41
BAB I PURWAKA Bab iki ngandharake lelandhesane panliten, undhere panliten, tujuwane panliten, lan paedahe panlinten. Andharane sing luwih jangkep ing ngisor iki. 1.1 Lelandhesane Panliten Sastra yaiku ekspresi kang tuwuh saka pangangen-angen sajrone mujudake panguripan kang luwih becik. Penuangan ekspresi iki lumantar basa kang endah lan amba. Isi saka sastra kadang tersurat kadang uga tersirat, karya sastra ora mung dinikmati nanging uga dipahami lan dihayati, sastra asifat indah lan miguna. Pemahaman marang sastra isa dumadi yen dilakoni sacara totalitas, pamaca kudu isa awor sajrone semesta sastra. Sacara objektif minangka karya seni, karya sastra minangka karya kang mandiri kang duweni kabebasan tartamtu. Lan karya sastra minangka hasil saka pamikire manungsa dikarepake isa miguna tumrap manungsa liyane. Kang sabanjure dikarepake isa nuwuhake pamuji tartamtu. Lan maneh minangka hasil cipta karya kang disusun dening manungsa, karya sastra duweni paugeran marang bentuk ciptaane yaiku arupa tulis lan lisan Minangka karya sastra kang tuwuh saka pamikire manungsa lan miguna tumrap manungsa, sastra kang isine ngenani seluk beluk panguripane manungsa, sastra ora isa uwal saka aspek dominan kang dadi lelandhesan tuwuhe karya kasebut. Aspek- aspek dominan kasebut kayata aspek religi, sosial, lan 1

PANJI WULUNG

Embed Size (px)

DESCRIPTION

Makalah nilai moral sajrone crita panji wulung.

Citation preview

Page 1: PANJI WULUNG

BAB I

PURWAKA

Bab iki ngandharake lelandhesane panliten, undhere panliten, tujuwane panliten, lan

paedahe panlinten. Andharane sing luwih jangkep ing ngisor iki.

1.1 Lelandhesane Panliten

Sastra yaiku ekspresi kang tuwuh saka pangangen-angen sajrone mujudake

panguripan kang luwih becik. Penuangan ekspresi iki lumantar basa kang endah lan amba.

Isi saka sastra kadang tersurat kadang uga tersirat, karya sastra ora mung dinikmati nanging

uga dipahami lan dihayati, sastra asifat indah lan miguna. Pemahaman marang sastra isa

dumadi yen dilakoni sacara totalitas, pamaca kudu isa awor sajrone semesta sastra.

Sacara objektif minangka karya seni, karya sastra minangka karya kang mandiri kang

duweni kabebasan tartamtu. Lan karya sastra minangka hasil saka pamikire manungsa

dikarepake isa miguna tumrap manungsa liyane. Kang sabanjure dikarepake isa nuwuhake

pamuji tartamtu. Lan maneh minangka hasil cipta karya kang disusun dening manungsa,

karya sastra duweni paugeran marang bentuk ciptaane yaiku arupa tulis lan lisan

Minangka karya sastra kang tuwuh saka pamikire manungsa lan miguna tumrap

manungsa, sastra kang isine ngenani seluk beluk panguripane manungsa, sastra ora isa uwal

saka aspek dominan kang dadi lelandhesan tuwuhe karya kasebut. Aspek-aspek dominan

kasebut kayata aspek religi, sosial, lan personal, katelu aspek kasebut raket sesambungane

karo hakikat kodrati manungsa.

Sajrone mahami karya sastra kudu nggatekake kepriye karya kasebut gambarake

panguripan lan sikap pangriptane. Pemahaman karya sastra kudu nyakup pikiran, rasa,

pemgalaman, ide lan kapercayan pangripta, khususe tumrap mahami karya sastra pesisiran

kang raket marang kapitayan.

Sastra mujudake asiling cipta, rasa, lan karsane manungsa. Teges ngenani sastra nganti

dina iki ora bisa dipesthekake endi sing bener lan pener, gumantung saka endi punjering

pamikir. Sajrone bukune Luxemburg (1989:5) ana saperangan bab kang njlentrehake ngenani

sastra. Sastra mujudake sawijining karya, kreasi, dudu imitasi. Ing kene pangripta nyiptakake

jagading kang anyar, mbacutake sawijining proses pangriptaning alam, bisa uga asipat

nyampurnakake. Sastra ing kene utamane mujudake sawijining pametune pangrasa kang

asipat spontan.

1

Page 2: PANJI WULUNG

Ngrembug sastra mligine sastra Jawa, ora bisa uwal saka anane periodisasi

kasusastran Jawa kang diperang dadi papat yaiku sastran Jawa Kuna, sastran Jawa Madya,

satran Jawa Anyar, lan sastran Jawa Modern. Sastra Jawa anyar utawa klasik tuwuh lan

ngrembaka wiwit mlebune Islam lan runtuhe Majapahit (Suwarni, 3013:1). Wujud reriptan

sastrane akeh-akehe yaiku tembang macapat minangka metrum asli Jawa. Salah sijine

reriptan sastra ing jaman iki yaiku Panji Wulung. Panji Wulung diripta dening KGPAA

Mangkunegara. Reriptan iki nyritakake uripe paraga utamane yaiku Panji Wulung dhewe.

Adhedhasar andharan ing ndhuwur, panliten iki bakal ngandharake salah sijine

reriptan Jawa klasik yaiku crita Panji Wulung. Kanthi metodhe dheskriptif kualitatif kang

ditindakake lumantar tintingan kapustakan, crita Panji Wulung iku bakal dionceki struktur

wewangunan crita lan dijlentrehake isine mligine ngenani nilai-nilai kang kinandhut sajrone

crita Panji Wulung iku. Pangajabe, panliten iki bisa migunani tumrap pasinaon sastra Jawa

mligine sastra Jawa klasik kang isine bisa ditulad lan dilarasake ing panguripan sabendina.

1.2 Undheraning Panliten

Saka andharan kang wis kaandharake ing ndhuwur, panliti netepake undherane panliten

iki yaiku:

(1) Kepiye gambarane naskah Panji Wulung?

(2) Kepiye struktur crita sajrone crita Panji Wulung?

(3) Apa wae nilai sing kinandhut sajrone crita Panji Wulung?

1.3 Tujuwan Panliten

Saka undheraning panliten ing ndhuwur, tujuwan panliten iki yaiku:

(1) Ngerteni gambaran naskah Panji Wulung.

(2) Ngerteni struktur crita sajrone crita Panji Wulung.

(3) Ngerteni nilai sing kinandhut sajrone crita Panji Wulung.

1.4 Paedahing Panliten

Paedah sajrone panliten iki yaiku:

(1) Kanggo panliten sastra, panliten iki dikarepake bisa menehi sumbangan tumrap

panliten sastra mligine ngenani kasusastran Jawa Klasik.

(2) Kanggo pamaos, supaya bisa nambah kawruh ngenani jagading sastra Jawa Klasik

mligine sing nduweni gegayutan karo nilai lan pranatan sosial.

2

Page 3: PANJI WULUNG

(3) Kanggo pasinaonan ing jagading sastra, bisa didadekake sumber-sumber kanggo

pasinaonan tumrape telaah kasusastran Jawa Klasik.

1.5 Landhesan Teori

Perangan iki njlentrehake lelandhesan teori kang digunakake kanggo ngonceki lan

nganalisis crita Panji Wulung ing bab sabanjure.

1.5.1 Sastra Jawa Klasik

Sastra Jawa sing umure wis luwih saka sepuluh abad mesthi ngalami owah-owahan

ngenani konsep sastrane. Konsep sajrone sastra kakawin mesthi ora padha karo konsep

sajrone sastra kidung.  Konsep tembang macapat uga mesthi beda karo konsep sastra Jawa

sadurunge. Beda-bedane konsep sajrone sastra Jawa iki ora liya amarga ana owah-owahan

cara uripe wong Jawa lan menehi pengaruh marang reriptan sastra sing kasil diripta. Sastra

dianggep nduweni wilayahe dhewe lan beda karo apa-apa sing non-sastra. Sastra minangka

asil kreativitas. Kreativitas iki sing nuwuhake yen sastra kuwi nduweni wilayahe dhewe

(Purnama, 2012:4).

Ngrembug sastra mligine sastra Jawa, ora bisa uwal saka anane periodisasi

kasusastran Jawa kang diperang dadi papat yaiku sastran Jawa Kuna, sastran Jawa Madya,

satran Jawa Anyar, lan sastran Jawa Modern. Sastra Jawa anyar utawa klasik tuwuh lan

ngrembaka wiwit mlebune Islam lan runtuhe Majapahit (Suwarni, 2013:1, delengen uga

Poerbatjareaka, 1057:87).

Titikane sastra Jawa klasik yaiku nggunake metrum nusantara yaiku awujud tembang

lan prosa. Tembange yaiku manut paugeran guru lagu lan guru swara kang awujud tembang

macapat, tembangtengahan, utawa tembang gedhe. Saliyane iku yaiku nggunakake basa jawa

gagrag anyar lan isine akeh sing kaprabawan Islam. Ene ruanglingkupe miturut Pigeaud

(1967) yaiku isine ngenani 1) agama lan kasusilan, 2) sejarah lan mitologi, 3) susastra, lan 4)

bunga rampai. Dene miturut Darusuprapta (tt), isine digolongake kalebu 1) purana utawa

tutur, 2) niti, 3) sasana, 4) sastra, 5) wiracarita, lan 6) sejarah (sajrone Suwarni, 2015).

