35
PENGETAN DINTEN KARTINI Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika. Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah. Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika. Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia. Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah. Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya. Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.

Pidato Bahasa Jawa

  • Upload
    suciwul

  • View
    245

  • Download
    9

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Pidato Bahasa Jawa

PENGETAN DINTEN KARTINI

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.

Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.

Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti

Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih

saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan

salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika.

Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya.

R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing

bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang

karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia

taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.

Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita.

Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih

kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged

dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan

majengipun bangsa punika.

Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos

ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar

pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking

pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem

ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.

Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged

kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika

saestu saged damel mongkoging manah.

Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged

nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika.

Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun

putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.

Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi

pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.

Page 2: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO HARI ULANG TAHUN KEMERDEKAAN RI

السال م عليكم ورحمة اهلل وبر كا ته

والذي صدق و عده ونصر عبده وأعز جنده وهزم االحزم . الحمد هلل الذي ان عمنا بالحر ية وحده وعلى اله واصحا به ومن تبع . مد ال نبي ب عده والصال ة والسالم على سيد نا مح . االحزاب وحده

.رشده أما بعد

Poro Bapak, Poro Ibu sederek-sederek, sebangsa lan setanah air, ingkang

kulo hormati !

Langkung rumien monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken

raos puji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun paring Rohmat,

Taufik soho Hidayah dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo wonten ing

majelis puniko, dalam rangka memeriahkan Peringatan dinten ulang tahun

Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 49 mugi-mugi

kerawuhan kulo lan panjenengan meniko dipun catat dening Alloh SWT.

Minongko dados amal soleh kulo lan panjenengan Amin.

Ingkang kaping kalih mugio tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh

tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho

poro ahli keluarga lan sahabatipun.

Kaping tigonipun kulo matur nuwun dateng sederek pembagi acara ingkang

sampun paring wekdal dateng kito kangge mengisi wontenipun acara meniko

mugi-mugi wekdal meniko saget kulo ginaaken ingkang sak sahe-sahenipun.

Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Alloh SWT sampun paring nikmat dateng poro kawulonipun meniko

sampun katah sanget, sehinggo ngantos mboten saget kito itung. Dawuhipun

Alloh wonten Al-Qur’an

و ان ت عدوا نغمة اهلل ال تحصو ها

Ingkang artosipun :

“Lan lamun siro ngitung marang nikmate Alloh, mongko siro ora biso ngitung“

Poro Rawuh ! Dene termasuk salah setunggalipun nikmatipun Alloh

ingkang ageng dipun parengaken kito bongso Indonesia, Inggih meniko nikmat

kemerdekaan ingkang dipun proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945, ngantos

dinten meniko kito peringati.

Poro Rawuh ingkang kulo hormati !

Menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun

merdeka, meniko pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih

meniko dipun jajah dening Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun

Rakyat Indonesia hidup dibawah cengkraman kaum penjajah. Rakyat Indonesia

mboten anggadahi kebebasan, bahkan selalu di tindas lan dipun aniayaya dening

bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman Rohim Alloh SWT, lan ugi kanti

semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro Pejuang Bangsa Indonesia

ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang kito saget

ngalahaken poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945, Bangsa

Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia.

Poro Rawuh Ingkang kulo hormati !

Pramilo kito kedah bersyukur dateng Alloh SWT ingkang sampun pareng

nikmat Rupi kemerdekaan meniko. Supados Negri kito Indonesia tansah dipun

paringi berkah dening Alloh. Dipun paringi aman, damai, gemah ripah loh jinawi,

toto tentrem kerto raharjo, adil makmur penuh ampunan, lan Ridho Alloh.

Page 3: Pidato Bahasa Jawa

Kranten Alloh sampun berjanji wonten Al-Qur’an surat Ibrahim ayat 7

لئن شكر تم الء زيد نكم ولئن كفرتم إن عذا بى لشديد

Ingkang Artosipun :

“Demi yekti lamun podo gelem syukur siro kabeh marang nikmat-Ku, mangko

Ingsun nambahi nikmat maring siro kabeh. Lan yekti lamu siro kufur maring

nikmat-Ku, mangko saktemene sikso-Ku iku banget …….”

Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Kejawi sangking meniko, kito ugi kedah matur nuwun dumateng poro

pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun jerih payah, rela ngorbananek jiwa

rogo, harta benda kangge merebut Kemerdekaan Meniko, pramilo wonten ing

kesempatan sahe niki monggo sejenak kito panjataken doa mugi sedoyo para

pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun sukses merebut kemrdekaan Negeri

Republik Indonesia, meniko selalu dipun bales dening Alloh, dipun trami jasa-

jasanipun, lan dipun dadosna amal sholehipun, ingkang berjuang wonten akhirat

dipun paringi berkat soho kejembaran wonten ngersanipun Alloh SWT. Amin-

amin yaa Rabbal alamin.

Poro Rawuh ingkang kulo hormat !

Sak meniko kito termasuk generasi penerus pewaris kemerdekaan Pramilo

kito berkewajiban nerusaken perjuangan poro pejuang ingkang rumiyin. Shoho

memelihara lan melestarikan kesejahteraan Negeri Indonesia meniko. Sampun

ngantos nikmat kemerdekaan ingkang meniko kito sia-siakan kanti

ngawontenaken pesta pora, lan hura-hura ingkang boten berarti, tanpa

ngawontenaken amalan-amalan ingkang beto kemanfaatan lan kemaslahayan

Negara. Sebab kemerdekaan meniko boten semata-mata hadiah saking bangsa

asing ingkang diberikan kanti cuma-Cuma, meniko boten. Tapi berkah jasa-jasa

poro pejuang ingkang sampun rumiyin. Pramilo sepindah maleh kito ugi kedah

mengisi kemerdekaan kanti menanamkan jasa kangge tiang-tiang ingkang bade

dateng, utawi kangge generasi kita mangke. Hal meniko cocok kalian dawuhipun

Ulama rumiyin…..

لقد غرسوا فاء كلنا وإن نا لن غرس حتى يأ كل الناس ب عد نا

Ingkang Artosipun :

“Yekti wongkang dingin wes podo nandur jasa lan kito sing ngrasa’ake marang

jasa lan sa’temene kito ugo kudu anandur jasa supoyo wong-wong kangsakwusi

kito biso mangan jasa kito.

Poro Rawuh ingkang kulo hormati !

Ingkang terakhir monggo, putro-putri kito sedoyo, kito didik ingkang sahe

lan kito arahaken dumateng perkaws ingkang sahe, supados mangke saget dados

generasi-generasi penerus ingkang bertanggung jawab dateng kemajuan agama.

Bangsa lan Negoro AMin yaa Rabbal alamin.

Kintenipun cekap semanten atur saking kulo. Mugi-mugi saget bermanfaat

dumateng pribadi kawulo khususipun, lan umumipun dateng panjenengan sedoyo.

Masang pulut ning duwur cemoro

Menawi luput kulo nyuwun ngapuro

و باهلل التو فيق و الهداية

والسال م عليكم ورحمة اهلل وبر كا ته بخط الفقير مفرو حين

بن منو ر الجفسى

Page 4: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO RESEPSI HALAL BIHALAL

السال م عليكم ورحمة اهلل وبر كا ته

نا بنعمة االيمان واالسالم نا بالصالة والصيام . الحمد هلل الذى ان عم علي وأمر نا باال . واو جب علي وعلى اله واصحا به . والصال ة والسالم على سيد نا محمد خير ا النام . ا الرحام تحاد وصلة

.من العائدين والفا ئزين ت قبل اهلل من ومنكم اجمعين . أ ما بعد. الكرام

Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati !

Langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT,

ingkang sampun paring Rohmat shoho ni’mat, sehingga kulo lan panjenengan

saget pepanggihan wonten meniko majlis, dalam rangka “bersilaturrohim”, utawi

resepsi “Halal bi halal” kanti keadaan sehat wal afiat, sami ugi sehat lahiriah,

utawi batiniyah.

Kaping kalihipun Rohmat Ta’dzim dan salam bahagia Alloh, mugio tetep

dipun limpahaken dateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, shoho poro ahli

keluarga lan sahabatipun.

Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian !

Wonten ing saat meniko kito sampun manggihi wulan syawal malih.

Kranten wonten ing wulan sakderengipun yakni wonten ing wulan Romadhon kito

sampun sukses nindakaken ibadah puasa sebulan penuh. Kanti menambah

amalan-amalan ibadah lintunipun kados dene sholat tarowih, tadarus Al-Qur’an

lan sanesipun. Lan ugi wonten akhiripun wulan Romadhon kita tutup mawi Zakat

Fitrah kanti harapan kulo mugi-mugi nopo ingkang kito laksanakaken wonten ing

wulan Romadhon kolo wahu minongko dados amal ingkah sholeh. Ingkang

mbuahaken amalan-amalan ingkang sahe wonten wulan-wulan sakterusipun,

sehinggo saget ndadosaken fitrah utawi lambang kesucian, wonten ing manah kito

sedoyo.

Poro Rawuh ingkang kulo hormat !

Kranten hikmah nindaaken ibadah poso meniko disamping kito ninda’aken

perintahipun Allah SWT kanti ngeker hawa nafsu wonten ing siangipun wulan

Romadhon, meniko ugi kito saget ngraosaken betapa sedih lan gelisahipun si

Fakir-Miskin ingkang wonten ing saben dintenipun selalu ditimpa kekurangan

dahar, ngunjuk, shoho keluhan lan kelemahan tenogo, ingkang akhiripun kito

timbul roso belas kasihan kito dateng Fakir Miskin, sehinggo kito purun

nafkahaken sebagian harta benda kito kangge shodaqoh dateng Fakir-Miskin kolo

wahu.

Poro hadirin ingkang kulo hormati ! menawi kito mboeten purun nglampahi

ibadah puoso, berarti kito meniko gesang nuruti kemauan howo nafsu lan

kemauan weteng utawi dados Abdul butun alias hamba perut, selalu dikuasi Howo

Nafsu. Setiap hari selalu dalam pemborosan, mangan ngumbe sak katahipun,

selalu berlebih-lebihan, melampauai batas tanpa mengukur kekuatanipun. Padahal,

Alloh dawuh wonten Al-Qur’an :

كلو واشرب وا وال تسر ف وا إن اهلل ال يحب المشرفين

Ingkang artosipun :

“Mangano siro kabeh lan ngumbiho. Lan ojo ngliwati bates. Saktemen Alloh ikut

ora demen marang wong kang ngliwati bates“

Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian !

Sak meniko sampun dugi wulan syawal, wulan ingkang penuh dipun

rameaken lan dipun meriahaken dening sedoyo umat Islam. Kranten ing wulan

menikolah saat meledakipun kegembiraan ingkang penuh harapan menuju kearah

hidup baru gesang ingkang langkung sahe, katimbang wulan ingkang berlalu.

Page 5: Pidato Bahasa Jawa

Pramilo monggo kesempatan wulan syawal meniko kito ginaaken kangge

bersilaturrohim, mempererat tali persaudaraan antara keluarga, famili, konco-

konco lan sanak, shoho sederek seagomo lan seperjuangan. Mungkin wonten ing

saat-saat ingkang berlalu terjadi kesalahan-kesalana utawi sering melakukan hal-

hal ingkang mboten nyekecoaken manah. Sering timbul rasa iri, dengki, buruk

sangka, mangkel-mangkelan lan sanesipun.

Pramilo saat meniko kito bucal, kito lenyapaken mawi berjabatan tangan,

kito isi kanti halal bihalal, saling maaf memaafkan lahir lan batin.

Monggo kito ndugeni, kito panggihi sanak keluarga, sahabat karib, tiyang

sepuh kito, guru-guru kito, kanti bersilaturahim, supados gesang kito meniko

angsal berkah sangking Alloh SWT. Kanjeng Nabi sampun dawuh :

رحمه من أحب أن ي بسط له فى رزقه وي نساء له فى أثره ف ليصل

Artosipun :

“Sing sopo wonge pengin diluasne rizkine, lan didawakne (di berkahi) umure,

mongko becik silaturrohmi (nyambung sanak sedulure)”

Poro Bapak, Poro Ibu hadirin sekalian !

