Bahasa Jawa Kelas 9
PKBM Terang Bangsa
MODUL BAHASA JAWA TA 2020 - 2021
By : Feri Kristanti Email : [email protected]
YAYASAN TERANG BAGI SEJAHTERA BANGSA
PKBM TERANG BANGSA
Jl. Permata Hijau BB 11 Pondok Hasanudin, Semarang
Telp. (024)3581777
Email : [email protected]
Bahasa Jawa Kelas 9
PKBM Terang Bangsa
BAB I
PAWARTA, SESORAH & GEGURITAN
PAWARTA
Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing
bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa
wong akeh.
Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang
bentuk kayata:
Bentuk cetak
Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan
sanesipun.
Bentuk Siaran
Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo
nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa JOGJA
TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang, lan sak
panunggalane.
Liwat Internet
Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing
dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing
nyawisake berita basa jawa: pawarta bahasa jawa, sesorah jawa, kumpulan cerita bahasa
jawa, cerita wayang bahasa jawa, lan sak panunggalane.
Bentuk lisan
Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung
saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak
marang bapak, utawa sewalike.
Unsur Pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna
babagan.
Apa = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa = Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan = Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye = Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa= Merga apa kedadean kasebut dumati.
Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng
nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.
Warta ingkang menarik kedah nduweni pirang-pirang sifat yaiku aktual, faktual utawa nyata,
cekak aos, narik kawigaten utawa menarik kanggo dingerteni, unik, uga jangkep.
Pawarta iku miduweni ciri-ciri, antarane :
Aktual, tegese pawarta iku tenanan kedadean lan anyar kedadeane.
Faktual, tegese pawarta iku kejadeane nyata lan bener.
Cekak aos, tegese pawarta iku ringkes, padet, berbobot, lan ngandung 5W + 1H.
Bahasa Jawa Kelas 9
PKBM Terang Bangsa
Narik Kawigaten, tegese pawarta iku saged narik perhatiane wong akeh.
Jangkep, tegese pawarta iku kudu lengkap, ora kena ngurangi apa maneh ngluwih-
ngluwihake berita saktenane.
PERANGAN PAWARTA
1. Headline (judul utawa irah – irahan)
2. Deadline (batas wektu)
3. Lead (teras pawarta)
4. Body Language (Surasane pawarta, bahasa tubuh)
ETIKA NULIS PAWARTA
Objektif, ing babagan iki panulis ora kena martakake dikantheni kepentingan pribadi lan
sponsor. Pawarta kang tinulis kudu adhedasar fakta utawa data kang sanyatane dumadi.
Cover both side, pawarta iku kudu tinimbang ojo abot sisih, luwih – luwih nyebutake pihak-
pihak kang ana sesambungan langsung karo pawarta kasebut.
TEKNIK NULIS PAWARTA
1. Pengorganisasian / ngumpulake fakta utawa data. Data ing kene bisa awujud wawancara
(wawan rembug), kedadeyan langsung, utawa data – data tinulis.
2. Nentokake teras berita (lead)
3. Milih tembung – tembung kang jumbuh karo pawarta – pawarta, nggunakake alur kang
runtut aja molak – malik utawa dienjah-enjah/ dilompati supaya ora mbingungake
pamiyarsane
4. Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.
SESORAH /PIDATO
Pagertene sesorah/ pidhato Sesorah yaiku rembugan ana ing sangarepe wong akeh kanthi
ngandharake sawijining gagasan, panemu, pamikir lan sapanunggale. Maksud baku medhar
pangandhikan yaiku kanggo ngaturake panguneg-uneg utawa mratelakake informasi kanthi
medhar pangandikan ana ing sangarepe wong akeh supaya padha mangreteni sing
diwedharake.
Paprincening medhar pangandhikan iku kaperang dadi pirang-pirang perangan.
a. Hamedhar pangandhikan kang asipat mratelakake informasi
b. Hamedhar pangandhikan kang asipat hiburan
c. Hamedhar pangandhikan kang asipat hamemilut marang para pamiyarsa.
Perangan sesorah/ pidhato a. Pambuka Surasane ngandharake salam, mbagekake kang padha rawuh, lan ngucapke
syukur marang Gusti
b. Surasa/ isi Perangan iki ngemot andharan wigatining sesorah.
c. Wasana/ panutup Ing babagan iki diandharake wos wigatining sesorah lan dudutane.