1.5.2 Crita Panji

Salah sijine isi saka reriptan sastra Jawa klasik yaiku ngenani bab kaprawiran.

Tuladhane crita Panji. Crita Panji sabenere wiwit ngrembaka ing jaman Jawa pertengahan

mligine jaman Majapahit. Upamane Serat Panji Anggraeni kanthi sengkalan taun guna-

paksa-kaswareng rat, 1732 C/1801 M. senajan taune kalebu enom nanging Poerbaatjaraka

(1957) nggolongake kalebu tengahan merga nitik saka isine. Crita Panji dhewe minangka

3

Page 4: PANJI WULUNG

prototipe nusantara. Tegese crita iki minangka reriptan asli nusantara. Miturut Zoetmulder

(1994:532), crita panji disenengi bebrayan nuswantara mligine Jawa-Bali merga nduweni

tema lan crita sing khas.

Sastra Jawa klasik/anyar tuwuh maneka warna crita panji sing kabeh iku minangka

transformasi utawa saduran saka jaman pertengahan. Upamane Serat Panji Sekar, Panji

Asmarabangun, Panji Musna, Panji Blitar, Panji Wulung, Panji Kudawaneng Pati, lan

sapiturute. Saliyane iku crita Panji uga ana sing awujud sastra lisan (Suwarni, 2013:191).

1.5.3 Tintingan Struktural

Lumantar panliten struktural, panliti ora gumantung marang aspek liya sanjabane karya

sastra (Endraswara, 2011:51). Tintingan Struktural ana minangka upaya kanggo njangkepi

sawijining panliten sastra kang asipat ekspresivisme (pametune watak lan pangrasane

pangripta) lan historis. Panliten sruktural diwawas luwih objektif (nengenake marang aspek

intrinsik sawijining karya satra) amarga amung adhedhasar karya sastra iku dhewe, kanthi

ora anane cawe-cawe saka unsur liya, sawijining karya sastra bakal disawang minangka

sawijining asil cipta estetis.

Miturut Abrams, metode strukural yaiku upaya nganalisis sawijining karya sastra

kanthi cara kang objektif lan uwal saka bab-bab sanjabane teks sawijining karya sastra.

Sajroning analisis struktural, teks diwawas minangka sawutuhing makna kang madeg dhewe

kanthi cara otonom kanthi koherensi intern (Nurgiyantoro, 2010:36). Kahanan iki

disebabake anane sesambungan kang salaras antarane bentuk lan isi (dikotomik). Analisis

struktur sajrone dongeng kang dikumpulake panulis kapunjer ing babagan tema, paraga lan

pamaragan, latar, lan nilai morale.

1. Unsur Intrinsik

Unsur pamangun sawijining karya sastra diperang dadi loro, yaiku unsur intrinsik

(intrinsic) lan unsur ekstrinsik (extrinsic). Unsur intrinsik yaiku unsur-unsur kang mangun

sawijining karya sastra iku dhewe (Nurgiyantoro, 2010:23). Unsur kang mesthi bakal

ditemokake nalika sawijining pawongan maca karya sastra. Wujude unsur intrinsik yaiku

tema, paraga, plot utawa alur, kelir, lan sudut pandang. Ing ngisor iki bakal diandharake

unsur-unsur intrinsik kang mangun karya sastra.

a. Tema

Sakabehe karya fiksi nduweni utawa ngandhut tema. Miturut Stanton lan Kenny tema

(theme) yaiku makna kang kinandhut dening sawijining cerita (Nurgiyantoro, 2010:67).

4

Page 5: PANJI WULUNG

Tema ing sakabehing bab asipat mengikat ana lan orane lelakon-konflik-kahanan tartamtu,

kalebu sakabehing unsur intrinsik liyane, amarga bab kasebut kudu nyengkuyung cetha apa

orane tema kang bakal diandharake. Tema didadekake dhasar pangrembakaning sawutuhing

cerita, mula ing kene tema asipat ngrasuk marang sawijining cerita. Mula, kanggo

nemtokake tema sawijining karya fiksi, tema kudu didudut saka sakabehing cerita kanthi

sawutuhe, dudu adhedhasar saperangan bab tartamtu saka cerita.

Staton (2012:42-43) ngandharake menawa cara sing paling afektif kanggo ngenali tema

yaiku lumantar nliti saben konflik sing ana. Kekarone nduweni sesambungan sing raket lan

konflik utamane umume ngandhut perkara sing migunani menawa diruntut. Miturut

Aminuddin (2011:91), tema nduweni sesambungan antara makna lan tujuwan reriptan prosa

fiksi dening pangriptane. Mula kanggo ngereni tema, pamaca kudu ngerteni insur

pamangune carita, ndudut makna sing kinandhut, lan ngayutake karo tujuwan pangriptanane.

Wujude tema arupa nile sajrone manungsa lan kamanungsan, uga ngenani urip lan

panguripan. Tema kasusun saka tema utama lan tema-tema panyengkuyung. Miturut

Nurgiyantoro (2010:83) tema bisa kaperang dadi loro, yaiku tema mayor lan tema minor.

Tema mayor yaiku makna pokok crita sing dadi gagasan dasar umum reriptan iku. Tema

mayor ora bisa digambarake kanthi langsung, bab iki sing njalari rada angel anggone

nemtokake tema pokok crita utawa tema mayor. Amarga crita iku gambarake sawijine

kedadeyan sing maneka warna, makna sajrone crita bisa ngemu makna tambahan. Tema

minor yaiku makna tambahan sing ana ing begeyan-bageyan tartamtu sawijine crita. Akeh

ora ne tema minor gumantung saka akeh ora ne makna tambahan sing bisa ditafsirake saka

sawijine cerkak. Watesan sajrone nafsirake makna dideleng saka makna-makna sing katon

luwih onjo, lan kudu duwe dhasar-dhasar sing kuwat, supaya anggone nafsirake sawijine

makna tartamtu sajrone reriptan iku ora dilakokake kanthi ngawur.

b. Paraga

Paraga yaiku wong kang ana sajroning karya fiksi kang dening pamaca digambarake

nduweni nile moral lan pakulinan tartamtu kang kagambarake nalika guneman utawa

tumindak (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2010:165). Senajan paraga sajroning cerita

mujudake paraga fiksi, paraga iku kudu urip kanthi cara kang wajar kaya manungsa kang

nduweni pamikir lan pangrasa. Paraga uga manggoni panggonan kang mathuk minangka

media kanggo nggambarake amanat, moral, utawa samubarang kang kanthi sengaja kepengin

ditujokake marang pamaca dening panulis. Sajrone karya fiksi, saliyane paraga uga kerep

anggone ditemokake tembung pamaragan yaiku gegambaran kang cetha ngenani sawijining

5

Page 6: PANJI WULUNG

wong kang didhapuk sajroning cerita. Mula saka iku, tembung pamaragan tegese luwih rowa

tinimbang paraga. Pamaragan ngandharake sapa paraga crita, kepriye wateke, lan kepriye

gegambarane paraga kasebut sajrone cerita saengga bisa menehi gegambaran kang cetha

tumrap pamaca. Pamaragan ing kene digunakake minangka sarana kanggo nggambarake

sawijining paraga.

c. Plot

Plot mujudake unsur fiksi kang wigati. Kenny ngandharake plot minangka lelakon-

lelakon kang diwujudake sajrone cerita kang ora asipat apa anane, amarga pangripta nyusun

lelakon-lelakon iku adhedhasar sebab-akibat (Nurgiyantoro, 2010:113).

Laras karo Kenny, Forster uga ngandharake yen plot iku lelakon-lelakon cerita kang

nduweni sesambungan kausalitas (Nurgiyantoro, 2010:113). Abrams ngandharake yen plot

sawijining karya sastra mujudake struktur lelakon-lelakon, yaiku lelakon iku nduweni piguna

kanggo nuju sawijining efek emosional lan efek artistik tartamtu. Mula, senajan andharan

ngenani plot saka pamawas siji lan sijine ana bedane, nanging sakabehe iku nduweni

punjering pamawas kang padha, yaiku plot iku nduweni sesambungan karo lelakon-lelakon

kang ana sajroning cerita. Wujuding lelakon kang amung adhedhasar urutan wektu durung

bisa diarani plot. Supaya dadi plot, lelakon-lelakon iku kudu diolah lan disisati kanthi cara

kreatif. Saengga asile bisa mujudake karya sastra kang apik lan narik kawigaten.

Adhedhasar urutan wektu, Nurgiyantoro (2010:153) merang plot utawa alur dadi

loro, yaiku alur lurus (progresif) lan alur balik (regresif). Sajrone alur lurus prakara-prakara

kang dumadi digambarake kanthi runtut utawa kronologis, dene alur balik prakara kang

dumadi digambarake kanthi ora runtut.

Anane plot ditemtokake dening telung unsur, yaiku lelakon, konflik lan klimaks.