Dados wal hasil wonten ing kesempatan wulan Syawal meniko, monggo

kito tingkataken mutu pendidikan lan praktek, utawi mewujudkan sedoyo amal

ingkang saget mbeto bahagia, sejahtera wonten ing duniyo lan akhirat. Mengingat

kata penyair :

ا فما ذا ك * إذا ف تنى الي وم ولم أكتسب علم من عمرىولم أصنغ يد

Ingkang artosipun :

“Naliko wis ngliwati aku sijining dino, lan aku durung ngasilken ilmu

pengetahuan, lan durung ngasilaken pekerjaan tangan, Mongko opo gunane

umurku ing dino iku”

Poro hadirin sekalian !

Sesuai kalian kata syair kasebut, monggo kito berusaha ningkataken

pendidikan dateng putri-putri kito generasi mendatang, supados dados generasi

ingkang berguna lan berjasa, ingkang sanggup dibebani seribu macam tugas,

saking agomo, bangsa lan negoro. Kranten generasi meniko ingkang menentukan

masa ingkang bade dateng. Kata penyair malih :

لن غرس حتى يأ كل الناس ب عد نا* لقد غر سوا فا ء كلنا وإن نا

Ingkang artosipun :

“Sa’temen wong-wong sakwuse kito wis podo nandur jasa, lan kito sing mangan

jasane. Lan yektine kito ugo nandur jasa supaya wong-wong sing sak wusi kito

biso mangan jasa kito (metik jasa kito)”

Poro rawuh ingkang kulo hormat !

Kintenipun cekap semanten atur kulo, sedoyo kelepatan nyuwun

pangapunten.

من العا ئدين والفائزين ت قبل اهلل من ومنكم اجمعين

فيق و الهدايةو باهلل التو والسال م عليكم ورحمة اهلل وبر كا ته

Page 6: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO PERINGATAN NUZULUL QUR’AN

وبر كا تهالسال م عليكم ورحمة اهلل

والصالة والسالم على اشر ف االنبيء والمرسلين سيد . الحمد هلل الذى أن زل القران هد ى للمتقين إنا نحن ن ز لنا : لعظيم فقال اهلل تعلى فى القرآن ا. أ ما بعد. نا محمد وعلى اله واصحا به أجمعين

.الذ كر وانا له لحا فظون Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin-hadirot ingkang kulo hormati !

Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang saat meniko monggo

kulo lan panjenengan sedoyo tansah muji syukur dateng ngersanipun Alloh SWT.

Ingkang sampun paring Rahmat, Nikmat dateng kito sedoyo sehingga ing saat

meniko, kulo lan panjenengan saget bersilaturrohim wonten ing meniko majlis

ingkang mubarok, dalam rangka menghadiri acara peringatan “Nuzulul Qur’an”

ingkang kados meniko meriyahipun.

Ingkang kaping kalih sholawat soho salam sejahtera Alloh mugi tetep dipun

limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli

keluarga lan sahabatipun. Amin

Poro Bapak, Poro Ibu ingkang kulo hormati !

Kisah perjalanan manusia gesang wonten ing alam dunia menuju dateng

Alam akhirot meniko saget kito ibarataken kados dene seorang musyafir ingkang

lagi menyebrang lautan, menuju sebuah pantai. Utawi kados dene tiang ingkang

lagi kesesahan nyebrang segoro mawi sebuah perahu menuju suatu pantai

(pelabuhan), sampan sakmestinipun tiang ingkang lagi nyebrang. Meniko wonten

ing tengah perjalanan memaggihi pinten-pinten halangan lan rintangan. Kadang-

kadang si musafir lagi tenang-tenang wonten nginggil perahu tiba-tiba angin

datang meniup. Kadang-kadang badai dan gelombang menggelegar ombak

menyeberang. Ia memenuhi suasana ingkang kados mekaten meniko kok si

musyafir meniko lengah anggenipun mengemudi, utawi boten gadah gondelan

ingkang kukuh, saget-saget kapalipun meniko numplek lan tenggelam wonten ing

tengah-tengah lautan. Akhiripun mboten saget dumugi dateng suatu tujuan.

Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken !

Semanten ugi kito gesang wonten Alam dunia menuju dateng alam akhirat.

Meniko sering kito panggihi pinten-pinten cobaan lan rintangan. Kadang-kadang

tiang gesang meniko dipun coba kalian Alloh di timpa kemiskinan, ekonomi

kirang mencukupi, kadang di coba putrinipun sakit, usaha sesuatu boten berhasil

lan sanes-sanesipun lan kangge menanggulangi hal meniko, Alloh sampun

nurunaken kitab Al-Qur’an, ingkang supados damel pedoman gesang wonten ing

alam dunyo supados saget wilujeng lan bahagia wonten akhirat. Dawuhipun Alloh

surat Al-Hajr ayat songo :

إنا نحن ن ز لنا الذ كر وانا له لحا فظون

Ingkang artosipun :

“Sa’temene ingsun wis nurunake Al-Qur’an sa’temene Ingsun tetep jogo marang

Al-Qur’an.

Poro rawuh, ugi wonten ayat lintu Alloh dawuhaken wonten surat An-Nahl : 89

Ingkang artosipun :

“Lan ingsun nurunake maring siro (Muhammad) kitab Al-Qur’an kangge jelasake

sekabehe perkoro. Lan minongko dadi pituduh lan Rohmat lan kabar gembira

tumrape tiang Islam SQ” .nA- lha :98.)

Page 7: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO MENYAMBUT BULAN ROMADHON

السال م عليكم ورحمة اهلل وبر كا ته

لة فى ن يل ال والصالة . غفران الحمد هلل الذي أن عمنا بدين االسالم وااليمن وجعل شهر رمضان وسي أ ما بعد.له واصحابه المتمسكين بالقرآنو على ا . والسالم على سيدنا محمد افضل االنسان

Poro hadirin hadirot ingkang kulo hurmati !

Monggo wonten ing kesempatan meniko kulo lan panjenengan sedoyo sami

muji syukur dumateng ngarsonipun Alloh SWT. Kranten Alloh sampun paring

Rohmat, Ni’mat dateng kito sedoyo ingkang arupi tetepipun Iman lan Islam.

Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat lan Salam Bahagia Alloh selalu

dipun limpahaken kanjeng Nabi Muhammad SAW, poro ahli keluarga lan poro

sohabatipun.

Poro Rawuh ! monggo kulo lan panjenengan sedoyo meniko samiyo

ningkataken anggenipun taqwa dumateng Alloh SWT. Tegesipun kito

nindakkaken perintahipun, shoho nebihi dateng laranganipun, dene termasuk

perintahipun Alloh inggih meniko : Alloh sampun majibaken dateng kito sedoyo

inggih meniko nglampahi poso wonteng ing wulan Romadhon, Alloh sampun

dawuh wonteng Al-Qur’an :

Ingkang artosipun :

“Hei wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro kabeh nglakoni poso.

Koyo dene den wajibake maring wong-wong sakdurunge siro kabeh. Supoyo siro

podo taqwa” (Al-Baqarah : 183).

Pramilo saking meniko, monggo kedatangan wulan Romadhon meniko kito

sambut kanti gembira. Kito penuhi mawi kegiatan-kegiatan, tadarrus Al-Qur’an,

Shodaqoh dateng fakir miskin, lan sanes-sanesipun.

Dene ingkang pokok inggih meniko, wonten ing wulan Ramadhan meniko

kito tindakaken poso kanti khusus’ khitmah, shoho nebihi larangan-larangan

ingkang nimbulaken batalipun poso. Kados dene guneman ingkang awon,

ngrasani tiyang sanes, lan lintu-lintunipun. Kranten menurut sebagian Ulama’,

tembung poso meniko bahasa arabipun saking kata صوم ingkang hurufipun wonten

tigo. Inggih meniko huruf Shod, huruf Wawu lan huruf Mim. Tigang huruf

meniko anggadahei makna/arti piyambak-piyambak.

Dene ingkang No. 1 (huruf shod) meniko sangking kata Shumtum ( صمت)

ingkang artosipun meneng. Berarti tiyang poso, meniko kedah meneng lisanipun

saking guneman ingkang awon, utawi meneng saking ngrasani lan sanesipun.

No. II (huruf Wawu) meniko saking kata Waro’un ( ورع) utawi Wiro’i.

Ingkang maksudipun bilih tiang poso meniko kedah wira’i utawi nebihi sangking

perkawis ingkang haram, utawi perkawis-perkawis ingkang dipun cela/dipun

wodho minggahipun syara’.

No. III (huruf Mim) meniko saking kata Malakun ( ملك) ingkang artosipun

ngeker, utawi mencegah, tegesipun bilih tiang poso meniko kedah saget ngeker

lan nyegah perkawis-perkawis ingkang ndadosaken batalipun poso.

Poro hadirin hadirot ingkang kulo hormati ! Sak derengipun kulo akhiri

anggen kulo matur, manggo sepindah malih, datengipun wulan Romadhon

meniko kito isi kanti amalan-amalan ingkang sahe. Supados mangke medal saking

wulan Romadhon kito angsal nilai-nilai ibadah ingkang sahe. Sehinggo saget

Page 8: Pidato Bahasa Jawa

dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng ingkang sahe, sehinggo saget

dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng Nabi dawuh :

م من ذنبه من قام رمضان إيانا واحتسا با غفر له ما ت قد

Ingkang artosipun :

“Sopo wonge jumenengi wulan Romadhon kanti Iman lan nuprih krono Alloh.

Mongko den ngapuro duso-dusone kang wis kliwat”

Poro rawuh….kintenipun cekap semanten atur kulo sedoyo kelepatan, kulo

nyuwun pangapunten lahir lan batin.

و باهلل التو فيق و اهلداية

والسال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

Page 9: Pidato Bahasa Jawa

PERINGATAN ROJABIYAH

السال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

وارسله بشي را ونذي را ودا عيا إل اهلل . المد هلل الذى جعل إسراه من مكة ال ب يت المقدس ف ليلة الكب رآوالصالة والسالم على سيدنا ممد أفضل الورى وعلى اله واصحابه صالة وسالم كثي را . ي رأبإذنه سراجا ومن

أما بعد :فقال اهلل تعال ف القر ان الكرمي

Dumateng poro Bapak, poro Ibu soho hadirin ingkang kulo hormati.

Sakderengipun kulo matur ingkang bade kulo aturaken mangke, langkung

rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng ngersanipun Alloh SWT. Shoho

nyuwunaken tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh mugio tetep dipun

limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Muhamamd SAW, shoho poro ahli

keluargo lan sahabatipun.

Poro hadirin sedoyo ingkang kulo mulyakaken !

Pengajian ing saat meniko dalam rangka memperingati dinten ulang tahun

Isro’ Mi’roj ipun junjungan kito Nabi Besar Muhamamd SAW. Kini kembali

mengenai hal-hal historis revolusi fisik, utawi sejarah perjuanganipun Rosululloh

SAW, ingkang panjenenganipun tepat tanggal 27 Rojab tahun 571 M. Dipun aturi

kalian Malaikat Jibril, nindaaken perintahipun Alloh SWT, dipun Isro’aken utawi

dipun lampahaken dalu, awit saking Masjidil Harom (Mekkah) ngantos Masjidil

Aqsho (Palestina). Selajeng dipun Mi’roj aken saking Masjidil Aqso minggah

dateng langit ngantos Syidrtoul Muntaha. Ingkang perlunipun dipun sumerapaken

dateng pinten-pinten tanda kekuasa’anipun Alloh SWT, shoho nampi kewajiban

ibadah sholat gangsal wekdal. Hal meniko dipun jelasaken wonten Al-Qur’an

surat Bani Israoil ayat 1 ingkang surasosipun mekaten :

Ingkang artosipun :

“Maha suci Allah ingkang nglampahaken dateng hambanipun wonteng ing

wekdal dalu, saking Masjidil Harom dateng Masjidil Aqso kang ingsun berkahi

kiwo tengene, sa’perlu ingsun tunjukne sebagian tanda-tanda kekuasaan Ingsun.

Saktemene Alloh iku Maha Mendengar lan Maha Mengetahui“

Poro hadirin ingkang kulo hormati !