Sabanjure ngaturake pangajak marang kabecikan, banjur dipungkasi ngaturake kaluputan
anggone ngandharake lan salam panutup.
Unsur-unsur sesorah/ pidhato Unsur-unsur kang kudu ana ing sesorah/ pidhato yaiku 5W +
1H 4. Ancas sesorah Ancase wong sesorah iku adhakane duwe pangajab kaya ing ngisor iki:
Bahasa Jawa Kelas 9
PKBM Terang Bangsa
Paring (nyaosi) andharan lan pangerten marang wong liya kang padha rawuh
ngrungokake. b. Paring (nyaosi) andharan kang nyenengake kang padha midhangetake,
jalaran basane kang edi lan peni kanthi nggunakake unggah-ungguh basa Jawa.
Kanggo milut panemune wong liya sawise gelem midhangetake, lan sabanjure gelem
manut lan pracaya karo wose andharan kang kababar utawa katurake.
Paring (nyaosi) andharan utawa pangerten marang wong kanthi lelewaning basa kang
becik, nyenengake, lan kepenak dirungokake, lan kepingin milut panemune wong liya
kang padha midhangetake. (Sutardjo, 2013: )
GEGURITAN
Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang
diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan
penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.
Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa
Indonesia uga kasebut puisi.
Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku : 1. duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan
guru gatra
2. duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e
3. duweni bahasa ingkang endah lan mentes
4. Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang
geguritan
Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur
intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
1. Tema
2. Bahasa kang endah
3. Judul Geguritan
4. Diksi
5. Citra
6. Purwakanthi
7. Amanat kang ono ing jero ne geguritan
Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :
1. Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
2. Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
3. Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran
Syarat syarat maca Geguritan
Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco
geguritan . Syarat syarate yaiku :
1. Wirama --> Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.
2. Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan
3. Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan
Bahasa Jawa Kelas 9
PKBM Terang Bangsa
4. Wicara --> lancar orak e moco geguritan
BAB 2
SERAT WÉDHATAMA
Serat Wédhatama iku karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa mligi bab
kawruh manunggaling kawula gusti. Teks iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangéran Adipati
Arya (KGPAA) Mangkunagara IV kang lair kanthi asma Radèn Mas Sudira ing dina Senin
Paing, tanggal 8 Sapar, taun Jimakir, windu Sancaya, taun Jawa 1738, utawa taun Masehi 3
Maret 1811. Tembung Serat Wédhatama dumadi saka telung wanda, ya iku: serat, wédha lan
tama. Serat, tegesé tulisan utawa kasusastran, wédha, tegesé kawruh utawa ajaran, lan tama,
dumadi saka tembung utama kang tegesé apik, dhuwur utawa luhur. Dadi Serat Wedhatama
duwèni pangertèn: siji susastra kang ngemot kawruh ajaran kautaman uga kaluhuran uripé
manungsa. Serat Wédhatama kalebu salah siji susastra Jawa kang banget misuwur lan unggul
mligi ing babagan reroncèning tembung uga kawruh kautaman uripé manungsa. Miturut
babon kang tinemu ana ing Ngayogyakarta, Serat iki kaya-kaya isih cedhak karo babone kang
asli Pangkur.( https://jv.wikipedia.org/wiki/Serat_W%C3%A9dhatama)
TEMBANG DHANDHANGGULO
Dhandhanggula iku salah sijine tembang macapat kang isine pengarepan utawa
pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka kuwi, tembang kang nganggo
metrum Dhandhanggula uga duwe isi kang legi kaya dene gula. Akeh pitutur kuna kang
nganggo jinis iki. Tembang Dhandhanggula nduweni watak luwes, ngresepake. Mathuk
kanggo bebuka/pambuka medharake piwulang, rasa kasmaran/gandrung. Pralambange
tumrap para nom-noman sawise padha kasmaran ngalami kedadeyan kang endah-endah
(kenangan manis). Dene, sasmitaning tembang Dhandhanggula: manis, sardula, madu, drawa,
gendhis. (https://jv.wikipedia.org/wiki/Dhandhanggula)
Paugerane Tembang Dhandhanggula
1. Guru Wilangan: : 10-10-8-7-9-7-6-8-12-7
2. Guru Gatra : 10 artinya Setiap bait tembang ada 10 larik atau baris kalimat
3. Guru Gatra artinya : Jumlah kalimat/larik yang terdapat dalam setiap bait tembang
4. Guru Lagu : i, a, e, u, i, a , u, a, i, a artinay dalam setiap Huruf Vokal dalam setiap
baris.larik kalimat
Watak tembang dhadanggula atau karakternya dapat bersifat universal atau luwes dan
merasuk hati. Tembang dhandanggula biasa digunakan untuk menuturkan kisah tentang
berbagai hal dan dalam kondisi apa pun.