Semana uga ngenani kualitas lan drajading kawigaten sawijining karya fiksi. Cacahing cerita

sajrone karya fiksi akeh banget, nanging durung mesthi yen ngandhut konflik. Cacahing

konflik uga akeh, nanging amung konflik utama kang bisa diarani klimaks. Wellek &

Warren (1989:285)uga ngandharake yen konflik yaiku samubarang kang asipat dramatik,

luwih nengenake ing bab perang antarane rong kakuwatan kang imbang lan nyiratake anane

tumindak lan piwalesing tumindak.

d. Kelir

Kelir (setting) diarani uga landhesan kang tegese tumuju marang panggonan, wektu,

lan lingkungan sosial panggonan dumadine lelakon kang dicritakake (Abrams sajrone

6

Page 7: PANJI WULUNG

Nurgiyantoro, 2007:216). Nurgiyantoro sajrone bukune uga merang kelir adhedhasar unsur-

unsur pokok, yaiku panggonan, wektu, lan sosial. Kelir panggonan tumuju marang ing

ngendi dumadine lelakon kang dicritakake sajrone karya fiksi. Kelir wektu nduweni

sesambungan karo “kapan” dumadine lelakon kang dumadi sajrone karya fiksi. Kelir sosial

tumuju marang bab-bab kang nduweni sesambungan karo kahanan sosial masyarakat

tartamtu ing panggonan kang dicritakake sajrone karya fiksi. Katelune senajan nuduhake

marang prakara kang beda, nanging kasunyatane sumambungan lan padha-padha

ngaribawani siji marang liyane.

2. Amanat/Nilai Moral

Reriptan sastra saliyane ngandhut nilai estetis, uga ngandhut nilai etik lan saintik.

Mula sajrone reriptan sastra ditemokake sawijine nilai moral kag diwedhar pangripta sajrone

reriptan fiksi iku. Nilai moral sajrone reriptan fiksi umume minangka pandhangane pangripta

ngeneni nilai-nilai kabecikan sajrone urip lan panguripane manungsa.

Nurgiyantoro (2010:321) ngandharake menawa reriptan sastra, fiksi, umume

ngandhut nilai moral sing sesambungan karo budi luhur lan nilai uga norma kamanungsan.

Sifat luhur iku asipat universal. Tegese diyakini lan dipercaya dening manungsa sajagad.

Miturut pamawase Nurgiyantoro uga (2010:323-324), nilai moral sesambungan karo

panguripane manungsa sing diperang dadi telu. Yaiku manungsa karo dhiri pribadhine,

manungsa karo sapadha, lan manungsa karo pengerane. Jinise sesambungane manugsa iku

isih bisa diperang maneh adhedhasar tumindak lan sikepe.

7

Page 8: PANJI WULUNG

BAB II

ANDHARAN

2.1 Gegambaran Naskah Panji Wulung

Crita Panji Wulung sing didadekake sumber dhata sajrone panliten iki yaiku crita

Panji sing diterbitake dening penerbit Balai Pustaka taun 1981. Crita panji iki awujud

tembang macapat kang karakit saka 27 pupuh. Crita Panji Wulung iki dianggit dening Raden

Haji Mukhamad Musa saka Limbangan kanthi irah-irahan Hikayat Panji Wulung. Kaya

cuplikan ing ngisor iki.

Mrih sarkar a kan g makirty a nguni Rade n Panj i ra n Muhamma d Musaing Limbanga n pangulun engarang srat Panji Wulung basa Sund a jinarwa n Jaw i mring Dya n Suryadijay a Bante n Kandhawilu ting mangk e pirembagirakan g par a lid lukitanipu n kinard i

kacar a Surakart a (Dhandhanggula, Pupuh kaping I pada 1)

Saka cuplikan iku cetha menawa crita iki asale saka Sundha kang dijarwakake

menyang basa Jawa gagrag surakartan sawise dirembug bebarengan dening Dyan

Suryadijaya ing Banten Kandhawilut. Dene crita iki dhewe katulis kanthi sengkalan ngarsa

tan ngesthi marni (1806) kaya cuplikan ing ngisor iki:

Titi panulading kalaPanji Wulung Ditya Manis Sura kaping kalih dasa Mrakeh Je sangkaleng warsi ngrasa ta n ngesthi marni pamardawanireng tembun g neng praja Surakarta telenging Karaton Jawimun g ngleluri basa-Jawa kang sanyata (Sinom, Pupuh kaping 27 pada26)Saka cuplikan iku cettha menawa crita Panji Wulung iki ditulis dina Rebo Legi, 20

Sura Wuku Mrekeh Taun Je 1806. Ditulis ing Surakarta minangka punjere pamrentahan

Jawa kanthi tujuwan ngleuri basa minangka perangane budaya Jawa.

Crita Panji Wulung sabanjure kacitak awujud buku wacan nggunakake aksara Jawa

kanthi irah-irahan Panji Wulung-Mangkunegara IV 272 kaca nalika taun 1931 dening

percetakan Landsdrukkerij- Batavia Centrum. Ing kono uga diterangake menawa crita iki

asale saka Sundha banjur kajarwakake menyang basa Jawa dening KGPAA Mangkunegara

(katalog no 1113 progam digitalisasi sastra Jawa ing laman

http://www.sastra.org/katalog/judul%3Fti_id%3D1113, kadeleng 10 November 2015).

8

Page 9: PANJI WULUNG

Sabanjure crita iki kacitak maneh nggunakake aksara latin dening PN Balai Pustaka

taun 1981 minangka Proyrk Penerbitan Buku Sastra Daerah dan Indonesia. Crita Panji

Wulung ing buku iki uga awujud tembang, nanging tembang iku uga kajarwakake menyang

basa Indonesia saben pupuhe. Buku iki sing didadekake sumber dening panliti minangka

obyek panliten.

2.1.1 Ringkesan Crita Panji Wulung

Naskah Panji Wulung iki sacara ringkes nyritakake wiwitane nyritakake ngenani

Ratu ing negara Sokadana kang nresnani garwa selir, Tanjung Sari. Garwa ampeyan liyane

meri lan nyoba nyilakakake kanthi cara mitnah. Ratu Sakonana sing muntab banjur

ndhawuhi patihe yaiku patih Jayengpati saprelu mateni Tanjung Sari. Si Patih ora tega

mateni Tanjung Sari banjur nyingitake ing sawijine desa nganti lair putrane sing sabanjure

diwenehi jeneng Panji Wulung. Panji Wulung bocah sing sregep lan semangat nyinaoni ilmu

batin lan ilmu kanuragan.

Panji Wulung kang dicoba ngangkat pusaka agung dening pamane yaiku Patih

Jayengpati sadurunge dililani budhal lelana. Sawise kasil ngangkat pusaka iku Panji Wulung

lelala dibaturi rong abdi yaiku Ki Janggala Janggali. Ing tengahe alas Panji Wulung kasil

mateni kewan galak sing bakal mangsa dheweke lan abdine.

Rombongane Panji Wulung sing dicegat begal anama Jayapati ing dalan. Sawise

kasoran, begal iku nyerahake dhirine marang Panji. Sabanjure Panji Wulung nemoni

pandhita lan mateni pandhita iku amarga pandhita iku senengane apus-apus lan tumindake

ala. Panji Wulung dicritani abdine ngenani pandhita sing dipateni mau lan pokal gawene.

Panji Wulung uga dicritani sapa sejatine dheweke. Sabanjure dheweke lan abdine nerusake

lelana numpak kapal nuju Patani. Ing dalan dheweke ketemu satriya saka Bugis anama

Daeng Bremani. Kekarone banjur dadi kanca raket. Dheweke kabeh banjur ngabdi setaun ing

Patani, banjur nerusake laku menyang Cempa. Dheweke kabeh banjur ngabdi marang Ki

Jurutani ing Cempa lan asil ngalang-alangi maling sing arep ngrebut bandha donyane Ki

Jurutani.

Panji Wulung lan Daeng Bremani sing sawise nglawan maling iku banjur nuturi

maling sing gelem mretobat. Sabanjure Ki Jurutani rumangsa seneng merga dhaerahe aman

lan subur, saengga dadi reja. Sabanjure Panji Wulung kepengin mlaku-mlaku menyang alas.

Panji Wulung lan Baeng Bremani uga abdine kang mlaku-mlaku menyang alas. Ing

tengah alas dheweke ketemu wong wadon sing dicolong banjur nulungi kanthi mateni wong

sing nyolong lan gajah tumpakane. Wong wadon iku yaiku putri Cempa anama Dyah Ayu

9

Page 10: PANJI WULUNG

Handayaningrat. Panji Wulung lan Dyah Ayu padha ceblok tresna lan dijuk mulih menyang

Ki Jurutani. Ing Cempa digambarake ratune bingung lan kuwatir merga putrane digawa

mlayu abdine dhewe banjur nggawe sayembara gedhe. Akeh wong sing ngupaya kanggo

menangake sayembara iku. Salah sijine yaiku Andakasura. Dheweke nemokake panglima lan

gajah sing wis dipateni Panji Wulung mau banjur diaturke menyang kaprajan. Ratu Cempa

tetep sedhih merga panglima lan gajahe wis ditemokakae nanging putrane isih durung

ketemu. Ki Jurutani sing krungu banjur ngandhani lan ngutus Daeng Bremani lan Ki

Jenggala Jenggali ngirim surat menyang kaprajan. Sawise matur dawa ngenani crita

ketemune putrane, ratu mau seneng banget lan ngutur patihe uga wadya balane supaya

mapag putrane lan calon mantu sing dadi isi sayembarane mau menyang omahe Ki Jurutani.

