring tugas marang siswa kangge ndamel setunggal utawi

kalih tembung ingkang ngemu ukara sanepa, sarta menehi

pangertenipun saking tembung ingkang didamel siswa.

- Lajeng tembung ingkang sampun didamel siswa

dipunpresentasikaken ing ngajeng kelas. Guru nunjuk 4 – 6

siswa kangge maju satunggal-setunggal.

- Siswa ingkang dereng angsal kasempatan presentasi saged

ngempalaken tembung ingkang dipundamel.

Eksplorasi

- Kelas dipunbagi dados kelompok ingkang kaperang 2 siswa,

bisa saking kanca sak bangkune.

- Guru paring tugas kelompok marang siswa kangge damel

pacelathon ingkang ngemu paling boten 3 utawi 4 sanepa.

- Menawi siswa sampun purna damel pacelathon, guru nunjuk 8

nganti 10 kelompok kangge mraktekaken pacelathonipun.

6

Page 10: Makalah Pembelajaran B. Jawa

- Siswa ingkang ditunjuk inggih menika siswa ingkang dereng

maju nalika tugas individu.

- Pacelaton ingkang boten sempet dipraktekake lajeng

dikempalaken.

Konfirmasi

- Guru nyerat salah setunggal tuladha sanepa, lajeng nunjuk siswa

kangge mangsuli pangertenipun sanepa punika.

- Guru kaliyan siswa damel kesimpulan ngenani sanepa

c. Kegiatan Akhir

- Siswa nggarap soal latihan, lajeng dikempalaken (lembar tugas

kalampir).

- Guru paring informasi ngenani materi ingkang badhe diucal wonten

pertemuan salajengipun.

- Guru nutup pawulangan.

5. Penilaian

Penilaianipun saking tes (seratan), lan non tes (lisan, paraga).

Instrumenipun ngangge lembar tugas utawi evaluasi kangge tes, lan

lembar penilaian kangge evaluasi lisan lan peraga (lembar penilaian

kalampir).

7

Page 11: Makalah Pembelajaran B. Jawa

BAB III

WASANA BASA

Kasusastran Jawi minangka salah stunggalipun budaya Jawa kedah

tansah dipunlestarikaken, utamanipun saking kita kiyambak minangka

calon guru ing pawiyatan dasar. Supados samangke menawi mucal wonten

pawiyatan dasar, saged kanthi leres lan sae mbimbing siswa-siswa nyinau

basa Jawi, lan nglestarikake saha ngrembakakaken budaya Jawi.

Sanepa minangka salah setunggaling jinis kasusastran uga perlu

diwulangaken ing pawiyatan. Piwulang sanepa ing pawiyatan dasar, inggih

menika wonten kelas 6 semester 1, saged kalakon ing metode ceramah,

pawenehan tugas, diskusi, kerja kelompok, pitakon lan wangsalan, lan

sakpinunggalanipun. Ing piwulang sanepa saha piwulang kasusastran jawi

sanesipun, kedah ngajak siswa aktif wonten pamulangan supados siswa

saged mangertos ngenani materi ingkang dipunucal, lan ancasing

pawulang saged kawujud. Penilaian utawi assesmen ugi kedah kalakok

kanthi komprehensif. Inggih menika boten namung saking ulangan lan

tugas, naging uga presentasi lan proses nalika nggarap tugas iku.

Menawi mangke kita dados guru wonten pawiyatan dasar lan saged

mucal kanthi sae lan leres, mangka siswa saged mangertos lan paham

punapa materi ingkang disampekake, saengga palestarenipun basa lan

budaya Jawi saged kalakon kanthi lancar.

8

Page 12: Makalah Pembelajaran B. Jawa

KAPUSTAKAN

Hartanto, Duic. 2011. “Tugas Bahasa Jawa MAKALAH Bahasa Jawa” (online), (http://www.sayaduic.blogspot.com/, dipunakses tanggal 12 Juni 2012).

Roisna. 2010. “Sanepa” (online), (http://roisna.blogspot.com/2010/03/sanepa.html, dipunakses tanggal 12 Juni 2012).

Sutardjo, Imam. 2008. Kawruh Basa saha Kasusastran Jawi. Surakarta: JURUSAN SASTRA DAERAH FAKULTAS SASTRA DAN SENI RUPA UNIVERSITAS SEBELAS MARET SURAKARTA.

Page 13: Makalah Pembelajaran B. Jawa

LAMPIRAN

Page 14: Makalah Pembelajaran B. Jawa

MATERI SANEPA KANGGE KELAS 6 SD

Tegese sanepa

Sanepa yaiku unen-unen bangsane pepindhan, angemu surasa

mbangetake, nanging nganggo tembung sing tegese kosok balek karo

karepe.

Tuladha

Ambune arum jamban → banger

Ambune banger banget

Awake kuru aking = awake kuru banget

Balunge atos debog = balunge empuk banget

Barang aji godhong garing = barange ora aji babar pisan

Bobote abot kapuk = bobote entheng banget

Cahyane abang dluwang = cahyane pucet banget

Dedege dhuwur kencur = dedege cendhek banget

Enggale suwe banyu sinaring = wektune cepet banget

Eseme pait madu = eseme manis banget

Kawruhe jero tapak meri = kawruhe sethitik

Tatune arang kranjang = tatune akeh banget

Kulite wuled gedhong lumbu = kulite mbedhel banget

Lan sak pinunggalanipun.

Page 15: Makalah Pembelajaran B. Jawa

LEMBAR TUGAS

Apa wae tegese sanepa ing ngisor iki?

1. Rasane legi bratewali = rasane pait banget

2. Rembuge peret beton = ...

3. Sesrawungan renggang gula = ...

4. Tembunge pait madu = ...

5. Tembunge resik peceren = ...

6. Ulate bening leri = ...

7. Utenge arang wulu kucing = ...

8. Wektune suwe mijet suwe wohing ranti = ...

9. Wujude agal glepung = ...

10. Adheme njengkut = ...

11. Petenge dumuk irung = ...

Page 16: Makalah Pembelajaran B. Jawa

LEMBAR PENILAIAN

Maca tembung kang ngemu sanepa (individu)

No. NamaPenilaian

Tembung Volume Mimik Gestur

1

2

3

4

Pacelathon kang ngemu sanepa (kelompok)

No. NamaPenilaian

Tembung Volume Mimik Gestur

1

2

Skala Penilaian

4 = Baik Sekali

3 = Baik

2 = Cukup

1 = Kurang