Ing ngisor iki tuladha tembang macapat dhandhanggula kang kajupuk saka serat
wulangreh anggitanipun Sri Pakubuwana IV
Nanging yen sira ngguguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang ngirangi,
sukur oleh wong tapa,
Bahasa Jawa Kelas 9
PKBM Terang Bangsa
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing liyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.
Meskipun begitu, jika engkau berguru, Nak. Pilihlah guru yang sebenarnya, tinggi
martabatnya, memahami hukum, dan rajin beribadah. Syukur-syukurjika kau temukan
seorang pertapa yang tekun dan tidak mengharapkan imbalan orang lain, dia pantas kau
gurui. Serta ketahuilah
Bahasa Jawa Kelas 9
PKBM Terang Bangsa
BAB 3
AKSARA JAWA
Aksara Murda
Aksara murda yaiku salah satu jenis aksara yang ada di dalam tata tulis aksara Jawa atau juga
bisa disebut sebagai huruf khusus dalam aksara Jawa. Aksara murda dalam bahasa
Jawa artinya aksara sirah/ kepala, yang dalam bahasa Indonesia disebut dengan huruf kapital.
Menurut sejarahnya aksara murda terdapat delapan aksara antara lain sebagai berikut;
Fungsi dan Cara Penulisan Aksara Murda
Aksara Murda fungsinya untuk menuliskan kata/ kalimat kehormatan seperti nama ratu,
leluhur, pangkat, kedudukan, dan sejenisnya.
Bahasa Jawa Kelas 9
PKBM Terang Bangsa
Tata cara penulisan aksara murda antara lain;
a. Penulisan aksara murda tidak dapat dipakai sebagai sigeg (konsonan penutup suku kata),
jadi tidak bisa dipangku atau di beri pasangan sepertihalnya pada penulisan huruf Jawa.
b. Aksara murda dapat diberi sandhangan.
c. Penulisan aksara murda dalam satu kalimat cukup ditulis satu aksara setiap satu kata,
dipilih yang berada di depan, namun jika tidak ada dapat menggunakan aksara berikutnya,
atau bisa juga dilakukan dengan menuliskan keseluruhan dari aksara murda yang ditemui.
d. Penulisan aksara murda harus dilengkapi dengan pasangan sehingga menjadi
berpasangan.
Contoh Penulisan Aksara Murda
1. Nama raja/ ratu/ pemimpin harus ditulis menggunakan aksara murda semua jika ada aksara
murda dalam kalimatnya. Namun jika tidak ada aksara murdanya dapat ditulis menggunakan
aksara Jawa.
2. Untuk penulisan nama para pejabat/ petinggi; seperti presiden, perdana menteri, menteri,
gubernur, bupati dan sejenisnya, cukup ditulis menggunakan aksara murda satu saja pada
huruf depannya.
Bahasa Jawa Kelas 9
PKBM Terang Bangsa
Pasangan Aksara Murda
Aksara Murda juga memiliki pasangan seperti halnya aksara Jawa. Berikut ini bentuk
pasangan aksara murda.
Aksara Swara
Aksara swara yaitu aksara dalam huruf Jawa untuk menuliskan vokal a, i, u, e, dan o.
Terdapat 5 macam bentuk aksara vokal antara lain sebagai berikut.
Bahasa Jawa Kelas 9
PKBM Terang Bangsa
Aksara rekan
Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung
Arab.Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis nganggo
aksara lumrah bae. Tuladhane kayata :
Khatib yen ora dicethakake katib
Dzikir yen ora dicethakake dikir
Faham yen ora dicethakake paham
Zakat yen ora dicethakake jakat
Ghoib yen ora dicethakake gaib
manawa aksara rekan karaketan sandhangan pepet, cecake telu dumunung ing sajroning
pepet; dene yen karaketan sandhangan wulu, layar utawa cecak , cecake telu dumunung ing
sisih kiwa, sandhangan wulu, layar, utawa cecak ing sisih tengen. Tuladhane :
fitrah, farlu, dwifungsi, firman
kajaba aksara rekan f kang wujuding pasangane pa cecak telu aksara rekan ora kena dadi
pasangan. Manawa aksara rekan dumunung ing saburine wanda sigeg, sesigeging wanda iku
kudu dipangku.