Sabanjure, Dyah Ayu Handayaningrat ketemu klawan rama ibune. Saise iku Panji

Wulung diwisuda minangka Raja Anom lan dadi garwane putrane uga kanugrahan setengah

negara Cempa. Semono uga Daeng Bremani lan Ki Jenggala Jenggali sing diwenehi hadiyah.

Andakasura sing dikunjara aprep diukum mati merga mis ngapusi, nanging dicegah lan

dibebasake dening Panji Wulung menawa dheweke gelem mertobat. Sawise iku Andakasura

mlayu sakulawargane menyang Giligwesi. Ing kono dheweke nggawe pitnah lan ngomong

menynang Ratu Giligwesi menawa Prabu cempa wis ngina dheweke kanthi nikahake putrane

karo pemudha elek lan bdho. Ratu Giligwesi sing muntab banjur nyiapake wadyabalane lan

nuju Cempa saperlu ngadani perang gedhe.

Sang Dyah Ratna Ayu nganggo busana sing apik banget, ndadekake dheweke tansaya

katon ayu. Panji Wulung, Dyah Ratna Ayu, lan para prajurit budhal menyang Cempa. Sawise

teka ing Cempa, Dyah Ratna Ayu enggal-enggal nemoni sang prabu lan permaisuri. Dyah

Ratna Ayu, lan raden Panji Wulung enggal-enggal sujud marang kekarone. Sang Prabu

seneng banget nyawang Raden Panji Wulung, amarga kekarne nduweni rupa sing persis.

Raden Panji Wulung inng kono diwenehi bageyan kerajaan separo saka kerajaan Cempa.

Panji Wulung banjur madegake istana kanthi aran istana kanoman, dununge ana ing lor pasar

lan pinggir bengawan. Panji Wulung banjur diwisuda dadi Raja Muda.

Sang prabu nduweni tahanan kanthhi jeneng ki Andakasura sing bakal diukum kisas

utawa diukum mati. Weruh kedadeyan kaya mangkono kuwi, Panji Wulung banjur takon

marang sang Prabu, kena ngapa Andakasura diukum mati, Sang Prabu kandha yen

Andakasura wis wani ngapusi prabu kanthi muni yen wis mateni panglima. Weruh

kedadeyan kaya mangkono kuwi, Panji Wulung ngandharake yen deweke kurang sarujuk

marang panemune sang Prabu, ukuman kisas iku minangka ukuman sing ora adil.

Andakasura mung ngapusi wae kok nganti diwenehi ukuman kisas. Pungkasane Andakasura

10

Page 11: PANJI WULUNG

ora sida diukum kisas utawa mati, dheweke mung kon netepi janji yen ora bakal nglakoni

tumindak sing kaya mangkono maneh. Andakasura rumangsa isin lan lara ati, banjur

dheweke minggat saka istana kanthi nggawa anak bojone menyang Gilingwesi

Gilingwesi minangka salah sawijine kerajaan sing dipimpin dening Sri Narendra.

Andakasura ngandharake kabar sing ora sabenere. Dheweke muni yen putri saka kerajaan

Cempa rabi karo wong sing elek rupane, sang prabu nulak Sri Narendra mung kanggo

namapa wong sing elek rupane. Sri Narendra abang kupinge lan panas atine, dheweke ngajak

perang lumawan kerajaan Cempa. Patih kerajaan kanthi jeneng Kyai Patih nyobe

ngleremakae atine, nanging amarga dikira ngalang-alangi dalane kanggo perang lumawan

kerajaan Cempa, Kyai Patih dipateni dening Sri Narendra. Ing kono adhine Kyai Patih

weruh yen kakange dipateni dening Sri Narendra, ing njero batin, dheweke bakal males apa

sing wis dilakoni Sri Narendra marang kangmase.

Kerajaan Cempa weruh yen bakal ana perang lumawan kerajaan Gilingwesi. Sang

Prabu enggal-enggal nyeluk Panji Wulung saperlu ngrembuk masalah iki. Sang prabu

masrahake paparangan iki marang Panji Wulung. Panji Wulung sarata para prajurite budhal

perang. Ing papn dununge paparangan kono para prajurit saka Gilingwesi wis akeh sing

ditumpes dening prajurit Cempa. Sang Narendra bingung weruh para prajurite sing isih

slamet padha mlayu golek keslametan. Pungkasane sang Narendra ditumpes dening Sang

Harya Sudarma, adhine kyai Patih sig sadurunge wis dipateni dening sang Narendra

Panji Wulung sing weruh kedadeyan kuwi banjur nyeluk Harya Sudarma. Harya

Sudarma ditakoni kena ngapa dheweke mateni rajane dhewe. Harya Sudarma kandha blaka

ngenani apa sing wis dialami lan apa sing dadi lelandhesan dheweke mateni sang Narendra.

Apa sing diandharake dening Harya Sudarma disarujuki karo para prajurit saka Gilingwesi

sing isih selamet. Harya Sudarma lan para prajurit Gilingwesi banjur ngabdi marang Panji

Wulung. Kabeh mau banjur digawa bali dening Panji Wulung menyang kerajaane.

Satekane ing Cempa, Panji Wulung nyritakake sakabehe kedadeyan sing wis dialami

nalika erang, ora lali uga ngenani Harya Sudarma. Panji Wulung banjur nyuwun marang

sang Prabu supaya bisa ngangkat Harya Sudarma dadi raja ing Gilingwesi. Sang Prabbu ora

nuruti kekarepane Panji Wulung, merga sang prabu duruung ngert kepriye solah bawane

Harya Sudarma. Saengga sadurunge dadi raja, Harya Sudarma diangkat dadi patih

Gilingwesi.

Harya Sudarma dilantik dadi patih ing Gilingwesi kanthi aran Ki Suraludira.

Suraludira saen bengi tansah nemoni sang prabu Anom (Panji Wulung) sapaerlu golek ilmu

kepriye carane mimpin negara kanthi becik. Sang Prabu Anom (Panji Wulung) tansah aweh

11

Page 12: PANJI WULUNG

pitutur lan menehi cara kepriye carane mimpin negara kanthi becik. Harya Sudarma wis

suwe ana ing Cempa, dheweke sarta prajurit-prajurit saka Gilingwesi banjur pamit yen arep

bali menyang negarane.

Sang Prabu Anom senajan saiki urip mulya nanging batine tansah keronta-ronta. Ing

swijinening wengi, dheweke nangis, sang Dyah Ayu banjur tuwuh pitakon marang prabu

Anom, apa sing njalari dheweke tansah sungkawa. Sang Prabu Anom kandha yen dheweke

kapang marang wong tuwane sakloron. Dheweke wis suwe ora tau kepethuk karo wong

tuawane. Dheweke ora weruh kepriye wong tuwane saiki, isih gesang apa ora. Sang Parbu

Anom nanjur ngomong marang Dyah Ayu yen dheweke bakal ngutus wong kanggo ngirim

layang kanggo wong tuwane ing Sokadana. Prabu Anom ngutus ki Jenggala lan Demang

Ngurawan saperlu budhal menyang Sokadana. Kekarone nuruti apa sing dikarepake dening

sang prabu Anom.

Ing Sorandaka, Sang Patih tansah nelangssa batine amarga kelingan anake sing lagi

lunga merantau. Sabendina dheweke tansah ndonga marang Hyang Widdi supaya anake

tansah diwenehi keslametan. Merga welas asihe Sang Hyang suksma mairang sang Patih,

sang Nyai Patih ngandhut maneh. Anake lanang diwenehi jeneng Panji Pamekas. Weruh

kedadeyan iki, sang Prabu sing ora nduwe turun kepengin ngangkat Panji Pamekas supaya

dadi anake. Sang Prabu nyoba ngomong marang sang patih, lan sang patih lila yen anake

diangkat dening sang Prabu. Sang prabu rasa sayange gedhe banget marang Panji Pamekas

apa wae sing dikarepake dituruti. Weruh kedaeyan iki, sang patih ngadhep marang sang

prabu saperlu mbahas ngenani apa sig wis dilakoni sang prabu marang Panji Pamekas. Ki

Patih kandha yen ora samestine yen Panji Pamekas kepengin apa wae iku dituruti, mengko

bakal ndadekake Panji Pamekas nalika dadi raja bakal dadi raja sing senengane nggugu

karepe dhewe. Sang prabu sadahar yen sasuwene iki sing dilakoni salah. Sang Prabu banjur

menehi Panji Pamekas guru-guru supaya bisa mulangake kepriye sopan-santun lan bebudene

para Raja sing becik. Panji Pamekas saiki adi bocah sing ngerti marang kahanan.

Sang patih isih tansah kelingan marang anake, Panji Wulung. Dheweke sesambatan

marang bojone. Nalika sang patih lan bojone lagi omong-omongan, ki Jenggala lan Demang

Ngurawan teka ana ing Sokadana. Sang patih nyetitekna sapa tamu sing lagi wae teka.

Weruh yen sing teka ki Jenggala sang patih banjur takon endi momonganmu? Ki Jenggala

kanda yen saiki Panji Wulung wis dadi raja anom ing kerajaan Cempa. Ki jenggala lan

Demang Ngurawan masrahake apa sing dadi titipan Panji Wulung. Weruh kahanane anake

sing saiki isih seger waras, ki patih rumangsa seneng banget. Saben wemhi Ki Jenggala

nyritakake ngenani kepriye lakune Panji Wulung nganti tumekane saiki. Ki Jenggala ing

12

Page 13: PANJI WULUNG

kerajaan Sokadana suwene wis rong ulan, ki Jenggala lan Demang Ngurawan nyuwun pamit.

Ki Patih banjur nitipake layang kanggo Panji Wulung lumantar ki Jenggala lan Demang

Ngurawan.

Ki Jenggala lan Demang Ngurawan teka ing Cempa. Panji Wulung sing bingug

ngenteni utusane kasebut banjur nemoni kekarone. Nakoni kena ngapa ora enggal bali? Panji

Wulung sawise kuwi banju ngongkon kekarone supaya enggal istirahat. Wenine ki Jenggala

diutus nyritakake apa sing wis dialami sasuwene ana ing Sorandaka. Ki Jenggala nyritakake

sakabehane. Panji Wulung banjur pengen weruh marang adhine, Panji Pamekas. Esuke Raja

Anom Lan Dyah Ayu ngadhep marang sang prabu. Sang Prabu menehi weling-weling

marang anake wadon, kepriye carane ngaldeni bojo sing becik. Dyah Ayu manut apa

dhawuhe ramane. Sang Prabu pungkasane kapundhut dening gusti. Prabu Anom banjur

diutus kanggo mimpin kerajaan Cempa. Negara Cempa tansaya makmur nalika dipimpin

dening prabu Anom.

Prabu anom ngutus punggawane kanggo ngaturake layang memyang kerajaan Sokadana. Isi

surat kasebut ngenani kabar yen ramanda prabu Cempa wis kapundhut dening Gusti, lan

saiki Panji Wulung diangkat dadi raja. Raja Sorandaka seneng banget, banjur ngutus bales

layang kasebut, isineni ngenani kabar yen wulan ngarep bakal sowan menyang Cempa.

Nalika iku prabu Sokadana budhal menyang papan pertapan. Dheweke weruh Niken

Tunjung Sari, dheweke nalika weruh kaget banet amarga Tunjung Sari durung mati. Sang

patih banjur nyritakake kedadeyan kawuri, yen sejatine Niken Tunjung Sari ora salah. Sang

Prabu rumangsa dosa, banjur Niken Tunjung Sari digawa bali menyang keraton, dene

permaisurine sing wis mitnah Niken tunjung Sari diukum. Niken Tunjung Sari diangkat dadi

permaisuri. Sang Prabu Dewakiswara banjur ngirim Niken Tunjung Sari menyang kerajaan

Cempa saperlu nemoni anake, Panji Wulung.

Cerita sabanjure yaiku nalika Prabu Sorandaka arep lengser, dheweke bingung milih

calon. Panji Wulung nyalonake Panji Pamekas supaya dadi raja. Andakasura weruh

kedadeyan kasebut ora trima, dheweke kepenginn ngalahake Panji Wulung. Andakasura

nyoba ngasut kyai patih, nanging kyai patih ora bisa kena godha. Andakasura banjur

nyedhaki Nyai patih lan muni yen sing sejatine pantes dadi raja yaiku Kyai Patih. Nyai Patih

kenek omongan kasebut banjur njaluk marang bojone supaya gelem maju dadi prabu. Kyai

Patih lan Andakasura banjur nyuap para pawongan an ing istana supaya gelem ngrewangi

ngalahake Panji Wulung. Niat alane mau konangan. Kyai Patih diukum kanthi cara diakon

minggat metu saka kerajaan, dene Andakasura dipateni kanthi cara awake dikethok-ketho,

13

Page 14: PANJI WULUNG

lan sirahe diencepake ana ing tumbak, banjur diseleh ana ing prapatan. Iki kabeh kanggo

conto yen ana wong wani ngapusi marang Raja, bakal kaya Andakasura nasibe.

Crita Panji Wulung kaya kang wis disebutake ing ndhuwur, karakit saka 27 pupuh.

Jlentrehane kaya mangkene:

1. Pupuh Dhandhanggula, isine ngenani dhata singkat naskah Panji wulung lan orientasi

crita, yaiku gegambarane Ratu ing negara Sokadana kang nresnani garwa selir, Tanjung

Sari. Garwa ampeyan liyane meri lan nyoba nyilakakake kanthi cara mitnah. Ratu

Sakonana sing muntab banjur ndhawuhi patihe yaiku patih Jayengpati saprelu mateni

Tanjung Sari.

2. Pupuh Asmarandana, isine ngenani si Patih ora tega mateni Tanjung Sari banjur

nyingitake ing sawijine desa nganti lair putrane sing sabanjure diwenehi jeneng Panji

Wulung. Panji Wulung bocah sing sregep lan semangat nyinaoni ilmu batin lan ilmu

kanuragan.

3. Pupuh Sinom, isine ngenani Panji Wulung kang dicoba ngangkat pusaka agung dening

pamane yaiku Patih Jayengpati sadurunge dililani budhal lelana. Sawise kasil ngangkat

pusaka iku Panji Wulung lelala dibaturi rong abdi yaiku Ki Janggala Janggali. Ing

tengahe alas Panji Wulung kasil mateni kewan galak sing bakal mangsa dheweke lan

abdine.

4. Pupuh Pangkur, isine nggambarake rombongane Panji Wulung sing dicegat begal anama

Jayapati ing dalan. Sawise kasoran, begal iku nyerahake dhirine marang Panji. Sabanjure

Panji Wulung nemoni pandhita lan mateni pandhita iku amarga pandhita iku senengane

apus-apus lan tumindake ala.

5. Pupuh Kinanthi, isine nggambarake Panji Wulung sing dicritani abdine ngenani

pandhita sing dipateni mau lan pokal gawene. Panji Wulung uga dicritani sapa sejatine

dheweke. Sabanjure dheweke lan abdine nerusake lelana numpak kapal nuju Patani. Ing

dalan dheweke ketemu satriya saka Bugis anama Daeng Bremani. Kekarone banjur dadi

kanca raket. Dheweke kabeh banjur ngabdi setaun ing Patani, banjur nerusake laku

menyang Cempa. Dheweke kabeh banjur ngabdi marang Ki Jurutani ing Cempa lan asil

ngalang-alangi maling sing arep ngrebut bandha donyane Ki Jurutani.

6. Pupuh Mijil, isine nyritakake Panji Wulung lan Daeng Bremani sing sawise nglawan

maling iku banjur nuturi maling sing gelem mretobat. Sabanjure Ki Jurutani rumangsa

seneng merga dhaerahe aman lan subur, saengga dadi reja. Sabanjure Panji Wulung

kepengin mlaku-mlaku menyang alas.

14

Page 15: PANJI WULUNG

7. Pupuh Asmarandana, isine ngenani Panji Wulung lan Baeng Bremani uga abdine kang

mlaku-mlaku menyang alas. Ing tengah alas dheweke ketemu wong wadon sing

dicolong banjur nulungi kanthi mateni wong sing nyolong lan gajah tumpakane. Wong

wadon iku yaiku putri Cempa anama Dyah Ayu Handayaningrat. Panji Wulung lan

Dyah Ayu padha ceblok tresna lan dijuk mulih menyang Ki Jurutani. Ing Cempa

digambarake ratune bingung lan kuwatir merga putrane digawa mlayu abdine dhewe

banjur nggawe sayembara gedhe. Akeh wong sing ngupaya kanggo menangake

sayembara iku. Salah sijine yaiku Andakasura. Dheweke nemokake panglima lan gajah

sing wis dipateni Panji Wulung mau banjur diaturke menyang kaprajan. Ratu Cempa

tetep sedhih merga panglima lan gajahe wis ditemokakae nanging putrane isih durung

ketemu.

8. Pupuh Sinom, Ki Jurutani sing krungu banjur ngandhani lan ngutus Daeng Bremani lan

Ki Jenggala Jenggali ngirim surat menyang kaprajan. Sawise matur dawa ngenani crita

ketemune putrane, ratu mau seneng banget lan ngutur patihe uga wadya balane supaya

mapag putrane lan calon mantu sing dadi isi sayembarane mau menyang omahe Ki

Jurutani.

9. Pupuh Dhandhanggula, isine nyritakake ketemune Dyah Ayu Handayaningrat klawan

rama ibune. Saise iku Panji Wulung diwisuda minangka Raja Anom lan dadi garwane

putrane uga kanugrahan setengah negara Cempa. Semono uga Daeng Bremani lan Ki

Jenggala Jenggali sing diwenehi hadiyah. Andakasura sing dikunjara aprep diukum mati

merga mis ngapusi, nanging dicegah lan dibebasake dening Panji Wulung menawa

dheweke gelem mertobat. Sawise iku Andakasura mlayu sakulawargane menyang

Giligwesi. Ing kono dheweke nggawe pitnah lan ngomong menynang Ratu Giligwesi

menawa Prabu cempa wis ngina dheweke kanthi nikahake putrane karo pemudha elek

lan bdho. Ratu Giligwesi sing muntab banjur nyiapake wadyabalane lan nuju Cempa

saperlu ngadani perang gedhe.

10. Pupuh Durma, pupuh iki nyritakake nalika Panji Wulung budhal perang lumawan raja

saka Gilingwesi. Perang iki dimenangake dening Panji Wulung. Raja Gilingwesi

dipateni dening Harya Sudarma adhine kyai patih sing males dhendham amarga kakange

sing ora nduweni dosa apa-apa dipateni dening sang prabu Gilingwesi.

11. Pupuh Kinanthi, pupuh iki nyritakake nganani Panji Wulung lan para prajurit Gilingwesi

sing kalah mau pinuju marang kerajaan Cempa. Ing kene Panji Wulung crita marang

ramane ngenani sapa Harya Sudarma kasebut. Panji Wulung nyuwun marang ramane

supaya ngangkat Harya Sudarma dadi raja ing Gilingwesi. Sang prabu ora bisa nuruti

15

Page 16: PANJI WULUNG

kekarepane Panji Wulung, dadi raja dudu erkara sing gampang. Pungkasane Harya

Sudarma dilantik dadi patih ana ing Gilingwesi.

12. Pupuh Asmaradana, pupuh iki nyritakake nalika Harya Sudarma dilantik dadi patih ing

kerajaan Gilingwesi. Harya Sudarma diwenehi jeneng patih Suraludira. Sawise dilantik,

Panji Wulung matur yen saiki wis sayahe Harya Sudarma bali menyang Gilingwesi.

Sadurunge bali, Panji Wulung aweh pitutur marang Harya Sudarma kepriye carane dadi

pemimpin sing becik.

13. Pupuh Sinom, pupuh iki nyritakake nalika sawise Harya Sudarama bali menyaang

Gilingwesi, prabu Anom utawa Panji Wulung ngutus punggawane kanggo ngundang ki

Jurutani menyang kerajaane, kabeh kulawargane ki Jurutani diundang lan disuguhi

suguhan sing maneka werna. Iki kabeh kanggo atur panuwune Panji Wulung marang ki

Jjurutani sakulawarga sing wis kersa ngopeni dheweke. Sawijining dina, prabu Anom

rumangsa sedhih, sisihane, Dyah Ayu ora tega nyawang kahanane prabu Anom, banjur

ditakoni apa sing njalari Prabu Anom taah sedhih. Prabu Anom kandha yen dheweke

kapang banget marang rama lan biyunge ing Sorandaka. Prabu Anom banjur nguts ki

Jenggala lan Demang Ngurawan kanggo nyampekake layang kanggo rama lan biyunge

ing Sorandaka.

14. Pupuh Dhandhanggula pupuh iki ngandharake ngenani kahanan ing Sorandaka, sang

patih Sorandaka sing ora liya ramane prabu Anom nduweni putra maneh kanthi jeneng

Panji Pamekas, nanging Panji Pamekas diangkat anak dening Prabu Sorandaka. Nalika

sang patih lagi omong-omongan karo permaisuri, ki Jenggala teka kanthi tetangisan

weruh sang Patih. Sang Patih sing weruh Ki Jenggala teka, banjur takon endi

momongane (Panji Wulung). Ki Jenggala ngandharake yen dheweke sowan menyang

Sorandaka saerlu menehake surat saka prabu Anom sing isine ngenani kepriye kahanane

Prabu Anom ing Cempa. Ki Jenggala wis ana ing Sorandaka suwene rong wulan, banjur

pamitan mulih. Sang patih nitipake layang walesan kanggo prabu Anom.

15. Pupuh Megatruh, pupuh iki ngandharake cerita ngenani prabu Anom ing Cempa ngarep-

arep ki Jenggala lan Demang Ngurawan supaya enggal bali. Ki Jenggala lan Demang

Ngurawan teka ing kerajaan Cempa. Prabu Anom seneng banget. Ki Jenggala ngaturake

layang walesan saka patih Sorandaka. Esuke Dyah Ayu ditimbali dening sang Prabu, ing

kono Dyah ayu diwenehi wejangan ngenani kepriye tata carane wong wadon ngladeni

bojone.

16. Pupuh Kinanthi, pupuh iki ngandharake ngenani prabu Cempa ngangkat Panji Wulung

dadi prabu ana ing Cempa. Kabeh punggawa kerajaan nyarujuki. Panji Wulung

16

Page 17: PANJI WULUNG

diwenehi ali-ali dening sang prabu sing minangka simbul kekuasaan raja Cempa. Sawise

iku, sang prabu kapundhut dening Gusti.

17. Pupuh Asmarandana, pupuh iki isine ngenani pelantikan Panji Wulung utawa prabu

Anom dadi Prabu ing kerajaan Cempa. Panji Wulung banjur ngutus mantrine saperlu

ngirim layang menyang kerajaan Sorandaka sing isine ngeneni kabar yen prabu Cempa

wis kapundhut dening Gusti. Pupuh iki uga ngandharake ngenani larah-larahane Niken

Tunjung Sari bisa ali menyang kerajaan Sorandaka.

18. Pupuh Dhandhanggula, pupuh iki nyritakake ngenani piwales kanggo permaisuri patih

Sorandaka sing wis kasil mitenah Niken Tunjung Sari. Pupuh iki uga nyritakake ngenani

kedadyena nalika Niken Tunjung Sari dikirim menyang kerajaan Cempa Saperlu nemoni

anake, Panji Wulung.

19. Pupuh Pucung, pupuh iki nyritakake nalika Sang Prabu arep budhal menyang negara

Sokadana amarga wis ana setengah sasi Sang Prabu lan permaisurine ana ing negeri

Campa. Sadurungu budhal menyang negara Sokadana, sang Prabu nyritakake nalika

dheweke mbiyen sinau ngenani tata negara lan kemakmuran nanging durung rampung

anggene sinau dheweke wis kesusu dadi pengelana. Sawise Sang Prabu crita ngenani

jaman cilikane, dheweke banjur pamit arep bali menyang negarane kanthi diiringi

prajurit kang nunggang jaran ing barisan ngarep dhewe lan diiringi para perwirane.

20. Pupuh Asmaradana, pupuh iki nyritakake perjalanane Raja Campa lan Patih Sokadana

menyang negara Campa. Sadurunge layar, para rombongan leren dhisik lan ngedhekake

tenda banjur ngunekake gamelan dadi swasanane dadi rame lan tambah akrab. Sawise

leren, para rombongan banjur numpak prahu kanggo nyebrang lan Sang Prabu bingung

kepriye carane nyambut rombongan kae mau amarga tekane dadakan. Pungkasane Si

Pamekas diangkat dadi Pangeran Adipati. Sawise diangkat dadi Pangeran Adipati,

dheweke diutus Ramanda kanggo nyusul Raja Campa ing pinggir pantai. Sawise

Ketemu karo rombongan, Pangeran Adipati lan rombongan banjur menyang istana

kanggo nemoni Ramanda. Sawise nemoni Ramanda lan ngadakake pesta penyambutan,

Ramanda banjur dhawuh marang Raja Campa ngenani sapa sing bakal dadi Raja ing

Sokadana amarga dheweke wis sepuh. Raja Campa banjur isih bingung mangsuli

amarga dheweke durung nduweni calon. Sawise mikir pirang-pirang dina, Raja Campa

nduweni usulan yen sing pantes dadi raja ing Sokadana yaiku Pangeran Adipati

Pamekas.

21. Pupuh Sinom, pupuh iki nyritakake nalika Ramanda nobatake Adipati Pamekas kanggo

dadi raja ing negara Sokadana lan nunjuk Adipati Jayabrata kanggo dadi pendhampinge

17

Page 18: PANJI WULUNG

Adipati Pamekas amarga Jayabrata nduweni kecakapan kang apik nalika dheweke dadi

pejabat kerajaan. Adipati Pamekas banjur ganti jeneng dadi Maharaja Dewabrata.

22. Pupuh Kinanthi, Pupuh iki nyritakake ngenani kewicaksanaane Prabu Campa, dheweke

menengi wejangan kanggo Maharaja Dewabrata. Maharaja Dewabrata ora lali

ngucapake matur nuwun kanggo Prabu Campa. Sadurunge Prabu Campa mbalik

menyang negarane, dheweke ora lali menyang gunung Biku pamit marang bapak ibune

yen dheweke arep balik menyang negarane. Saliyane iku, pupuh iki uga nyritakake

pemberontakane Andakasura kang ora demen marang marang Prabu Campa,

Andakasura banjur mengaruhi Kyai Patih nanging Kyai Patih isih durung kepengaruh

karo Andakasura.

23. Pupuh Pangkur, Pupuh iki nyritakake ngenani usahane Andakasura kanggo mengaruhi

kyai Patih nanging kyai patih panggah ora bisa dipengaruhi karo Andakasura.

