2
PIDHATO SYUKURAN LULUS SEKOLAH Assalamu’alaikum wr. wb Bapak Kepala Sekolah, Bapak Pengurus Komite Sekolah, Bapak Ibu Guru, ingkang kula kurmati, saha kanca-kanca kelas 6 ingkang kula tresnani. Puja lan puji syukur, sumangga sami kula aturaken dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kawilujengan, saengga ing wekdal menika kita dipun panggihaken ing pasamuan ngriki. Minangka wakilipun kanca-kanca kelas 6, kula ngaturaken gunging panuwun, dene Bapak saha Ibu sampun kersa rawuh ing pasamuan ingkang kula wontenaken menika. Pasamuan menika minangka raos syukur, dene kanca-kanca kelas 6 saget lulus sedaya. Salajengipun, kula inggeh ngaturaken gunging panuwun dhateng Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca wiwit kelas 1 ngantos kelas 6. Ngrumaosi kula kathah kalepatanipun ing wekdal menika kula nyuwun gunging samodra

PIDHATO SYUKURAN LULUSAN SEKOLAH.doc

Embed Size (px)

Citation preview

PIDHATO SYUKURAN LULUS SEKOLAHAssalamualaikum wr. wb

Bapak Kepala Sekolah, Bapak Pengurus Komite Sekolah, Bapak Ibu Guru, ingkang kula kurmati, saha kanca-kanca kelas 6 ingkang kula tresnani.

Puja lan puji syukur, sumangga sami kula aturaken dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kawilujengan, saengga ing wekdal menika kita dipun panggihaken ing pasamuan ngriki.

Minangka wakilipun kanca-kanca kelas 6, kula ngaturaken gunging panuwun, dene Bapak saha Ibu sampun kersa rawuh ing pasamuan ingkang kula wontenaken menika. Pasamuan menika minangka raos syukur, dene kanca-kanca kelas 6 saget lulus sedaya.

Salajengipun, kula inggeh ngaturaken gunging panuwun dhateng Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca wiwit kelas 1 ngantos kelas 6. Ngrumaosi kula kathah kalepatanipun ing wekdal menika kula nyuwun gunging samodra pangaksami. Kula inggih nyuwun donga pengestu, mugi-mugi kula saged nglajengaken dhateng sekolah langkung inggil.

Wasana, cekap semanten atur kula, wonten kaladuking atur, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr. Wb

NAMA: YESIKA ANDINA PUTRI