Kanti pengajak kulo monggo kanti wontenipun peringatan Isro’ lan Mi’roj

meniko, kito tingkataken segala bidang, Monggo Pak, Bu, warga umat

Islam, ,lewat peringatan meniko, kito tingkataken No. 1 Bidang Ubudiyah urusan

ibadah dateng Alloh SWT, ingkang maksudipun sak sampunipun peringatan

Rojabiyah meniko, sampun ngantos wonten tiang ingkang ngaku agamane Islam,

anangeng ibadahe taksih plintunan, utawi namun asal kober, menawi boten kober

boten ibadah. No. 2 Niat bantu program pemerintah, dalam rangka meratakan

pendidikan utawi mencerdaskan Bangsa ingkang maksudipun, saksampunipun

peringatan Rojabiyah nimu sampun ngantos wonten umat Islam sing taksih lolak-

lolok utawi taksih dereng sadar hidup berorganisasi, hidup bermasyarakat, lan

hidup bergotong royong lewat jam’iyah-jam’iyah. Lewat pengajian-pengajian kito

saluraken santapan rohani supados umat Islam ngertos endi barang sing Halal, lan

endi barang sing Haram. No. 3 Niat demi terwujudipun Akhlaqul Karimah,

mewujudkan sopan santun, toto kromo, ingkang maksudipun supados umat Islam

saget sesuai antara ucapan lan perbuatan. Sampun ngantos Islam namung dumel

akon-akon thok, nanging tumindha’ipun boten sesuai. Mangane boten diatur coro

Islam, pergaulane boten diatur coro Islam, nek pados rizki boten diatur coro Islam,

meniko sampun ngantos terjadi. No. 4 Niat demi wujudipun pengamalan wajib

ingkang dados rukunipun agami Islam. Terutama pengamalan wajib ingkang

Page 10: Pidato Bahasa Jawa

dados intinipun utawi hasilipun Isro’ Mi’roj meniko ingkang sampun dipun

kumndangaken setiap waktu, wonten masjid-masjid, utawi saben-saben mushollah.

حي على الصالة

…………. nopo BU…? Inggih meniko sholat gangsal wkedal.

M bok menawi wonten Umat Islam sing dereng nglampahi sholat, mugu-

mugi enggalo dipun paringi hidayang dening Alloh. Amergi sholat meniko

merupakan barometer utawi alat pengukur dateng pengamalan kito sedoyo.

Tegesipun pengamalan kito sedoyo saget sahe utawi boten meniko dipun ukur

utawi dipun tingali, kalihan anggenipun ngalmpahi sholat. Kranten dawuhipun

Alloh wonten Surat Al-Angkabut, ayat 45 :

Artosipun :

“Sholat iku saget mencegah sangking perbuatan keji lan mungkar“

Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sedoyo pramilo monggo urusan ibadah

meniko dipun tingkataken ingkang sa’estu, terutami dumateng putra-putri kito

utawi generasi kito sedoyo, meniko kito didik, kito wulang, lan kito arahaken

dateng urusan ibadah, sampun ngantos kito umbar, mboten kito arahaken, supados

mangke dados generasi ingkang saget berguna tumrap agomo, bongso lan negoro.

Kranten lare meniko saget sahe utawi awon tergantung tiyang spuhipun

ingkang mendidik. Dawuhipun bapak kiai :

Senajan wadah gede isi gemuk oli. Panggonane ono ngisro ora aji

Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo

Nopo maleh wonten ing zaman akhir meniko katah sanget pengaruh-

pengaruh sangking arus gamebyaripun dunyo, katah iman ingkang podo kenter

ketendang banjir kepuntir-puntir ilmu agama boten kepikir, maksud kulo, banjir

kebudayaan-kebudayaan ingkang merusak mental umat Islam.

Kanjeng Nabi naliko Mi’roj sampun diparingi gambaran-gambaran ingkang

dados lambang ingkang bade terjadi wonten ing dunyo meniko. Termasuk

kanjeng Nabi dipun sumerepi tiyang estri ingkang ayu….teng pinggir dalan celuk-

celuk dateng kanjeng Nabi, tapi piambakipun boten mandeg, slajeng dipun

tanggledaken dateng Malaikat Jibril, Jibril maringi penjelasan, bilih meniko

lambangipun dunyo sak isine, kok menawi panjenengan wahu mandek, tentu umat

panjenengan bade milih dunyo sak isine, ninggal perkoro akhirot.

Pramilo meniko manggo manah kedah dipun gembleng, dipun isi iman

ingkang kuat mugi-mugi kulo panjenengan benjang sagedo wilujeng dunyo lan

akhirat. AMin yaa Robbal a’alamin. Cekap semanten aturan kulo, sedoyo

kelepatan nyuwun angunging pangapunten.

و باهلل التو فيق و اهلداية

والسال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

Page 11: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO PERINGATAN MAULID NABI

اهلل وبر كا تهالسال م عليكم ورمحة

والصالة والسالم على . المد هلل الذى أن عم علي نا بنعمة االيان واالسالم وأرسل رسو له على كا فة االمم وما . فقال اهلل تعال ف القر أن الكرمي. بعد أما. وعلى اله واصحابه الكرام . سيد نا ممد خي االن

.أرسلناك إال رمحة للعالمي Hadratul Mukarromin, Poro Ulama’ul amilin. Poro Bapak, poro Ibu, hadirin

sekalian ingkang kulo hormati.

Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang ing saat meniko,

monggo kulo lan panjenengan sedoyo jaler-estri, enom-tuwo sami muji syukur

dateng Alloh Kang Maha Kuoso, ingkang nitahaken poro menungso, soho

ingkang paring patrapan lan sikso, dumateng tiyang ingkang nglampahi duso,

ingkang boten purun tobat, getun lan nelongso, soho boten purun sholat lan poso,

mugi-mugi kulo panjenengan pinaringan iman ingkang kuat rusho, sehinggo saget

nglampahi perintahipun zat kang murbo waseso, Akhiripun pinaringan gesang

aman, damai lan sentoso, Amin yaa Robbal Aaalamin.

Ingkang kaping kaleh, mugiyo Rohmat Alloh lan salam, selali dipun

limpahaken dateng kanjeng pejuang Islam, Nabi pemimpin arab lan Ajam,

ingkang beto umat manusia saking masa ingkang murko, bengis lan kejam,

menuju masa damai, aman lan tentram, yakni masa jahiliyah menuju masa

Islamiyah.

Poro Bapak, Ibu, Hadirin sedoyo !

Ingkang kaping tigonipun kulo matur nuwun dumateng sederek pemimpin

acara, ingkang sampung paring wekdal dateng kulo. Mugi-mugi, wekdal meniko

saget kulo gunakaken sak sahe-sahenipun. AMin

Poro Bapak, poro Ibu ingkang kulo hormati !

Berbicara tentang peringatan “Maulid Nabi”, meniko sampun boten

terpandang asing wonten kalangan umat Islam. Sebab pancen sampun dados

keharusan, utawi dados hal ingkang perlu, tumrap umat ingkang dipun pimpin

meniko mengenang utawi melestarikan sejarah seorang pemimpinipun.

Lha panjenenganipun Rasulullah SAW, meniko setunggalipun pemimpin

ingkang sukses perjuanganipun sampun sukses membangun umat manusia saking

zaman jahiliyah menuju zaman islamiyah. Hal meniko terbukti wonten kitab-kitab

Tareh, wonten kitab Al-Barzanji, wonten sejarah-sejarah Islam, bilih zaman sak

derengipun kanjeng Nabi lahir keadaan alam gelap gulita. Menungso dereng

mengenal sinten Tuhan ingkang wajib dipun sembah. Taksih katah tiyang ingkang

menyembah berhala, menyembah hewan, kayu, watu lan sajenisipun. Saben

dinten sami permusuhan, tukar padu, nopo malih, nasih qoum wanita katah

ingkang lahir dipun pejahi urip-uripan. Menungso boten mengenal

perkemanusiaan. Boten mengenal hukum agama, selajeng kanti sifat Rohman

Rohimipun Alloh SWT, wonten ing tengah-tengah kegelapan, meniko dipun

terbitaken cahaya ingkang terang benderang, inggih meniko tepat wonten dinten

Isnen tanggal 12 Robiul Awwal tahun Fil, utawi tahun Gajah Alloh nglahiraken

seorang Rosul supados paring tuntunan, lan membawa Rohmat bagi umat seluruh

alam. Terbukti wonten Al-Qur’an surat Al-Anbiya : 107

Ingkang artosipun :

“Lan ingsun ora ngutus siro Muhamamd kejobo menehi Rohmat tumrap umat

semesta alam”

Poro Rawuh sedoyo ingkang kulo hormati !

Pramilo wonten ing kesempatan meniko, kanti kedatangan wulan maulid

meniko, monggo kito nglahiraken roso bungah, kito tingkataken anggen kito

Page 12: Pidato Bahasa Jawa

syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken anggen kito

syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken rasa cinta kito

dumateng Rosululloh SAW, kito kedah selalu ngatah-ngatahaken amal kesahenan,

berkorban harta benda kangge kepentingan agama Islam. Lan ugi kito kedah

sering maos Sholawat Nabi, menyebut asmane kanjeng Nabi, soho kito kedah

selalu menjaga lan melestarikan sareat utawi ajaranipun, kranten kito sebagai

umat ingkang dados ajaranipun. Keranten kito sebagai umat ingkang mengharap

syafatipun benjing ing dinten qiamat, meniko syaratipun kedah cinta kanjeng Nabi.

Kados dawuhipun kanjeng Nabi :

من إعت ن مو لدي وجبت له شفا عت

“Sing sopo wonge gelem nemen-nemeni dino kelahiranku mangko tetep oleh

syafaatku“

Poro rawuh ingkang kulo hormat !

Pancen tiyang niku menawi cinta kedah netepi rukun telu

(اركان احملبة ثال ثة)

Rukunipun cinta meniko wonten tigo

Tiyang cinta meniko kedah rela berkorban harta benda. Berkorban demi cinta,

tanpa korban cinta sia-sia.

Tiang cinta kedah selalu eling lan nyebut asmane ting ingkang dipun cintai, enjing

sonten, siang ndalu, selalu emut lan nyebut-nyebut

Tiang cinta kedah purun nyocoki lan derek tingkah laku lan perkataanipun tiang

ingkang dipun cintai. Tanpa mencocoki lan mengikuti ucapan lan perbuatanipun,

cinta bade timbul perselisihan, ingkang akhiripun timbul kegagalan.

Poro Rawuh ingkang kulo hormati !

La’ kito sebagai umatipun kanjeng Nabi menawi kito sampun menyatakan

cinta dateng Kanjeng Nabi, meniko kito ugi kedah remen berkorban kangge

memperingati dinten maulid ipun Kanjeng Nabi kados ing saat meniko.

Lan maleh, kito kedah sering mahos sholawat, sebagai bukti remen kito

dateng kanjeng Nabi. Soho kito kedah purun nindakaken nopo ingkang dados

ajaranipun, lan nebihi nopo ingkang dados laranganipun. Kanti mekaten kolowahu,

mugi-mugi ingkang hadir ing majelis puniko sageto tergolong dateng umatipun

kanjeng Nabi, ingkang saget nampi syafa’atipun, benjang ing dinten qiamat.

Poro rawuh, kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo

nyuwun agungipun pangapunten.

و باهلل التو فيق و اهلداية

والسال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

Page 13: Pidato Bahasa Jawa

PERANAN WANITA DALAM PEMBANGUNAN

السال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

ن يا والدين وبه . المد هلل رب العالمي سيد . والصالة والسالم على اشرفالمرسلي . نستعي على امور الد فال حول وال قو ة اال با هلل العلى العظيم. اما بعد. نا ممد وعلى اله وصحبه أجعي

Poro Bapak poro Ibu muslimat ingkang kulo multa-aken, soho mbak-mbak

fatayat ingkang kulo hormati. Ugi poro adik-adik, poro generasi penerus

perjuangan Islam ingkang kulo sayangi !

Sepindah monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiyo nglahiraken, rasa

puji syukur dateng ngersanipun Allah SWT kanti ucapan Alhamdulillah. Keranten

Alloh sampun paring Rohmat soho Ni’mat dumateng kito sedoyo, sehinggo kito

saget berkumpul utawi bersilaturrahim wonteng ing majlis puniko, kanti wilujeng,

mboten wonten satunggal Alangan punopo.

Ingkang kaping kalih, mugi salam bahagia Alloh lan Rohmat, tansah tetep

dipun limpahaken dumateng kanjeng Nabi Muhammad, salah satunggalipun Nabi

pimpinan umat, Nabi ingkang bade paring syafa’at, binjang wonten ing dinten

qiamat. Mugi-mugi pertemuan kito ing saat meniko saget andadosaken

sababiyahipun kito angsal syafa’at saking kanjeng Nabi ing dinten qiamat.

Poro Rawung ingkang kulo hormati !

Getuk menopo gedang goreng ?

