6
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh Bapak kepala sekolah ingkang tuhu kinurmatan Bapak/ibu guru ingkang kula hormati Saha para kanca ingkang kula tresnani Monggo kula lan panjenengan muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahakuwasa, ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan. Bapak ibu lan para rawuh ingkang kula hormati Kepareng wonten ing wekdal menika kula matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya amakili para kanca kelas IX. Ingkang sepisan, kula sakanca ngaturaken syukur marang Gusti Kang Mahakuwasa, saged ndherek Ujian Nasional ngantos dumugi paripurna boten wonten ingkang absen. Salajengipun kula sakanca ngaturaken agunging panuwun dhumateng warga ken agungin panuwun dhumateng warga sekolah ingkang sampun paring pambiyantu dhateng kula sakanca sadangunipun sekolah wonten ing ngriki. Bapak/Ibu guru ingkang sampun kersa nggula-wenthah kula sakanca kanti sabar saha tlatos. Kula sakanca boten saged caos piwales menapa-napa, sagedipun amung memuji mugi kasaenan panjenengan sedaya cinathet minangka amal jariyah lan angsal lelintu ingkang murwat. Salajengipun kula sakanca nglenggana bilih sadangunipun sinau wonten ing ngriki kathah atur ingkang kirang becik, tata krama ingkang nerak paugeran ingkang dipunjarag lan boten dipunjarag kula sakanca namung saged nyuwun pangapunten sedaya kalepatan. Pungkasanipun kula sakanca nyuwun pangestunipun mugi saged kasembadan ing sedya nglajengaken wonten ing pasinaon salajengipun. Sekolah menika saged sangsaya majeng lan sangaya kuncara.

Bahasa Jawa

Embed Size (px)

DESCRIPTION

hh

Citation preview

Page 1: Bahasa Jawa

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Bapak kepala sekolah ingkang tuhu kinurmatan

Bapak/ibu guru ingkang kula hormati

Saha para kanca ingkang kula tresnani

Monggo kula lan panjenengan muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahakuwasa, ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan.

Bapak ibu lan para rawuh ingkang kula hormati

Kepareng wonten ing wekdal menika kula matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya amakili para kanca kelas IX. Ingkang sepisan, kula sakanca ngaturaken syukur marang Gusti Kang Mahakuwasa, saged ndherek Ujian Nasional ngantos dumugi paripurna boten wonten ingkang absen.

Salajengipun kula sakanca ngaturaken agunging panuwun dhumateng warga ken agungin panuwun dhumateng warga sekolah ingkang sampun paring pambiyantu dhateng kula sakanca sadangunipun sekolah wonten ing ngriki. Bapak/Ibu guru ingkang sampun kersa nggula-wenthah kula sakanca kanti sabar saha tlatos. Kula sakanca boten saged caos piwales menapa-napa, sagedipun amung memuji mugi kasaenan panjenengan sedaya cinathet minangka amal jariyah lan angsal lelintu ingkang murwat.

Salajengipun kula sakanca nglenggana bilih sadangunipun sinau wonten ing ngriki kathah atur ingkang kirang becik, tata krama ingkang nerak paugeran ingkang dipunjarag lan boten dipunjarag kula sakanca namung saged nyuwun pangapunten sedaya kalepatan.

Pungkasanipun kula sakanca nyuwun pangestunipun mugi saged kasembadan ing sedya nglajengaken wonten ing pasinaon salajengipun. Sekolah menika saged sangsaya majeng lan sangaya kuncara.

Makaten ingkang dados atur kula amakili para kanca kelas IX. Kathah pinanggih kalepatan kula nyuwun pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Page 2: Bahasa Jawa

Assalamualikum warahmatullahi wabarakatuh

Nuwun, panjenengan Bapak Kepala Sekolah ingkang tuhu kinurmatan.

Panjenenganipun Ketua Komite sekolah ingkang tuhu kinurmatan.

Para tamu undangan ingkang tansah winantu ing suka basuki.

Saha para kanca ingkang kula tresnani

Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan sareng-sareng muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Kang Mahakuwasa, ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan sami.

Bapak ibu sagung para rawuh ingkang tuhu kinurmatan, kepareng wonten ing wekdal menika kula matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya nun inggih amakili para kanca kelas IX. Ingkang sepisan, kula sakanca muji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Kang Mahakuwasa inggih awit sedaya saged ndherek Ujian Nasional ngantos dumugi paripurna boten wonteng ingkang absen.

Salajengipun kula sakanca ngaturaken agunging panuwun dhumateng warga ken agungin panuwun dhumateng warga sekolah ingkang sampun paring pambiyantu dhateng kula sakanca sadangunipun sekolah wonten ing ngriki. Miginipun dhumateng Bapak/Ibu guru ingkang sampun kersa nggula-wenthah kula sakanca kanti sabar saha tlatos, paring sangu ngilmu ingkang mumpangati tumrap gesang kula sakanca. Kula sakanca boten saged caos piwales menapa-napa, sagedipun amung memuji mugi kasaenan panjenengan sedaya cinathet minangka amal jariyah lan angsal lelintu ingkang murwat.

Salajengipun kula sakanca nglenggana bilih sadangunipun sinau wonten ing ngriki kathah atur ingkang ngelantur, tata krama ingkang nerak paugeran ingkang dipunjarag lan boten dipunjarag kula sakanca namung saged nyuwun pangaksama sedaya kalepatan.

Pungkasanipun kula sakanca nyuwun tambahing donga pangestu mugi saged kasembadan ing sedya nglajengaken wonten ing pasinaon salajengipun. Dene sekolah menika sapungkur kula sakanca saged sangsaya majeng lan sangaya kuncara.

Makaten ingkang dados atur kula amakili para kanca kelas IX. Kathah pinanggih kalepatan kula nyuwun agunging pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Page 3: Bahasa Jawa

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Bapak kepala sekolah ingkang tuhu kinurmatan

Bapak/ibu guru ingkang kula hormati

Saha para kanca ingkang kula tresnani

Monggo sesarengan kula lan panjenengan muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahakuwasa, ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan. Satemah ing wekdal punika kita sadaya saged manunggal sesarengan wonten SMP N 15 Yogyakarta.

Bapak ibu lan para rawuh ingkang tuhu kinurmatan,

Kepareng kula amakili para siswa ingkang kaparingan jejibahan minangka “Panitya Ambal Warsa SMP N 15 Yogyakarta ingkang kaping 22” menika.

Sepisan kula sakanca ngaturaken agunngin panuwun, awit kapidatosan ingkang sampun kapringaken.

Salajengipun ugi ngaturaken agungin panuwun dhumateng sadaya warga sekolah ingkang sampun paring pambiyantu lan panyengkuyungipun kadang-kadang panitya ingkang anindakaken rerangken acara mengeti ambal warsa sekolah.

Kathah kalepatan lan kekilapan sadangunipun kula sakanca ngayahi jejibahan menika. Awit saking menika kula sakanca nyuwun pangaksama.

Kula sakanca nggadhahi pangajab mugi rerangkening acara ambal warsa ingkang sampun katindakaken saged mumpangati dhumateng kula lan panjenengan, wusana saged damel sekolah menika sangsaya ngrembaka lan sangsaya kondhang kaloka.

Makaten ingkang dados atur kula amakili kadang panitya. Kathah pinanggih kalepatan kula nyuwun pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh