3
Assalamu’alaikum wr.wb Bapak Kepala Sekolah SMA I Banguntapan ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Ibu Guru lan karyawan karyawati ingkang tansah kula kurmati, lan para kanca-kanca ingkang tansah kula tresnani. Saderengipun sumangga sesarengan kula panjenengan sedaya ngaturaken puja puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujegan, saha kabagyan dhumateng kula penjenengan sedaya, saengga ing wekdal punika saged makempal manunggal ing papan menika kanthi sae nir ing sambekala. Salajengipun keparenga kula ing mriki ngaturaken sesorah babagan kabudayan wayang ing tlatah Ngayogyakarta menika ingkang sampun ical saking jiwa para kawula muda. Para rawuh ingkang minulya, Kabudayan wayang menika perangan saking salah satunggaling kabudayan bangsa Indonesia. Ananging kaliyan lelampahing wekdal, kabudayan wayang menika sampun awis kula panjenengan sami kepanggih malih. Tuladhanipun rumiyin asring diwontenaken pagelaran wayang, ananging ing wekdal punika sampun awis. Salintunipun saniki kathah para muda ingkang ndherek budaya kilen saengga kesupen kaliyan kabudayan wayang menika. Kawula muda nganggep kabudayan wayang menika bab ingkang jadul utawi kuna. Nanging anggepan menika klentu. Kabudayan wayang menika kedah dipunjagi lan dipunlestantunaken kanthi lestari, supados

Sesorah B Jawa

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Sesorah B Jawa

Assalamu’alaikum wr.wb

Bapak Kepala Sekolah SMA I Banguntapan ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Ibu Guru

lan karyawan karyawati ingkang tansah kula kurmati, lan para kanca-kanca ingkang tansah kula

tresnani.

Saderengipun sumangga sesarengan kula panjenengan sedaya ngaturaken puja puji

syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujegan, saha

kabagyan dhumateng kula penjenengan sedaya, saengga ing wekdal punika saged makempal

manunggal ing papan menika kanthi sae nir ing sambekala.

Salajengipun keparenga kula ing mriki ngaturaken sesorah babagan kabudayan wayang

ing tlatah Ngayogyakarta menika ingkang sampun ical saking jiwa para kawula muda.

Para rawuh ingkang minulya,

Kabudayan wayang menika perangan saking salah satunggaling kabudayan bangsa

Indonesia. Ananging kaliyan lelampahing wekdal, kabudayan wayang menika sampun awis kula

panjenengan sami kepanggih malih. Tuladhanipun rumiyin asring diwontenaken pagelaran

wayang, ananging ing wekdal punika sampun awis. Salintunipun saniki kathah para muda

ingkang ndherek budaya kilen saengga kesupen kaliyan kabudayan wayang menika. Kawula

muda nganggep kabudayan wayang menika bab ingkang jadul utawi kuna. Nanging anggepan

menika klentu. Kabudayan wayang menika kedah dipunjagi lan dipunlestantunaken kanthi

lestari, supados Ngayogyakarta menika pancen dados kutho ingkang gadhah maneka kabudayan

Jawi. Pramila sekolah-sekolah ing Ngayogyakarta menika gadhah pelajaran bahasa jawi, ingkang

ancasipun supados kawula muda menika saged nglestantunaken lan majengaken kabudayan jawi

menika khususipun kabudayan wayang ing tlatah Ngayogyakarta

Para rawuh ingkang minulya,

Satemenipun kabudayan wayang menika sampun misuwur lan sampun dimangertosi

dening masyarakat Indonesia. Saengga kita para kawula muda kedah nglestantunaken kabudayan

wayang menika supados kabudayan wayang menika mboten ical saking jiwanipun negari

Indonesia samangke.

Page 2: Sesorah B Jawa

Para rawuh ingkang minulya,

Ing wasana cekap semanten atur kula, mugi wigatining sesorah menika saged kula

panjenengan sami pendet manfaatipun. Menawi wonten kalepatan anggen kula matur saha solah

bawa ingkang mboten mranani ing penggalih, saestu kula nyuwun agunging pangapunten, lan

matur nuwun awit kawigatosanipun. Nuwun.

Wassalamu’alaikum wr.wb

Nami : Ida Sulastri

Kelas : XII IPA 3

No : 02