Andakasura ora ilang akal dheweke banjur mengaruhi Nyahi Patih. Andakasura

mengaruhi Nyai Patih kanthi cara menehi omongan yen sing cocok dadi raja ing campa

yaiku Kyai Patih. Nyai Patih banjur kepengaruh karo Andakasura, dheweke ndhesek

Kyai Patih kanggo maju nglawan raja, yen Kyai Patih ora gelem dheweke luwih becik

mati.

24. Pupuh Durma, Pupuh iki nyritakake ngenani Patih Andakasura lan Kyai Patih kang

nyuap para petinggi kerajaan supaya gelem mbantu dheweke kanggo ngalahake Panji

Wulung. Nalika Panji Wulung arep sandhar menyang negarane, dheweke kaget amarga

pasukan Andakasura lan Kyai Patih wis nyegat dheweke. Nalika pasukane Panji Wulung

arep nyerang pasukane Andakasura, ana pitung kapal kang nyedhaki dheweke pranyata

pasukane Gilingwesi siap mbantu Panji Wulung. Pungkasane pasukan saka Andakasura

lan Kyai Patih kalah klawan pasukan saka Gilingwesi.

25. Pupuh Dhandhanggula, Sang Prabu nyeluk para tumenggung, hulubalang,

demang, ngabei saka bala tentara Campa kang wis dikalahake kanggo kumpul lan

mbahas ngenani perang kang wis diliwati. Panji Wulung ora ngerti kena ngapa kok isa

dadi perang antarane dheweke lan Kyai Patih amarga Kyai patih iku dhewe minangka

wong kang dihurmati ing negara Campa. Permaisuri sedhung banget amarga Kyai Patih

bisa nglakoni tumindak kang kaya mengkana amarga Kyai Patih iku dhewe minangka

pamane. Panji Wulung banjur mrintahake para prajurit lan mantri kanggo nggoleki

jasade Andakasura lan Kyai Patih.

26. Pupuh Maskumambang, Pupuh iki nyritakake kahanan sawise Gilingwesi bali menyang

negarane, pupuh iki nyritakake kahanane Kyai Patih lan Andakasura kang isih urip. Kyai

18

Page 19: PANJI WULUNG

Patih lan Andakasura ndhelik ing tengah alas, kalorone kaya kewan kang kalmbine

compang camping. Ana salah sawiji warga kang nemokake Kyai Patih lan Andakasura,

warga kasebut banjur lapor menyang petinggi desa. Sawise lapor menyang petinggi

desa, kabeh warga banjur menyang alas kasebut kanggo nangkep Kyai Patih lan

Andakasura, sawise ketanggep kalorone diarak menyang bale kota kanggo diserahake

menyang Raja Cempa.

27. Pupuh Sinom, Pupuh iki nyritakake ngenani Kyai Patih kang diwenehi ampunan marang

Raja, Kyai Patih mung dicopot saka kedudukane lan mung dadi masyarakat biyasa. Raja

malah bakal menehi dhuwit wulanan kanggo urip Kyai Patih. Kyai Patih banjur janji

marang raja yen dheweke ora bakal ngianati negarane. Andakasura banjur dikum mati,

dheweke dipateni kanthi cara awake diiris-iris lan sirahe ditancepake ing tombak lan

tombak kasebut dideleh menyang perempatan supaya dadi panginget kanggo sapa wae

supaya ora ngianati kerajaane. Sawise kuwi, petinggi desa lan wargane kang nangkep

Kyai Patih lan Andakasura diwenehi hadiyah kang arupa koin emas. Kerajaan Campa

saya suwe saya makmur, akeh nahkoda saka negara liya teka menyang negara Campa

amarga ing negara Campa dheweke ngrasa aman.

2.2 Struktur Crita Panji Wulung

Sistem religi yaiku unsur-unsur religi kang bisa mangun sawijine sistem religi.

Sistem yaiku antara dunya utawa urip lan akhirat utawa mati.

2.2.1 Tema

Tema sajrone serat iki diperang dadi loro, yaiku tema kaprawiran lan kawicaksanan. Andharane ana ing ngisor iki.2.2.1.1 Kaprawiran

Kaprawiran yaiku rasa kepahlawanan sing diduweni saben pawongan kanggo mbela negara. Salah sawijine Wujud kaprawiran iki dituduhake dening Panji Wulung. Wujud kaprawiran kasebut bisa dideleng ing cuplikan ngisor iki

Narpa mudha alon aturireng ramaKadanga jawatadiInggih bedhatiyaDedamel sabawanaKawula tan nedya mirisKalangkung sukaSang prabu Gilingwesi (Durma, pupuh 10 pada 2)Cuplikan ing ndhuwur nuduhake kepriye jiwa kaprawiran sing ana sjrone serat Panji

Wulung. Jiwa kaprawiran sing diduweni dening Panji Wulung kaya ing cuplikan ing nduwur

19

Page 20: PANJI WULUNG

yaiku rasa pantang mundur, senajan alangane kaya ngapa wae, dheweke siap maju perang lumawan kerajaan Gilingwesi.

2.2.1.2 Kawicaksanan

Crita iki nyritakake kawicaksanan Panji Wulung minangka raja ing negara Campa. Panji Wulung kang dihurmati wong liya amarga kawicaksanane marang masalah-masalah kang diadhepi, salah sawiji tuladhane yaiku nalika dheweke ngadhepi masalah ngenani Kyai Patih lan Andakasura. Kyai Patih minangka paklik saka Dewi Kumala (bojone Panji Wulung) kang kepengaruh karo hasutane Andakasura, kalorone ngianati Panji Wulung kanthi cara nyerang Panji Wulung nanging panji wulung menehi sepura kalorone nanging kalorone uga ora luput karo ukuman. Para mantri kang ngianati negarane uga diwenehi ukuman kang sepadan.

Para mantri telukan den iring maksih rinekseng samarga binongkoka n gegamaneing tyas samya piduhung langkung merang saurut margi mangkana lampahirajr o pura wus rawu hlajeng manjing dhatulay asri narendra kanthe n asta lan kang rayi praptaning prabayasa (Dhandhanggula, pupuh 24, pada 13, kaca 370

2.2.2 Paraga lan pamaragan

Paraga lan pamaragan sajrone serat Panji Wulung bisa kaya ing andharan ngisor iki1. Panji Wulung, Panji Wulung minangka wong kang wicaksana, andhap asor lan

hurmat marang sapa wae uga ora sombong.,Kala timur akepara klumar-klumurnglemer lelingsemansareng jumeneng narpatiteka cucud kapencut lagu ing Campa (pucung, pupuh 19, pada 8, kaca 320-321)

Rikating duta lumaris kerid gya katur sang nata narendr a nimbali age mring sagung para nayaka angrembag praptanira paran pakurmatanipunratu mudha binathara (pucung, pupuh 19, pada 13, kaca 321)

2. Andakasura. Andakasura minangka wong kang licik, amarga dheweke gelem mengaruhi wong kang atine suci kaya Kyai Pati kanggo ngolehi apa kang dadi

20

Page 21: PANJI WULUNG

kepenginane, salah sawijine manas-manasi Nyai Pati supaya gelem mbujuk Kyai Pati kanggo dadi raja lan nggulingake Panji Wulung.

Praptaning wisma antaralet saari gya marek nyai patih sarwi karuna umaturdhu h nyai kula eramraka tuwan kyai lurah teka cubluk ta n nggega atur prayoganrimah ngenger ing pengarit (Pangkur, pupuh 23, pada 2)

3. Kyai Patih. Kyai Patih minangka wong setya marang Panji Wulung lan dheweke didadekake suri tauladan ing negarane nanging amarga Nyai Wulung gampang dihasut dening Andakasura. Kyai Patih banjur ora tega marang bojone, pungkasane dheweke kepengaruh karo Andakasura lan wani nglawan rajane.

Patih mangu-manguning tyasrangu-rangu wungu re h kang ta n yekt i nanging sandeyaning kayu nrumangsa ta n kuwawaangembari kesantikanireng prabu yen anon mularing garwamadeg suraning panggalih (Pangkur, pupuh 23, pada 16)

4. Nyai Patih. Nyai Patih minangka wong kang gampang banget dihasut amarga mung diiming-imingi babagan kang endah dheweke banjur ngianati negarane

Nyi patih daha t tya s renawantun e dya h miyarsa atu r gampil rinasa sangsaya wimbu hkapengin awibawaneng jr o pura pinarak rinatu-ratu sinunggun sinungga-sunggasagung pra parekan cethi (Pangkur, pupuh 23, pada 7)

5. Permaisuri. Permaisuri minangka wong kang ramah lan santu marang sapa wae. Kabukti nalika Gilingwesi pamit bali menyang negarane, dheweke banjur muji Gilingwesi lan ngarep-ngarep supaya Gilingwesi ora cepet-cepet mulin=h menyang negarane

Prameswari mesem lingira ris sumawana pra kadangetek a kasesa kondu rmbo k den sranti ing sawetawis mangsa gek saben warsapu n kakang tetem ulan para sadherek Cemp amupun g mangk e wonte n jalarane ugi

21

Page 22: PANJI WULUNG

prayogi radi lama (Dhandhanggula, Pupuh 25, pada 30).6. Prabu Gilingwesi. Giliwengsi minangka paraga kang nepati janji marang janji kang wis diucapake.