Sampun ngantuk menopo dereng ?

Monggo ing sa’at meniko kito niyat wonten ing manah, niat bade ngaji, niat

pados ilmu, niat ngibadah dateng ngersanipun Alloh SWT. Kranten pancen dados

tiyang Islam lho Bu……?! Ngaji utawi pados ilmu meniko wajib tumrap sedoyo.

dawuhipun kanjeng Nabi.

طلب العلم فريضة على مسلم ومسلمة

Ingkang artosipun : Pados ilmu meniko Fardhu tumrap saben-saben tiyang Islam

jaler utawi istri (priyo lan wanito).

Kanti wontenipun Hadist meniko kito sampun jelas bilih ingkang, wajib

pados ilmu meniko boten namung tiang jaler thok, boten piyantun priyo mawon,

tapi tiang istri inggih dipoun wajibaken pados ilmu. Kranten kangge nyekapi

kebutuhan gesang meniko, menungso boten cukup berbekal harta benda, tapi

ingkang langkung penting meniko berbekal ilmu pengetahuan. Nopo maleh

wonten ing abad modern meniko poro kaum wanito boten purun ketinggalan.

Kaum wanito boten cukup mendel teng nggriyo utawi cukup teng dapur mawon

boten usah boten dados so’al

Asal sampun saget dandan utawi mack

Asal sampun saget njangan utawi masak

Asal sampun saget babaran utawi manak

Tapi kejawi saking meniko kaum wanito, kedang tumut belajar lan berjuang

kangge membela Agama, Bangsa lan Negara. Kranten kanjeng Nabi dawuh :

.المر أة عماد البالد إذا صلحت صلحت وإذا فسدت فسدت

Ing artosipun :

“Wanito meniko dados cagakipun negoro. Menawi wanitonipun sahe Negari ugi

sahe. Lan menawi wanitonipun rusak, Negari ugi rusak”

Poro Rawuh kejawi saking meniko, tiyang istri menawi nglampahi amal-

amal ingkang sahe, meniko ugi bade dipun jamin kalian Alloh, dipun bales dipun

paringi gesang ingkang bahagia wonten akhirat. Hal meniko dipun jelasaken

wonten Al-Qur’an surat An-Nahl, ayat 97 ingkang surosonipun :

Page 14: Pidato Bahasa Jawa

حسن ما كان وا ن عمل صالا من ذكر أو أن ثى وهو مؤمن ف لنحيي نه حياة طيبة ولنجزي ن هم أجرهم م ب .ي عملون

Ingkang artosipun :

“Sopo wonge kang ngamal soleh, podo ugi lanang utowo wadon kanti beriman,

mongko yekti ingsun paringi kehidupan kang bagus. Lan ingsun bales kanti

balesan kang luwih apik ketimbang amale” (QS. An-Nahl : 97)

Poro Ibu-ibu lan mbak fatayat ingkang kulo hormati !

Pramilo saking meniko, monggo Ibu-ibu lan mbak fatayat, sebagai kaum

wanito, isoho dadi wanito sing cocok karo sebutane wanito, utawi jeneng wanito.

Siang ateges wanihoto, wani noto, wani ditoto, nopo malih menawi kito enget

perjuanganipun kanjeng Nabi Muhamamd SAW. kados pundi sepak terjangipun

Siti Khodijah ? piyambakipun selalu ngorbanaken harta bendanipun kangge mbelo

lan menolong perjuangan Rasululloh SAW. Kejawi meniko piyambakipun ugi

mencurahkan tenaga lan fikiranipun mbantu perjuangan Rosululloh lan, kados

pundi sikap Siti Aisah binti Abu Bakar. Piyambakipun ugi boten ketinggalan

selalu mendampingi lan mengikuti Rasulullah SAW, di dalam menegakkan

Agama Islam sehinggo piambakipun dipun paringi gelar utawi sebutan “Umil

Mu’minin”. Anggenipun menghadapi hal nopo ke’mawon, piyambakipun ber

I’tiqod teguh lan jujur, sehingga ngantos Rosululloh wafat, “Siti Aisah” tetep

berjuang membela lan nerusaken perjuanganipun kanjeng Nabi.

Pramilo saking meniko, manggo kito sebagai muda-mudi Islam, penerus

perjuangan Rosululloh, kito giataken lan kito tingkataken. Segala bidang kito

tanam, benih-benih iman lan taqwa wonten ing manah kito sedoyo supados tetep

kuat lan teguh menghadapi liku-liku kehidupan, ingkang beraneka ragam, macam

lan warna. Sehinggo saget tercapailah cita-cita kito, cita-cita Agama, Bangsa lan

Negara. Amien.

Kintinipun cekap semanten atur kulo. Sedoyo kelepatan kulo, awal ngantos

akhir, kulo nyuwun agungipun pangapunten.

و باهلل التو فيق و اهلداية

والسال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

Page 15: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO PEMBERANGKATAN JENAZAH

السال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

لو كم ايكم احسن عمال مد أحسن اللق ق و ال والصالة والسالم على سيدنا م. المد هلل الذى خلق الموت والياة ليب إذا . فقال اهلل تعال ف القران الكرمي. أما بعد. وعلى اله واصحا به ماد مت الشمس والقمر طلعت ن هارا وليال . وفعال

قدمون إنا هلل و .إنا إليه راجعونجآء أجلهم ال يستاء خرون سا عة وال يست Poro Rawuh, Hadirin-hadirot ingkang kulo hormati !

Ing mriki kulo atas nami wakilipun Bapak H. Umar sekeluargi, ingkang ing

dinten meniko nampih musibah sangking ngarsanipun Alloh, inggih puniko

sedanipun ……. (SI Fulan).

Sepindah kulo muji syukru Alhamdulillah, shoho ngaturaken matur nuwun

atas kerawuhan panjenengan sedoyo, ingkang sami keroyo-royo kerso ta’ziah

utawi bela sungkowo, lan hormat atas jenazahipun si Fulan meniko. Ing mriki

kulo nyuwun agunging pangapunten dateng panjenengan sedoyo, amergi kulo

mboten saget nyaosi papan pinaraan ingkang sekeco, shoho hidangan ingkang

ngremenaken manah panjenengan sedoyo. Kejawi saking meniko kulo boten saget

bales menopo-nopo atas bantuan panjenengan sedoyo ingkang arupi tenaga lan

fikiran shoho sanesipun. Lan ing mriki, kulo, namung saget ndongaaken mugi-

mugi sedoyo amal sholeh panjenengan kolowahu dipun trami dening Alloh SWT.

Lan dipun bales ingkang sak katah-katahipun.

Poro Rawuh ingkang kulo hormati !

Sampun sakmesthinipun sangking keluarga Bapak H. Umar lan poro kerabat,

shoho kulo panjenengan sedoyo meniko sami susah lan getun, atas sedanipun si

Fulan meniko. Ananging kados pundhi maleh pancen sampun dados taqdiripun

Alloh ingkang boten saget kito gadali lan boten saget dipun unduraken malih.

Inggih boten sanes monggo kito ikhlasaken mawon, lan dipun paringi jembar

kuburipun, shoho dipun ngapunetn dosa-dosanipun lan dipun tampio amal-

amalipun ingkang sahe sehingga sagedo angsal rahmat sangking ngarsanipun

Allah SWT. Lan mugi-mugi kito sedoyo ingkang dipun tilar sagedo nerusaken

perjuanganipun lan nyampurnakaken amal kesahenanipun soho usahanipun

ingkang kapundut. Amin.

Poro Rawuh ingkang kulo hormati !

Sa’derengipun jenazah dipun berangkataken, ten mriki kulo aturaken dateng

panjenengan sedoyo bilih sak sumerep kulo si Fulan meniki termasuk golongan

tiang ingkang sahe. Baik segi ibadah dateng Alloh, ugi sesrawungan dateng

tanggo, utawi dateng tiyang sanes. Tapi ing mriki perlu kulo saksekaken dateng

panjenengan sedoyo, bilih jenazahipun si Fulan puniko sahe nopo sahe ? 3x.

Alhamdulillah.

أن تم شهدأ على االرض

Poro Rawuh nggih si Fulan meniko anggadahi “haqqul Adam”, utawi utang

piutang, soho sanesipun dateng panjenengan sedoyo, kulo suwun supados

panjenengan sedoyo, kulo suwun supados panjenengan ihlasaken. Dene menawi

amrat menawi dipun ikhlasaken, kulo suwun supados langsung mawon hubungan

kalih pihak keluarga utawi ahli warisipun. Lain malih sebagai meningso tentu

kemawon sekedi utawi katah, si Fulan meniko gadah kalepatan dateng tiang sanes.

Pramilo saking meniko, ing mriki kulo aturaken sedoyo kalepatan si Fulan meniko,

saking segi nopokemawon, panjenengan kersoho paring pangapunten.

Kintinipun cekap semanten atur kulo, sedoyo kelepatan kulo nyuwun

pangapunten. Monggo jenazah sareng-sareng kito berangkataken, kanti mahos

Sholawat (kalimat Toyibah).

والسال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

Page 16: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO WALIMATUL KHITAN

السال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

نا اليك ان اتبع ملة اب راهيم حني فا: هلل الذى قد قال ف كتا به الكرمي المد والصالة والسالم . ث اوحي على سيد نا ممد النب المصطفى وعلى اله واصحابه اهل الصدق والو ف ا ما بعد

Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kulo hormati !

Sepindah Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken rasa

puja lan puji syukur dateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring

pinten-pinten rohmat lan taufiq soho hidayah dumateng kito. Sehingga wonten ing

kesempatan meniko kito saget rawuh wonten ing puniko majelis dalam rangka

Jabatud Da’wah, utawi ngrawuhi dateng undangan dateng walimatul khitan, mugi-

mugi kerawuhan kito sedoyo, kalian Allah dipun catet minongko dados amal

sholeh kito sedoyo amin-amin ya robbal alamin.

Ingkang kaping kalih, mugi-mugiho salam bahagia Allah, lan rahmatipun,

tansah kalimpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW sebagai

Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang bade paring syafa’at dateng sedoyo umat

benjang wonten ing dinten qiamat mboten pandang sugih utawi mlarat. Mboten

pandang rakyat utawi pejabat, selagi umat puniko taksih purun nindaaken syariat,

tegesipun taksih purun to’at lan boten purun ngelampahi maksiat.

Ingkang kaping tigonipun kawulo matur nuwun dumateng sederek pembagi

acara ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo. Mugi-mugi wekdal meniko

mangke saget kulo gunakaken ingkang sak sahe-sahenipun.

Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Nindaaken khitan utawi sunat meniko derek tindak lampanipun Nabi

Ibrahim as ingkang wonten sejarahipun Nabi Ibrahim nindaaken khitan meniko

sampun yuswo 80 tahun. Lan jenggote kaleh brengosipun sampun dowo. Tur

wonten zaman semanten, dereng wontek calak utawi dokteng ingkang tukang

nyunat. Dados dipun sunat piyambak !? Mungkin bapak-bapak utawi ibu-ibu

timbul pertanyaan. Lhoooo! Menopo Nabi Ibrahim puniko tiyangipun wedi pemes,

utawi wedi lading kok sampek umur 80 tahun lagek sunat ?

Poro Ibu ingkang kulo hormati !

Nabi Ibrahim puniko sanes tiyang jerih utawi tiyang weden. Shoho sanes

tiyang wedi pemes utawi lading. Tapi pancen wontenipun printah sunat utawi

khitan meniko inggih sampun umur 80 tahun niku. Dados asal-usulipun sunat

puniko awit zamanipun Nabi Ibrahim. Lajeng Alloh SWT paring wahyu dateng

kanjeng Nabi supados derek agaminipun Nabi Ibrahim. Dawuhipun Alloh wonten

Al-Qur’an

Artosipun :

“Nuli ingsun wahyuake marang siro (Muhammad), supoyo melu (condong)

marang agamane Nabi Ibrahim” (QS. An-Nahl ayat 123).

Poro Bapak poro Ibu ingkang kulo hormat !