Kanggenipun Aksara Rekan : 1. Aksara rekan kangge nyerat tembung-tembung sakaing manca, menawi wigati
dipuncethakaken.
2. Aksara rekan upami kaserat wonten wanda sigeg ( mandheg ), menawi pasanganipun
kalawau mboten “mati” pramila kedah dipun
3. Aksara rekan menawi pikantuk sandhangan : wulu, pepet, cecak utawi layar, tandha cecak
tumpang tiga wonten sakngajengipun panggenan kiwa sandhangan.
Aksara Wilangan
Bahasa Jawa Kelas 9
PKBM Terang Bangsa
BAB 4
WAYANG
Cerita wayang babagan mula bukane/laire Pandhawa lan Kurawa asring kito rungokake. Ing
ngisor iki Crita wayang kang sesirah Maharsi Wiyasa, wacanen kanthi permati !
MAHARSI WIYASA
Begawan Abiyasa uga sinebur Sang Maharsi Wiyasa. Ibune Abiyasa asma Dewi
Gandawati, atmajane Prabu Wasupati ratu ing Negara Wiratha. Wiwit isih timur Dewi
Gandawati diparingake marang Prabu Dasa dening ingkang Rama. Sawise diwasa, Dewi
Gandawati kagarwa Begawan Palasara, peputra Abiyasa. Sawise peputra Abiyasa, Dewi
Gandawati dipasrahake dening Begawan Palasara marang Prabu Wasupati. Nanging nalika
Dewi Gandawati nedya didhaupake Prabu Sentanu, ratu ing Ngastina, Begawan Palasara
rawuh ing kedhaton Wiratha nedya mbaleni Dewi Gandawati, satemah Prabu Wasupati
kawekon ing penggalih.
Dumadakan Bathara Narada rawuh ing kedhaton Wiratha nemoni Prabu Wasupati, Prabu
Sentanu, lan Begawan Palasara. Bathara Narada paring dhawuh supaya Dewi Gandawati di
dhaupake karo Prabu Sentanu, nanging Prabu Sentanu kudu masrahake negara Ngastina
marang Begawan Palasara. Wiwit nalika iku Sang Palasara jumeneng ratu ing Ngastina
jejuluk Prabu Dipakiswara. Mula barengwissawetara warsa anggone jumeneng nata, banjur
kalingsirake marang Sang Wiyasa, jejuluk Prabu Kresna Dwipayana, Sang Rancakaprawa
hiya jejuluk Sang Sutiknaprawa. Mula jejuluk Sang Kresna Dwipayana awit pakulitane ireng
cemani terus ing balung sungsum, mula kawastanan Sang Rancakaprawa jalaran dhangan
paring tetulung marang kawulane kang anandhang susah. Mulane jejuluk Sutiknaprawa awit
remen nggeganjar sarta agawe senenging atine para kawulane.
Garwane Sang Kresna Dwipayana kabeh ana telu yaiku:
Dewi Ambika, atmajane Prabu Darma Muka ratu ing Negara Kasi, patutan anak lanang
pekik, mung cacat wuta wiwit lair, dijenengake Dhestaratra.
Dewi Ambalika rayine Dewi Ambika, peputra Pandhu Dewanata
Dewi Datri, wanita saka golongan waisya (ing sakawit parekane Dewi Ambika) peputra
Widura (Yamawidura).
Ing sadurunge dadi garwane Sang Wiyasa, putri tetelu mau dadi garwane Raden Dewabrata
ya Sang Bisma. Nanging gandheng Bisma wadhat, mula penggalihe Dewi Gandawati ya
Dewi Setyowati susah banget, awit banjur cuthel ora ana sing nerusake nyambung dharah
Barata. Mulane Bisma nuli matur.