Jeng paduk a angestrenana kewala mring wadya Gilingwesikawula kang nangga inggih karya punika mapant a sampun ubanggi dhuk saking wismabadhe rerempo n juri t (Durma, pupuh 24, pada 22, kaca 362)

7. Adipati Pamekas. Adipati Pamekas minangka paraga kang nduweni rasa matur nuwun kanggo wong kang wis mbantu dheweke.

Datan antara kaeksi panganjuring wadya Cempa kady a narmada ilinedaledeg kang bala kuswa kapraban diwangkara mangkara-kara ngunguwung (Asmaradana, pupuh 20, pada 19)

8. Ki Jenggala Jenggali

Ki Jenggala Jenggali minangka abdine Panji Wulung. Dheweke digambarake minangka

paraga sing setya tuhu marang bendarane. Senajan kekarone wedi ngadhepi bebaya, nanging

dheweke isa dadi pamong tumrape bendharane.

9. Tanjung Sari

Tanjung Sari minangka paraga ibune Panji Wulung. Wateke yaiku nresnani putrane.

10. Patih Jayapati

Patih Jayengpati minangka patih negara Sokadana. Patih iki nduweni jiwa kesatriya.

Saliyane iku dheweke ndueni pamikir sing dawa.

11. Jayeng Pati

Jayeng Pati digambarake minangka prampok, nanging sawise ngrampok Panji Wulung

banjur dheweke tobat lan dadi abdine sing setya.

12. Ki Juru Tani

22

Page 23: PANJI WULUNG

Ki Juru Tani minangka paraga sing ngramut lan dadi bendarane Panji Wulung nalika

manggon ing Cempa. Dheweke minangka bendara sing isa ngemog abdine.

13. Pendheta

Pandhita neng kene digambarake minangka paraga sing tumindake ala. Pandita nanging isih

kagodha karo donya.

2.2.3 Alur

Alur Maju

2.2.4 Setting

2.3 Nilai kang Kinandhut sajrone Crita Panji Wulung

1. Sakabehane tumindak iku ora kena grusa-grusu, kudu dipikir kanthi jero.Saben manungsa mesthi nduweni pepinginan dhewe-dhewe. Kaya sing dialami

dening Panji Wulung. Nalika dheweke weruh kepriye pangurbanane Harya Sudarma saperlu mbrantas Raja Gilingwesi sing tamak, Panji Wulung kepengin enggal-enggal ngangkat Harya Sudarma dadi ratu ing Gilingwesi. Panji Wulung nyuwun marang ramane supaya enggal-enggal ngangkat Harya Sudarma dadi Ratu. Ramane oraa bisa nuruti kekarepane Panji Wulung, sabab kabeh kuwi kudu dipikir kanthi jero, ora kena grusa-grusu. Mengko yen grusa-grusu banjur nemoni masalah ing tembe mburi, ora kena dibalekake menyang wiwitan, buktine ana ing cuplikan ngisor iki.

Kang rama ngendika arumSarehne dhingin kakiNora gampang karya rajaKudu pinikir kang slesihBok ing wuri gawe susahAja dumeh sira asih (Kinanthi, pupuh 11 pada 42)

2. Dadi pemimpin kudu adil lan wicaksanaDadi pemimpin dudu barang sing gampang. Dadi pemimpin iku kudu adil lan

wicaksana supaya bisa nuntun para masyarakate ing dalan sing bener, lan tansah adoh saka alangan. Pemimpin sing adil lan wicaksana bakal bisa mujudake negara sing aman, tentrem, adoh saka cecongkrahan. Kabukti ing cuplikan iki.

Lare wong mengku negariLamun adil paramariaAlus lulus pamengkuneDumadi karta kan praja

23

Page 24: PANJI WULUNG

Yen ambek siya-siyaSayekti akarya kisruhResusuh dumunuh prapta (Asmaradana, pupuh 12, pada 14)

3. Urip iku kudu tansah prihatin, ora kena nuruti sakabehane panjaluk, amarga bakal ndadekake kita mbesuk dadi manungsa sing tamak.

Manungsa urip ing ndonya iki ora kena sakarepe dhewe. Urip iku kudu sawang sinawang supaya tuwuh rasa prihatin. Manungsa sing uripe wiwit cilik tansah diuja marang cumlerete bandha donya, mbesok ing tembe bakal ndadekake manungsa sing tamak. Mula saka iku, wiwit cilik kudu dibiyasakake urip sing prihatin.

Pan wwantuning pamudha punikiYen winilet ing pangela-elaLalu limut budayaneTan wande tembenipunBadhe ngangge kersa pribadiTan titi tilar caraCarane tumuwuhUgungan agung binaktaTanpa krama renaning pribadi pinrihNgemangi tibeng nistha (Dhandhanggula, pupuh 14 pada 6)

4. Wanita iku kudu bisa ngladeni bojone kanthi becik, kaya ngapa dhuwure titahe, tetep kudu ngabekti marang sisihane.

Wanita kaya ngapaa dhuwure titahe, yen wis nduwe bojo kudu tansah wajib ngabekti marang bojone. Wanita kudu manut marang apa sing dikarepake dening bojone. Wanita ora kena ngomong nyentak marang bojone, kabeh mau kudu dilakoni kanthi laku sing alus. Senajan dhuwura kaya ngapa derajade wanita kasebut, tunduk marang bojo minangka kuwajiban utamane wanita marang bojo. Kaya cuplikan ing gisor iki.

Ora kena ngendelken sutaning ratuKudu mantep anetepiIng sacara-caranipunWong minengki marang lakiDen awas marang tetekon (Megatruh, pupuh 15 pada 23)

5. Rasa Tanggung Jawab.Manungsa nalika nglakoni tumindak kudu mikirake untung lan rugine, kita kudu

nduweni rasa tanggung jawab marang apa kang wis dilakoni, ora kaya Andakasura sing isih isa-isane kabur nalika dikepung warga amarga dheweke wedi karo ukuan kang bakal diwenehake dheweke dening raja Campa.

Ki Andakasur a sumedya ngoncati nging sampun kinepangmlayuwa yekt i binandhil dady a amegeg kewala (Maskumambang, pupuh 26, pada 14,)

24

Page 25: PANJI WULUNG

6. Kudu ikhlas lan welas asih marang liyanPatih nulya pinaringan pisalin busana adisri nata alon ngandika wruhanira pama n patih kalungguhanmu patih samengko manira pundhut mardikaa kewalaingsun kang peparing pancisri narendra nolih maring Surengpatya (Sinom, pupuh 27, pada 13)

7. TegesDadi wong iku kudu teges, ngukum wong kang salah. Andakasura diukum

mati amarga dheweke mangaribawani Kyai Patih kang atine suci kanggo nglawan raja mula dheweke pantes diukum mati

Kaliwat nggonmu duraka ngajak ala wong kang becik binuju k balela prajatu r praptaning ndo n ngoncati tete p mun g weh bilahi mengko sira kena ngukumpati neng pangadilan dadya tontonaning janmikang mangkno saka karsanta priyangga (Sinom, pupuh 27, pada 17)

25

Page 26: PANJI WULUNG

BAB III

PANUTUP

3.1 Dudutan

Serat Panji minangka wujud salah sawijine reriptan sastra jawa ngandhut nilai-nilai

sing bisa dadi sarana piwulangan lan panggulawenthah ing aspek mental kepemimpinan

manungsa. Nilai-nilai kasebut dituduhake dening parag Panji Wulung sing tansah dadi

pemimpin sing adil, wicaksana, setya, lan ngurmati marang wong tuwane. Nilai-nilai

kepemimpinan Panji Wulung dadi tata uger norma lan adat nalika urip ing bebrayan saengga

nuwuhake rasa tentrem nalika sesambungan kaliyan Pangeran lan manungsa liyane.

3.2 Pamrayoga

Reriptan sastra saliyane ngandhut nilai estetik, uga ngandhut nilai etik lan saintik.

Kaya reriptan Tantu Panggelaran iki. Kita bisa nuladha apa kang dikarepake panulis sajrone

ngripta reriptan iku. Isen-isene bisa kita selarasake karo kahanan sing ana ing bebrayan

jaman saiki.

26

Page 27: PANJI WULUNG

KAPUSTAKAN

Aminuddin, 2011. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo.

Endraswara, Suwardi. 2011. Metodologi Penelitian Sastra: Epistemologi, Model, Teori, dan Aplikasi. Yogyakarta: Caps.

Kesuma, Dharma, at. al. 2012. Pendidikan Karakter. Bandung: Rosda Karya

Nurgiyantoro, Burhan. 2010. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada University Press.

Poerbatjaaka, 1957. Kapustakan Jawi. Jakarta: Djambatan

Purnama, Bambang, 2012. Kesusastaan Sastra Jawa pesisiran. Surabaya: Bintang.

Suwarni. 2013. Sastra Jawa Pertengahan. Surabaya: Perwira Media Nusantara.

Staton, Robert, 2012. Teori Fiksi (diindonesiakake dening Sugihastuti lan Rossy Abi Al Irsyad). Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Zoetmulder. 1994. Kalangwan: Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang. Jakarta: Djambatan

http://www.sastra.org/katalog/judul%3Fti_id%3D1113, kadeleng 10 November 2015

27