Lhoooo…… sakniki fungsinipun utawi faedahipun khitan meniko katah ing

antawisipun : No. 1 Dipandang saking segi agama, khitan meniko saget ngilangi

najis utawi kotoran ingkang kentung wonteng pucukipun zakar/kucur utawi kepala

penis. Padahal ngilangi najis puniko dados syarat absyahipun sholat. Lhoooo

sholat gangsal wekdal meniko wajib. Pramilo menurut qo’idah ushul fiqh :

كل ما ي ت و صل به إل الواجب ف هو وا جب

Artosipun :

”Sakabehe perkoro sing digawe lantaran maring nindakne perkara wajib meniko

hukume wajib“

Page 17: Pidato Bahasa Jawa

Pramilo ngilangi najis utawi kotoran wonten pucukipun zakar utawi

kucur/helm puniko wajib. Sebab andadosaken absahipun sholat. Dene kaidah

ingkang No. II inggih puniko : Dipandang sangking segi kesehatan dokter khitan

puniko saget ngilangi penyakit-penyakit ingkang timbul sangking pucukipun

zakar utawi kucur.

Dene faedah ingkang No. III khitan meniko saget nambahi dateng

keberanian utawi kekendelan, shoho nambahi kewibawaan. Hal meniko saget

dipun bukte’aken menawi panjenengan pikir, sedoyo poro pejuang 45 ingkang

gagah berani, wantun ngusir panjajah, wantun bertanding melawan musuh,

meniko sedoyo, pejuang-pejuang kolowahu inggih sampun sunat. Lan boten

wonteng tiyang ingkang dereng sunat, puniko wantung perang ngusir penjajah.

Dados mekatenlah pentingipun khitan utawi sunat. Pramilo kangge akhir

kata kulo monggo bapak poro ibu menawi kagungan putro dereng dipun

khitanaken, enggal mawon dipun khitani. Kranten hubunganipun meniko dateng

masalah ibadah.

Kintenipun cekap semanten atur kulo

Kupat lepet taline janur

Lepat luput tetepa dadi sedulur

Masang pulut ing duwur cemoro

Menawi luput nyuwun ngapuro

و باهلل التو فيق و اهلداية

والسال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

Page 18: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO WALIMATUL MAULID

السال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

ر سعاادة وشقا وته ورزقه واجله وهو . المد هلل رب العالمي الذي خلق االنسان من طي ف ق رر وقدوالصال ة والسالم على سيد نا ممد افضل اللق . واخرجه من بطن امه وهو ال ي علم بشيئ مبي . مكي

ين اما بعد اجعي وعلى اله واصحا به ومن تبعه ال ي و الدPoro Bapak poro Ibu, hadirin, hadirot ingkang kulo mulya’aken !

Sa’derengipun kulo matur nopo ingkang bade kulo aturaken mangke,

sepindah monggo kulo lan panjenengan sedoyo, samio nglahiraken rasa puji

syukur dateng ngarsanipun Alloh, kang Maha Kuasa kanthi ucapan Alhamdulillah.

Dene menopo wonten ing saat meniko, Alloh sampun paring pinten-pinten rahmat,

taufiq, dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo panjenengan sedoyo

saget karoyo-royo bucal tempo ninggalno griyo, ninggal bondo lan rojo koyo,

saget ngrawuhi undanganipun Bapak Ahmad sakeluarga. Dene menopo wonten

ing saat puniko, Bapak Ridhwan nampi ni’mat sangking ngarsanipun ingkang

Maha Kuoso, ingkang arupi kelahiran sang putro, ingkang lahiripun kanti keadaan

wilujeng, boten wonten satunggal alangan punopo.

Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo, dene kulo panjenengan dipun

rawuhaken wonten ing dalem meniko, boten sanes dipun suwuni tambahipun

barokah dugo mugi-mugi putri ingkang tembih lahir puniko, sagedo dados putro

ingkang berguna migunani tumraping masyarakat, bangsa lan agama. Amien.

Poro hadirin ingkang kulo hormati !

Dene bayi ingkang nembeh lahir ing saat meniko dipun paringi tetenger,

utawi dipun paringi asmo “Zainul Haqqi” (contoh) pancen sampun dadaos

kewajibanipun tiang sepuh, meniko menawi kagungan putro, kedah pareng asmo

ingkang sahe, shoho paring pendidikan-pendidikan dateng putronipun kados

ingkang dipun dawuhaken dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW

اية وان ال ي ر زقه اال طيبا حق الوالد على ولده ان يسن اسه واد به وان ي علمه الكتابة والسبا حة والر م ه اذا ادرك وان ي زو ج

Ingkang artosipun :

“Haq utawi kewajibanipun tiang sepuh dumateng putranipun inggih meniko :

Kedah paring asmo utawi nami ingkang sahe

Kedah mbagusi dateng adabipun

Kedah mulang nyerat utawi nulis

Kedah mulang dateng renang utawi nglangi

Kedah mulang dateng manah utawi nembak

Kedang paring rizki ingkang halal

Kedah ngrabekaken/nikahaken menawi sampun dewasa utawi menawi sampun

ketemu jodohipun.

Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Kejawi keterangan wonten ing nginggil kolo wahu bilih anak meniko

amanatipun Alloh ingkang dipun titipaken dumateng kito sedoyo, ingkang

mbenjang wonten akhirat kito dipun suwuni pertanggung jawab. Tegesipun kito

dipun dangu kados pundi anggen kito ngramut dateng putro kito. Menawi didikan

kito meniko sahe, kito inggih dipun bales sahe dening Alloh, shoho putro ingkang

sholeh meniko saget dados amal jariyahipun tiyang sepuh, menawi sampun sedo.

Dene menawi anggen kito didik putro meniko awon, meniko kito inggih pikantuk

sikso sangking ngarsanipun Alloh kanjeng Nabi dawuhaken.

Page 19: Pidato Bahasa Jawa

صا لح يد عو له إذا مات إين أدم إن قطع عمله اال من ثال ث صدقة جارية او علم ي نت فع به اوولد

Ingkang artosipun :

“Naliko Ibnu Adam (Manungso) meniko sampun sedo/wafat mangko putus sedoyo

ngamalipun kejawi saking tigang perkawis. 1. Sodaqoh, 2. Ilmu ingkang manfaat

3. Putro ingkang sholeh, ingkang ndongaaken dateng Ibnu Adam kolo wahu

(utawi tiang sepahipun)“

Poro rawuh ?! pramilo lewat kesempatan meniko, kulo ngajak dateng

panjenengan sedoyo, monggo putro-putro kito meniko kito didik ingkang sahe

kito wulang dateng ilmu agomo, supados benjang dados lare ingkang sholeh,

minongko dados amal jariyahipun kito sedoyo.

Kejawi saking meniko ugio saget nerusaken perjuangan kito sedoyo,

supados kejayaan Islam lan kemulyaan Islam ing masa mendatang saget tetep

gilang gemilang. Amin.

Poro rawuh

getuk menopo gedang goreng ?

Sampun ngantuk menopo dereng ?

Kintenipun cekap semanten atur kawulo, menawi lepat nyusun pangapuro.

و باهلل التو فيق و اهلداية

رمحة اهلل وبر كا تهوالسال م عليكم و

Page 20: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO NASEHAT PERNIKAHAN

السال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

ت نا : ون ها هم عن السفا ح والصالة والسالم على سيدن ممد القائل . لنكاح المد هلل الذى سن لعباده اوال وال ق وة ا ب عد فال ح كحوا وت نا سلوا فإن مكاثر بكم االمم ي وم القيامة وعلى اله واصحابه اجعي أم

.اال با هلل العلي العظيم

Poro Bapak Kiyai, poro pini sepuh, poro tamu undangan ingkang kulo

hormati, poro hadirin, lan hadirot ingkang kulo hormati.

Sepindah kawulo muji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang

sampung paring rohmat, taufik shoho hidayah dateng kito sedoyo, sahinggo kito

saget pepanggihan wonten ing puniko majlis, dalam rangka menyambut hari

kebahagiaan, utawi hari resepsi pernikahan ingkang sanget keramat meniko

Mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo meniko kalian Alloh dipun catet dados

amal sholeh kito sedoyo. Amien.

Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Ingkang kaping kalih mugiho rohmat ta’dzim dan salam bahagia Alloh

tansah dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW,

soho poro ahli keluarga lan sohabatipun.

Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Berbicara tentang nikah meniko sampun mboten terpandang asing di

kalangan umat Islam. Kranten menurut ajaran agama Islam, melaksanakaken

nikah meniko dipun catat sebagai amal ibadah. Sebab nikah meniko derek

sunnahipun kanjeng Nabi, soho ngamalaken dawuhipun kanjeng Nabi :

ى مكاثر بكم االمة ي وم القيامة ت نا كحوا وت نا سلو فإ ن

Ingkang artosipun :

“Podo nikaho siro kabeh lan podo duweho keturunan siro kabeh, krono besuk

ingsun ing dino qiamat akeh-akehan umat lantaran siro kabeh“

Shoho Islam didalam nikah meniko dados syarat syahipun nikah. Menurut

Islam, nikah boten dados syah kejawi mboten Islam. Dados kanti meniko saget

kito simpulaken, bilih Islam lan nikah, meniko merupakan hal ingkang selalu

berhubungan, mboten kenging dipun pisahaken. Sebab nikah di dalam Islam

meniko dados amal ibadah. Dene Islam didalam nikah meniko, dados syarat

syahipun nikah.

Poro rawuh ingkang kulo hormat !

Salajengipun menurut sebagian Ulama, wonten ingkang jelasaken bilih

tembung nikah meniko asalipun tembung arab ingkang terdiri saking tigang huruf.

Inggih meniko :

Huruf Nun, Huruf Kaf lan Huruf Ha’ (Nikah نكح) ing tigang huruf kolowahu

anggadahi

singkatan utawi anggadahi arti piyambak-piyambak. Nomer setunggal huruf Nun

meniko singkatan sangking kata Ni’mat, tegesipun tiang dados manten utawi tiang

nikah meniko ngraosaken nikmat lahir lan batin.

Nomer kaleh huruf Kaf, meniko singkatan saking kata Karomah utawi

keramat. Tegesipun dados manten meniko selalu dipun mulyaaken selalu keramat,

sehinggo panggonan lenggahipun meniko dipun utamaaken wonten ngajeng

piyambak kados dene palenggahanipun raja lan permaisuri.

Nomer tigo Huruf Haa meniko singkatan saking kata Hikayah. Ingkang

artosipun cerito tegesipun tiyang menawi sampun nikah, meniko maleh saget

cerito-cerito kaleh garwanipun, benten kaleh tiang taksih bujangan, menawi

wonten kamar tilem piambek kleasak-klesik, glimpang-glimpung, kaleh bantal

Page 21: Pidato Bahasa Jawa

guling, tapi menawi sampun nikah, yen teng kamar saget cerito-cerito kaleh

garwane

Poro rawuh ingkang kulo hormati !!

Kajawi saking meniko taksih wonten malih kewajiban-kewajiban ingkang

kedah dipun laksanaaken. Antara suami lan istri. Dene kewajibanupun tiang jaler

sebagai suami, meniko kedan mulang dumateng istrinipun ingkang sahe. Shoho

perintah ngamalaken dawuh-dawuhipun Alloh kados dene : puoso, sholat, sesuci,

adus jinabat, lan sanesipun. Kranten tiang jaler meniko ingkang bertanggung

jawab dumateng tiang istri lan putro-putrinipun.

Alloh sampun dawuh wonten Al-Qur’an

الر جال ق وامو ن على النسآ ء

Artosipun :

“Bilih tiang jaler meniko ingkang jemenengi/mimpin dateng tiang estri“

Dene kewajiban tiang estri dateng tiang jaler, ing antawisipun inggih

meniko, menawi dipun sawang ingkang jaler, kedah tansah bingahaken. Lan

menawi dipun perintah kedah selalu to’at, utawi manut, selagi perintahipun kolo

wahu mboten perkawis maksiat. Shoho menawi dipun tinggal kesah ingkang jaler,

tiang estri kedah selalu anjagi dirinipun (utawi badanipun) lan njagi bandanipun,

kados dawuhipun kanjeng Nabi, ingkang dipun riwayataken dening shohabat Abi

Hurairah, ingkang dawuhipun mekaten :

تك ف مالك خي ر النسآء إمرأة إذا نظر ت إلي ها سرتك وان امرت ها اطا عتك وان غبت عن ها حفظ ون فسها

Ingkang artosipun :

“Sak apik-apike wong wadon sing naliko siro sawang, deweke tansah bungahake

marang siro, lan naliko siro perintah tansah manut lan naliko siro tinggal lungo,

tansah jaga awake lan bondo siro“

Porp Bapak poro Ibu kintenipun namung mekaten atur kawulo, lintu wekdal

Insyaa Allah saget dipun sambung malih.