“Nuwun sewun Kanjeng Ibu, kepareng kawula ngaturaken tetuladhan, nalika satriya
saindenging bawana tumpes-tampis dipun sirnakaken dening Begawan Palasara, nalika
semanten para putri garwanipun para satriya punika sami marak dhateng para brahmana, sami
nyuwun dipun nugrahani putra. Putra-putrinipun warandhanipun satriya ingkang saking para
Brahmana kalawau dados golonganing satriya. Awit saking punika, ing marcapada lajeng
tuwuh satriya malih. Kanjeng Ibu, sasampunipun paduka midhanget tetuladhan ingkang
mentas kula aturaken, wontena kepareng paduka lajeng kersa milih Brahmana pundi ingkang
badhe paduka minta sraya, supados nugrahani putra dhateng Dewi Ambika lan Dewi
Bahasa Jawa Kelas 9
PKBM Terang Bangsa
Ambalika, kangge nyambet dharah Bharata sampun ngantos kalajeng cures utawi sirna.
Sapari purnanipun atur, Dewi Gandawati ya Dewi Setyawati mak byar, banjur kelingan yen
darbe pulunan sadurunge ginarwa ing Prabu Sentanu, yaiku Maharsi Wiyasa, putrane Sang
Dewi patutan karo Begawan Palasara. Kawiyos ngendikane Sang Dewi, „Kulup wruhanira,
ing sadurunge ingsun winengku ramanira, ingsunwisnate kagarwa ing Brahmana pinunjul
asma Begawan Palasara. Insunwissesuta siji patutan karo Sang Begawan , peparabe Maharsi
Wiyasa. Menawa ndadekake panujuning penggalihmu, Sang Wiyasa nedya ingsun timbali,
bakal ingsun dhawuhi nggarwa Dewi Ambika lan Dewi Ambalika.
Ature Bisma , “Kanjeng Ibu, sakalangkung kapasang yogi, menawi sang Maharsi Wiyasa
kersa nggarwa warandha kekalih punika.”
Kacarita Dewi Gandawati ya Dewi Setyawati sakala banjur muja semedi, lenging cipta kang
tinuju amung Sang Maharsi Wiyasa. Katarima panedhane sakala mak jleg tanpa weruh
sangkane Maharsi Wiyasa rawuh. Sawuse dhinawuwan sandining gati, sang Maharsi Wiyasa
gelem lan banjur klakon putri tetelune pisan kagarwa dening Sang Kresna Dwipayana nganti
patutan Dhestarata, Pandhu, lan Widura.
Sawise sawatara warsa , kalenggahaning kraton Ngastina banjur lumengser marang Sang
Pandhu. Pandhu kagungan putra Pandhawa lima: Puntadewa, Bratasena, Harjuna, nangkula,
lan Sadewa. Jroning kalengjroning kraton ing Ngastina kaparingake marang keng
putra Pandhu Dewanata, Sang Kresna Dwipayana bali mertapa ana ing wukir Retawu hiya
Pertapan Wukir Saptaharga. Sang Begawan banget tresnane marang para wayahe, luwih-
luwih marang Puntadewa…
Kapethik saka Ps edhisi 44, 3 Nopember 2007
Pandawa Lima
Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus kaprah diarani Pandhawa
Lima. Puntadewa ya Yudhistira minangka putra pambayun, watak ambeg darma lan nrima
ing pandum sarta adoh ing hawa kamurkan.
Raden Werkudara ya Bima sena gedhe dhuwur lan gagah prakosa kang nomer
loro, Raden Janaka ya Kumbang Ali-ali kang kondhang ngganthenge, prigel lan trampil
manah minangka panengahe Pandhawa, dene Nakula Sadewa mujudake satriya kembar kang
uga duwe watak utama, ambeg darma, lan luhur bebudene. Wiwit cilik mula wis katon
luhuring budi,seneng tetulung, welas asih marang sapadha wong kang nandhang kasangsaran.
Raden Puntadewa iku peparab liyane Yudhistira, Dwijakangka, Gunatalikrama,
Darmakusuma, kratone manggon ing Ngamarta utawa Indraprasta. Panjenengane kagungan
garwa Dewi Drupadi putra putrine Raden Drupada, ratu ing Negara Cempala utawa Pancala.
Werkudara satriya ing Jodipati garwane aran Dewi Arimbi. Arjuna satriya ing
Madukara garwane Dewi Sembadra lan Srikandi. Nakula Sadewa satriya ing Sawojajar.
Cethane Pandhawa lima iku watak lan tindak tanduke kena kanggo tepa patuladhane para
kawula mudha. Apamaneh kadigdayan lelimane mujudake satriya kang pilih tandhing.
