Upload
hana-medina
View
636
Download
67
Embed Size (px)
Citation preview
TEDHAK SITEN / SITIKELOMPOK 3 :DESI NUR OKTAVIA ( XI MIA C / 05 )EKO URIP FIBRIANTO ( XI MIA C / 07 )EL MEDINA AULIA PUTRI ( XI MIA C / 08 )LUTFIAN JAYA SUDRAJAT ( XI MIA C / 16 )MIFTAHUL YASIKA ( XI MIA C / 17 )QUEEN SAFIRA RAMADHANI ( XI MIA C / 24 )
PANGERTEN
Tedak siten asalipun saking rong tembung, ingkang sepindhah inggih
punika "tedhak” utawi idhak, tegese mudhun lan “siten" saking tembung siti
kang tegese bumi. Dadi Tedhak siten nduweni arti ngidhakake sikil ing lemah /
pertiwi.
Tedhak siten yaiku sawijining upacara adat kang ditindakake nalika
jabang bayi umur pitung lapan utawa 7 x 35 dina. Tedhak Siten ngambarake
kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan ingkang bener ing mangsa
ngarep. Supaya ing tembe si jabang bayi bisa kuwat ngadhepi alangan-
alangan kanggo mujudake apa kang dadi gegayuhane.
Upacara tedhak siten inggih nduweni teges cedakke manungsa
kaliyan bumi. Awit nglakokake kauripan ingkang apik lan becik
ing bumi punika lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Punika kangge
ngelingaken menawi bumi sampun maringaken kathah barang
ingkang dipunbutuhaken kangge urip manungsa. Ing budaya
jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten yaiku
yen lemah iku ndueni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala,
kanggo ngindari kadadeyan sing ora becik mula dianakake
upacara tedhak siten.
UBARAMPE KANG DIBUTUHAKE1. Sesaji selametan : sega tumpeng, jenang abang lan
putih, jenang boro-boro, lan jajan pasar
2. Juwadah/jadah : ana pitung werna yaiku abang, putih,
ireng, kuning, biru, jambon, lan ungu
3. Kembang setaman kang diwadhahi bokor gedhe
4. Lemah
5. Andha saka tebu kang wis direngga
PIRANTI KANG DIBUTUHAKE1. Kurungan pitik kang dirias nganggo janur utawa kertas maneka
warna
2. Pari
3. Kapas
4. Kembang telon : melati, mawar, lan kenanga
5. Beras kuning
6. Buku lan alat-alat tulis
7. Kaca
8. Jungkas/sisir
9. Dhuwit receh
Manut kapitayan sesepuh, yen si jabang bayi milih buku lan
alat tulis, mbesuke bakal pinter jalaran sregep sinau.
Yen milih kaca, jungkas/sisir, mbesuke bakal pinter dandan
(ngrias/pepaes).
Wondene yen milih dhuwit, mbesuke si jabang bayi bakal
pinter nyambut gawe utawa golek dhuwit.
TATA CARA1. Diwiwiti kanthi jabang bayi ditetah kanggo midak jadah kang cacahe
ana pitung werna,
2. Jabang bayi diunggahake supaya menek andha saka tebu kang wis
direngga,
3. Bayi dilebokake ing kurungan pitik. Ing sajroning kurungan pitik
diwenehi bokor kang isine pari, alat tulis, dhuwit, kaca, lan
sapanunggalane,
4. Bayi njupuk salah sawijining isi kang ana ing bokor,
5. Acara tambahan yaiku nyebar beras kuning lan dhuwit,
6. Banjur, bayi didusi nganggo kembang setaman supaya bayi kasebut
sehat lan nggawa ganda arum tumrap keluwargane ing tembe.
TEGES SIMBOLIK1. Andha tebu nduweni teges simbolik tebu, kalebu keratabasa
lang tegese antebing kalbu. Diajab supaya mbesuk anggone
nggayuh gegayuhan manteb lan cepet kasil.
2. Juwadah/jadah pitung werna mengku teges supaya mbesuk
bisa mrantasi werna-werna pepalang.
3. Kurungan pitik mengku teges supaya mbesuk bisa srawung
ing sajroning masyarakat kanthi becik, lan ngugemi
sakabehe paugeran, tata cara, lan adat istiadat kang becik
ing urip bebrayan.
4. Werna-werna barang
Andha saka tebuKurungan pitik Jadah pitu werna, sega tumpeng,
jenang, lan jajan pasar
Lemah lan kembangDhuwit receh Isine kurungan yaiku dulinan bayi
Panggonan Tedhak sinten Bayi dituntun midak jadah
Bayi milih salah sawijining isi sing ana ing bokor
Bayi menek andha saka tebu