Kupat lepet taline janur

Lepat luput tetep dadiho sedulur

Akhiripun sedoyo kelepatan kulo awal ngantos akhir kulo nyuwun

pangapunten.

و باهلل التو فيق و اهلداية

والسال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

Page 22: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO SAMBUTAN WALIMATUL URSY

ة اهلل وبر كا تهالسال م عليكم ورمح

وانكحوا االيامى منكم والصالي من عباد كم وإما ئكم وإم . المد هلل الذال قد قا ل ف كتابه الكرمي والصالة والسالم على سيدنا ومولنا ممد . عليم ئكم إن يكون وا ف قراء ي غنيهم اهلل من فضله و اهلل واسع

القائل النكا ح سنت فمن أحب فطر تى ف ليتسن بسنت وعلى اله و أصحا به ومن وااله اما بعدPoro bapak, poro ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo mulyaaken.

Sakderengipun kulo matur nopo ingkang Alloh SWT, ingkang sampun

paring pinten-pinten rohmat dateng kito sedoyo, sehinggo kito saget makempal

wonten ing meniko majlis, dalam rangka menghadiri undangan walimatul Ursy

ing saat meniko.

Poro rawuh ingkang kulo hormati,

Ngawontenaken walimah meniko hukumipun sunah, kranten meniko derek

dawuhipun kanjeng Nabi, bilih wonten salah setunggulipun wekdal, sohabat

Abdurrohman bin Auf, matur dateng kanjeng Nabi, bilih piyambakipun

nglaksanaaken nikah damel maskawin (Mahar) rupi emas sak bobotipun kelungsu

kurmo salajengipun kanjeng Nabi ngendiko.

بار ك اهلل لك أول ولو بشاة

“Tegesipun kanjeng Nabi donga’aken barokah, lajeng perintah ngawontenaken

walimah senajan namun nyembelih maendho setunggal.

Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Bicoro masalah walimah meniko, weninipun katah. kados ingkang kasebut

wonten ing kitab-kitab fiqih. Wonten kala : Walimatul ‘Ursy wonten kalane

walimatul khitan, wonten kalane walimatul maulid, wonten kalane walimah

ngedekaken griyo utawi boyongan, shoho sanesipun. Dene ingkang paling utami

utawi ingkang afdhol inggih meniko “Walimatul ‘Ursy utawi Walimah Manten”

Dene masalah ijabatut-da’wah, utawi dugeni dateng walimah, meniko

hukumipun inggih benten-benten. Menawi walimah manten, meniko ingkang

dipun undang, wajib ndugeni, selagi wonten majlis walimah manten kolowahu,

boten wonten perkawis mungkar utawi maksiat. Lan menawi wonten perkawis

maksiat utawi perkawis ingkang nglaraaken manah, meniko boten wajib nekani.

Dene menawi walimah saklintunipun manten, sami ugi walimah khitan

utawi maulud, utawi aqiqoh, meniko ndugeni hukumipun sunat. Poro rawuh !,

sa’lajengipun, menawi wonten setunggal wekdal meniko wonten undangan kaleh,

utawi tigo, meniko ingkang dipun dugeni gedah ingkang langkung parek

griyanipun. Dene menawi perekipun, meniko podo ingkang dipun dugeni

langkung rumiyin ngundangipun. Hal meniko damel dasar hadisipun kanjeng

Nabi ingkang dipun riwayataken deneng Abu Dawut RA

جب أق ربه فإن سبق أحدها ف جب الذي سبق . باباإذا إجتمع دا عيان ف

Ingkang artosipun :

“Menawi kempal tiang ngundang kalih (sareng wekdalipun) moko ingkang dipun

dugeni, tiang ingkang langkung parek lawang griyonipun. Menawi salah

setunggalipun meniko langkung rumiyin, inggih ingkang langkung rumiyin

meniko ingkang dipun dugeni“

Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Kolo wahu kawulo ngaturaken bilih ndugeni dateng undangan walimah

manten meniko hukumipun wajib. Benten kaleh dugeni undangan saklintunipun

walimah manten, kados dene walimah khitan utawi walimah maulid meniko

dugeni hukumipun sunat.

Poro rawuh, meniko nopo rahasianipun utawi sebabipun masalah dugeni

walimah meniko kok benten-benten ? menurut sebagian Ulama meniko wonten

Page 23: Pidato Bahasa Jawa

ingkang njelasaken, menawi ndugeni datang walimah manten meniko wajib.

Sebabipun wonten ing majlis walimah manten meniko wonten tiyang ingkang

nyandang susah utawi sakit malah sedoyonipun ngraosaken ayem seneng lan

bungah. Tegesipun tiyang ingkang dipun unddang seneng, lan menikolah ingkang

dados wajibipun dugeni undangan walimah manten.

Lan menawi walimah khitan utawi walimah maulid (kelahiran) tumrap

tiyang ingkang dipun undang dugeni walimah meniko hukumipun sunat, kranten

wonten ing griyanipun tiyang ingkang kagungan hajat meniko wonten ingkang

ngraosaken sakit utawi payah. Tegesipun tiyang ingkang dipun undang seneng

tiyang ingkang ngundang seneng, tapi lare ingkang dipun khitani utawi ibu

ingkang nglahiraken meniko ngalami sakit. Pramilo dugeni dateng undangan

walimah khitan utawi kelahiran hukumipun sunat boten wajib.

Tepi sedoyo kolowahu utaminipun dipun dugeni kranton meniko derek

dawuhipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken dening Imam Muslim :

صا ئما ف ليصل وان كان مفطرا ف ليطعم إذا دعي احدكم ف ليجب فإ ن كان

Ingkang artosipun :

“Menowo siro diundang mangko becik tekoho manwa siro poso mangko donga’no

bagus lan barokah menawo siri ora poso mongko mangano“

Poro Rawuh kintenipun cekap semanten kangge sambutan kulo akhiripun

kulo akhiri kupat lepet taline janur, lepat luput panggahodadi sedulur, sedoyo

kelepatan kulo nyuwun pangapunten.

و باهلل التو فيق و اهلداية

والسال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

Page 24: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO PENERIMAAN KEMANTEN

السال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

وكان ربك قدي را والصالة والسالم على سيدنا . با وصهرأالمد هلل الذى خلق من الماء بشرا فجعلمه نس فال حول و ل ق وة اال باهلل . أما ب عد . وعلى أله وصحبه صالة وسالما كثي را. ممد أفضل اللق والورى

.يم العلي العظ Poro Bapak, poro Ibu Shoho sedoyo tamu undangan walimatul Ursy

ingkang kawulo mulya’aken. Mboten kesupen dumateng sedoyo poro pengantar

kemanten ingkang kawulo hormati. Shoho poro hadirin lan hadirot ingkang kulo

hormati.

Wonten ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Shohibul Hajat utawi

ingkang kagungan dalem, langkung rumiyin kulo nglahiraken puji lan syukur

dateng Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat Taufik shoho

Hidayah dumateng kito sedoyo. Sehinggo kito saget keroyo-royo, guyub lan

rukun, sami rawuh wonten ing dalemipun Bapak Hamid puniko, kanthi

kawontenan ingkang sehat wal afiat.

Shoho Rohmat lan Salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken

dateng junjungan kito Nabi besar Muhammad SAW. Ugi dumateng poro ahli

keluarga lan poro sohabatipun, mugi-mugi atas kerawuhan kito sedoyo ing saat

meniko andadosaken sababiyahipun kito mbenjang pikantuk syafaatipun kanjeng

Nabi. امي يا ر ب العا لمي

Poro Rawuh Ingkang Kulo Hormati

Wonteng ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Hamid ingkang

kagungan dalem sepindah kawulo ngaturaken sugeng Rawuh, dumateng poro

tamu-tamu sedoyo, sami ugi sangking undangan walimatul Ursy, utawi poro

pengantar kemanten. Dene punopo panjenengan sedoyo kerso ngrawuhi

undanganipun Bapak Hamid sekeluarga boten kesupen Bapak Hamid sekeluarga

ngaturaken.

مر حبا أهال بضو ر كم

Ingkang kaping kalih Bapak Hamid sekeluargo nyuwun agunging

pangapunten dateng hadirin sedoyo mengenai kekirangan sangking segi nopo

kemawon. Sami ugi sangking segi panggenan, papan pinaraan, pasugatan, shoho

poro sinoman ingkang sami leladen, lan monggo hidangan ingkang sampun

kasediaaken meniko kito ni’mati utawi kito dahar kanthi dipun kawiti mawi

upacara Bismillahirrahmanirrahim. Monggo dipun dahar sa’wontenipun.

Poro rawuh ingkang kawulo hormati !

Sa’lajengipun kolo wahu Bapak wali utawi tiang sepuhipun penganten putri

sampun masrahaken putro-putrinipun, dumateng keluarga mriki, khusus ipun

dumateng Bapak Hamid selaku tiang sepahipun penganten putri inggih puniko

ingkang asmo sederek Hindun. Pramilo ing mriki kanti raos maremipun penggalih

shoho bingahipun manah, shoho kanti ucapan Alhamdulillah, penyerahanipun

kolo wahu kulo trami kalean asto kaleh. lan langsung mulai saat meniko kemanten

kaleh kolowahu kulo akehi dados putro kulo kiambak lan dados keluarga kulo.

Shoho kulo nyuwun tambahi doa restu. Mugi-mugi kulo selaku tiyang sepuh mriki,

sageto mendidik shoho ngopeni dateng putro kaleh kolowahu, sehinggo saget

membentuk rumah tangga ingkang bahagia, sejahtera, maslahah lan barokah

dibawah naungan ridho Alloh SWT. Amien.

Page 25: Pidato Bahasa Jawa

Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Ingkang terakhir mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno,

menawi panjenengan wonten ingkang kerso jagong, kawulo inggih

nyumbanggaaken, ugi malah matur nuwun. Dene menawi terus kundur kawulo

mboten saget nyangoni menopo-menopo, namung saget ndonga’aken, mugi-mugi

kundur panjenengan saking griyo mriki, ngantos dumugi dalemipun piyambak-

piyambak, kalian Alloh dipun paringi wilujeng, mboten wonten alangan punopo

Amien.

Akhiripun kangge kulo, kulo cekapi semanten kemawon, kirang

langkungipun anggen kulo matur, sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agunging

pangapunten.

و باهلل التو فيق و اهلداية

والسال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

Page 26: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO PENYERAHAN KEMANTEN

السال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

دا نا والصالة والسالم على سيد نا ممد الذى ه . وحرم علي السفا ح . المد هلل الذى أحلنا النكا ح وعلى اله وأصحابه أهله الصدق والصالح أما بعد فال حول وال ق وة إال باهلل . إل سبيل النجاح

Poro Bapak, Poro Ibu, Poro Tamu undangan ingkang kawulo mulyaaken,

shoho poro tamu pengantar penganten ingkang kulo hormati. Sa’derengipun kulo

matur nopo ingkang bade kulo aturaken mangke, langkung rumiyen kulo muji

syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun pareng

Rohmat soho nikmat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehingga kulo lan

panjenengan sami saget rawoh wonteng ing majlis puniko, kanti kawontenan

rahayu wilujeng widodo lir sambi kolo.

Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat Ta’dzim Alloh soho salam tansah

tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW soho

para ahli keluarga lumeber dateng kito ingkang sami rawuh ing majlis puniko.

Sehinggo kanthi pertemuan kito ing majlis puniko saget dadosaken

sababiyahhipun kito pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi benjang ing dinten

Qiamat. Amien

Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken !

Ingkang kaping tigonipun kawulo ngaturaken agunging panuwun dumateng

sederek pranoto acoro ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo, mugi-mugi

wekdal meniko saget kulo gunaaken ingkang sa’sahe-sahenipun.

Poro rawuh, wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking walinipun

pengantin putro shoho atas nami wakil sedoyo tamu pengantar pengantin putra.

Sepindah kawula ngraos syukur Alhamdulillah dateng Allah SWT. Shoho

matur nuwun sa’agengipun dumateng Bapak Shohibul baik mriki sekeluarga,

ingkang sampun bersusah payah budhi dhaya nyediaaken papan pinara’an, shoho

hidangan engkang arupi daharan lan unjukan ingkang kados mekaten meniko

mewahipun, wonten ing mriki kawulo atas nami wakil para tamu pengantar

pengantin, mboten saget mbales atas penghormatan meniko kejawi namung saget

dungaaken dateng Bapak Shohibul bait mriki kanthi ucapan

جزا كم اهلل خي ر الزا كث را

Mugi-mugi atas jerih payahipun utawi penghormatanipun Bapak Shohibul bait

mriki sekeluarga tansah andadosno amal sholehipun ingkang ditrimo dening Allah,

shoho dipun bales kanthi balesan ingkang sakkatah-katahipun. امي يا ر ب العا لمي

Poro rawuh sedoyo kangge selajengipun, wonten ing mriki kawulo

minongko wakil saking walinipun pengantin putro inggih puniko Bapak Hamid.