Bahasa Jawa Kelas 9
PKBM Terang Bangsa
Nalika dadi muride Pandhita Durna, Pandhawa wis bisa ngatonake kepinteran lan
keprigelane. Raden Arjuna prigel menthang gandhewa lan trampil migunakake keris. Raden
Werkudara dhasar gagah prakosa kondhang kagungan sanjaya kuku Pancanaka lan gada rujak
pala. Pandhawa katon luwih prigel keimbang murid liyane. Ewasemana, ora tau lan pancen
ora seneng pamer kadigdayan.Malah watake andhap asor lembah manah lan ngajeni marang
sapepadhane.
Akeh lelakon kang dilakoni Pandhawa kasengsaran iku mau dituwuhake saka
Kurawa kang kepingin nyirnakake Pandhawa. Wusanane kabeh kasangsaran iku bisa kasil
kabengkas lan kuwat dilakoni. Beda banget karo Kurawa sing ora kuwat nglakoni.
Pranyata menawa dideleng ing antarane Pandhawa lan Kurawa iku isih kadang, sebab
Pandhawa iku putrane Prabu Pandhudewanata. Sedenge Kurawa iku putrane Prabu
Destrarastra. Prabu Pandhu Dewanata iku kaprenah adhine Prabu Destrarastra.
Apa sebabe dene ing antarane kadang Pandhawa lan Kurawa ora bisa rukun?
Iki amerga Dewi Gendari kepingin digarwa dening Prabu Pandhu Dewanata nanging kena
apa kok malah diwenehake marang kangmase sing wuta iku ?. Mula banjur nibakake
pangipat-ipat manawa besuk saturun-turunne bakal dadi mungsuh bebuyutan
Bahasa Jawa Kelas 9
PKBM Terang Bangsa
BAB 5
SANDIWARA
Sandiwara yaiku nyetakake utawa maragake paraga ana ing sandiwara kuwi dhasare
numindakake utawa maragakake watak lan tindak-tanduk pawongan liya.
Unsur Intrinsik Sandiwara Unsur-unsur ingkang kasusun ana ing njerone sandiwara yaiku:
a. Tema yaiku uderaning perkara kang arupa ide dhasar crita, tema sing dianggo ana ing
sandiwara dumadi saka bab-bab kerep diprangguli ana bebrayan.
b. Purusa/Paraga (tokoh) lan watake
Purusa utama yaiku paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya.
Purusa pambiyatu yaiku parga kang mbiyatu paraga utama.
Watakwatune yaiku ciri-ciri utawa karakter paraga.
c. Alur (dalaning crita) yaiku urut-urutan lakune crita.
d. Amanat yaiku pesen moral kang ana ing njerone crita.
e. Gaya bahasa yaiku tata cara panganggone basa kang bisa awujud dialek, tata ukara lan
majas.
Unsur Ekstrinsik Sandiwara Unsur ekstrinsik sandiwara jawa yaiku unsur kang ana ing sakjabane karya sastra, ananging
unsur samenika gadahi pengaruh ing sistem organisme karya sastra.
Wujude Sandiwara Dramatikal yaiku sandiwara kang diparagakake karo saperangan wong utawa paraga kang
dibarengi salah bawa.
Pantomin yaiku sandiwara kang diperagakake kaliyan gerak-gerik ananging boten wonten
dialog namung wonten musik lan ekspresi saking rupane lakon.
Komedi yaiku sandiwara kang diperagakake karo geguyonan kang sifate nyindir lan
pungkasane seneng-seneng.
Parodi yaiku salah satunggaling wujud dialog antarane naskah saha oposisi (kontras).
Sandiwara kudu migatekake babagan ing ngoisor iki:
1. Nduweni kreasi nalikaning nindakake paraga
2. Maragakake kanthi wajar ora digawe-gawe
3. Paraga kang ditindhakake dipadhake kalawan tipe, gaya,34 jiwa lan ancas pementasane.
4. Paraga kang ditindhakake nganggo periode wektu lan watak.
Cara ingkang bisa ditindhakake nalikaning dadi paraga ana sawenehing lakon
sandiwara:
1. Gladen olah watak
2. Gladen swara
3. Gladen observasi lan imajinasi
4. Gladen konsentrasi
5. Gladen teknik pementasan
6. Gladen sistem akting
7. Nglancarake keprigelan lan gladen