Kolo wahu bidal sangking dalemipun, kawulo nampi Amanat sangking Bapak

Hamid, ingkang supadoso masrahaken si manten jaler ingkang Asma sederek

Hasan puniko, dumateng bapak Shohibul bait mriki minongko tiyang sepuhipun

pengantin putri. Pramilo, sakrehning sederek Hasan puniko sampun trami dados

putro mantunipun bapak shohibul bait mriki, ugi kulo wahu sampun dipun

laksanakaken Aqad Nikah. Pramilo kanti raos bingahipun manah, shoho kanthi

ucapan “Bismilah” sederek Hasan meniko kulo pasrahaken sa’doyonipun

dumateng Bapak Shohibul bait mriki, kanti pasrah bongko’an tegesipun inggih

kados mekaten meniko kawontenanipun. Dene menawi wonten kekirangipun

sangking segi nopokemawon, Dene menawin wonten kekiranganipun sangking

segi nopokemawon, sami ugi : segi pendidikan, segi pengalaman, pendamelan lan

sanesipun, kawulo suwun Bapak Shohibul bait mriki umumipun, sedoyo keluarga

lan masyarakat mriki kersoho paring bimbingan soho tuntunan, kados pundi amrih

saget sahenipun.

Page 27: Pidato Bahasa Jawa

Poro rawuh ingkang kulo mulya’aken !

Ingkang terakhir kawulo ugi atas kami nami wakil saking rombongan

pengantar penganting mbok bilih acara puniko mangke sampun paripurno, kawulo

sa’rombongan, ugi nyuwun pamit pindah, soho nyuwun tambahipun do’a restu.

Mugi kulo sa’rombongan wangsul saking dalem mriki, tumuju dateng griyanipun

piyambak, tansah dipun paringi slamet, wilujeng, boten wonten setunggal alangan

punopo. Amien.

Shoho sa’derengipun kulo pungkasi, kawulo minongko wakil saking sedoyo

pengantar pengantin, kulo nyuwun agunging pangapunten, saking tingkah laku,

ucapan-ucapan, tindak tanduk ingkang kurang nyocokidateng panggalehipun

Bapak Shohibul Bait mriki sakeluarga. Shoho kangge kulo pribadi sedoyo

kesalahan awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-

katahipun.

تو فيق و اهلدايةو باهلل ال

والسال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

Page 28: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO THOLABUL ILMI

السال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

و على . والصالة والسالم على سيدنا ممد على كل حال . ى فضل بن أدم با لعلم والعمل المد هلل الذ اله واصحا به اصحاب الكرامة والكمل أما بعد

Dumateng Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian ingkang kulo hormati !

Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng

Alloh SWT ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, Ni’mat, dumateng

kulo, lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lan panjenengan saged karoyo-royo

bucal thempo ninggalno griyo, ninggal bondho lan rojo koyo sami saget rawo

wonten ing majlis puniko boten ategas prawan golek joko, utawi dudo golek

rondho. Nanging leres-leres golek ilmu Agomo. Ilmu sing keno kangge sangu

dateng griyane moro tuwo. Shoho ilmu sing keno kangge sangune ngadep datang

kang moho kuoso.

Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Sebagai pengajak kulo monggo iang saat meniko kulo lan panjenengan

samiho niat ngaji. Niat ibadah dateng ngarsanipun Allah SWT. Keranten pancen

dados tiyang Islam lho Pak?! Bu?! Ngaji niku wajib tumrap kito sedoyo. Kanjeng

Nabi dawoh :

(رواه ابن عبد الرب)طلب العلم فريضة على كل مسلم ومسلمة

Ingkang artosipun :

“Bilih pados ilmu meniko dipun fardhuaken tumrap saben-saben tiyang Islam

jaler lan istri“

Soho kanti hadist meniko kito sampun jelas bilih pados ilmu meniko

merupakan proses ingkang serba terus tanpa wonten bates waktu baik kapanpun,

dimanapun dan dalam keadaan bagaimanapun. Dados senajan tiyangnipun

sampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, ora tedas peyek, meniko tetep

kewajiban pados ilmu.

Poro Rawuh ingkang kulo hormat !

Keranten tiyang niku menawi boten gadah ilmu senajan toh ibadah sampek

jungkir balik, utawi ibadah mempeng, tapi boten dipun ilmuni meniko tiwas bal

gedual.

و كل من بغي علم ي عمل اعماله مر دو دة ال ت قبل

Tiyang niku menawi boten gadah ilmu, ngamalipun boten dipun terimo dening

Alloh. Mardudatun Laa tugbalu.

Pramilo sangkeng meniko, monggo Poro Rawoh sedoyo terutama adik-adik lan

generasi Muda-mudi remaja Islam. Kito tingkataken anggen kito belajar. Supados

benjang angsal ilmu ingkang katah lan manfaat soho ilmu ingkang saget beto

bahagia lan wilujeng donyo lan akherat. Hal meniko cocok kalian dawohipun

Alloh wonten Al-Qur’an, Surat Al-Mujadalah ayat 11

ي رفع اهلل الذ ين آمن وا منكم والذ ين أوت وا العلم درجات

Artosipun :

“Allah bade ngangkat derajatipun tiyang-tiyang ingkang beriman lan tiyang-

tiyang ingkang nggadahi ilmu dateng pinten-pinten derajat“

Tapi sa’wangsulipun menawi kito boten anggadahi ilmu boten saget ngaji

lan boten purun belajar lan boten sekolah, tengriyo namung kluyur-kluyur jogrok

klimprak-klimprik kados sarung goyor, niku nggih boten patut, sampun

ketinggalan jaman. Amargi, niki sampun jaman merdeka boten kados jaman

penjajah. Sa’niki sampun kathah sekolahan sampun kathah tempat-tempat

pendidikan. Pramilo monggo kito tingkataken anggen kito belajar, pados ilmu

pengetahuan ingkang kathah. Soho dumateng poro Bapak, Ibu sampun ngantos

Page 29: Pidato Bahasa Jawa

ketinggalan, ojo sampek gadah putro sing lolak-lolok, boten purun sekolah, boten

purun ngaji, boten purun datang masjid, datang langgar, lan sanes-sanesipun.

Keranten lare niku menawi boten kenal pendidikan, nopo maleh pendidikan Ilmu

Agama. Niku nggeh nyusahaken tiyang sepuh nipun. Menawi kentandang gaweh

boten purun. Sa’bendino ngente’no sego, jaluki duwit, di tuturi boten manut, karo

Ibu nesu, karo bapak galak, karo Embah mbantah, karo Kakang mbangkang, karo

Paklek mendelik, karo Pakdhe gumedhe, karo dulur ngladur, karo tonggo ora

duwe dugho. Diajar nangis, kon minggat boten budal, di guwak moleh bendino

ngentekno sego, didhol ora payu Akheripun tiyang sepuhipun namung susah,

gelisah pikiran jibek napas sesek, dodo ampek, awak dredek, kuping gemrebek

weteng muneg-muneg, irung pilek, awak sak kujur rasane dredek, bendino kur

telek-telek mergo duwe anak ndablek kon mergawe ora untek menengahe malah

mbegegek lek ngeteniki tiyang sepuh susah menopo boten? Poro Bapak Poro Ibu?

Mulane monggo putro-putrine dipun didik ingkang saestu supados leres-leres

saget kados lare ingkang berguna bagi Agama, Bangsa lan Negoro, Soho ingkang

saget menjunjung tinggih Harkat lan Martabat tiyang sepuhipun kaleh. Ingkang

cocok dawohipun kanjeng Nabi

خي ر الناس أن فعهم للنآس

Artosipun :

“Sa’bagus-baguse menongso yoiku sing manfaat marang, menungso liyane“

Poro rawo ingkang kulo hormati !

Kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun

pangapunten.

و باهلل التو فيق و اهلداية

والسال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

Page 30: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO KESAN PESAN KEPADA PARA SANTRI

السال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

. ين الذي هدا نا إل الرشد المبي وامرنا باالتاد واالعتصام ببل اهلل المتي المد هلل رب العا لوا ببل اهلل واعتصم : فقال اهلل تعال . والصالة والسالم على سيدنا ممد وعلى اله وصحبه اجعي اما بعد

عا وال ت فرق وا ي جDumateng Poro Bapak Pinisepuh, soho Poro Bapak Kiyai ingkang kulo

mulya’aken. Poro konco-konco, Poro santri putra soho Putri ingkang kulo hormati.

Boten kesupen dumateng Adi-adik senasip lan sa’perjuangan ingkang kulo

sayangi.

Lewat suasana ingkang indah, cerah terang benderang, pada kesempatan

meniko, kintenipun boten wonteng kata-kata ingkang manis, ingkang pantes kulo

aturaken wonten permulaan atur kulo, kejawi nglahiraken raos puji syukur, dateng

Alloh SWT kanthi ucapan….

المد هلل رب العالمي

Ingkang kapingkalihipun Rohmat soho salam mugio tetep dipun limpahaken

dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW shohor poro Ahli

Keluarga lan sahabatipun.

Kaping tigonipun kulo aturaken matur nuwun dateng sederek pembagi acara

ingkang sampun paring wekdal dateng kulo kangge ngisi wontenipun acara ing

saat meniko. Mugi-mugi wekdal meniko mangke saget kulo guna’aken ingkang

sa’sahe-sahenipun.

Poro konco-konco santri ingkang kulo hormati !

Pada kesempatan niki, kulo saget merasa bangga lan gembira kranten ing

saat meniko kulo dipun takdiraken dening Allah saget bertemu, berpadu lan

bersatu kaliyan rekan-rekan santri ingkang giat lan gigih dalam memperjuangkan

syariat Islam Agama Alloh. Pramilo merupakan suatu hal engkang sanget

berharga shoho sanget penting menawi wonten kesempatan meniko kulo

mengajak dumateng konco-konco kangge ningkataken mutu semangat belajar lan

berjuang kanthi sungguh-sungguh lan sabar. Sampun ngantos putus sebelum

berhasil. Nopo malih tumrap kito sedoyo sebagai santri, isoho dadi santri sing

cocok kaleh sebutane santri. Ingkang maksudipun SAN niku Insan utawi

menungso. TRI, niku berarti Tigo. Dados Santri niku insan (manungso) ingkang

kedah netepi perkawis tigo.

Inggih meniko No 1 : اطيع اهلل (To’at dumateng Alloh) No. II اطيع الر سول (To’at

dumateng Rosul) No. III اول االمر (To’at dumateng Pemerintah).

Poro Rawuh ingkang kulo hormati !

Wonten sebagian Ulama ingkang njelasaken :

Bilih santri meniko singkatan sangking gangsal kata inggih meniko :

SANTRI :

SA berarti sanggup

N berarti nerusaken

T berarti tuntunan

R berarti Rosul

I berarti Ilahi

Dados sebagai santri kedah sanggup nerusaken tuntunan Rosul Ilahi. Shoho

kedah berjuang lan anggadahi I’tiqod ingkang kiat, tabah lan sabar dalam

menghadapi sesuatu. Tak Mundur dalam bertempur. Tak cemas karena panas. Tak

heran karena hujan. Tak goyang karena gelombang. Tak gentar halilintar. Tak

muntir karena petir. Tak gopoh melawan musuh. Mendal karena rayuan gombal.

Hal meniko cocok kalian qoulipun Iman Ibnu Malik wonten kitab Alfiyah ;

Page 31: Pidato Bahasa Jawa

ولو ت و لت زمر االعداء * ال أق عد الب عن اهليجاء

Ingkang artosipun :

“Aku ora bakal mandek wedi sangking pertempuran senajan musuh berbondong-

bondong melawan“

Kejawi sangking meniko pancen santri meniko ingkang bertanggung jawab

dateng maju munduripun utawi gesang lan matinipun umat beragama wonten

masa depan. Imam Gozali wonteb kitab ; عظة النا شئي njelasaken

ا مكم حيا ت هاوف إقد * إن ف يد كم أمر االمة

Ingkang Artosipun :

“Sa’temene ono ing tangan siro kabeh iku letak urusan umat yakni urip utowo

matine lan ono ing derap langkah siro iku maju lan mundure umat”

Poro rawuh ingkang kulo hormat !

Dados jelasipun menawi kito sebagai santri, boten purun bertekat melingkis

celana melangkahkan kaki, terjun wonten jam’iyah utawi organisasi. Boten purun

berjuang nyiaraken agami Islam, bererti kito meniko nuduhaken kematian lan

kemunduruan agami wonten ing masa depan. Tapi sak wangsulipun menawi kito

sedoyo sebagai santri utawi sebagai generasi muda-mudi Islam purun belajar ilmu

agami ingkang mempeng shoho purun berjuang terjun wonten jam’iyah-jam’iyah,

kados dene jam’iyah qiroah utawi jam’iyah dibaiyah shoho jam’iyah seni hadroah

shoho sanes-sanesipun, Insya Allah kehidupan agama lan kemajuan agama

wonten ing masa depan tetap cerah bersinar terang.

Pramilo sangking meniko monggo kito samiyo ngatah-ngatahaken dongo

nyuwun dateng Alloh, mugi-mugi Alloh ngasilaken perjuangan kito sedoyo

sehinggo saget tercapai lain terwujud cita-cita agama, bangsa lan negara لدة ب Negara aman, damai, adil dan makmur penuh ampunan, lan ridlo طيبة ورب غفور

Allah. Amin.

Cekap semanten atur kulo. Sedoyo kelepatan nyuwon pangapunten ingkang

kathah.

و باهلل التو فيق و اهلداية

والسال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

Page 32: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO PERJUANGAN

السال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

والصالة والسالم على اشرف . نا من علوم الدين واذل المعتدين وأف هم . المد هلل الذي اكرم المجا هدين ين ف قال اهلل ت عال . أما ب عد المرسلي سيدنا ممد وعلى أله واصحا به ومن تبعهم ال تبعهم ال ي و م الد

ادع ال سبيل ربك بالكمة والمو عظة السنة . أعو ذ باهلل من الشيطان الرجيمن ف القرآن الكرمي .صد ق اهلل العظيم. وجادهلم بالت هي احسن

Hadrotul Mukarromin, poro Ulama’ul Amilin khususipun poro Bapak kiyai

ingkang kulo hormati.

Sahabat-sahabat, rekan-rekan, adik-adik senasib lan sa’perjuangan ingkang

kulo sayangi.

Langkung rumiyin kulo manjataken puji syukur dateng Alloh SWT, Tuhan

Semesta Alam, ingkang mucal menungso mawi Qolam tentang ilmu ingkang

dereng difaham, shoho Rohmat Allah lan salam mugiho dipun tetepaken dateng

Nabi Pejuang Islam. Nabi pemimpin Arab lan ajam ingkang beto umat manusioa

sangking masa ingkang hitam kelam, masa ingkang penuh sifat murka lan kejam

menuju masa damai, aman, tentram, ingkang penuh cahaya bagaikan sinar bulan

ing tengah malam, yakni saking masa jahiliyah menuju masa Islamiyah.

Poro Hadirin ingkang kulo hormati !

Menurut pandangan Islam, agama ingkang paling mulyo minggahipun Alloh,

inggih puniko agami Islam. Keranten Agami Islam, meniko bade mejamin umat

manusia menuju hidup bahagia lahir lan batin, shoho wilujeng wonteng ing dunyo

lan akhirat, selagi tiyang ingkang memeluk Agami Islam kolowahu-boten

menyimpang lan melanggar dateng garis-garis agami Islam, shoho boten

melanggar dateng ajaran Islam, tapi kangge mencapai lan ngasilaken kebahagiaan,

shoho kawilujengan lahir lan batin meniko boten saget dipun wujudaken sambi

turu utawi tenguk-tenguk kaliyan lingguh silo tumpang, meniko boten saget

wujud tanpa dipun tuntut kalian perjuangan ingkang sungguh-sungguh Sedoyo

kolo wahu boten berhasil nopo malih kangge mempertahankan shoho

melestarikan nilai kemulyaan Islam meniko. Kito kedah ringan tangan lan

bermurah hati, ngorbanaken jiwa raga, shoho harta benda demi kejayaan Islam,

lan kaum muslimin.

Firman Alloh wonten Al-Qur’an :

موا لكم وأن فسكم ف سبيل اهلل و جا هدوا ب

Ingkang artosipun :

“Lan berjuango siro kabeh klawan bondo siro lan awak siro ing dalem agamane

Alloh“

Nopo maleh memasuki abad modern saat meniko katah kebudayaan-kebudayaan

asing ingkang mlebet wonten negari kito Indonesia, ingkang bertentangan kalian

agami Islam. Terutami wonten kalangan muda-mudi, remaja, katah poro remaja

ingkang menggemari kebudayaan luar tapi boten dipun saring, cocok nopo boten

kalian ajaran agami Islam ? niki boten peduli.

Hal meniko menawi kito kurang waspada, utawi boten kito cegah, soyo

dangu bade merajalela, sehinggo saget ngalahaken kebudayaan Islam piyambak

akhiripun umat Islam piambak ingkang bade rugi.

Pramilo sangking meniko kulo anjuraken dateng poro Jutawan, poro أغنياء

poro dermawan, sampun ngatos bahil utawi kumed ngurbanaken harta benda

kangge

Kepentingan Agami kito. Kito sebagai generasi penerus pewaris sangking

generasi ingkang rumiyin sampun jerih payah mewarisi kito bangunan masjid-

masjid, gedung-gedung madrasah, langgar lan sanesipun, lan ugi kito ingkang

Page 33: Pidato Bahasa Jawa

ngraosaken utawi ingkang nggunaaken bangunan-bangunan kolo wahu.

Sa’meniko kito ugi kedah purun bangun, utawi ndandosi bangunan kolo wahu,

supados generasi ingkang bade datang ingkang ngrahosaken jasa kita. Hal meniko

cocok kaleh dawuhipun Al Hukama

كل الناس ب عد نا* لقد غر سوا ف كلنا وإن نا لن غرس حت ي

Ingkang artosipun :

“Sa’temene wong-wong kang dingin wis podho nandur jasa sehinggo kito sing

mangan jasane lan sa’temene kito ugo nandur sehinggo wongkang sa’wise kito

(generasi mendatang) mangan jasa kito“

Poro Rawuh ingkang kulo hormat !

Pramilo sangking meniko kangge ngasilake kejayaan Islam dan kebahagiaan

kaum muslimin monggo sanak famili, tonggo teparu, lan masyarakat kito ajak

menuju dateng dalan agamipun Alloh kanti bijaksana, nanti pitutur ingkang sahe,

lan tingkah laku ingkang ngremenaken, supados saget cocok antara ucapan lan

perbuatan. Hal meniko sesuai kalian dawohipun Allah :

أدع إل سبيل ربك بالكمة والمو عظة السنة وجا دهلم بالت هي أحسن

Ingkang Artosipun :

“Ngajako maring dalane Pangeran iro kanti bijaksana lan pitutur kang bagus lan

tukaro pendapat maring Qoum kelawan toto coro kang bagus“

Poro Rawuh, pramilo monggo sepindah malih semangat berjuang lan

beramal selalu kito tingkataken sampun ngantos bosen utawi waleh,

sa’derengipun berhasil. Mugi-mugi Alloh SWT enggalo paring kesembadan

dateng usaha lan perjuangan kito sehinggo, tercapailah cita-cita kito, bahagia, lan

slamet wonten ing donyo lan akhirot Amin.

Cekap semanten atur kulo

و باهلل التو فيق و اهلداية

والسال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

Page 34: Pidato Bahasa Jawa

PIDATO WAKIL SISWA DALAM PENUTUPAN SEKOLAH

السال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته

وند عهم إلال سبيل . ونسئل ن فعها لن نذر با اهل القر ية . المد هلل الذى على ما ختمناه من الدراسة وعلى اله وأصحا به ومن وااله وعلى من , م على سيدنا ممد إبن عبد اهلل والصالة والسال . رب نا بالكمة

اما ب عد . ومن علم وت علم في ها العالء كلمة اهلل . أقا م هذه المدرسة Hadratul mukarromin, poro Ulama’ul amilin poro Bapak guru dan bu guru

ingkang kulo taati, poro Bapak wali murid ingkang kulo hormati, poro konco-

konco sedoyo siswa-siswi madrasah……… ingkang kulo sayangi. Poro hadirin

sekalian ingkang kulo hormati.

Sa’derengipun kulo ngaturaken nopo ingkang dados beban kawulo,

langkung rumiyin kulo muji syukur dateng Alloh SWT ingkang sampun paring

Rohmat Nikmat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehinggo kito sami saged

karoyo-royo, saget bertemu, berpadu lan bersatu wonten ing majelis puniko kanthi

keadaan ingkang sehat wal afiat.

Ingkang kaping kalehipun mugi-mugi tambahipun Rahmat Ta’dzim Alloh

tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho

dumateng poro ahli keluarga lan sohabatipun.

Ingkang kaping tigonipun kulo ngaturaken matur nuwun dumateng sederek

pembagi acara ingkang sampun mempercayakan penuh dumateng kawulo,

sa’perlu nyampeaken sambutan atas nama wakil sedoyo siswa-siswi, khususipun

siswa-siswi kelas tiga tsanawiyah, ingkang sekedap maleh bade ninggalaken

bangku sekolah wonten ing Madrasah puniko.

Poro Rawuh ingkang kulo hormati !

Sesuai kalian fungsi sangking tugas kawulo inggih puniko mewakili

sangking sedoyo siswa-siswi khususipun siswa-siswi kelas tigo Tsanawiyah

wonten ing madrasah puniko. Wonteng ing mriki kawulo ngaturaken matur

nuwun ingkang sa’agungipun dumateng Poro Bapak Kyai, soho sedoyo dewan

Asyatid ingkang sampun jerih payah ngorbanaken jiwa raga, tenaga, lan fikiran.

Boten pandang wekdal, siang utawi dalu, panas utawi jawah sak perlu mendidik

soho membina dumateng kawulo sa’konco awit milahi mlebet wonten ing

madrasah mriki sehingga wekdal puniko saget dipun wastani Tamat tingkat

tsanawiyah. Wonten ing mriki kulo sa’konco, boten saget bales punopo-punopo

atas jerih payahipun, utawi jasa-jasanipun Poro Bapak Kyai, lan Bapak Guru,

kejawi kulo namung saget ngaturaken….

جزا كم اهلل أحسن الزاء كثي را

Mugi-mugi Allah SWT ingkang bales jasa-jasa utawa jerih payahipun Poro

Bapak Kiyai, Bapak Guru lan Ibu Guru kanti balesa ingkang sa’sahe-sahenipun,

soho ingkang katah. Amien yaa Robbal Aalamien.

Poro Bapak poro Ibu soho Hadiri sedoyo, selajengipun kulo sa’konco

ngaturaken sedoyo kalepatan dumateng poro Bapak Kiyai soho Bapak Guru

wonten ing madrasah puniko, sebab kulo sa’konco sering damel susah payahipun

poro Bapak Kiyai soho poro Bapak Guru sami ugi wonten ing sa’lebetipun

Madrasah utwai wonteng ing jawinipun madrasah. Pramilo sepindah kulo nyuwun

dipun aliraken samudra kemaafan lahir lan batin.

Ingkang terakhir kulo nyuwun barokah do’a restu dumateng Poro Bapak

Kiyai soho Bapak Guru, mugi-mugiu sedoyo ilmu ingkang sampun kulo pelajari

sangking madrasah puniko, sageto manfaat maslahah lan barokah saget manfaati

lan barokahi dumateng pribadi kulo, masyarakat agami, lan negari ingkang

akhiripun saget dados lantaran kangge taqorrub dumateng Alloh, soho ndadosaken

sababiyahipun khusnul khotimah. Amieen.

Page 35: Pidato Bahasa Jawa

Lan mugi-mugi sak sampunipun kito tamat sangking tingkat tsanawiyah

puniko sageto nerusaken dateng tingkat sa’terusipun sehinggo saget hasil lan

tercapai nopo ingkang kito cita-citaaken. Amien.

Kintenipun cekap semanten atur sangking kawulo awal ngantos akhir

sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agengipun pangapunten.

و باهلل التو فيق و اهلداية

والسال م عليكم ورمحة اهلل وبر كا ته